PACITANPOST
News Update
Loading...

Jumat, 03 Februari 2023

HPN : WARTAWAN SAIKI KOYO KOKOK BELUK..?

HPN : WARTAWAN SAIKI KOYO KOKOK BELUK..?

Pacitan Ppos. (Edisi Khusus Hari Pers Nasional 2023)

Kokok Beluk ( burung hantu) , yo kui jenis manuk sing  dianggep angker  , jaman ndisik  yen kokok beluk muni tengah wengi , wong sing krungu mesti wedi campur ndredeg.

Wong ndesa  pada wedi  , merga wis dadi ila ila (seolah kode)  yen kokok beluk muni tengah wengi  bakal enek lelayu.
Mulo saking angkere kokok beluk,  djenengke burung Hantu.

Nek didelok saka ujud'e ,  manuk kokok beluk pancen ora pati medeni , ananging gandeng unine kokok beluk dadi tetenger anane musibah , kabeh uwong rata rata ora wani ngingu, kecuali wong ndableg.

Hubungane karo Wartawan.
Sakjane antara Wartawan Karo Kokok Beluk ora enek hubungan langsung , ananging yen didelok saka cara kerja wartawan sing penuh ( rahasia beresiko ) isa uga ( ila-ila)  antara kokok beluk  karo Wartawan meh pada.

Kocap enek wong korupsi , wong selingkuh , wong nyolong lan ulah elek liyane , ibarat wong liyo urung ngerti, biasane wartawan wis ngerti disik, kecuali wartawan ethok ethok..

Intine  Wartawan klebu kelompok sing diwedeni , sing disingkrihi lan klebu kelompok sing dibenci. Dibenci merga ngonangi wong maling , ngonangi wong duwe bojo akeh , ngonangi wong korupsi lan tingkah laku elek liyane.

Ora enek critane wong seneng ngingu wartawan, ora enek critane wong seneng kekancan  karo wartawan lan ora enek critane wong ora wedi kekancan karo wartawan , sebab nek wartawan wis gelem muni pedes ,, Pertanda,, Musibah kanggone wong kang cidro.

Wong seneng ngingu wartawan, seneng kekancan karo wartawan, muk enek   loro jenise , yo kui siji wong kang resik lan siji penegak hukum. 

Wong resik kendel cedak wartawan merga rumangsa ora duwe salah. Ananging yen Penegak hukum ..! merga pingin bocoran kesalahane wong liyo..ibarat ilmu intelejen Wartawan sisik melik'e Penegak hukum.

Mbuh merga wedi , gething  utawa piye , saben saben Peringatan Hari Pers Nasional , Wartawan mesti kesulitan koordinasi karo sopo wae..!

Mungkin kesulitan koordinasi, merga Wartawan seprene ora duwe omah utawa susuh , persis koyo kokok beluk sing ora ngerti omah lan susuhe...

Opo klakon wartawan kudu muni koyo manuk kokok beluk , sebagai tanda lelayon wong kang  nuli slintat slintut..,slintat slintut duite rakyat utawa slintutan marang bojone dewe ...

Ditulis oleh Gustik pemimpin Redaksi Pacitan Pos dan Kabiro Pacitan Jatim Hari ini sebagai bentuk keprihatinan sebagai insan Pers yang kadang tidak diperlakukan sebai orang yang berjuang  mati matian memberikan edukasi dan informasi kepada masyarakat luas..panas ,hujan , siang dan malam , Wartawan mendahului mencari informasi  yang seimbang untuk kepentingan masyarakat banyak ..














Kamis, 02 Februari 2023

SBY NGOPI  SENENG NGAREP MUSIUM.

SBY NGOPI SENENG NGAREP MUSIUM.


Pacitan Ppos.02.02.023.
Mbuh merga sing ngracik ahli kopi , opo merga cedak musium , SBY sak durunge bali menyang jakarta mampir ngopi ono kedai kopi  Kipo Kopi Space & Beverage ( Jls) ngarep musium & Galery SBY-Ani .

