PACITANPOST
News Update
Loading...

Selasa, 10 Januari 2023

KOFIFAH NEK SIDO DIGANDENG ANIS...JATIM ..PYUUK..! IKI NING PACITAN WONGE..!

KOFIFAH NEK SIDO DIGANDENG ANIS...JATIM ..PYUUK..! IKI NING PACITAN WONGE..!

Gubernur Jawa Timur Kofifah Ngresmekne kreteg Kembang Pacitan.

Pacitan, 10.01.023.
Pemilihan Presiden RI  ijik setahun , tapi kabeh medsos wis rame nggunggung Calon jagone dewe dewe .
Masiho kadang gunggungane  gguyokne  , tapi ora popo sing penting rame.

Jenenge imajinasi pemilih , kadang koyo koyo serius , kadang mbah dawut , tapi uga kadang tenan.

Nganti dina iki calon sing wis moncer , Anies Baswedan , Ganjar Pranowo , Prabo Subianto , Puan Maharani lan Erick Tohir.

Calon Wapres sing wis digadang gadang , Kofifah Indar Pawaransa , Sandiaga Uno  lan Agus Harimurti Yudhoyono.

Miturut Pengamat Politik Jamal Aziz , kans Kofifah luwih gede ketimbang Calon Wapres liyane, bu Kofifah arep dipasangke sopo wae.. oke , warga jatim diperkirakne pyuk nyang kofifah , opo meneh nek karo Anies , jare Jamal guya guyu..

Kofifah & Indrata Nur Bayu Aji  ana jembatan kembang.

Perlu dimangerteni , dina iki Gubernur Jawa Timur Kofifah Indar Parawansa kungker ana Pacitan , ngresmekne  kreteg ana desa Kembang Kec/Kab  Pacitan lan kreteg Gandu desa Wonodadi Kulon Kecamatan Ngadirojo Kabupaten Pacitan.

Kreteg Desa Kembang dibiayai saka  BTT ( Biaya Tidak Terduga) jumlah sekitar 6 M luwih sitik , kreteg Gandu Wonodadi dibiayai  BTT kurang luwih  3 M luwih sitik.

Gubernur  Jatim Wedok sing duwe kans dadi Wapres periode 2024-2029 iki omong , prioritas pembangunan Jatim dititik beratne dalan lan jembatan penghubung, ben rada perekonomian pedesaan ora terganggu , opo neh PPKM wis dibuka akses  dalan penghubung kudu lancar.

Gubernur teka Pacitan numpak Helikopter saka Lapangan Gudang Garam Kediri langsung  ndarat ana Lapangan Terbang Kucur Pacitan.

Gubernur sing ijik betah dadi randa iki, disambut langsung Bupati lan Wakil Bupati Pacitan indrata NBA- Gagarin didampingi Kadis PU Pacitan Suparlan.

Sambutan Gubernur Jatim , blas ora nyinggung bab Pilpres ,   kungker ana pacitan pyur urusan dinas , dipancing wartawan bola bali Kofifah njegideg ora gelem semaur....( Gustik)











Senin, 09 Januari 2023

GELAP MAHASISWA asal PUNUNG GANDUL NING SOLO...Sruing Sruing Apel Gadok...

GELAP MAHASISWA asal PUNUNG GANDUL NING SOLO...Sruing Sruing Apel Gadok...


Pacitan 01023.
Wong nek  cupet atine , ora dumeh wong tuwek , bocah enom pun yen wis kadung judeg atine sering nglakoni hal hal sing rapatut .
Nek ra gandul , ngombe racun , jegur sumur utawa njegur segara.

Koyo sing dilakoni ( FFA)  Mahasiswa asal dusun Weru RT 09/06 Desa Gondosari Kecamatan Punung Kabupaten Pacitan.

FFA ditemokne Warga  wingi awan ( 08/01) gandul ning ngemper omah kos kosan kancane mburi Kampus ana Kodya Solo Jawa Tengah.

Korban FFA gandul ana ngemper daerah Solo Jawa Tengah.

Nganti berita iki ditulis, urung enek kejelasan motif Korban gandul ana daerar solo, padahal FFA tercatat Mahasiswa UMY Jogjakarta jurusan Agribisnis semester ganjil.

Kabar manuk , FFA ( 22)  dino kui lungo menyang Solo endang pacare , mbuh merga cek cok karo pacare opo piye , ngerti ngerti esuk'e ditemokne warga gandul ana teras omah kos kosan .

sruing sruing malem minggu apel gadok, sejene  FFA  apel  si Pacar uga diapele bocah liyo , niku namung sruing sruing lo mas , ampun dipercados jare ( Jk) Mahasiswa sing cedak kos kosan.

Warga sing keweden merga ora kenal korban , age age dilaporne aparat desa lan diteruske laporan menyang Polisi setempat..., polisi omong..! weh mas kedadeane koyo ora dek wingi ..? , wis rong minggu kepungkur yak' e..( Gustik)

OJO PUTUS ASA GOLEK  MANGAN ORA ENAK , PESENO BEBEK  ,,Sien-Jae ,, Khas Pacitan Tirto Wening .


Jumat, 06 Januari 2023

Mr..X..MATI KESETRUM NING CHINAN JOINANGUN..

Mr..X..MATI KESETRUM NING CHINAN JOINANGUN..


Pacitan Post.07.01.023.
Rong dino iki kedadean wong mati ning jero banyu wis enek wong loro , siji mati ning Sawah Praman Pucang sewu , mambengi  ( 06/01) enek wong mati ning njero kalen daerah Chinan Arjowinangun.

