PACITANPOST
News Update
Loading...

Kamis, 09 Februari 2023

NGANJUK Wis AREP PEMILU  maneh ORA DUWE BUPATI ..?

NGANJUK Wis AREP PEMILU maneh ORA DUWE BUPATI ..?


Nganjuk 10.02.023.
Kabupaten Nganjuk Jawa Timur , wis pirang pirang tahun ( 3 th ) ora duwe Bupati sing Resmi, duwene muk Plt Marhaen Djumadi sing wis njabat 3 tahun , sejak Bupati Novi di tahan KPK.

Dr.Wahyu Prijo Djatmiko.

Miturut DR.Wahyu Prijo Djatmiko , mengacu pasal (2) lan (1 ) huruf g Jo pasal 34 ayat  (2 ) UU No 30 tahun 2014 tentang Administrasi  Pemerintahan lan terakhir diubah karo Perpu No 2 tahun 2022 tentang Cipta Kerja Wakil Bupati Marhaen Djumadi dilantik sebagai pelaksana Tugas ( PLT) sebagai Bupati Nganjuk .

Tapi Wahyu omong , yen sifat Plt muk terbatas, sekedar njalanke kebijakan Bupati lama, seorang PLT  ora duwe kebijakan sing sifate fondamental lan strategis.

Ketentuan pasal ( 14) ayat ( 7) Undang Undang Administrasi Pemerintahan, praktis pak Marhaen Djumadi sebagai PLT ora duwe kewenangan opo opo,,  kabeh ,,   terbonsai aturan  sebagai seorang  ( Plt).

Terkait keterbatasan wewenang Plt, sing dirugekne Masyarakat kota Nganjuk , pelayanan umum kadang terganggu , merga pemimpine ora duwe Kebijakan Strategis , lan ora iso njupuk keputusan penting liyane, tambah Wahyu Prijo Djatmiko.

Mulo saka kui , Wahyu  njaluk  marang Pemerintah Pusat utawa Provinsi ,, nek iso ,, Plt  Marhaen Djumadi segera diangkat dadi Bupati Nganjuk , ben iso gawe keputusan penting lan strategis, ben pelayanan umum masyarakat Nganjuk ora keganggu.

Perlu dimangerteni , Vonis Bupati Nganjuk
Novi Rahman Hidayat  ( inkrah)  sak bubare Mahkamah Agung menolak Kasasi Nomer 6027/K/Pidsus/ 2022 an. terdakwa Novi Rahman Hidayat, Novi. kudu tetep njalani ukuman 4 tahun 6 wulan penjara denda 200 juta rupiah.

Sekedar ben eling , Jabatan Pasangan Bupati Novi Rahman Hidayat lan  Wakil Bupati  Nganjuk Marhaen Djumadi bakal entek sasi September 2023.
Praktis Umpama disetujui DPRD lan Pemerintah Pusat, pancen Jabatan PLT Marhaen Djumadi muk kari 7 sasi.

Tapi menurut tokoh Pacitan Asli Nganjuk Bambang Trenggono omong, masiha muk kari pitung sasi , nek iso pak Marhaen kudu gek tetep diangkat dadi Bupati , ben masyarakat Nganjuk ora curiga, ngopo kok nganti 3 tahun luwih pak Wabub ora gek diangkat dadi Bupati...? ( Gustik)










BALE WARTAWAN MENTERENG  , APIK DEWE SAK INDONESIA..

BALE WARTAWAN MENTERENG , APIK DEWE SAK INDONESIA..


Pacitan Ppos.09.02.023.
Ora ngira babar blas, Bupati Pacitan  menehi Kantor Megah  Wartawan Pacitan ana Gedung Rumpin / Rumah Pintar.

Gedung Rumah Pintar sing wis dihibahne  saka Wabpim  menyang Pemkab Pacitan  , iki dino ..mak..klutur  di fungsikan kanggo Balai Wartawan,sing wis 30 tahun ora duwe gubuk/ bale.

