PACITANPOST
News Update
Loading...

Rabu, 15 Februari 2023

LISTRIK..Byar- Pet..! .merga godong  -godongan- ibarat wayang Cakil..urip mati ..urip mati..

LISTRIK..Byar- Pet..! .merga godong -godongan- ibarat wayang Cakil..urip mati ..urip mati..


Pacitan Post 15.02.023.
Tokoh Cakil , nek muni ora jelas , kejaba gagap  uga bekukak-bekukuk - grogi koyo wong bar ketangkep.

Podo  karo PLN Pacitan  , bola bali listrik  mati sing digawe alesan mesti faktor cuaca , kadang  godong godongan utawa wit witan sing nyenggol kabel listrik.

Janji diprotes warga, merga bola bali mati listrik,  alesane gangguan alam , mati urip mati urip.
Persis koyo lakon Buto Cakil , mati urip - mati urip , jare Temon warga Punung.

Padahal alesan PLN setahun kepungkur, dudu soal wit witan, tapi suplay saka PLTU Piton sing dibatesi , terlepas  wektu kui Pejabat PLTU Sudimoro pas nglindur po piye , tapi sing jelas muni ngono, saat acara  kunjungan  DPRD Pacitan ( komisi 4)  sing diliput Media.

Sing Repot..! 
Kepala PLN ULP Pacitan Nuzulul Ramadhan ,  panggah nganggo alesan ,  gangguan alam,  arupo godong godongan lan wit witan  sing nyenggol kabel listrik , pungkas  Nuzulul Ramadhan ana siaran pers, menyang salah sijining media.

Anggota komisi 4 Rudi Hartoyo , sing bola bali disambati masyarakat terkait listrik mati , ora iso berkutik .
Rudi cuma omong , PLN iku Perusahaan pinter pintere dewe , nek warga telat bayar age age diputus , tapi yen mati lampu PLN ora ngitung rugine wong usaha.

Entuk pesenan Roti listrik mati , pas Hajatan listrik mati , pas  rapat / seminar listrik mati , ngono kui opo PLN mikir rugina masyarakat.
Pejabat PLN kudune isin, merga PLN sing biayai Masyarakat , jare Rudi gedeg.

Perlu dimangerteni , wilayah wilayah koyo Kecamatan Bandar , Nawangan , Punung lan liyo liyane sering mati lampu , meh telung dino pisan persasat listrik mati.

Sri Sutarmi Bidan Desa asal Kecamatan Bandar , mbenerake yen kecamatan Bandar sering mati lampu , aku wis bola bali protes karo pak Camat, tapi nganti seprene yo nyatane listrik ijik byar pet..( gustik)


















Senin, 13 Februari 2023

SOPO WANI MENEK GUNUNG JOGO JAGAT...OMAHE..NY RORO KIDUL..?

SOPO WANI MENEK GUNUNG JOGO JAGAT...OMAHE..NY RORO KIDUL..?


Pacitan Ppos..14.02.023.
Mbuh piye' critane , ora enek udan ora enek panas, ujug ujug Badan Informasi Geospasial ( BIG) nemokne Gunung ngisor laut ,  sing jare ' duwure'  rong kilo luwih.

Mbuh awu awu - opo tenanan Informasi iku , sing jelas masyarakat Pacitan ora pati gagas.
 Merga opo..? merga Pacitan saking kulinane diinformasikan  barang barang sing ora katon , nek ora ombak  gede sing duwure' 28 meter , lindu gede' lan informasi sesat liyane.

Biasane sing tukang menehi info, Pejabat saka Pusat , masiha ujung ujunge'  ,,bus,, ora kasunyatan  .
Contone'
Setahun Kepungkur , Jare arep enek ombak sing duwure 28 Meter , yo..bus ..nggedabus..alhamdulillah ora enek.

Iki dina yo ngono , Bupati ujug ujug  njenengke gunung ngisor laut sing jarene' ombone 10 km , duwure rong kilo luwih lan adohe saka Pacitan  200 Km ( arah kidul kulon).
     Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji.

Sing aneh, Gunung sing ora iso didelok moto iku menyang Bupati dijenengke Gunung  ,, Jaga Jagad ,,
Jare Bupati ' ,, Artine ,, mengandung  doa ,  ben gununge  ora mbledok ,  menungsa ben slamet kabeh.

Jare Warseno , Iki Bupati koyo koyo ora lepas karo istilah jagad , urung suwe ale heboh Ruwat Jagat -  iki dibaleni maneh jenengke  gunung  ,, Jaga Jagad ,,

Lembaga Swadaya Masyarakat Bhineka Bangsa Pacitan ( Fery) , omong  kabeh informasi saka endi wae , ojo ditelan mentah mentah lan ojo gupuh, mesakne masyarakat Pacitan , sing bola bali kanggo obyek informasi  ,, zong,,.