Miturut Thomas Anggota Polisi Polsek Kota Pacitan entuk laporan korban mati ning njero kalen  daerah chinan Arjowinangun / kalen mburi Bintang ,  lan  ora enek identitase .
Mr X..ditemokne warga  posisine murep setengah ndangak , mayite ketok koyo gguyu.

Merga Wedi , warga sekitar Bintang Wijaya langsung lapor polisi lan jenazah di gawa ning RSD Darsono pacitan di Visum , diduga korban kesetrum listrik.

Merga ora enek saksi mulo bukane kesetrum , ora enek saksi sing iso ditakoni , kemungkinan  saksi wedi crito.
Sing jelas warga memokne korban sekitar jam sepuluh bengi , dino jumat tanggal 06 Januari 2023....

Merga wedi enek opo opone, Kades Arjowinangun Wiwit Bagong mrintahne anak buahe , gowo mayit MR menyang RSD.
Sesuai prosedur , proses pemakaman merga X ditangani dinsos Pacitan .( TIM)




Wis RONG SASI WONG DESA KETEPUNG ORA NYEKEL KTP...ALESANE BLANGKO GUSIS...

Wis RONG SASI WONG DESA KETEPUNG ORA NYEKEL KTP...ALESANE BLANGKO GUSIS...


Pacitan Ppos 06.01.023.
Sak apik apik'e systim elektronik , nek bahan baku liyane ora siap kabeh dadi percuma , ujung ujunge rakyat sing dirugekne.

Masiho Presiden Jokowi duwe kebijakan nggawe KTP kudu sedino dadi , ananging nek perangkate ora siap , kabeh dadi percumah.

Koyo kedadean Desa Ketepung Kecamatan Kebonagung  Kabupaten Pacitan , meh kabeh warga desa ketepung wis rong sasi luwih ora nyekel/ duwe KTP , Utamane sing urus lewat jalur KTP Massal.

 Kepala Desa Ketepung Hadi Wiyono , diklarifikasi Media terkait urung dadine KTP sebagian penduduk desa Ketepung , tokoh sing uga bos club Volly Putra Rambah iku mbenerake yen KTP  sebagian wargane wis rong sasi urung dadi.

Alesane jare mbah lurah , Blanko E.KTP langka alias kentek'an ning Dukcapil Kabupaten Pacitan , ngendikane tiyang dukcapil blankkone telas...mas! Kedah nenggo rumiyen.

Terkait urung dadine E .KTP warga , bener bener ngrepotne warga desa, merga arep pajek motor ora iso , arep nyilih bank ora iso , bahkan arep ngurus ijin usahapun ora iso , jare warga desa Ketepung sing ora gelem disebut jenenge.

Arief Setyo Budi Ketua Fraksi DPRD Pacitan.

Sementara Ketua Fraksi Demokrat Arief Setyo Budi ,ketok gerah enek Warga Desa nganti rong sasi luwih ora nyekel KTP, muk merga alesan bangko KTP entek,  trus piye kui nek arep lelungan..payah jare Arief.

Arip Setyo Budi  sebagai Wakil Rakyat, mendorong kabeh OPD ana lingkup pemkab Pacitan , wabil khusus OPD sing mbidangi Pelayanan Rakyat memperhatikan kabeh keluhan masyarakat , klebu proses pembuatan E KTP .

Muga muga warga desa Ketepung gek pada nyekel KTP, mosok wis rong sasi urung dadi dadi , tegas Tokoh asal tulakan iki.
( gustik)







Rabu, 04 Januari 2023

NYANGKLEK BEDIL IWAK , UJUG UJUG MATI NING SAWAH.

NYANGKLEK BEDIL IWAK , UJUG UJUG MATI NING SAWAH.


Pacitan 05.01.023.
Nasib menungsa ora enek sing weruh , utamane bab pati , kabeh nyawa sing nyekel sing kuasa Allah Swt.

Koyo kedaean wingi sore ( 04/01) enek wong mancing ana pinggir sawah, ujug ujug ditemokne warga mati tengkurep ning sawah sing banyune muk sak polok sikil.

Korban sing diidentifikasi Widi wahyu Pamungkas ( 27) alamat Rt.01/03 Dusun Pucang Mulyo Kelurahan Pucangsewu Kec/Kab Pacitan ditemokne warga sekitar jam setengah limo sore.

Miturut saksi Bayu Triatno , korban teka ning TKP sekitar jam telu sore , korban kledang kledang teka nyangklek bedil iwak.

Ora let suwe , ujug ujug korban ora ketok lungguh , tapi ora let suwe saksi curiga kok onok wong kemurep ana sawah, bareng diendangi ternyata Widi / korban.

Gandeng Bayu wedi , bengok bengok nyeluki saksi liyane Winarno sing kebeneran tonggone korban.

Bareng diamati korban wis ora obah , saksi nyeluk keluarga korban laporan Polisi Polsek Kota Pacitan 

Kapolsek Kota Pacitan AKP Sugeng Rusli mbenerake yen enek laporan wong mati ning pinggir sawah Praman Pucang Sewu.

Korban dievakuasi anggota sekitar 
Jam setengah limo sore , dilanjut menyang RSD Darsono Pacitan .