Gedung rong lantai sing ketok megah,representatif lan strategis, nek dibandingke karo balai wartawan Klas Kabupaten , mungkin sak Indonesia ora enek sing nandingi apik'e

Mulo ora salah , yen Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu aji dipuji saka insan media , ora mung media lokal Pacitan, media Jakarta wae melu bangga lan gumun, kok Pacitan apik men yo Bupatine, jare Muhammad Ridho saka Media Info Info Pagi Indonesia,Com.

Ora mung saka Jakarta,wartawan Madiun pun  uga gumun yen Pacitan duwe Kantor Wartawan  Hebat lan ombo banget, Antok omong  sewaktu dewekne dadi dewan,bola bali usahakne Media ben duwe kantor ,tapi yo boal baul terus wae, he he

Saiki sing dadi pertanyaan, opo wartawan sanggup ngrawat Gedung sak mono gedene,alat alate lengkap, klebu free Wife,sak piturute .

Bagus saka Dinas Kiminfo, pesen pengurus kudu gek ndang rapat,gawe jadwal sing tanggug jawab ngurusi tetek mbengek'e kantor.






Rabu, 08 Februari 2023

MAHENDRA DI ONCLANG MENAK,WARTAWAN DIHADIAHI KANTOR MEGAH.

MAHENDRA DI ONCLANG MENAK,WARTAWAN DIHADIAHI KANTOR MEGAH.

Wartawan entuk hadiah gedung Mewah Bupati Aji...

Pacitan Ppos 09.02.023.
Tanpa basa basi Bupati Pacitan indrata Nur Bayu Aji bakal mindah Kadinas Kominfo Bambang Mahendrawan  menyang Dinas liya, prakiraan Mahendra bakal bali menyang asale' , yo kui Dinas Peternakan Pacitan.

Kepastian Mahendra Pindah ana jabatan anyar sing luwih bergengsi , disampaikan Bupati Aji maeng esuk ( 09/02) disela sela sambutan Hari Pers Nasional tahun 2023 ana Kantor Balai Wartawan Rumpin etan Pendopo utawa ngarep lokrap Kafe.

Bupati menehi sambutan Hari Pers Nasional tahun 2023 ana Balai Wartawan Rumpin.

Kejaba saka iku, Wartawan sing 30 tahun ora duwe Kantor, Hari Jadi Pers Nasional tahun 2023 Insan Pers Dihadiahi Kantor Megah saka Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu aji , lagi iki sejege urip enek Bupati sing menehi Kantor / Balai Wartawan , matur nuwun pak Bupati , jare Agus Hermawan sumringah.

Bupati  omong, sakjane lehku arep menehi kawit Hari Pers tahun 2022 , tapi milang miling kantor sing tepak lagi iki , tulung konco konco wartawan kantor iki dirawat lan muga muga  Media Pacitan semakin jaya, jare Bupati  manteb.

Hariawan ST, krungu Bupati menehi kantor Wartawan uga melu seneng , yo ngono kui pimpinan iku sing bener, nggatekne profesi wartawan sing saben dino melu berjuang edukasi warga ben melek informasi , salut Mas Bupati..tegas kader Nasdem Pacitan iki.

Sejene Peringatan Hari Pers Nasional , Bupati uga ngukuhne pengurus FPPA( Forum Pewarta Pacitan periode sak durunge ( era Danur ) menyang Agus Tv one.

Seolah Bupati Aji pingin  ngujo wartawan, kejaba ditraktir  Pesta Bebek Gustik , uga nukokne duren pirang pirang karung menyang wartawan , kabeh kemruyuk belah duren .

Sayang  Redaksi koran iki, saking geminjal kepingin duren, sak ndek'an entek loro, akhire teka omah meh ora iso mudun mobil , kabeh sikil gringgingen, diduga kakean mangan duren ale nukokne Bupati.

Acara Hari Pers Nasional tahun 2023 ana Pacitan ,diwiwiti gunting pita penggunaan Gedung Balai Wartawan saka Bupati Aji , disusul Pengukuhan Pengurus FPPA lan Inti Hari Pers , acara uga ditekani Kapolres Pacitan AKBP Wildan , Dandim 0801 Pacitan, Kepala Dinas lan undangab liyo liyane.

