PACITANPOST
News Update
Loading...

Sabtu, 08 Oktober 2022

RUDI MATI GIGOL KET KRETEG , SIJI JOSARI URUNG KETEMU.

RUDI MATI GIGOL KET KRETEG , SIJI JOSARI URUNG KETEMU.


Pacitan Ppos, 09.10.022.
Gara gara udan deres, Rudi Jatmiko ( 50) ninggal  tibo menyang kali  , diduga akibat kepleset  kreteg kali cilik Kebonagung.

Dugaan kepleset , berdasarkan visum dokter sing ora nemui tanda tanda kekerasan ana jasad korban.

Miturut catatan / laporan kepolisian Polsek Kebonagung , dino Sabtu (08/20) sekitar jam enem isuk  Supar lan Tumari arep menyang sawah pasang wuwu , ananging Supar kaget kok ono kain ketok njembul ana sawah.

Rumangsa curiga Supar nyeluk Tumari ndelok kain njembul  ana tengah sawah.
Kocapo bareng didelok ternyata mayit tengkurep.

Wedi salah , wong loro age age bengak bengok nyeluk warga Desa Purwoasri lan diteruske lapor menyang Polsek Kebonagung.

Dugaan masyarakat , Korban sengaja nyebrang kali , mungkin  pas mlaku kepleset langsung mlebu dasar kali sing jero , berita ning medsos korban gigol saka kreteg , kemungkinan kecil jare Warga sing ora gelem disebut.

Jasad  Rudi Jatmiko Warga Dusun Sampang Desa Purwoasri keli nganti teka persawahan penduduk.

Pihak Polsek Kebobagung pacitan mbenerake ana kedadean warga nemu mayit wong keli ana tengah persawahan, korban bar divisum langsung diserahne keluargane.

Cah Keli Arjosari sing siji urung ketemu.
Sementara korban kentir ning kali Termas Arjosari nganti seprene sing siji urung ketemu.

Menurut Nur Sigit Effendi , sing lagi ketemu lagi Hidayatul ( 13) sedang Dika nganti seprene urunh ketemu.

Sekalipun iki dina urung ketemu, warga desa Arjosari lan Jati Malang isih golek'i korban sing jik sekolah SMP , muga muga gek ketemu pak ,jare mantan anggota Dewan saka Hanura iku.

Terlepas kabeh wong mati  dina Sabtu wingi merga kepleset utawa keseret banyu kali , kabeh ora lepas akibat banjir bandang sing nerjang sebagian wilayah Pacitan.
Intine ' Banjir bandang Pacitan Sabtu wingi nelan korban  wong telu mati...( Gustik)





 KORBAN GAME ..THUYUL ..WONG SEMAPUT .. MBLADER... EALAH..

KORBAN GAME ..THUYUL ..WONG SEMAPUT .. MBLADER... EALAH..

Pacitan Ppos.09.10.022.
Meneng meneng wong Pacitan sing keblelon Game thuyul  / semacamnya jumlahe ewon , terutama bocah enom enom utawa oknum  sing pingin cepet sugih  ndadak.

Awal wong  Pacitan kranjingan bisnis Game Ajaib / thuyul  , saka pemuda Gayam Kebonagung sing sugih mendadak srana muk ndadep HP.

Bocah Kebonagung sing sempet tuku / lelang sepatu pejabat Publik Pacitan rega 600 ewu dibayar 25 juta  iku ternyata  gawe magnit pemuda lan wong tuwek sak Pacitan.

Gara gara pingin sugih srana kerja menak, bocah enom enom ,, ggrejeg  ,, nyang wong tuwek kon nukokne '  HP,  lengkap aplikasi  / perangkat Game Ajaib .

Saking semangate ale' tuku Hp  nganti ora umum,  cah siji  enek sing tuku nganti sepuluh HP , paling elek lim@ng hp , wektu kui alesan nyang wong tuwek  soyo okeh tuku Hp soyo okeh entuk'e duit.