Korban Widi Wahyu Pamungkas , diduga duwe riwayat Penyakit Epilepsi, mungkin korban mumet / kumat , sayang kumate korban pas posisi ning pinggir sawah, masiho jerone sawah muk sak polok sikil, ananging posisi korban murep, dadi ora iso ambegan, tegas Polisi sing akrab diceluk Ambon ( gustik)








dr Hendra Purwaka  : MLEBU METU..MLEBU ..METU  AKHIRE PAMITAN..! COVID JEBUL IJIK ENEK..WONG PITU TERPAPAR

dr Hendra Purwaka : MLEBU METU..MLEBU ..METU AKHIRE PAMITAN..! COVID JEBUL IJIK ENEK..WONG PITU TERPAPAR


Pacitan Ppos .04.01.023.
Mungkin kepala Dinas Kesehatan Pacitan sing bola bali mlebu..metu ..mlebu ...metu (  )  diangkat dadi Kadinkes yo muk lagi dr Hendra Purwaka .

Tokoh sing uga suwe njabat Kepala BKKBN Pacitan iku,  per satu maret 2023 arep paripurna ( pensiun  ) merga wis umur suwidak.

Gandeng dr Hendra Purwaka  klebu kepala Dinas Pacitan sing Paling  cedak ambek Media, maeng esuk  (4/1) tokoh sing uga atlit Tenis  meja Pacitan iku ngenekne Pamitan sing dikemas acara Sarasehan karo kabeh awak media  Pacitan.

Suasana Acara sarasehan dr Hendra Purwaka sing uga ditekani Kadinas komenfo Bambang Mahendrawan lan Sekdin Dinkes dr Ndaru Mustokoaji cukup gayeng lan positif.

Wartawan menehi berbagai usulan terkait kinerja / pelayanan Puskesmas , Pelayanan Rumah Sakit , stunting lan sakpiturute, sing ditampa kanti legawa dr Hendra  sebagai Kepala Dinas Kesehatan Pacitan.

Dokter sing terkenal anti rokok iku uga ngaku,  Pasca Pensiun , tetep arep urip ana Pacitan, minimal nganti teka 2025 purna bojone dadi guru.

Khusus pitakone Wartawan terkait Covid 19 , dr Hendra ijik ngakoni yen ning Pacitan nganti dino iki ijik enek sing terpapar , jumlahe 7 ,  kondisi dalam keadaan stabil ,  jare dokter sing tansah sumeh.

Perlu dimangerteni , acara sarasehan sing uga dimanfaatke Pamitan dr Hendra Purwaka  dilaksanak ' ake ono  ruang pertemuan gedung  anyar dinkes Pacitan, jl KS Tubun Pucang Sewu Pacitan.

Meh kabeh wartawan melu seneng atine , merga pirang pirang tahun liputan  ana lingkungan Pemkab pacitan , lagi dr Hendra Purwaka sing ngenekne Pamitan menyang awak Media ,  biasane Pejabat Pacitan  nek Purna Tugas / pensiun langsung kluyur , bablas angine....!

Nganti berita iki ditulis, kasak kusuk calon pengganti Kadinkes urung pati jelas , sruing sruing minggu kepungkur enek berita ,  sekdinkes dr Ndaru Mustokoaji sing bakal ganti dr Henda sebagai Kadinkes ...

weh bu Ratna yo enek peluang lho pak , ora muk aku thok , jare ndaru guya guyu......aku pasrah pak Bupati wae..he ..he .( Gustik)

Nek kluwen ojo ditahan gek ndang mangan..syukur  lawuhe bebek..mentok.ayam Sinjay Tirto wening




























Minggu, 01 Januari 2023

ATI ATI TAHUN 2023 TAHUN PANAS..!.BANJIR FITNAH POLITIK & SARA..

ATI ATI TAHUN 2023 TAHUN PANAS..!.BANJIR FITNAH POLITIK & SARA..


Pacitan Ppos ,02.01.023.
Ojo seneng seneng disik bab tahun baru 2023 , sebab dibalik perayaan tahun baru 2023 sing heboh lan gemerlap ,  enek kekawatiran sing medeni mungguhing pranata urip.

Merga apa ..?
Merga tahun 2024 Negara Indonesia ngenekne Pemilu Raya / serentak , yo kui pilihan Anggota DPRD  , DPRD I , DPR RI, PILPRES , dilanjut Pilihan Kepala Daerah serentak.

Biasane setahun sak durunge pilihan  , pendukung fanatik , Pendukung melok melok , pendukung dadak'an , pendukung partai , pendukung kelompok wis pada perang  kata kata (loto-loto ) dewe dewe.

Medsos sarana ampuh kanggo nyebarke berita / aksi dukung mendukung antar calon , mbuh kui calon anggota legeslatif utawa Eksekutif.

Wis dadi kebiasaan elek..!
Mbuh merga saking mendone uwong ,  utawa saking panatik'e uwong ,  biasane bentuk dukungan sing di publish bersifat Fitnah  , ngelek elek Jago  lan  ngelek elek suku Ras lan agama ( sara).

Sing repot maneh , setiap kubu duwe tim Buzzer / pendengung / provokator sing tugase khusus desaint berita hoax utawa penyebar berita bohong .

Peran Pendengung/ Buzzer..!
Buzzer enek rong jenis , siji kerjane dibalik layar  , sing siji kerja langsung dadi tukang gajul  (  pembunuh ).
Biasane tukang Gajul  , wong siji diwenehi  perangkat HP jumlahe  nganti 4 utawa luwih .

Sistim kerjane ..!  berita hoax diumpan karepe dewe , tapi uga  dijawab karepe dewe  nganggo hp liyane.

Tujuane opo..!
 Tujuane muk siji  , masyarakat ben bingung ,  nek  wis bingung gampang ale mempengaruhi  (ibarat wong  tawu / golek iwak)  banyu diubek nganti buthek lagi disosok iwak'e.

