Guru isa menyling Kabeh ngadepi murid jaman Saiki yen Ra Sabar tenan. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Jumat, 19 September 2025

Guru isa menyling Kabeh ngadepi murid jaman Saiki yen Ra Sabar tenan.


Pacitan Post .19.09.025.
Yen omong soal  guru lan cah sekolah ,  Ojo mbandingke' jaman ndisik Karo jaman Saiki ,  kondisine' beda adoh banget  ( ibarat panganan ) antara singkong lan keju.

Murid jaman ndisik yen ketemu guru , kompak pada hormat ndungkluk Kabeh , ananging yen jaman Saiki boro boro gelem ndungkluk , kadang kadang yen ketemu guru malah pada mbejek ,  I love you.. Bu  ...pak ..!  Ambi cengengesan..

Opo meneh yen soal ngadepi wali murid , Ojo sekali kali mbok padakne Wali Murid jaman Saiki - Karo wali murid jaman ndisik .... he ..he...bedane' adoh banget....brow...( jaman Saiki ) yen ora ngati ati  guru  babar blas ora enek ajine)

Wali murid jaman ndisik , masiha ora enek Paguyuban Wali Murid /  ora enek  Forum Wali Murid Klas,ananging kabeh Wali Murid jaman ndisik ( Full ) percaya Guru lan Pihak sekolah, 
Mula Wali Murid jaman ndisik, ora enek critane Wali Murid wani  Nglaporne  Guru / Wali Kelas / Kepala Sekolah  menyang Kantor Polisi 

 TAPI KOCAPO !  
yen Wali Murid jaman Saiki ..sak muni - munine' murid pasti dipercaya , anakku itu jujur...anakku itu pendiam..anakku itu ndak mungkin nyuri.

Pokoknya seolah olah , Forum Wali Murid iku kadang  luwih ngerti kondisi siswa ana njero kelas , ketimbang wali kelase' Utawa guru  gurune' sing saben dina ngajar lan nyipati.

Contoh konkrit  ! !ana Kasus   Ndaru  ( guru) sing  menurut kabar  guru sing paling disenengi murid muride' ,  yo kui murid   Sekolah Menengah Pertama Negeri ( SMPN  I ) Pacitan sing Saiki lagi Viral .

Tapi sayang ! Viral sing disandang Ndaru saiki klebu  Viral   sing ora jelas , bahkan Isa Isa (Hoax)  , sebab urung mesti  (materi ) kasuse' pada kasunyatan , opo meneh sumber perkarane ' aduan murid..

Ngadepi Kasus Iki , Sikap Dinas Pendidikan WIS bener lan tepat , Ndaru kanggo sementara Ditugaske ana Sekolah Liya , sembari nunggu pemeriksaan lanjutan / kesimpulan  lanjutan pihak Inspektorat lan aparat hukum liyane .

Tapi !
Sekjen  LSM Bhineka Bangsa Pacitan  Ferry Ardiansyah  , berpendapat  bahwa pemindahan sementara guru Ndaru ijik Ning lingkungan sekolah justru ora tepat ,   yen Isa Ojo Ning lingkungan sekolah,tapi ana lingkungan dinas .
 sebab ! yen ijik ana Lingkungan Sekolah PASTI ORA nyaman kanggo Kabeh .
 Daru Yo mumet ,lingkungan sekolah anyar Yo mumet , yen Isa mbok dipindah sementara menyang dinas Liya , imbuh  Ferry yakin.

Sedang  Kasek SMPN I Pacitan ( Catur ) sing kurang setahun pensiun ngaku ( Shok) persoalan guru Daru sing lagi Viral , saking (grogine)  ngadepi masalah sing cukup peka PAK  KASEK CATUR  nganti Ke dusur untune nganti sowal.

Kasek Catur omong , aku urung percaya mas , yen pak Ndaru nglakoni koyo sing diomongke publik , pak Daru iku performane'  pancen ngono kui , murid murid Kabeh diakrabi ,srana tujuan  ngepek atine siswa .

Sedang Pelajaran saka kasus Daru , pancen akeh sing Isa  dipetik , guru guru Saiki kudu luwih sabar lan luwih ati ati , AREP murid jungkle jempalik guru  kudu sabar , arep  murid centil menyang gurune  Yo kudu ati ati .

Masiha ibarate'  murid wis kendel colak colek guru , yen Isa  guru kudu tahan iman lan imune' , misale ' guru ujug ujug ditantang duel muride pun Yo kudu sabar. 

Podo ngertio  Yo ru guru ! Jaman Saiki Pembelaan guru iku langka......guru wis ora enek regane .......

Ditulis oleh Sutikno Pimpinan Redaksi Pacitan Post sebagai edukasi kesemua pihak , Yo Wali Murid ,Yo Para Guru Yo Siswa....yen ngadepi masalah kudu jembar atine...!  Ojo muk sekedar Viral...


























Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done