Terkait penemuan Gunung bawah laut ana Pacitan , mbuh kui awu awu opo ora , mestine ora tepat nek diarani lokasine Pacitan.

Dinalar wae , saka Pacitan Gunung Jaga Jagat jare adohe jik sekitar 200 KM arah barat daya Pacitan . 
Lha nek ngono tenan, opo radius 200 km iku ijik mlebu Pacitan.

Padahal kabeh masyarakat Pacitan wis ngerti ,  jarak antara  Pacitan- Wonogiri muk puluhan kilo meter.
Jarak antara Pacitan-gunung Kidul yo muk puluhan kilo meter.

Sing meh tepat mungkin , keberadaan Gunung ngisor laut sing dijenengke bupati Pacitan  ,,Jogo Jagad ,,  iku mungkin daerah Cilacap utawa Pangandaran  Jawa Barat.

Sing dadi pitakonan Warga , opo bener BIG  ngibul..? Opo bener Bupati salah tanggap.
Misale  karepe BIG ! gunung kui enek tenan,  tapi meliputi daerah Pacitan dan sekitare, klebu jogja, kulon progo bahkan klebu daerah Pangandaran Jawa Barat.

Jare Flangker Desco  wisatawan luar negeri  omong , wong Indonesia iku suka heboh , opo ora weruh nek sak ndonyo gunung bawah laut iku jumlahe  atusan ewon..bahkan jutaan , rata rata ora aktif, ojo didramatisirlah .

 Seumpomo onok,  sopo sing kate arep menek gunung ning njero laut ..?..hi ojo mrono kui omahe Ratu Kidul Nyi Roro Kidul lan Nyi Blorong , jare Flangker guyon.
( Gustik)























DIDUGA NGAPUSI HAKIM-PUTRI DIVONIS 20 TAHUN.

DIDUGA NGAPUSI HAKIM-PUTRI DIVONIS 20 TAHUN.


Nasional Pacitan Post 13.02.023.
Saka awal , pancen masyarakat wis curiga , yen Bojone Ferdy Sambo ( Putri Chandrawati )  apus apus , seolah putri diperkosa Yoshua ( Nofriansyah Yoshua Hutabarat).

Padahal kabeh kui maeng , muk akal bulus Putri Chandrawati merga lara ati menyang Yoshua . Dugaan lara atine Putri Chandrawati ,  mengarah trisno  menyang Yoshua , tapi sering  ditolak.

Merga saka awal kasus pembunuhan Brigader Yoshua muk akal akalan Putri Chandrawati , lan nglibatke akeh  personnel Kepolisian sing kenek sangsi , akhire Hakim memvonis Putri Chandrawati 20 tahun penjara.

Vonis 20 tahun penjara saka  Pengadilan Negeri Jakarta selatan , ternyata luwih duwur saka tuntutan jaksa sing muk dituntut  8 tahun penjara .

Sak bubare Palu diketok Hakim , Putri Chandrawati langsung lemes gemes , ekpresi stres ketok nemen banget.
Kuasa Hukum  Putri Febri Diansyah,  ngakoni yen bu Putri sedih mikirke anak anak'e.

Mantan juru Bicara KPK iku uga omong, yen arep banding ana Pengadilan Tinggi jakarta , merga Vonis terdakwa dinilai terlalu berat , kejaba saka iku Hakim dinilai ora ngedepanke  kondisi anak anak Putri sing ijik enek Balita.

Menurut pengamat Hukum pidana Bambang Kusworo , Vonis Hakim Putri Chandrawati kudune minimal  pada karo Ferdy Sambo , merga awale sing gawe masalah iku Bojone Sambo dewe.

Gara gara soal putri  lara ati , kabeh tekondisikan terlibat , luwih saka 30 personnel Kepolisian dihukum , enek sing dipecat , dibuen , diturunke pangkat lan ukuman disiplin liyane.

Perlu dimangerteni , awal perkara iki meledak , Yoshua Hutabarat  ditembak Richar Elizer ajudan Ferdy Sambo atas perintah Ferdi Sambo merga Korban ( Yoshua) memperkosa bojone Sambo.

Tapi Hakim ora percoyo , merga ora ono bukti material sing iso kanggo rujukan Hukum yen putri diperkosa, koyo to visum dokter ora enek, padahal iku syarat mutlak sebuah kasus pelecehan seksusl..( gustik)



SAMBO CALON MATI DIBEDIL...?