Demokrasi jaman saiki.
Formulasi fitnah memfitnah saben  Pilihan Raya  ( Pemilu ) mbuh kui pileg , pilpres lan Pilkada ora isa lepas saka demokrasi Fitnah , mbuh kui ning Indonesia utawa Negara liyo .
Cuma bedane muk tingkat kwalitas fitnah , enek sing landai lan enek sing frontal koyo Indonesia 

Ngenyek Ulama sak karepe dewe , ngenyek jago sak karepe dewe , ngenyek kelompok sak udele dewe .
Karikatur lan  foto editan  pating sliwer ngebak'e jagad maya ,sing kabeh tujuane muk elek elek wong liyo utawa kelompok tertentu.

Rara rata wis ora gagas dosa , ora gagas neraka , ora gagas mati , ora gagas hukum lan ora gagas sopan santun , kabeh sing penting jagone menang , terlepas jago kimeng kenal opo ora karo dewekne.

Tahun 2023 banjir Fitnah .!
Merga tahun 2023  dadi wektu paling krusial kanggo sosialisi calon , mbuh kui calon anggota Dewan Calon Bupati lan Calon  Presiden..iso dipastikan tahun 2023 tahun fitnah Demokras.

Mulo saka kui, kabeh ulama , tokoh masyarakat lan Penguasa kabeh njaluk kesadaran masyarakat , hindari konflik horisontal akibat fitnah fitnat jelang Pemilu .

Kepada Dinas Kominfo Pacitan Bambang Mahendrawan , ajak masyarakat Pacitan hindari segala bentuk fitnah , mbuh kui fitnah saka perkumpulan langsung , Selebaran utawa lewat perangkat Medsos ( HP DLL) .

Jare Bambang , yen nemoni chat chat sing diragokne '  kebenerane' , nek iso langsung di setip wae , ojo malah ditransfer nyang wong liyo , sing ujung ujunge iso  kenek pasal / nglanggar UU IT ... engko nek dibuen ( penjara )  kaing kaing , tegas bambang ambi guya guyu.

Sayang kondisi tahun2023 ,sing miturut prakiraan rada nderbalani , sebab, Pesta Demokrasi Serentak langsung lagi pisan iki pasca Reformasi .

Nganti berita iki ditulis , KPUD lan Bawaslu Pacitan blas ora duwe desain sing kiro kiro ces pleng kanggo nanggulangi bab sing rawan rawan , malah mak clemung  Agus Ong anggota KPUD Pacitan omong yen dudu tugase .

Padahal kudune Penegak Hukum , KPU lan Bawaslu saling bahu membahu ngurangi berita Hoax sing berujung adu domba antar masyarakat , ora gek omong dudu tugase , lha opo manfaate Media Gathring ping pirang pirang..jare ben tentrem ...
Bawaslu yo ngono , jelas jelas wis tugase kabeh HP Pejabat bawaslu..thula..lit...thu..la .lit..( gustik)









Sabtu, 31 Desember 2022

Eko Ranu njaluk kabeh Introspeksi , kanggo kemakmuran Pacitan.

Eko Ranu njaluk kabeh Introspeksi , kanggo kemakmuran Pacitan.

Eko Setyo Ranu Wakil Ketua DPRD Pacitan.

Pacitan.31.12.022.
Wakil Ketua DPRD Pacitan Drs Eko Setyo Ranu , njaluk marang pemangku kebijakan Kabupaten Pacitan , mulai saka Kades, Camat lan Bupati , khusus akhir tahun 2022  digunakne  instropeksi diri.

Minimal program program sepanjang tahun 2022 sing urung pas lan kurang migunani  kanggone masyarakat Pacitan, tahun 2023  didandani lan ditingkatne amrih kabeh tumoto , ora nglebar duit negara.

Sing kejibah dadi Lurah utawa Kades kudu ngrungokne wargane , kudu ngerti sing dikarepne wargane lan kudu ngerti opo sing dibutuhne wargane.

Camat yo kudu teng`en , ojo muk percaya karo kades utawa perangkat desa/kelurahan sing kadang ABS, tapi kudu mudun tenan ngawasi proyek proyek sing digarap Desa , sing kadang sok  sembrono , digarap ora pas karo aturan sing enek.

Sebagai Wakil Ketua DPRD Pacitan , tokoh terkenal asal  kecamatan Pringkuku sing uga kejibah Ketua DPC PDIPerjuangan Pacitan pesen khusus marang Songsong Agung Adipati pacitan Indrata Nur Bayu Aji, njaluk  program program daerah sing miturut kacamata Dewan kurang pas lan trapsilo di evaluasi kabeh,.

Wajib Hukume tahun 2023, Kabupaten Pacitan kudu luwih maju , luwih mulyo lan luwih mapan tinimbang tahun 2022 ,Tegas tokoh sing wis ping patang periode dadi Dewan iki.

Sementara Kepala Dinas Pendidikan Nasional Pacitan Ir Budianto MM omong yen tahun 2022 merupakan tahun pemulihan / transisi sak wise tahun 2019-2021 kenek cobaan Covid 19, alhamdulillah tahun 2022 target  PTM 100  % terpenuhi .

Mantan Kadin PU Pacitan iku uga omong yen tahun 2023 , Formasi Kepala Sekolah lan Pengawas Sekolah kudu klir ( kabeh wis terisi ) 
Kejaba saka iku, percepatan pelaksanaan implementasi korikulum merdeka  srana optimalke  mitra pembangunan pendidikan, demi implementasi korikulum merdeka...dadi tujuan pokok peningkatan pendidikan ..

Insya Allah  dunia Pendidikan Pacitan tahun 2023 luwih maju l lan berprestasi , tinimbang tahun tahun sak durunge , tegas budi ( gustik)









Jumat, 30 Desember 2022

NIKITA MIRZANI JUSTRU DISLAMETNE DITO..! MERGA MANGKIR SIDANG..