Pancen ahli peracik kopi profesional ning Pacitan lagi sitik , antarane Tri Yulianto alias Cetrumz  (30) asli Baleharjo.
Cetrumz omong yen keluarga pak SBY nuli nyang kedai kopine , sewaktu isih ning Jogja utawa ana Pacitan.

SBY nyalami  Cetrumz Manager  kedai Kipo Kopi Space & Beverage Ngarep Musium SBY JLS Pacitan.

Cetrumz  ngaku rumangsa bangga , racikan kopine disenengi keluarga SBY lan rombongan SBY sewaktu tindak Pacitan, ora sia sia lehku tuku mesin peracik kopi 125 juta, hasile luar biasa nikmat , jare Cetrumz guya guyu.

Kejaba enak rasane , Kedai Kipo Kopi Space & Beverage  bangunane  unik , bersih , cekli , strategis lan Representatif .

Miturut pengamatan media , kedai kopi milik Ketua PTMSI Pacitan Sujari Jempol,  iku saben wengi rame pol , secara bergantian  Full tamu mlebu metu , ora kurang wong 100.

Menurut Hery Kirun asisten Manager , SBY menyang KIPO KOPI , Santai ,seneng seneng , srupat sruput ngopi dikancani mantan menteri Kabinet Indonesia Bersatu.

Syarif Hasan sing dikawal bojone sing Ayu moblong moblong ( Inggrit Kanzil) ngakoni racikan kopine Cetrumz enak tenan , iki pas ning ilatku mas ! Jare Artis sing uga anggota DPR RI saka Partai Demokrat.

Rasa nikmat racik'an kopine Cetrumz , uga diakoni Pelancong saka Australia Catherine ,  bule ayu iku omong Pacitan Coffee tastes Amazing  ( Rasa kopi pacitan luar biasa) tempatnya juga amat bsgus the place is also very nice.jare Catherin memuji...

Rumangsa Seneng SBY nyanyi nyanyi ana Kipo kopi Space & Beberage JLS.

Sak durunge kundur Jakarta , SBY  uga sempat nyanyi nyanyi ning Kedai kopi , merga sing teko akeh mantan menteri lan penggede liyane, suasana ketok meriah lan gsyeng.
Ambi pamitan SBY ngendiko...matur nuwun kopinipun maz Cetrumz ...( Gustik)











Selasa, 31 Januari 2023

Wong CILIK arep KAJI  di engkl`ek..Engkl`ek Wae..ndah Dosamu..!

Wong CILIK arep KAJI di engkl`ek..Engkl`ek Wae..ndah Dosamu..!


Pacitan Ppos.01.02.023.
Dikapak kapak ake' , dadi wong cilik , dadi wong mlarat iku ora menak . Kadang direndahne uga kadang ora entuk keadilan.

Contone'
Perkara arep munggah Haji  , ujug ujug enek berita saka Kemenag, biaya munggah Kaji diusulke diunggahne sak ,, thekruk ,, kira kira  saka 39 jt munggah dadi 69 juta.

Alesane'
Biaya subsidi saka BPKH ora cukup kanggo cover wong munggah kaji sak teruse , mulo kudu gek ndang  diunggahne, tegas Menteri agama Yaqut Cholil Qoumas.

Sing dadi patakonan.
Wong cilik iku bab tatanan munggah kaji , sejege' urip ora ngerti ,, kenthang kimpule' ,, ora ngerti kebijakan terkait aliran dana haji lan sak piturute .

Seumpama opo sing diomongke Menteri Agama kui maeng bener , dana talangan haji ora cukup nggo ngaver dana munggah kaji mulai tahun 2023 , la ngopo pemerintah sak durunge aman aman wae..ora umyek koyo saiki , munggah kaji yo lancar jaya...wis satus tahun brow lancar...kok ujug ujug..munggah sak karepe dewe'.