Jenenge wong tuwek ' , ditangisi anak kepekso  age age golek utangan Bank utawa ngedol pomahan ,yo muk nggo tuku HP plus perangkat game sing regane antara 5 - 15 juta.

Sing lucu ! kasus keblelon tuku game tuyul ,  ternyata bareng   ditlusur tlusur ,  korbane ' ora mung cah enom , wong tuwek tuwek sing pingin cepet sugih jumlahe mblader ora mung atusan tapi ewon.

Rata rata wong tuwek tuwek sing bangkrut keblelon game thuyul isin crito ambi konco utawa tonggo , pokok' e ngerti ngerti bangkrut ngono wae.

Lucune ! Bocah enom enom sing sejege urip ora nate urusan  bank utawa koperasi , iki dina isih diuber uber petugas Bank lan Koperasi nagih utang.

Prawito sing kanclop merga anak'e bisnis game thuyul , ngaku duwe utang 70 juta nyang bakul sapi , akhire sapi telu dijupuk bakul , kojor mas mas mbok wedok nganti struk gara gara game thuyul.

Jenenge Petugas Penagih , ora ketemu anake ditemoni wong tuwane , bahkan nek raketemu loro lorone , mbakyune digolek!  Wah kulo niki isin , mosok kulo pas teng pasar ditekani petugas koperasi bab utang adik...jare Endang ambi klecam klecem.

Dasar cah enom  enom , ditagih petugas Bank  nek 'ora  mlayu yo minggat /
Utawa  mumpet ning omahe koncone.

Sing kojor ! Wong tuwane bocah , ora ngerti kentang kimpule ' , saben dino ditagih petugas Bank , jal arep mlayu teng pundi pak....kojor le' le' , thuyul  barang kok mbok tuku.. to le le...( Gustik)




Jumat, 07 Oktober 2022

GODRAS GETIH MERGA LAMBE KEBEL`ER TUSUK SATE...

GODRAS GETIH MERGA LAMBE KEBEL`ER TUSUK SATE...

Foto ilustrasi penjual sate...

Pacitan Ppos , 08 .10.022.
Udan udan diundang wong slametan kirim doa, karepe ket omah bar kerja ora mangan , sebab entuk bocoran konco menu hidangan slametan  sate Kambing.

Tapi sayang  , Slamet ( nama samaran) cangkeme sisih tengen godras getih kebeler tusuk sate' .

Ora jelas opo pancen saking kluwene Slamet  gek buru buru mangan, opo memang tusuk satene sing pancen landep.

Menurut critane Slamet , pas mangan kaget duduh satene rupane abang , slamet Warga Mentoro iku lagi sadar merga cangkeme sisih ngisor perih ora karu karuan.

Slamet isane muk pringas pringis , arep crito koncone isin , arep pamit disik sungkan , untung jare slamet tusuk sate sing dipangan tusuk sing terakhir , dadi sebelahku ora pati ngerti , nek ngerti ndah isinku , jare slamet guya guyu ambi pringas pringis.

Kasus Slamet kebeler tusuk sate, kenek kanggo pengalaman wong duwe gawe , nek gawe tusuk sate kudu dipastikan ora landep tur aman ora mbeleri lambe'.

Kanggo sing mangan yo ati ati ,  masiho kluwen ojo buru buru dipangan , raurung nek kebeler yo isin.

Mungkin nek mung isin ora popo, nek cangkeme suw`ek sesisih kan repot, raurung digawa nang rumah sakit...,( Gustik) Berita ini kisah nyata dengan nara sumber yang disamarkan untuk menjaga privacy..


LOROK BANJIR BANDANG....! TOKO AKEH SING KLELEP...

LOROK BANJIR BANDANG....! TOKO AKEH SING KLELEP...