SAMBO CALON MATI DIBEDIL...?


Nasional 13.02.023.
Akhirnya Pengadilan Negeri Jakarta Selatan hari ini Senen ( 13/02) menehi putusan Hukuman ,, Mati ,, menyang Ferdy Sambo.

Mantan Kadiv Propam Polri iku , didakwa  mateni Ajudannya Yoshua telung sasi kepungkur.
Seumpama vonis Ferdy sambo nganti ( inkrah)   tata cara Ukuman Mati terdakwa biasane  ditaleni tangane , diserem mripate  lan uga dicencang karo tiang ...siap. ..terus ..dooor...dooor dibedil...nganti mati.

Ukuman Mati Ferdy Sambo luwih berat saka dakwaan Jaksa sing menuntut ukuman penjara seumur hidup , tapi Justru Hakim PN Jaksel sing kompak memperberat dadi ukuman mati.

Suasana Sidang ana PN Jaksel rame banget utamane saka keluarga Yoshua , ketok saka kadohan Ibune Joshua nangis histeris merga saking senenge sesuai harapan keluarga .

Keluarga Yoshua ,kejaba didampingi pengacarane , Komarudin Simanjuntak uga didampingi Irma Hutabarat  dkk Aktivis Perempuan.

Miturut Pengamat hukum Teguh Raharjo, kanggo sementara  keluarga oleh lega, sebab proses hukum Ferdi Sambo dkk ijik adoh lan ijik suwe , ijik enek Banding , ijik enek Kasasi lan ijik enek PK.

Teguh Raharjo , salut karo hakim hakim Pengadilan Negeri Jakarta selatan , merga isih menehi tulada marang penegak hukum liyane , keadilan kudu ditegakne,masiho jaksa awale nuntut muk hukuman seumur hidup...( Dilansir saka persidangan langsung  melalui siaran Televisi  an Terdakwa Ferdy , sambo saka PN Jakarta Selatan)



Minggu, 12 Februari 2023

Bantah BUPATI Ngonkon Wong 300,  ndelok LAVANI ning jogja.

Bantah BUPATI Ngonkon Wong 300, ndelok LAVANI ning jogja.

Pacitan.13.02.023.
Kabeh sing berbau SBY mesti dadi perhatian masyarakat Pacitan, mulai saka Pilpres , Pilkada , lukisan ,musik nganti teka Bola Volly.

Khusus Bola Volly , Tim bentukan SBY sing dijenengke LAVANI  ,, ndlalah kersane  gusti Allah ,, begitu muncul langsung dadi juara Nasional  Proliga tahun 2022.

Proliga tahun 2023  sing iki dina mubeng digelar ana berbagai kota, mulai tanggal  17 Pebruari 2023  Jogjakarta kebagian jatah dadi tuan  rumah  lanjutan putaran Proliga 2023 .

Krungu lanjutan Proliga digelar ning Jogja , warga pacitan ( khususe Fans Lavani) bakal gembrudug menyang jogja , informasi terakhir,  enek sekitar wong 300 sing arep budal jogja.

Maklum  jarak antara Jogja pacitan ora pati adoh, kurang luwih 110 km , iso ditempuh nganggo kendaraan roda 2 atau empat kiro kiro muk 2 jam.

Terkait isu isu Pemkab Pacitan ngordinir ndelok Volly nang Jogja tanggal 18 sebagai Suporter Lavani , nganti berita iki ditulis urung enek info sing Valid , ijik lagi kabar manuk.

Bambang Mahendra selaku Dinas kominfo Pacitan ,  bantah  Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji mrintahne nonton Volli ning Jogja sebagai suporter Lavani , nek pak Bupati Nonton Volly mungkin bener, merga Lavani ora iso lepas keluarga pak SBY , tambah Mahendra.

Terlepas Suporter Lavani asal pacitan dikoordinir utawa ora, kangone wong Pacitan ora masalah , wis monggo dikoordinir apik , mandiri yo apik, sing penting Lavani Juara , ben jeneng Pacitan melu moncer, jare Silvia sing arep ndelok ambi ngubeng ubengne anak'e.

Perlu dimangerteni , jeneng Lavani Volly Ball Club , ora lepas  saka saking Trisnane pak SBY marang almarhum Bu Ani yudhoyono sing wis dampingi pak SBY pirang pirang puluh tahun, mulai saka pak SBY ijik pangkat Letnan Dua nganti Jendral lan Presiden...( Gustik)




Jumat, 10 Februari 2023

  NJALUK Identitas TUHAN DIREVISI - Dudu Lanang - dudu Wedok...!

NJALUK Identitas TUHAN DIREVISI - Dudu Lanang - dudu Wedok...!