Mungkin seumpama kebijakan iki diterapne adoh sak durunge,  kawit Presiden Gus Dur ,, umpamane' ,,  mungkin ora ndadekne masalah wong cilik, tapi yen diterapne ujug ujug  , kabeh Calon Haji yo Mothah..Menak sing budal disik dicover calon haji  ngisore'..jare ibu ibu sing  nabrak nabrak golek utangan merga tahun 2023 diobo budal...

Sing Lucu pol ..!
Ketua PB NU Yahya Cholil Staquf , ana wawancara sebuah media ( kuwi nek bener ) muni....!. nek cen ra kuat  munggah kaji tarif sing anyar, yo ra usah munggah kaji toh ora dosa.. 
Tentu wae wawancara Ketua NU dinilai ora bijaksana, ora menehi solusi piye carane kabeh pendaftar ben iso budal...

Sebagai ulama besar ,  duwe kedudukan strategis sebagai KETUA PB NU , kudune kan iso loby loby , piye carane  wong cilik ben  iso melu ,, ungak ungak Ka'bah , toh sing akeh uga pendaftar jamaah NU.
Ora gek omong sak menak'e dewe..yo maklum menteri agama dijabat adine , jare pak  onkitus sing ndresulo  merga nglangut mikirke budal kaji,sing diperkirakne tahun 2025 budal.

Seumpama opo sing diomongke mentri  agama ning ngarepe Komisi III DPR RI kui maeng bener , subsidi saka BPKH terlalu gede kanggo calon jamaah haji ngisore , lan disamarke /ditakutkan danane cepet entek..sing aneh kok pejabat ndisik ora mikir ..kok lagi saiki ...

Opa klakon...!
perjalanan haji wis satus tahun luwih kok yo aman aman wae..opo klakon masyarakat nyalahne pemerintah Suharto,pemerintah Habibi,Gus Dur,Bu Mega lan Pak SBY..sing ora uthak athik wong cilik ale arep munggah kaji.

Secara etungan matematis, mungkin sing diomongke Menteri Yaqut bener , sing ora bener ,, muk ujug ujug ,,  iku sing dadi masalah.
Calon Haji wis siap siap arep budal ,, dadi nglangut ,, merga enek tambahan biaya sing duwur banget , 2 kali lipat lebih.

Miturut LSM BHINEKA BANGSA PACITAN sing dikomandani Redaktur Media iki, menilai Kebijakan Pemerintah sing sekonyong konyong ngunggahne Biaya Haji meh  2 X lipat ngrepotne wong cilik.

Kudune..!
Seumpama kajian Pak Yaqut bener, kebijakan iki kudu  enek jeda minimal 5 tahun, misale diwiwiti saka tahun 2028 , mungkin luwih bijak, ben calon haji siap siap adoh kanggo ngumpulne duit.

Nek dipeksakne saiki, ojo nyalahne masyarakat ,yen kebijakan Pemerintah muk nguntungne wong sugih , sing rata rata duwe duit masiho arep diunggahne sepira wae...
Ditulis sebagai kritik kepada Pemerintah yang dinilai semena mena bagi calon jemaah haji yang dirugikan atas kebijakan itu ....gustik Calon Jemaah Haji...














Minggu, 29 Januari 2023

RA DUWE ISIN ..DANA 500 TRILYUN Nggo OMBLANG 2 an..PADAHAL PRESIDEN WIS NGLARANG...TAPI PEJABAT PaDa  GATHEL NEK RARAPAT NING HOTEL.

RA DUWE ISIN ..DANA 500 TRILYUN Nggo OMBLANG 2 an..PADAHAL PRESIDEN WIS NGLARANG...TAPI PEJABAT PaDa GATHEL NEK RARAPAT NING HOTEL.


Pacitan Ppos, 31.01.023.
Masiha ( MenPAN-RB) azwar Anas wis njelasne yen dana 500 Trlinyun ora kabeh nggo konsumsi lan rapat ning Hotel Hotel, tetep wae berita foya foya Pejabat daerah nganggo duit  PROGRAM KEMESKINAN 500 TRILYUN  dadi rame wong sak Indonesia.

