PACITANPOST
News Update
Loading...

Selasa, 21 Februari 2023

LHKPI KIRIM SURAT TITO , NJALUK BUPATI NGANJUK DI LANTIK.

LHKPI KIRIM SURAT TITO , NJALUK BUPATI NGANJUK DI LANTIK.


Nganjuk Pacitan Post.
Telung tahun nyandang Plt.Bupati Nganjuk, Marhaen Djumadi pilih meneng pasrah nompo kodrating titah Jakarta.

Ananging Lembaga Kajian Hukum Perburuhan Indonesia ( LKHPI ) ora trima nasib Marhaen digantung Jakarta nganti 3 tahun suwene'.

Direktur LKHPI DR Wahyu Prijo Djatmiko.SH.M.Hum.MSc omong , Nasib Marhaen ora wajar , biasane' Plt muk sedilit, paling suwe Setahun Marhaen kudu wis diangkat dadi Bupati Nganjuk.

DR. Drs Marhaen Djumadi Plt Bupati Kabupaten Nganjuk.

Merga dianggep ora wajar , LHPKI bakal kirim layang menyang Menteri Dalam Negeri Tito Karnafian.
 Inti surat , njaluk Marhaen gek ndang  diangkat dadi Bupati, alesane Marhaen ora iso njupuk kewenangan sing strategis , jare Wahyu.

Ping pindo  , Wahyu curiga nuansa politik'e terlalu ketok, Marhaen di gantung Jakarta seolah  ben ojo muncul Tokoh liyo sing pingin dadi Wakil Bupati Nganjuk , sebab Partai asal Marhaen ora pingin tokoh liyo luwih moncer tinimbang Marhaen, target pemilu serentak tahun 2024.

Priyo nambah ake , kudune Jakarta yen duwe pemikiran koyo ngono kurang tepat, merga masyarakat Ngajuk sing diperlokne pembangunan lancar ora terhambat sebuah Kewenangan , tegas Wahyu.

Perlu dimangerteni, Marhaen Djumadi selama iki ora iso njupuk kewenangan strategis  merga status'e muk Plt Bupati, sementara Bupati Nganjuk Novi ijik dipenjara merga terlibat Korupsi.

Wahyu di takoni wartawan Ppos, piro peluange  kirim Surat menyang Mendagri.?
Wahyu optimis surate bakal berbalas, lan berbuah manis, aku yakin banget surat sing tak kirim nyang Kemendagri bakal direspon pak Tito., Tegas Wahyu optimis. ( Dan/tik)









Minggu, 19 Februari 2023

LANGKA :  WISATAWAN LUAR KOTA..GELAR ACARA DEWE..HUT PACITAN.

LANGKA : WISATAWAN LUAR KOTA..GELAR ACARA DEWE..HUT PACITAN.


Pacitan Ppos.20.02.023.
Mungkin sepanjang sejarah , urung enek wisatawan luar kota gawe acara dewe mangayu bagya Kota Pacitan ke 278.

Aksi wisatawan eks Pegawai Pertamina, saka Malang, Surabaya.Cimahi Bandung Barat, Jogja , Semarang lan Malang iku , patut diapresiasi.

Rombongan sing dipandu Nunuk Suprapti sebagai tuan rumah , pancen duwe niat arep wisata menyang Pacitan , sing keindahan alame' terkenal apik apik.

Rombongan muter menyang, Pantai Klayar.Watu Karung.Kasab.Sungai Maron, Goa Gong , Selo arum.Pancer Door.Ngiroboyo , Tugu Tumpak Rinjing.Goa Tabuhan , Musium Song Terus.

Sing unik, saking terkesane karo obyek wisata Pacitan Rombongan Wisatawan luar kota iku , ngenekne yel yel / selebrasi Hari Jadi Pacitan ke 278.

Ditekoni Wartawan , ngopo kok melu selebrasi /yel yel Hari Jadi Pacitan , wisatawan eks Pertamina iku omong,  alesane bersyukur karo gusti Allah enek kota cilik tapi panoramane indah kabeh.

masiho rata rata umure wis 65 tahun wisatawan eks Pertamina ijik wani munggah menara Raja Ampat Kasab Pacitan.

