JUDOL Pencetak MPK : Maling .Pegatan & KDRT . - PACITANPOST
News Update
Loading...

Senin, 24 Agustus 2026

JUDOL Pencetak MPK : Maling .Pegatan & KDRT .


Pacitan Post .Agustus 2026.
Wong sing sekarat ekonomi akibat Judol  ana Pacitan, mungkin yen kon baris dawane' , iso iso  saka Alun Alun Pacitan nganti teka Teluk Pacitan .

Bahkan saking okehe' wong kedanan Judol , Wong Pegatan  ana pengadilan agama pacitan melonjak tajam , salah sijine' akibat wong lanang kedanan Judol , ekonomi morat marit ,wong wedok ora tahan.

Semana uga peristiwa KDRT , rumah tangga awale' ayem tentrem , bojo pegawai negeri , ujug ujug  enek wong wedok njerit njerit , mlayu metu omah srana  sirah godras getih , bareng ditakoni tonggo teparo , jebul penyebab'e bojone ngrayu njaluk ngedol kalung , muk arep dienggo judol..

Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro konfrensi Pers terkait penangkapan maling emas yang salah satu penyebabnya kang maling suka judol.

Rong dina kepungkur , Kapolres Pacitan Ayub Diponegoro ngenekne Jumpa Pers ana ngarepe puluhan Wartawan ,  Jajaran Polres Pacitan berhasil membekuk  Maling asal Kebonagung sing bar nyolong emas ana daerah Kalikuning Kecamatan Tulakan Pacitan.

Jare Kapolres , Maling sing jenenge' (SRW) wis ping papat ( 4) nyolang nyolong ana tanggane' tapi ora pernah konangan lan ora pernah ketangkep.

Ananging   akhir wulan Juli wingi , Sang Maling ketiban Apese' , saat nyolong ono omahe bu Meisirah Warga Desa Kali Kuning Tulakan., masiha sempat gawa emas 85 gram lan puluhan juta rupiah duit Cash, sang maling akhire ketangkep.

Lewat kerja keras Polres Pacitan , Sang maling asal Kebonagung Pacitan iso  dicekel , berkat CCTV toko emas  ana Wonogiri Jawa Tengah , rupanya sang maling bar ngedol emase' hasil curian  ana sebuah  toko  emas ( Batu- Wonogiri) Jawa Tengah.

Bareng ditlesih tlesih Polisi ,, ternyata ,, ( SRW)  terpaksa maling merga kedanan Judi On Line / Judol  sing wis matahun tahun suwene' ..****

Redaktur.    : Gustik
Reporter.    : Ratna.





Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done