Pancen nek didelok fakta saben dina, kebiasaan Pejabat Daerah lan anggota DPRD seneng rapat ning hotel lan Dinas  ning luar kota isih pancet dilakoni , kon mandeg panggah angel , merga wis kadung enak.

Sing dadi masalah muk siji , penggunaan dana program kemiskinan masyarakat langsung urung menyentuh warga , tapi biaya  rapat rapat malah wis lancar jaya, nganti trilyunan rupiah.

MenPAN-RB Ir Azwar Anas tolak disebut boros anggaran hura hura di Hotel 

Wingi dana bancak'an rapat lan turu hotel program kemiskinan langsung dilaporke presiden Jojowi lan DPR, kabeh wis tak laporne pak Presiden lan DPR RI,tegas Mantan Bupati Banyuwangi iku.

Arahan Presiden imbuh Anaz, kabeh lembaga kudu gek  nyakurke dana pokok kemiskinan sing jumahe 500 Trilyun,kurangi  biaya study Banding , rapat rapat ana Hotel dll.

Perlu dimangerteni , dana program 500 T kanggo program kemiskinan menyebar ana berbagai intansi Kabupaten kota lan Propinsi, sayang dana sing wis cair lagi dana turu hotel,studi banding lan biaya rapat rapat @na hotel ....( Gustik)


Mentoro...OMAH SIJI DISIKAT LESUS...

Mentoro...OMAH SIJI DISIKAT LESUS...


Pacitan Ppos 30.01.023.
Angin lesus sing lumayan gede, nerjang daerah Pacitan ( minggu 30/01) sekitar jam 17.00 wib)
Daerah sing terdampak rada parah,  dusun duduhan Desa Mentoro Pacitan, utamane RT 02 Rw 02.

Rata rata , payon omahe warga enek sing diorak arik angin, salah siji omah sing parah kegawa angin yo kui omahe Udik sing atap omahe ilang kabeh.

Muturut andi sing kebetulan ngarit ning sawah Kedawung Mentoro ,, meruhi ,, lesus ireng ketok genteong saka arah kulon  nerjang kabeh omah tengah sawah.
Lesus teko aku ndelik ning galengan mas ambi turu, ngerti ngerti mak kropyak seng seng  garasi omahe pak udik kebur kabeh, jare andi.

Rumah Warga Dusun Duduhan yang atapnya terbang di terjang lesus.

Nganti berita iki ditulis, urung enek laporan korban jiwa saja warga  dusun utawa desa liyane , rata rata muk gendeng mlorot utawa gigol.

Gagarin Wakil Bupati Pacitan , njaluk marang kabeh warga Pacitan ati ati anane angin gede / lesus sing pirang pirang dino iki nerjang kota Pacitan .
Tokoh sing paling disegani ana Pacitan iku , pesen ojo sok ngeyup ning sor uwit gede , sebab rawan sempal lan ambruk...( Gustik)









Jumat, 27 Januari 2023

GAMBLES ..!  GAMBLES..! WALI KOTA kok DIRAMPOK  WALI KOTA masiha mantan..Wong BLITAR isin Pol...

GAMBLES ..! GAMBLES..! WALI KOTA kok DIRAMPOK WALI KOTA masiha mantan..Wong BLITAR isin Pol...

Mantan Walikota Blitar Samanhudi dikeler merga  dadi otak perampokan wali kota Blitar Santoso.

Pacitan Ppos.27.01.023.
Sakjane wong Blitar wis  ngerti kabeh profil  Samanhudi sak durunge dadi Walikota Blitar.

Jarene.....!
Wonge sangar , keras , lan terkesan ugal ugalan.
Mbuh merga donyo wis tuwek opo kepiye, masiha Samanhudi duwe sifat minus, faktane Kader PDI Perjuangan iku pernah dadi Ketua DPRD Blitar 1999-2004.