Miturut Ir.H.Suseno saka Semarang, kanggo tombo trisno  kota Pacitan , engko bengi konco konco arep ngrumpi, nyanyi nyanyi memeriahkan hari jadi kota pacitan ke 278 , Sate Pacitan Full mas, ..jare pak Seno ambi guya guyu.

Sementara  saat malam gembira , salah sijining Wisatawan saka Jogja melu urun rembuk soal obyek wisata Pacitan , usule '  ,,  kabeh obyek wisata pacitan apik, cuma dalan menuju obyek wisata isih ciut ciut, pemkab Pacitan kudu segera berbenah , utamane soal dalan lan sarana prasarana liyane, koyo parkir sing jik arupa tanah...

Saat malam terakhir, sing digelar ana salah sijining Resto , Wisatawan Eks Pertamina iku nyangi bareng ,, Rek Ayo Rek- tapi lirik rek ayo rek dirubah Rek Ayo Rek ayo Mlaku mlaku nyang Pacitan , sejeni selebrasi Hut Pacitan.

Gubahan lagu spontan rombongan wisatawan , diapresiasi Bambang Eko Suwarno sing melu nekani mlm gembira hari jadi Pacitan ke 278.
Mantan guru SMA 271 Pacitan, teka ajak konco koncone sejumlah kurang luwih 35 uwong, 

wisatawan Eks Pegawai Pertamina  menehi usul bab Akses Jalan menuju obyek wisata. .dalane ciut banget ..nda.

Yel yel ,selebrasi acara mlm gembira HUT Pacitan  saka pegawai eks pertamina, diapresiasi Kepala Dinas Pariwisata Pacitan Turmudi, matur nuwun sanget kalih konco konco luar kota melu mangayu bagya kota pacitan , atik lg pisan iki aku weruh wisatawan njobo kutha perhatian banget, jare turmudu bangga.

Bupati Pacitan diwakili Kadis Kominfo Mahendrawan , titip salam  saka  Bupati Pacitan Indrata NBA  marang wisatawan eks pegawai Pertamina ,  sing ngenekne acara Selebrasi lan acr mlm gembira hut Pacitan ke 278.

Usulan mengenai , sempit'e dalan menuju obyek lan kurangnya sarana lain, Pemkab Pacitan mohon maaf, usulan ditompo kenti bungah....( Gustik)








Sabtu, 18 Februari 2023

UNTUNG ANA SONG TERUS, NEK ORA.. GOA TABUHAN  MATI SURI.

UNTUNG ANA SONG TERUS, NEK ORA.. GOA TABUHAN MATI SURI.


Pacitan Ppos ,18.02.023.
Pesona Goa Tabuhan Donorojo Pacitan jaman ndisik ngidap idapi , merga urung ditemokne Goa Gong , sing keindahane ngluwihi saka Goa Tabuhan.

Alon alon  , Goa sing lekat karo sejarah perjuangan Pangeran Diponegoro iku , mati suri ora onok pengunjunge, kabeh Wisatawan fokus menyang Goa Gong, Pantai Klayar , Watukarung , Kali Maron lan obyek wisata  liyo liyane.

Wisatawan Eks Pegawai Pertamina bersyukur bisa ke Goa Tabuhan , Goa yang penuh sejarah peperangan P.Diponegoro.

Miturut  Lastri ,  pedagang oleh oleh sing mangkal ana Parkiran Goa Tabuhan omong,  yen pedagang cilik ana sekitar Goa Tabuhan ,wis sekitar 15 tahun mati suri , merga blas saben dino ora enek pengunjung.

Lastri sak konco lagi enek harapan,  bareng Musium Song Terus sing jarak'e muk 30 meter saka Goa Tabuhan dibangun pemerintah pusat , pengunjung Musium sing tergolong lumayan akeh , sok mampir ning Goa Tabuhan masiho muk sekedar tuku sovenir lan liyo liyane.

Pedagang Ronde bungah atine , ditukoni wisatawan eks Pegawai Pertamina sing kekeselan bar mlebu goa Tabuhan.