NIKITA MIRZANI JUSTRU DISLAMETNE DITO..! MERGA MANGKIR SIDANG..

Nikita dan bule pacarnya dlm berbagai gaya.

Jakarta Ppos, 31.12.022.
Mungkin sebagian Nitizen pada njumbul putusan Bebas Artis Kontroversial Nikita Mirzani  saka Pengadilan Negeri Serang Banten. 

Padahal putusan bebas Nikita merga Dito Mahendra ( pelapor) ingkar ora gelem  nekani sidang , bola bali dijaluk teka menyang Sidang Dito Mahendra mangkir.

Merga Dito mangkir terus menerus akhire Hakim  Pengadilan Negeri Serang Banten ora duwe pembanding pokok perkara, al hasil Nikita Mirzani  Bebas, piye ale nilai ( adili)  mas wong sing lapor malah ora gelem teko,...mungguh Dito teka sidang ..kemungkinan palu hakim wis beda, jare Teguh Pakar Hukum asal Jogja.

Akeh wong omong, Nikita Mirzani slamet ora sido dipenjara merga justru secara hukum dislametne Dito Mahendra zebagai pelapor sing ora gelem teko sidang , sing akhire Hakim ora iso nilai pokok perkara.

Perlu dimangerteni, Dito Mahendra iki dina dianggep mlayu/ buron merga kakean kasus, kejaba kasus penganiayaan lan kesaksian palsu , Dito uga diuber uber KPK atas dugaan kasus Korupsi.

Sopo omong yen Pacitan ora enek Bebek Enak , lha mbok nyang Tirto Wening di jamin enek lan Enak.

Malah iki dino , Kejaksaan Negeri Serang Banten ganti mbalik nglaporke Dito mahendra menyang Polisi merga dianggep melecehkan wibawa Kejaksaan Serang Banten merga mbalelo ora tahu  gelem nekani sidang  Pengadilan Atas tersangka Nikita mirzani.

Informasi sing ditompo Media , Kejaksaan nglaporne balik Dito  Mahendra atas dugaan Laporan palsu  lan Sumpah Palsu pada kasus Nikita Mirzani..( gustik)

Senin, 26 Desember 2022

SBY BOLA BALI MULIH MERGA MUSIUM ....

SBY BOLA BALI MULIH MERGA MUSIUM ....


Pacitan, 27-12-2022.
Presiden Republik Indonesia ke 6 Susilo Bambang Yudhoyono wingi  (25/6) mulih maneh nyang Pacitan Kota kelahirane.

Pancen ora iso dipungkiri, kecintaan SBY menyang kota kelahirane ( Pacitan ) pancen ora diragokne, terpantau SBY bola bali kundur.

Pancen kundure  SBY menyang Pacitan ora muk  endang endang omah lawas , ananging terkait Pembangunan Musium SBY-ANI sing nganti seprene urung dibuka buka, padahal masyarakat Pacitan selak ora kanten pingin weruh.

Musium & Galery  SBY-Ani di Waktu Malam

Informasi sing ditampa Media , anane Mesium urung dibuka merga isine njero musium durung lengkap , iki lagi di teliti marang SBY .
Rencana SBY lan Rombongan, liburan ana Pacitan nganti bar tahun baru , jare salah sijining keluarga sing ora gelem disebut media.

Tapi sing pasti ! miturut Dinas Informasi lan Komunikasi Pacitan SBY kundur merga luburan NATARU, kejaba saka iku arep ngenekne eksebisi Bola Volly antarane Lavani alloBank Vs Jatim Selection , jelas Mahendrawan  Kadis Kominfo Pacitan 

Perlu di mangerteni , SBY dong jik enom pancen seneng main Volly , mulo ora gumun !  purna dadi Presiden SBY gawe group Volly ,  sing jenenge dijupuk saka katrisnan  menyang bu Ani ,,  LAVANI .

Hebate ! Lavani langsung juara  ana event Proliga tahun 2022 , ngalahke club club gede sing wis moncer  sak durunge , koyoto Samator Bayangkara  Surabaya , PLN , Bank Jabar , Ganevo dsb...( Gustik)













Minggu, 25 Desember 2022

JATIM PECAH-PACITAN PILIH MELU SOLO...titik....!

JATIM PECAH-PACITAN PILIH MELU SOLO...titik....!

Pacitan Ppos 26.12.022.
Wacana Pemekaran Provinsi Jawa Timur dadi telung  ( 3 ) Provinsi , secara umum ndadekne warga Pacitan mbresengut lan ketir ketir.

Berita sing dilansir Bondowoso Net Work , Provinsi Jawa Timur bakal  dimekarke dadi Provinsi Madura , Jawa Timur lan Provindi Jawa Selatan / Mataraman.

Khusus Provinsi Jawa Selatan Ibu Kotane Kediri , mencakup Kabupaten Kediri,Blitar.Tulungagung.Madiun.Ngawi.Magetan ,Trenggalek, Ponorogo.Pacitan.

Sementara Provindi Madura anggotane kabeh sak Pulau Madura, merga syarat kabupaten kurang siji , kemungkinan enek Kabupaten madura sing dimekarke, isune Kabupaten Pamekasan dipecah dadi loro , yo kui  Kabupaten Kalianget .

Nek umpama berita sing digagas Mahasiswa kui bener , khusus masyarakat Pacitan mungkin bakal brontak.

Miturut Feri Pendiri LSM Bhineka Bangsa Pacitan omong yen isu iku lagi gagasan sepihak Mahasiswa sing dirangkum Bondowoso NetWork. 