Merga Bupati terang terangan omong yen Mahendra arep dipindah dadi Kepala Dinas Peternakan , masiho urung resmi dipindah, kabeh wartawan wis menehi slamet ,salaman mubeng ..koyo lebaran..slamet nggih pak Bambang...matur nuwun pak Bupati....( Gustik)




Selasa, 07 Februari 2023

KEWEDEN ANIES DIPUJI , KONSER DEWA SUKSES , BUZZER KOPLAK KLEPEK KLEPEK..Ajur jum...!

KEWEDEN ANIES DIPUJI , KONSER DEWA SUKSES , BUZZER KOPLAK KLEPEK KLEPEK..Ajur jum...!


Nasional Pacitan Post.
Opo merga  ora seneng ,  opo pancen wedi kalah , gara gara konser Dewa 19 sukses luar biasa , buzzer buzzer koplak atine pada adem panas , saking  panase'  rame rame  pada hujat Anies.
Alesane , kawit jaman lekak mesti bab Stadion ( Jakarta International Stadium ). 

Pada Eling ..! Ketua PSI Giring Nidji , ale ngelek elek  Anies Baswedan koyo embuh gara gara Stadion urung `epe`k - `ep`ek / alias urung dadi.

Bahkan Giring wektu kui , saking semangate sikile nganti kacep keblewok endut , Giring omong  ..! pembangunan JIS ora mungkin dadi ,  merga kondisine isih urung opo opo, sing enek malah muk wedus wedus golek suket , jare giring meng nggebu nggebu.

Bareng JIS dadi , Bahkan sukses gelar acara Formula E ,  sing wektu kui  ditekani Presiden , Artis lan tokoh tokoh penting liyani ,  Giring sak bolo bolone klebu buzzer buzzer koplak, langsung mingkem , clep klakep  - kisinan.

Konser Dewa 19 wingi yo ngono..! , mungkin gara gara Bu Jokowi rawuh, mbak Erina rawuh , pak Prabowo rawuh, AHY rawuh , Pak Anies Rawuh dll ,kabeh podo mlongo.

Iso ditebak ,  wong wong anti Anies koyo Ade Armando lan konco koncone bingung ora karu karuan. guyone'  iso iso malah enek sing semaput  barang.

Bahan sing di gawe persoalan  , akses jalan sekitar JIS dianggep kurang memadai , parkir kurang ombo ,  halte bus kurang akeh , lan kurang ter integrasi karo kendaraan umum.

Mungkin opo sing dicatur Ade Armando Cs bener , tapi nyalahne Anies berlebihan dadi ora bijak , seolah pembangunan JIS salah , seolah Anies ora jedak minpin Jakarta , seolah Anies ora layak Nyapres dll.

Ade Armando cs lali, yen wong saiki iku wis pinter pinter , iso memilah endi sing apik endi sing elek , endi sing bener endi sing salah.

Wong wong sing ora seneng marang Anies Baswedan, klebu Buzzer Buzzer koplak , mungkin podo lali , menungso / tokoh dibenci linuweh ukur , justru  okeh wong sing welas  ,, ..Eling SBY...!

Ade Armando cs uga ora eling , Yen ngangkat  Penguasa / Pemimpin iku hak  gusti Allah , nyopot penguasa yo hak Gusti Allah . Menungsa muk sekedar ikhtiar.

Umpama Ade Armando CS arep nguliti persoalan kurange Fasilitas JIS, kudune ndelok disik perencanaan anggaran pemprov DKI disik , wis katut dianggarne opo ora fasilitas sing kurang kurang iku.

Lha umpama Fasilitas sing kurang pancen urung tercantum, merga bar pandemi , merga urung disetujui dewan , lan sebab sebab liyane , opo yo klakon Anies bangun nganggo kantong pribadi...?

Kudune sing patut disalahne penyelenggara konser, antisipasine sing ora mateng , ngerti fasilitas ijik minim , integrasi Moda ijik urung enek, kok wani ngenekne konser sing bakal ditekani wong 70 ewu...

Sing mesakne muk siji, akeh akeh , wong sing teka ndelok konser, rata rata muk pingin nikmati musik , nikmati aksi idola penyanyine , sayang  keganggu pengusik oknum politik lebay , sing mungkin malah ora nonton konser,tapi lambene njebrang sak stadion...