Krungu Goa Tabuhan Pacitan pirang pirang puluh tahun sepi , Nunuk Suprapti  wisatawan asal Cimahi Bandung kaget, wektu aku SMP obyek Goa Tabuhan iki rame banget , imbuh Nunuk Alumni SMPN I Pacitan tahun 1975.

Sakjane' cara pandang ndelok obyek wisata iku apik opo ora , gumantung sejarah obyek wisata iku dewe , Goa Tabuhan ora iso dipadakne Goa Gong, sebab Goa Tabuhan sejarahe Pertapan  utawa panggon kanggo ndelik..cikal bakal manusia Batu , iku muk kiro kiro lho jare wisatawan koncone Nunuk ambi guya guyu.

Ibu ibu istri Eks Pegawai Pertamina , gumun ndelo keindahan Goa Gong , sedilit sedilit potho...sedilit sedilit potho..

Momen Hari Jadi Pacitan 278 , sing diperingati saben tanggal 19 Pebruari ,  klebu acara sing iso narik wisatawan menyang Pacitan.

Contone Wisatawan Eks  Pegawai Pertamina , omong yen teka Pacitan ora muk sekedar ndelok obyek wisata, tapi uga  arep ngamati budaya lokal Kabupaten Pacitan , uga pingin  weruh kondisi Warga sekitar obyek wisata .

Jare Samuri  ( bojone Nunuk)  omong, aku melu seneng lan bersyukur , saiki kehidupan penduduk Klayar... meh kabeh duwe mobil pribadi, padahal  15 tahun kepungkur , kondisi ekonomi dibawah Standar....( Gustik)









Kamis, 16 Februari 2023

BOLA BALI ENTUK KONTRAKTOR JEMBUK..RUMAH SAKIT DADI KORBAN.

BOLA BALI ENTUK KONTRAKTOR JEMBUK..RUMAH SAKIT DADI KORBAN.


Pacitan Ppos.17.02.023.
Bola bali entuk kontraktor ,, jembuk ,, Rumah Sakit dr Darsono Pacitan dirugikan terus menerus.

Miturut Kepala Rumah Sakit Daerah Pacitan dr Iman Darmawan ,  Pihak Rumah Sakit muk nompo mateng hasil lelang saka  tim lelang Pemda Pacitan , apik elek kontraktore blas aku ora melu ikut campur, tegas dr Iman.

Dlalah saben saben entuk kontraktor mesti bermasalah , kejaba kontraktore luar kota, ternyata kontraktore muk ecek ecek , alias kontraktor ora duwe duit.
Akibate Gedung sing dibangun , ora bar bar bahkan nganti diputus kontrak.

Dr Iman njlentrehne , Gedung 5  kudune PI tanggal 21 Desember 2022 kemajuan fisik muk 35 %.
Gedung 6  kudune P1 tanggal 21 Desember 2022 kemajuan fisik muk 75 %
Merga ora yakin bar , akhire diputus kontrak.

Prihatin ndelok kondisi Proyek ana Pacitan sing dikerjakne Kontraktor Abal Abal, LSM PCW   ( Pacitan Couruption Watch ) njaluk Panitia Lelang / LPSE Pacitan selectif marang peserta lelang,khususe kontraktor luar kota, minimal pantia ngindik rekak jejak'e selama iki.

Panitia kudu sadar' wis ping piro LPSE ale gawe blundur ,  seleksi kontraktor nylili / nakal.
Sing aneh , Mesti Proyek sing nilaine gede, koyoto Proyek Rumah Sakit Daerah Pacitan.

Merga proyek Rumah Sakit mesti bermasalah , secara tidak langsung masyarakat sing dirugikan, merga ora gek iso nganggo fasilitas Rumah Sakit sing anyar.

Senada harapane karo Kepala Rumah Sakit Pacitan dr Iman Darmawan, PCW njaluk  Tim Lelang Selektif , khususe proyek proyek strategis sing dibiayai APBN.