Pacitan Ppos.08.10.022.
Udan nggejibrah sewengi deg , ndadekne sebagian wilayah Pacitan banjir , ananging banjir paling parah nerjang wilayah lorok lan sekitare.

Banjir bandang Lorok , miturut warga sekitar disebabke kali Kaisar lan kali cilik cilik mbludak.

Akibate merga mbludak, banyu sak ho hah iki maeng mili menyang dalan dalan lan pekarangan penduduk, bahkan toko toko ponggir dalan gede  / jl Lorok- Trenggalek akeh sing kedayohan banyu.

Bahkan menurut Wahidin Anggota DPRD Pacitan sing iki dina ana lapangan omong yen sekitar atusan omah kedayohan banyu banjir.

Kader Partai Demokrat uga omong 4 desa paling parah kebanjiran , Hadi Luwih.Hadi Warno, Woyoro lan dusun dusun etan kali kabeh  klelep klebon banyu sekitar 70 Cm , alhamdulilah korban jiwa ora enek, jare Wahidin via Telpon.

Toko Hand Phone milik Susilo termasuk klebon banyu banjir..

Ditaksir kerugian warga Kecamatan Ngadirojo akibat banjir sekitar 500 juta rupiah , sekalipun ora enek korban jiwa tapi barang baranng rusak hilang akeh banget , utamane barang dagangan warung sing klekep.

Tokoh Masyarakat Lorok Hariawan ST , omong  Banjir bandang sing nerjang Wilayah Ngadirojo kanggo pelajaran semua pihak , utamane Pemerintah Kabupaten Pacitan lan Balai Besar Bengawan Solo , kali soyo cethek lan soyo ciut piye ale ora gampang banjir , tegas hariawan.

Warteg pun ora lepas ,saka terjangan banjir luapan  kali Kaisar Lorok.

Hariawan sing uga anggota DPRD Pacitan komisi 4 njaluk kali Kaisar Lorok direklamasi, minimal kedangkalan dasar sungai dikeruk ,  banyu ben ora kerep mbludak.

Sementara itu Plt. Bupati Pacitan Gagarin Sumrambah sing kebetulan  asli lorok, iki dina melu mudun lan sidak menyang daerah daerah sing kebanjiran, klebu nyambangi tanah kelahirane Desa Wiyoro Kecamatan Ngadirojo.

Plt.Gagarin ikut turun ke Area Banjir lorok

Intine jare  Bupati Gagarin, Pemkab Pacitan akan segera mendata kabeh kerugian akibat Banjir Bandang , insya Allah infrastruktur ora pati okeh rusak yo mung  dagangan warga sing akeh rusak.

Ditakoni langkah awal kegiatan Pemkab mengatasi Banjir Lorok , Gagarin menehi penjelasan  , kabeh alat lat berat wis ditekakne ana titik titik sing kenek longsor, lan nerjunke tim BPBD ning lokasi sebagai upaya antusipasi.








Kamis, 06 Oktober 2022

WARGA KECELE FAREL PRAYOGA DIKIRA MUSLIM , KARENA PINTER SOLAWATAN..JEBUL....

WARGA KECELE FAREL PRAYOGA DIKIRA MUSLIM , KARENA PINTER SOLAWATAN..JEBUL....

Farel Prayoga penyanyi cilik paling mujur.

Banyuwangi Ppos,06.10.022.
Seumpama Gus Miftah ora takon Farel iso ngaji opo ora , mungkin nganti seprene wong sak Indonesia ngertine penyanyi cilik Farel Prayoga muslim, tapi ternyata non Muslim.

Kepastian Farel Kristen , gara gara Gus Miftah takok ,, le iso ngaji opo ora ,, gandeng Farel ora njawab njawab , panitia omong yen Farel Non Muslim .

Gus Fiftah sing diundang ana Pengajian Akbar desa Blangkon Srono Banyuwangi bareng Farel sempet kaget , tapi gus Miftah buru buru omong ora popo agama opo wae sebab Indonesia menjamin lan nglindungi kebebasan beragama.