Pancen dikapak kapakne , ora..o.. pilihan Presiden ,pilihan Gubernur , pilihan Bupati , Kades utawa Pileg . Ning Indonesia umume,  Mesti banjir fitnah lan banjir hoax...kapan marine..wallahualam bis showab.....

Ditulis oleh Gustik Pemimpin Redaksi Pacitan Post sebagai kritik terhadap penyelenggaraan konser Dewa 19 di Jakarta International Stadium yang sarat intrik Politik yang berlebihan...









Senin, 06 Februari 2023

MASJID AL IKLAS SAMBONG DIBOBOL MALING,KOTAK AMAL AMBLAS..

MASJID AL IKLAS SAMBONG DIBOBOL MALING,KOTAK AMAL AMBLAS..


Pacitan Post,07.02.023.
Masjid Al Iklas dusun Sengon Desa sambong mambengi dibobol maling , diperkirakne maling mlebu mejid sekirar jam loro bengi .

Miturut warga sekitar , jamaah subuh arep nyang mejid , curiga kok mejid peteng ndedet kabeh lampu mati , bareng diuripne kotak amal sing wis pirang pirang sasi ora dibuka , ternyata lenyap digondol maling.

Merga pirang pirang sasi ora dibuka , diperkirakne isine nganti jutaan, iki wis telu mas kotak amal majid dibobol maling, mbuh piye kok takmir ora waspada bola bali kotak amale ilang , jare warga sing ora gelem disebut jenenge..

Sementara kasus kotak amal masjid sengon ilang ,iki dina wis dilaporne Polisi, muga muga gek kecekel , klebu digaan cucuk lakune maling ...nek enek , are Joki warga Sambong, sing gregeten merga kotak amale bola bali ilang..
Perlu dimangerteni , maling kotak amal ana Pacitan  sakjane mumbruk ( okeh) , bola bali masjid utawa mushala kerep kotak amale ilang.

Sing heran , maling kotak amal koyo wis spesialis , kotak amal dirante iso bobol, kotak amal dideleh koco yo diiris kocone , sayang bola bali kelangan, takmir ora kapok kapok ndeleh kotak amal sembarangan..
Polisi menghimbau , nek iso kotak amal dijupuk saben jumat , ben aman..(gustik)









URUNG TERSANGKA KUSNADI MUNDUR..PERLU DICONTOH..?

URUNG TERSANGKA KUSNADI MUNDUR..PERLU DICONTOH..?

     Kusnadi Ketua DPRD Jatim mundur.

Pacitan 07.02.023.
Sikap gentleman Ketua DPD PDIP Jawa Timur perlu diacungi jempul , urung karuan dadi tersangka dugaan Korupsi dana Hibah  sing iki dina njerat Sahat Tua Simanjuntak, Kusnadi Pilih mundur.

Kepastian mundure Kusnadi disampekne Djarot Saiful Hidayat ( ketua DPP ) PDIPerjuangan  pirang dino kepungkur, mantan Wakil Gubernur Jakarta era Ahok iki omong , yen Kusnadi , diganti pak Said Abdullah sebagai PLT.

Biasane pejabat nek korupsi  masiha wis dadi tersangka / urung ana putusan pengadilan (inkrah) urung gelem mundur, isih nompo gaji lan isih njabat masia difinitif.

Kusnadi nganti seprene urung dadi tersangka , lagi sebatas saksi , tapi alesan Kusnadi mundur pengin fokus ngadepi proses hukum sing iki dina nyangkut kabeh unsur pimpinan DPRD Jatim, gara gara  Sahat Tua Simanjuntak kecekel KPK lan ditahan.

Eko setyo Ranu Ketua DPC PDIPerjuangan Pacitan melu prihatin pimpinane mundur saka Ketua DPD PDIP Jawa timur, padahal pak Kus urung karuan katut perkara, lagi sebatas saksi lan ora ditahan.

Ananging sebagai atasan , Eko ndongak ake muga muga pak Kusnadi tetep sabar lan bebas dari segala prasangka , muga muga cuma tetep dadi saksi wae mas, jare Eko sing uga Wakil Ketua DPRD Pacitan 

Perlu dimangerteni Ketua DPD PDIP Jawa Timur  katut keseret seret perkara dana Hibah sing njerat Wakil Ketua DPRD Jawa Timur Sahat Tua Simanjuntak , gara gara Sahat , kabeh ruangan utama kantor pejabat Propinsi jawa Timur diperiksa.