PCW sing dikomandani Redaktur Koran iki, omong!  yen tahun 2023 isih enek proyek bermasalah meneh , kudu di proses Hukum kabeh , mulai saka Tim Lelang ,  Dinas terkait  lan Penyedia Jasa.

PCW uga Prihatn , Dinas Dinas sing biasa Ngelola proyek, kerja sak penak'e dewe , bandrol garapan cilik yo muk nggo konco koncone dewe/ kelompok .
Tapi nek bermasalah , kabeh lepas tangan..( gustik)

PROYEK AKHIR TAHUN URUNG RAMPUNG, LSM ANCAM PENJARAKAN ...

PROYEK AKHIR TAHUN URUNG RAMPUNG, LSM ANCAM PENJARAKAN ...


Regional  Ppos.16.02.023.
Ternyata nganti wulan Pebruari iki, ana berbagai daerah ,  isih enek proyek tahun  anggaran 2022 sing urung rampung.

Rata rata alesane  terkendala cuaca , kontraktor megap megap , merga wis ora dwe duit lan alesan klasik liyane.

Ana Kabupaten Pacitan, proyek tahun 2022 nganti seprene  enek sing urung rampung ,  proyek Gedung RSD Pacitan , proyek sing di garap CV Cipta Inti Manunggal iki  krungu krungu  arep diputus kontrak , merga kontraktor asal Semarang iku nylili lan ora bertanggung Jawab.

Miturut Mamik sing saiki wis pensiun saka  RSD. dr Darsono  Pacitan , melu rumangsa  beban moral , nganti seprene urung rampung, sing jelas kontraktore nakal jare Mamik.

Kejaba wis didampingi APH , Bola bali wis diwenehi Peringatan , Proyek sing menelan biaya kurang luwih 4 M iku ora ana kemajuane.

LSM Lintas Daerah , sesegera mungkin arep mbeber kabeh proyek sing urung rampung ,lan  terkesan  dikerjakne muk go dolanan utawa asal asalan 

Nganti seprene , teridentifikasi ana rong Daerah sing mlebu pembahasan LSM , yo kui  Pembangunan Gedung RSD Pacitan lan Pembangunan  Gedung Fasilitas Pelayanan  Purpustakaan  Dinas Arpus Kabupaten Nganjuk.

               DR. Wahyu Prijo Djatmiko.
Miturut DR.Wahyu Prijo Djatmiko , Proyek senilai 7.5 M luwih iku , nganti wulan Pebruari urung rampung rampung , padahal rencana awal batas penyerahan P1 tanggal 22 Desember tahun 2022,   tegas Wahyu, sing uga duwe profesi pengacara.

Diduga kanggo hindari dana hangus, Pembayaran proyek Gedung Perpus Kabupaten Ngajuk   senilai 7,6 M luwih dibayar lunas menyang CV  Danurwenda masiho proyek lagi 70 %.

Nganti Seprene , masyarakat Kabupaten Nganjuk , isane muk ngudoroso , rasan rasan , tapi  ora wani tekok .
Bersyukur,  lintas LSM wis mulai bergerak ke arah tindakan Hukum.

Direktur Consultan Pengawas CV Progres dihubungi Media  urung sempat menehi Pers Relies , maaf pimpinan taksih wonte luar kota, tegas staff karyawan CV Proges sing ora gelem disebut jenenge.

Sementara Direktur Rumah Sakit Pacitan  dr  Iman Dharmawan uga wengi iki urung iso dihubungi,  Bola bali di telpon media,c Hp ne ..Tulalit...tulalit.

Perlu dimangerteni, Pacitan Couruption Watch lan LSM LSM liyo ana Jatim , iki dina dituntut mbeber proyek proyek sing urung rampung,tapi duit wis dibayarke penuh.

Nganjuk - Pacitan  LSM  bergerak cepat, , gawa setiap Kasus sing ngrugekne masyarakat , muga muga Penegak hukum , ana Pacitan lan Nganjuk  tanggap lan sasmito. Utawa pro aktif..( Gustik)






















Rabu, 15 Februari 2023

HAJAPA : SEMANGAT LOROK LAYAK DITIRU..KANCLEP BANYU TETEP NARI..