Jangankan Gus Miftah , la mbok wong sak Indonesia yo kaget nek Farel non Muslim , kejaba berita sak durunge ditulis muslim, Farel jago lagu lagu bertema islam khususe Salawat Nabi , sekalipun misale diundang muk sekedar konser utow manggung  sing dibayar.

Sedang Farel dewe , ditakoni gus Miftah terkait agama, Farel Jawab secara diplomatis Privasi, Privasi...jawab Farel..

Sing lucu mungkin merga raweruh , Farel diundang Pondok Pesantren Pesantren , bahkan Pondok Pesantren terkenal Jakarta yo ngundang Farel kon menghibur para santri .

Sekedar informasi , Kabeh mbakyu lan kakangane Farel dipastikan Non Muslim , Devy Kristiani  lan  Stevanus Budi .
Bahkan mbakyune Farel sing jenenge Devi Kristani sering nganggo klambi gambar Salib.

Masiho saiki Agama Farel Prayoga Asli Non Muslim, diharap penggemar Farel ora mempermasalahke , sebab kabeh agama dilindungi undang undang lan Indonesia Majemuk..

Malah Farel kenek nggo conto, bayangno sekalipun Farel Non Muslim ternyata mampu nyanyi lagu lagu islami ngalahne bocah islam liyane..( gustik)

Bebek Gustik nikmat luar Biasa...monggo dahar, dicamin Eco.




 
KERA NGALAM KIJI HASUS , ARMANDO INUM OYOK SILBI...

KERA NGALAM KIJI HASUS , ARMANDO INUM OYOK SILBI...

Ade Armando ora kapok kapok nyawane meh ilang merga  digebuki massa.

Pacitan, 06.10.022.
Dasar atine koyo iblis , masiha ndisik meh mati dikroyok massa.Ade Armando ora kapok kapok nggawe pegele atine wong liyo.

Terakhir Dosen UI kontroversial iku ngelokne pendukung Arema koyo preman & sok jagoan ,ditengah suasana duka / peristiwa Kegaduhan Stadion Kanjuruhan malang, sing nelan korban mati sia sia sekitar 180 jiwa Aremania.

Nek diarani wong menyling jarene dosen , Tapi nek diarani wong waras tik koyo wong menyling .

Mungkin nek dietung Pernyataan Kontroversial  Ade Amando sing berpotensi nglanggar hukum , enek mungkin yen 15 kasus, tapi Armando dkk selalu lolos saka jeratan hukum.

Boro boro dosen tengil iku di penjara , ditindak lanjuti perkarane lho ora , tapi nek lawan politik Armando ,, bledeng,, jegur pakunjaran.

Nganti seprene , ora jelas opo tujuan penegak hukum ora gelem nyeret Dosen UI lan buzzer liyane  iku  mlebu penjara, seolah drajat Polisi sak ngisore Ade Armando lan Buzzer liyane.

Ananging kabeh wis ngerti yen Ade Armando duwe pirang pirang kasus sing dilaporke Polisi merga tingkah lakune , utamane cangkeme Armando sing asal njeplak ,utamane  karo tokoh tokoh sing berseberangan karo Kekuasaan.

Dosen sing berperilaku dudu koyo dosen iku terpaksa ngapik apik Polisi utawa Pemerintah , merga diduga , kakean kasus sing dilaporne masyarakat sing dirugekne.

Perlu dimangerteni , Peristiwa Kerusuhan ana Stadion Kanjuruhan Malang iki dina lagi ditangani tim TGPF bentukan Pemerintah kanggo golek'i sebab sebab kerusuhan iku pecah.

Miturut Simpatisan Arema Andrea Samuel asal Kota Batu Malang , kondo yen sejatine ora enek kerusuhan, penonton kecewa mlebu lapangan iku wis biasa , sering kedadean  ana daerah liyo.