Klebu Ruangan Gubernur Kofifah , ruangan wagub Emil Dardak , Selwilda Jatim , Ketua Bapeda Jatim lan ruangan kabeh Wakil DPRD Jatim.

Mundure Kusnadi akeh wong sing salut , tapi akeh uga sing menilai, mundure Kusnadi wajar , merga diperkirakne Tokoh sederhana iku bakal uga kesampluk perkara dana Hibah sing iki lagi ditangani KPK...GUSTIIK..



Jumat, 03 Februari 2023

HPN : WARTAWAN SAIKI KOYO KOKOK BELUK..?

HPN : WARTAWAN SAIKI KOYO KOKOK BELUK..?

Pacitan Ppos. (Edisi Khusus Hari Pers Nasional 2023)

Kokok Beluk ( burung hantu) , yo kui jenis manuk sing  dianggep angker  , jaman ndisik  yen kokok beluk muni tengah wengi , wong sing krungu mesti wedi campur ndredeg.

Wong ndesa  pada wedi  , merga wis dadi ila ila (seolah kode)  yen kokok beluk muni tengah wengi  bakal enek lelayu.
Mulo saking angkere kokok beluk,  djenengke burung Hantu.

Nek didelok saka ujud'e ,  manuk kokok beluk pancen ora pati medeni , ananging gandeng unine kokok beluk dadi tetenger anane musibah , kabeh uwong rata rata ora wani ngingu, kecuali wong ndableg.

Hubungane karo Wartawan.
Sakjane antara Wartawan Karo Kokok Beluk ora enek hubungan langsung , ananging yen didelok saka cara kerja wartawan sing penuh ( rahasia beresiko ) isa uga ( ila-ila)  antara kokok beluk  karo Wartawan meh pada.

Kocap enek wong korupsi , wong selingkuh , wong nyolong lan ulah elek liyane , ibarat wong liyo urung ngerti, biasane wartawan wis ngerti disik, kecuali wartawan ethok ethok..

Intine  Wartawan klebu kelompok sing diwedeni , sing disingkrihi lan klebu kelompok sing dibenci. Dibenci merga ngonangi wong maling , ngonangi wong duwe bojo akeh , ngonangi wong korupsi lan tingkah laku elek liyane.

Ora enek critane wong seneng ngingu wartawan, ora enek critane wong seneng kekancan  karo wartawan lan ora enek critane wong ora wedi kekancan karo wartawan , sebab nek wartawan wis gelem muni pedes ,, Pertanda,, Musibah kanggone wong kang cidro.

Wong seneng ngingu wartawan, seneng kekancan karo wartawan, muk enek   loro jenise , yo kui siji wong kang resik lan siji penegak hukum. 

Wong resik kendel cedak wartawan merga rumangsa ora duwe salah. Ananging yen Penegak hukum ..! merga pingin bocoran kesalahane wong liyo..ibarat ilmu intelejen Wartawan sisik melik'e Penegak hukum.

Mbuh merga wedi , gething  utawa piye , saben saben Peringatan Hari Pers Nasional , Wartawan mesti kesulitan koordinasi karo sopo wae..!

Mungkin kesulitan koordinasi, merga Wartawan seprene ora duwe omah utawa susuh , persis koyo kokok beluk sing ora ngerti omah lan susuhe...

Opo klakon wartawan kudu muni koyo manuk kokok beluk , sebagai tanda lelayon wong kang  nuli slintat slintut..,slintat slintut duite rakyat utawa slintutan marang bojone dewe ...

Ditulis oleh Gustik pemimpin Redaksi Pacitan Pos dan Kabiro Pacitan Jatim Hari ini sebagai bentuk keprihatinan sebagai insan Pers yang kadang tidak diperlakukan sebai orang yang berjuang  mati matian memberikan edukasi dan informasi kepada masyarakat luas..panas ,hujan , siang dan malam , Wartawan mendahului mencari informasi  yang seimbang untuk kepentingan masyarakat banyak ..














Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done