Internasional Pacitan Post.
Diarani aneh tapi fakta , kelompol jemaat kristen liberal  inggris, tanggal 07 Pebruari wingi ,  njaluk marang pimpinan gereja Inggris ,, Merevisi identitas Tuhan,, dudu lanang dudu wedok.
Alesane ' selama iki gender Tuhan diidentifikasi lanang  ,,  salah membaca Teologis ,,  

Prinsipe ! umat kristen liberal  Inggris ,,   ,,  kabeh pada njaluk  ana Sidang Sinode Umum ( Badan pembuat Undang Undang Gereja ) Tuhan kudu Netral , ora entuk lanang - ora entuk wedok.
Pendeta Yoana Stobart utusan Gereja saka Wales Inggris.

Miturut  media Telegraf , Pendeta Yoana Stobart saka Gereja  Bath & Wales pingin bahasa kebaktian kanggo nyebut Tuhan dalam doa bebas lan  akeh pilihan,, terserah ,,  sing penting tata cara doa  ,,bahasanya,,   ora entuk  nyebut Tuhan iku  lanang /  yesus iku lanang , jare pendeta Wedok kontroversial saka Wales.

Nanggepi Pendeta Wedok Yoanna , Wakil Uskup Litchffield  arep mendiskusikan marang komisi liturgi sing duwe wewenang ngatur tata cara penyebutan Tuhan dalam doa kebaktian sing mengarah Netral , Tuhan ora lanang ora wedok.

Wakil Uskup Litchfield  wanti wanti marang kelompok Liberal pimpinan Pendeta Joanna, sekalipun usulan misale ditampa menyang Komisi Iman lan ketertiban ,  komisi Liturgi biasane mbutuhke wektu suwe, sebab kudu entuk  persetujuan bulat Sinode , ujar Litchfield.

Perlu dimangerteni, terlepas usulan kelompok Liberal Tuhan ora lanang ora Wedok, tapi Gereja Anglikan inggris lan Gereja Katholik Roma , selama iki tetep meng identifikasi  Tuhan  seolah kaya Lanang...( Dilansir saka media Telegraf  ) .









SEMAPUT ! YOLLA YULIANA DIPLAYOKNE IGD KONDISINE....

SEMAPUT ! YOLLA YULIANA DIPLAYOKNE IGD KONDISINE....


Pacitan Ppos.10.02.023.
Pemain Volly Cantik Proliga 23 Yolla Yuliana,  glempang semaput saat pertandingan antara Pertamina Festron Vs Bandung BJB Tandamata.

Diduga randa ayu , sing doyan gonta ganti Pacar iku semaput  pas  lagi main awak'e ora prima , merga tanggung jawab sebagai pemain profesional Yolla  tetep main , akibate awak'e ora kuat lemes Glempang semaput.

Ngerti Yolla glempang , buru buru  mantan bojone Akbar Kaesar iku digawa nyang rumah sakit sing cedak saka GOR Ken Arok Malang Jawa Timur.

Yolla Yuliana semaput digawa nyang IGD Rumah Sakit Malang.

Miturut Pelatih Pertamina  Fastron Edi Waluyo, kondisi Yolla Yuliana ijik dirawat , urung iso dipastikan kapan iso bali saka rumah sakit utawa main neruske even/ kompetisi  Proliga 2023.

Diduga , faktor jadwal ketat lan  pindah pindah ,, dadi penyebab ,,  kondisi pemain kabeh meh ora fit, surabaya panas pindah malang udara adem , sesuk aku arep usul kudu enek jeda, tambah Eko pelatih Pertamina Fastron.
.

Masiho Randa Ayu Yolla Yuliana ora main, club sing dibela Yolla Pertamina Fastron menang 3: 1 lawan Bandung BJB Tandamata.

Kondisi Yolla update.
Terakhir.kondisi Yolla wis digawa mulih , saiki wis santai ning kamar , Yolla ditakoni awake lemes merga datang bulan (menstruasi), aku semaput merga lemes bebarengan nabrak papan iklan pinggir lapangan, jare Pacar Vincent kosasih iki

Lavani menang mutlak.
Sementara Klub Volly Lanang kebanggaan masyarakat Pacitan  Jakarta Lavani menang telak 3 : 0 VS jakarta STIN BIN.
Kemenangan Lavani disesekne langsung Presiden RI ke 6 SBY.

Club Volli Lavani besutan SBY , diperkirakne  bakal Juara  Proliga tahun 2023 .
Lawan berat Lavani ora enek meneh kecuali Surabaya Bayangkara Bin Samator..( gustik)




Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done