Sementara gagasan Jawa Tengah Pecah dadi telu  uga muncul pirang pirang sasi iki , infone Propinsi Solo Raya bakal dadi ibu kota  Provinsi anyar sing jenenge Provinsi Mataram Selatan.

Limang tahun kepungkur , Anggota DPRD Pacitan saka Hanura Nur Sigit Effendi klebu tokoh sing menehi gagasan Pacitan melu Provinsi Mataram Selatan sing ibu kotane Solo Raya..

Alesan sigit wektu kui, Budaya wong Pacitan lebih berkeblat budaya Solo lan Jogja , mulo nek Jatim dimekarke - Jateng dimekarke, Pacitan pilih melu Mataram Selatan....( Gustik)

AREP PINDAH AREP ORA BEBEK GUSTIK PALING NIKMAT...





Sabtu, 24 Desember 2022

KOFIFAH URUNG URUNG WIS DIJEGAL .?

KOFIFAH URUNG URUNG WIS DIJEGAL .?

   Gubernur Jawa Timur sengaja dijegal...?

Pacitan Ppos.25-12.022.
Pengamat Politik Roky Gerung , nyobo utak atik peristiwa  KPK  nggledah ruang kerja Gubernur Jawa Timur lan Wakil Gubernur Jawa Timur Kofifah-Emil.

Miturut Tokoh sing uga Dosen Universitas Indonesia iku omong yen Aksi KPK nggledah ruang Gubernur Jawa Timur  enek kaitane Pilihan Presiden tahun 2024.

Diduga Penguasa , rumangsa wedi nek Kofifah lan Emil Dardak digandeng Anis Baswedan sebagai Wakil Presiden pemilu 2024.

Alesane ..! yen Kofifah utawa Emil Dardak digandeng Anies Baswedan rakyat Jawa Timur bakal pyuk menyang pasangan Anis Baswedan. Padahal suara rakyat Jawa Timur kunci kemenangan kabeh pasangan Capres.

Umpama Tenan . !  Roky  Gerung mbijeni yen Politik ning Indonesia klebu nerapne Politik kotor , ora nompo Pemimpin sing kwalitas sing  Potensi menangi Pilpres..
Jare Roky...,! nek ngene carane mesakne Rakyat Indonesia...

Kofifah - Emil digeledah ruang kerjane terkait dana hibah sing wektu iki disangkakan menyang Sahat Tua Simanjuntak sing saiki ditahan KPK ( Gustik)

Bebek Gustik khas Pacitan nikmat luar biasa...!




Kamis, 22 Desember 2022

BU EFI..WONG SENI..MELOK SENENG KREASI WISATA SOYO AKEH.

BU EFI..WONG SENI..MELOK SENENG KREASI WISATA SOYO AKEH.



Pacitan, 22.12.022.
Momen Hari Ibu , dimanfaatke ibu ibu sing tergabung Forkopinda Pacitan ngendangi obyek wisata Mentari Hill Tamperan Pacitan.

Ibu ibu sing dikomandani Ketua PKK Kabupaten Pacitan Ny Efi Indrata Nur Bayu Aji ketok seneng lan sumringah mlaku mlaku ana taman njero alas tapi ketok koyo ning nduwur segara , wah iki apik banget iki ..apik tenan , jare tokoh sing uga lulusan Seni Rupa Surakarta.

Masiha nganggo kebaya , Bojone Bupati Pacitan iku semangat ngajak mudun konco koncone sing rata rata istri Pejabat ndelok view sing ngisor dewe mepet laut , sayang lagi entuk separo konco koncone pada wedi , akhire baul.

Ny.Efi Indrata NBA lan konco koncone foto bareng ning sor Tugu Kuno.

Dasar Sarjana  seni , ale tekok sejarah Tugu Kuno ale ndremimil ( detil ) nganti koyo embuh , mulai saka tahun pembuatan lan goresan tugu.

Sing repot ngerti enek sketsa  gambar wayang kulit ana tugu  , ujug ujug bu Efi takok tahun pembuatan wayang kulit , gandeng kabeh pada mingkem ora ngerti , wartawan Pacitan post ethok ethok  keminter , kinten kinten tahun 1300 an bu...jawab Wartawan Ppos..he .he .

Wartawan Pacitan Pos bingung ditekok'i bu Efi terkait tahun pembuatan wayang kulit ..

Sak durunge munggah /kundur istri Bupati Pacitan iku pesen , obyek wisata Mentari Hill wis apik, sing penting dijogo kebersihan , ojo kakean ngrusak alam , iki landcape wis apik sesuai kondisi njero alas , view laut luar biasa, tulung nek iso promosi nyang siswa siswa ben seneng lan akrab karo alam , tegas bu Efi.

Sayange bu efi ketok sayah , bola bali nyekeli boyok , merga dalan Mentari Hil rada ndedel , kejaba saka iku bu Efi ale solpa Selpi karo konco koncone lumayan akeh , saking senenge..' ( gustik)

Bebek Khas Pacitan.nikmatnya Luar Biasa








KOFIFAH-EMIL KETIR KETIR - ANTARA KECATHEK - KARO ORA...

KOFIFAH-EMIL KETIR KETIR - ANTARA KECATHEK - KARO ORA...


Pacitan Ppos. 21-12.022.
Gara gara Wakil Ketua DPRD I Jawa Timur Sahat Tua Simanjuntak dicokok KPK akhire pengembangan kasus mluber teka endi endi.

Buktine Ruang Kerja Gubernur Jawa Timur Kofifah Indar Parawangsa , ruang Wakil Gunernur Emiel Dardak , Ruang Sekda Jatim lan Bapeda Jatim , Kabeh kantor lan ruangan iku  digeledah Petugas KPK .