Faktane jare Andre ! Masiho ning daerah liyo uga kedadean penonton mlebu lapangan , paling paling Pertandingan diberhentikan sementara , lha iki ora ujug ujug ana Gas Air mata sing gawe perih moto penonton, jare samuel via telpon.

Terkait omongan Ade Armando , Samuel ora mudeng karepe , yo muga muga ora kedadean koyo sing ndisik, Armando sing dikroyok babak belur , ati ati lho bung Armando Aremania saben kutha akeh , ojo njeplak sak geleme dewe ,imbuh samuel greteten.

Tim TGPF sing diketuai Menkopolkam Mahfud MD , diharap entuk hasil sing fair , nek Panitia sing salah  ngomong ojo ditutup tutupi,nek polisi sing kliru kudu enek sanksi lan sakpiturute...( Gustik)

Bebek goreng gostik ,saking nikmatnya bertahan walau yang lain berguguran...











Rabu, 05 Oktober 2022

GOLKAR BANGUN GEDUNG MEWAH 4 M

GOLKAR BANGUN GEDUNG MEWAH 4 M


Pacitan.05.10.022.
Dewan Pimpinan Daerah Partai Golkar Pacitan iki dina lagi nedeng nedenge bangun Gedung Mewah sing nilaine fantastis kanggo ukuran Pacitan.

Gedung  lantai loro sing dibangun ana Jl Cokroaminoto Pucangsewu Pacitan iku tilas Kantor DPD Golkar lawas hibah Pemerintahan Orde Baru.

Miturut Sunarko anggota DPRD Pacitan, rencana Gedung rong lantai iku tetep bakal difungsikan kanggo  kantor DPD Partai Golkar , sebab kantor DPD lawas wis ora layak dienggo Kegiatan kepartaian.

Kader Partai Golkar saka desa Karangnongko Kebonagung iku uga omong yen Gedung anyar sing lagi dibangun bakal nelan biaya sekitar 3 M - 4 M, tapi Insya Allah iso ditekan ora nganti sakmono, sing penting bagunan apik, jare narko ditemui media ana Kantor DPRD Pacitan.

Semua Kader Golkar gotong Royong ikut kerja bhakti pengerjaan gedung DPD.

Terkait Sumber dana Pembangunan Gedung , miturut Sri Widowati sing kebetulan lungguh ana sampinge Narko omong !  yen sebagian besar sumber dana saka Kas Partai Golkar ditambah urunan ( 9 )anggota)  Fraksi Partai Golkar DPRD Pacitan.
Rata rata per anggota  urun sekitar 25 jt , dicicil nganti sak dadine Gedung, jare tokoh wedok sing dijuluki Srikandi Golkar Pacitan.

Perlu dimangerteni, bareng kendali Partai Golkar Pacitan dicekel  Gagarin sing uga njabat Wakil Bupati Pacitan, gerak laju Partai Golkar Pacitan tergolong  dinamis lan Maju pesat.

Minimal gaung Partai warisan Orde Baru iku ketok gregete.
Kejaba saka iku , Partai Golkar melu kiprah ana Pemerintahan secara langsung sebab sosok Gagarin jabat Wakil Bupati.

Pendapat masyarakat , duet Indrata Nur Bayu Aji ( PD) - Gagarin ( PG) sebagai pasangan Bupati- Wakil Bupati Pacitan terbukti kompak / saling melengkapi.

Kekompakan Bupati  Aji lan Wakil Bupati Gagarin sing sempet diisukan renggang, terbukti  ijik kompak .
Bahkan iso dipastikan , keberhasilan pembangunan Pacitan ora lepas saka wong loro , golkar maju Pacitan Maju...tegas Lancur Susanto  Sekretaris  DPD Partai  Golkar Pacitan..(gustik)

Sunarko Anggota DPRD Pacitan Fraksi Partai Golkar.




Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done