Tahun 2005 - 2010 M. Samanhudi Anwar kepilih dadi Walikota Blitar dilanjut tahun 2016 uga kepilih dadi Walikota Blitar sing ke Ke pindo.

Sayang lagi setahun dadi Wali Kota Blitar periode 2 , Samanhudi ditangkep KPK merga diduga  korupsi / suap proyek pembangunan sekolah.

Kocapo ..!
Lagi telung sasi metu saka Penjara , mantan Walikota Blitar iku ditangkep maneh merga aksi nyleneh lan ora ketemu nalar , yo kui Ngrampok Wali Kota Blitar Santoso sing ndisik  pernah dadi wakil Walikotane.

Ngerti Samanhudi dadi otak perampokan wali kota  Blitar Santoso , warga Blitar kaget setengah mati , rata rata kabeh wong Blitar isin pernah duwe Walikota Perampok.

Iki dino Samanhudi ditahan  Polda Jawa Timur,  diduga dadi otak perampokan Walikota Blitar Santoso sing rugi sekitar 800 juta.

Samanhudi ditangkep, merga perampok sing jumlahe 4 dibekuk sak durunge sesasi kepungkur , wong papat ngaku kabeh , yen sing ngongkon Muhammad Samanhudi Anwar.

Nganti berita iki ditulis , urung pada ngerti motif sak benere , Mantan Walikota Blitar ngrampok Walikota Blitar, kok aneh jare witono warga Kalang bret Blitar.

Samanhudi dibergol tangane, digiring menyang Suroboyo lan ditahan.
Mungkin sak donyo lagi iki , enek ,, MANTAN WALIKOTA  NGRAMPOK  WALIKOTA...Aneh! ...aneh...Bumi wis tuwek...( Gustik)

Wong nek judeg ati, kudu golek bebek goreng Sinjai Tirto Wening Mentoro Pacitan.



Kamis, 26 Januari 2023

NUMPAK RX KING.. ole'ng...GEK mati Keplindes....!

NUMPAK RX KING.. ole'ng...GEK mati Keplindes....!


Pacitan Ppos , 27.01.023.
Sakjane kabeh wong tuwek , ale'  ndremimil.. ngandani anak anak'e ora kurang kurang , le nek numpak odhok ( sepedah montor) ojo banter banter , kutha Pacitan saiki wis mulai rame kaya kutha gede.
Nek budal sekolah ojo mepet mepet, nek mulih sekolah ojo balapan .

Dasar bocah saiki , dikandani wang tuwek  ngiwi iwi , dituturi gurune mledingi silit. Akhire bola bali kecelakaan , enek sing njungkel karepe dewe lan enek sing tabrak'an karo kendaraan liya.

Jumlah pelajar ning Pacitan sing kecelakaan ning ndalan wis memprihatinkan , bola bali pres ..bola bali pres , nek ra mati , babak bunyak  utawa cacat seumur hidup.

Koyo korban Muhammad Dicky (16) , bar sekolah jawane arep mulih menyang Tulakan , mbuh piye critane ujug ujug sepeda montor RX KING oleng nengen, ndlalah saka etan enek mobil box lewat..langsung Pres..ndusur.. mati.

Korban Diky ditemokne ana sor bemper mobil box.

Miturut Kasat Lantas   Polres Pacitan AKP Siswoyo , korban Dicky ditulung warga posisine ning sor bemper sisih tengen mobil box nopol AB 8605 GD.

Kanggo pengusutan , Sopir mobil Box Untung Supriyono (30) , warga desa Purworejo Pacitan dijaluk'i keterangan polisi , mobil box lan sepeda motor korban AE 6011 XE diangkut menyang polres Pacitan .

Perlu dimangerteni , Muhammad Dicki Setia Ananda , ternyata  siswa SMK Kebonagung Pacitan klas 10.
Lokasi Kedadean Kecelakaan jalan Pacitan -Lorok KM 14  , dusun Gawang Desa Ketro Kebonagung Pacitan....( Gustik)



Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done