Informasi sing ditampa Media , KPK nemokne data data sing diperlokne , kabeh data enek kaitane dugaan korupsi sing ditersangkakan Sahat Tua .P. Simanjuntak.

Saka pandangan mata , petugas KPK mbondot pirang pirang bendel data sing disita ana lokasi penggeledahan, utamane data data terkait dana hibah sing disalurke pirang pirang Kabupaten.

Petugas KPK mbondot bukti dugaan korupsi.....

Anane kedadean penggeledahan Ruang Gubernur lan Wakil Gubernur , warga Jawa Timur akeh sing spikulasi , Gubernur sing katut ,  opo Wakil Gubernur yo melu katut , kabeh tergantung perane dewe dewe.

Cuma sing rada rada aneh , sak bare  Aksi KPK Tangkap tangan dedengkot Partai Golkar Jatim Sahat Tua Simanjuntak  , Menteri Koordinator  Investasi / Maritim Luhut Binsar Panjaitan ,woro woro nek ora setuju anane OTT Kepala Daerah.

Pernyataan Luhut seolah wis ngerti yen bakal enek penyitaan / penggeledahan sing bakal nyathek tokoh penting Jawa Timur , mbuh kui Kofifah , Emil Dardak utawa Sekda Jatim.

Sebagai warga Jawa Timur , mantan Fungsionaris  DPD Hanura Jawa Timur Reni Setyowati  ngajak dedongo marang warga, muga muga dugaan korupsi sing lagi dibidik KPK ora enek intrik politik lan tendesi liyane...( Gustik)

Bebek Khas Pacitan...nikmatnya luar biasa







Rabu, 21 Desember 2022

INSIDEN  ACARA  PLUT ..OJO DIBALENI..MASIHO SEPELE...!

INSIDEN ACARA PLUT ..OJO DIBALENI..MASIHO SEPELE...!

Bupati,wakil Bupati Pacitan gunting pita acara UMKM Plut..

Pacitan , 20.12.022.
Iki nggo pelajaran kanggo kabeh , nek enek wong kesripahan /  meninggal utawa cobaan liyane  tangga teparo kudu peka.

Ojo nganti koyo maeng esuk , omah etan Plut  lagi enek kesripahan , tapi sound systim / pengeras suara acara UMKMsing dirawuhi Bupati lan Wakil Bupati  disetel seru.

Otomatis keluarga lelayu lan petakziah  rumangsa keganggu , nganti salah sijining keluarga  lelayu marani petugas Gedung Plut kon mateni  sound systeme'

Sekalipun ora terjadi keributan gede' , ananging insiden cilik iku  isin isini ,  toleransi / teposeliro iku perlu , jane maeng wis tak parani tak kon mateni disik nganti jenazah di budalke, eh malah ndadi ,jare  ( Mar) salah sijining petakziah  sing melu marani petugas Sound.

Perlu dimangerteni , ana Gedung Plut Dinas Koperasi lan Perdagangan , maeng isuk ngenekne acara terkait Pemberdayaan UMKM sing ditekani Bupati,Wakil Bupati lan Pejabat liyane.

Acara ana Gedung PLUT bekas Pasar Kobong Baleharjo iku  dititik beratne penyaluran program  KUR  saka Bank Jatim menyang peserta UMKM Pacitan , khususe usaha kuliner.

Sayang acara sing uga nampilke Bazzar UMKM iku  ternoda petugas Plut sing ora toleransi anane omah sebelah PLUT sing lagi kesripahan,tapi sound System dionekne setengah seru.

Diduga Bupati Indrata Nur Bayu Aji lan Wakil Bupati Gagarin sing uga  melu takziah ora ngerti yen sak durunge enek insiden ..cilik..( gustik)







Minggu, 18 Desember 2022

VIRAL : RONTEK PAMER SUSU PAMER PUPU DIKECAM..

VIRAL : RONTEK PAMER SUSU PAMER PUPU DIKECAM..

Tampilan Seni Rontek Salah sijining Kecamatan sing dikecam sebagian penonton.

Pacitan, 17.12.022.
Viral ...!
Atraksi tahunan  Seni Rontek Kabupaten Pacitan 2022 sing dienekne dino sabtu lan minggu tanggal (17-18/12) entuk kecaman luar biasa saka Nitizen sak Indonesia.

Pasale..! Ana salah sijining peserta Kecamatan  nampilke' fragmen ( tarian)  sing miturut penonton ora etis lan norak ,,igul igul pamer susu pamer pupu.

Tragise..'
Tarian Rontek berbau pornografi iku mau dividio penonton lan diuncale ana dunia maya tik tok.

Tentu wae tampilan sronok lan norak iku mau dadi picaturan nitizen sing kadang terkenal julid kadang  sadis .

Akibate ..!  kota Pacitan dibully ora karu karuan ana dunia maya ,, muk gegara ,, ana tarian Sronok Igul igul pamer susu pamer pupu ana karnaval tahunan seni Rontek Pacitan tahun 2022.

Miturut Kadis Kominfo Pacitan Bambang Mahendrawan , tampilan tari sing seolah telanjang ora usah didawak dawakne , merga iku mung budaya , tulung dijupuk sisi positif'e wae , tegas Mahendra.

Prokontra..!
Senada Kadis Kominfo , kontroversi anane tarian salah sijining peserta sing seolah dinilai telanjang , miturut anggota Dewan Pacitan perlu disikapi arif , sak sajane iku ora telanjang ,penari dibalut lan dilapisi stoking , yo muk ning vidio seolah telanjang , jare Dewan Wedok asal Donorojo sing ora gelem disebut jenenge.

Sayang merga wis kadung viral ana Tik Tok,  visualisasi tarian igul igul pamer susu pamer pupu ana gelaran Karnaval Seni Rontek Pacitan tahun 2022 sementara iki ijik dikecam nitizen .

Eenek sing ra percoyo nek iku  budaya sebuah desa ana Pacitan terkait ritual mahluk halus .
Jare Joko salah sijining anggota PWP Jakarta   ,,menungsa urip  iku ,, ora enek sing ngerti nek setan dolan iku pada udo... ...( Gustik,)











Jumat, 16 Desember 2022

BOHONG KPU & POLISI ORA BUTUH MEDIA..

BOHONG KPU & POLISI ORA BUTUH MEDIA..


Pacitan, 16.12.022.
Saiki lagi krasa , nek Media  dibutuhke banget KPU , Bawaslu lan Kepolisian utamane kanggo ngawal Pemilu tahun 2024.

Merga saking pentinge Media ,  KPUD lan Bawaslu Kabupaten  Pacitan bola bali ngenekne pertemuan  ( Media Gathering ) karo awak media sing ana Pacitan.

Miturut Anggota Komisioner KPUD Pacitan, Iwit Widi Santosa tanpa Media  KPUD , Bawaslu  Pacitan rada kesulitan menehi sosialisasi bab apa wae terkait Pemilu , opo maneh  jaman saiki kabeh serba Medsos sing berbasis Internet .

Komisioner KPUD - Kepolisian Pacitan 
Dalam acara Media Gathering.

Media Gathering dienekne ana Hotel Srikandi ( 16/12) ditekani pihak Polres Pacitan lan awak Media sing ana Pacitan.

Kasat Intel Polres Pacitan Sugeng Sugiyono sing teka makili Kapolres Pacitan sing alangan teka omong , Bohong gede '  yen KPU , Bawaslu lan Kepolisian Pemilu 2024 ora mbutuhke Media , tanpa Media Pemilu dinilai ora bakal sukses , sebab .! Media sumber dari segala sumber informasi sing dibutuhke masyarakat , utamane bab penyelengaraan Pemilu  lan sekaligus   informasi anane pelanggaran pemilu.

Bahkan Sugeng  omong , pertemuan antara KPUD lan Media nek isa diselenggarakne minimal sesasi pisan , merga peran media penting banget mungguhing wong ewuh geden Pesta Demokrasi .

Media uga diwenehi weruh , Tahapan Pemilu 2024 mlebu tahapan undian no urut Parpol peserta pemilu , no urut Partai tetep Pancet koyo Pemilu tahun 2019 kecuali Partai sing ora mlebu senayan., Masiho klebu partai lawas ananging tahun 2019 ora duwe wakil ning Senayan diundi maneh.

Terkait pitakone salah sijining wartawan sebab sebab Partai Umat ora lolos Pemilu , KPUD Pacitan ora ngerti alesane merga proses ana KPU Pusat ....( Gustik)



Kamis, 15 Desember 2022

LA MBOK SITOK ...Ka DINAS KEPILIH..DEWAN.

LA MBOK SITOK ...Ka DINAS KEPILIH..DEWAN.


Pacitan Ppos.14.12.022.
Gaung Pemilu Legeslatif tahun 2024 wis mulai , utamane para calon anggota Dewan periode tahun 2024-2029.

Mulai saka pengusaha , mantan kades,Tokoh masyarakat ,dokter nganti teka mantan Kepala Dinas kabeh wis mulai umeg mempersiapkan diri arep nyalon anggota dewan.

Klebu ana Kabupaten Pacitan , iki dina wis mulai rame ngumpulke masyarakat , lan pasang benner ana dalan dalan gede uga panggon panggon sing dianggep strategis.

Nek didelok figur sing arep nyalonke tahun 2024 , miturut pengamatan media   figur anyar sing pemilu tahun 2019 urung nate nyalon Dewan.

Enek dokter , mantan Kades , mantan Kepala Bidang , Blantik Wedus uga mantan Kepala Dinas ana Pemerintah Kabupaten Pacitan.

Miturut catetan wartawan ana Gedung DPRD Pacitan ,tokoh masyarakat sing kepilih dadi anggota Dewan anyar rata rata Tokoh Pemuda , Blantik wedus/Sapi,  lan mantan Kepala Desa .

Sementara mantan Pejabat Pemkab Pacitan mulai saka Camat , Kepala Bidang bahkan Kepala Dinas.... la mbok sithok nek enek sing kepilih.

Rata rata kabeh kegeden rumangsan, seolah nek wis dadi pejabat Pemerintah kui duwe basis massa , padahal fakta lapangan ,,duwit ,, sing bicara.

Ora sah ditutup tutupi , kabeh masyarakat wis ngerti , Nyalonke anggota DPRD Pacitan nek ora duwe duit 1 M tangeh lamun nek kepilih , kui pun kudu ngati ati ale ngecakne duit.
Kliru milih tim sukses iso diuntal boyo , kliru milih basis massa  iso diuntal ula.

Mulo nek arep nyalonke Dewan, Kepala Desa, Kepala Daerah  kabeh kudu ati ati, sebab demokrasi ning Indonesia paca Orde Baru  situasine wis rusak , kabeh serba dol tinukon, sopo sing duwe duit iku sing dadi....(ditulis Redaksi ):  Tulisan ini sebagai  bahan refrensi para calon anggota Dewan , Kepala Daerah sing arep maju ana palagan Pemilu lan Pilkada tahun 2024 ..









Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done