HAJAPA : SEMANGAT LOROK LAYAK DITIRU..KANCLEP BANYU TETEP NARI..


Pacitan post.16.02.023.
Moment Ulang Tahun Kota Pacitan  278  , wis ketok semarak ning ndi ndi nggon, klebu perayaan sing ana Kecamatan Ngadirojo.

Miturut Hariawan ST , sing uga anggota DPRD Pacitan iku omong, Panitia Hari Jadi Kota Pacitan Kecamatan Ngadirojo tetep semangat , penari penari Lorok  ora wedi masuk angin , masiho ale nari ning njero banyu merga banjir.

Wong wong Ngadirojo iku antusias nek dijak  acara acara sing sifate usung tema Tradisional, koyo tari tarin , Wayangan lan drama drama kolosal , jare Hariawan singkat.

Semangat Pantia Ngadirojo terkait Hari Jadi Kota Pacitan  ke 278 wajib ditiru , masiha kondisine udan nggejibrah, tamu klendang klending , tapi pelaku seni Insan Ngadirojo tetep tambil apik lan luar biasa.

Penari penari asal Kecamatan Ngadirojo tetep semangat sekalipun menari dudalam air banjir.

Masiha wedak rai  podo luntur , klambi teles kebes , awak kademen , pengisi acara tetep semangat , megal megol ning njero banyu sak dengkul.

Wakil Bupati Pacitan Gagarin ,  rumangsa mbegogok atine , masiho udan nggejibrah panitia Peringatan Hari Jadi Kota pacitan tahun 2023 , panitia  tetep ora kendor , panitia tetep injoy seolah jagat terang benderang, jare Gagarin.

Wakil Bupati sing uga Ketua DPD Partai Golkar Pacitan iku ngucapke ,, matur nuwun ,, marang kabeh Panitia Hari Jadi Pacitan tahun 2023 sing diselenggarakan Ana  Pendopo kawedanan  kecamatan Ngadirojo..( gustik)



SENAM WINGI ..DADI FIRASAT MASJID APUNG RUBUH....?

SENAM WINGI ..DADI FIRASAT MASJID APUNG RUBUH....?


Pacitan Ppos, 15.02.023.
Mbuh merga kebetulan opo firasat , senam endel ibu ibu ana Masjid Apung sesasi kepungkur , bareng Masjid Apung rubuh  merga cuaca ,  Senam kontoversial ibu ibu dek emben  dikait kaitke maneh.

Netizen  rame , oalah  senam ibu ibu ning njero masjid Apung wingi muk pepiling / pertanda yen bakal ana musibah ana masjid apung Pancer Etan.
Netizen liyane  komen, gara gara ibu ibu gawe dosa, masjid apung rubuh.

Tapi sak benere , pancen saka awal kontruksi Masjid Apung Pacitan  dadi pembicaraan ,  itungan teknis blas ora masuk 

Bahkan Pimred Media iki pernah ngelekne , tapi malah dadi salah paham , sekalipun akhire Masjid apung keli tenan nganti teka tengah laut.

Pembangunan Masjid Apung ana Pancer Etan Teluk Pacitan , pancen nimbulke efek luar biasa , dipimpin KH Fuad Dhimyati ( Gus Fuad) kegiatan ke rohanian meh saben wengi enek.

Mulai saka pengajian , dhikir tahlil , sama'an Qur'an , Shalat Jumat  utawa sekedar wong plesir Masjid apung full pengunjung  ,, pendek kata ,, Masjid Apung migunani tumraping  agama lan Pariwisata.

Gara gara ono Masjid Apung , obyek Wisata Pancer Door lan Pancer Etan Teluk Pacitan dadi regeng , rame lan bermanfaat.

Nganti berita iki ditulis , Pihak Kepolisian Polsek Kota urung menehi info detail bab musibah Masjid Apung Rubuh .

Ananging , Miturut Pengamatan media ana lapangan , Nek ndelok cuaca Pacitan  Ekstrim saben dina  , rubuhe Masjid apung Faktor Cuaca.

Mantan ketua Gabpeknas Pacitan sutikno, menehi saran, yen takmir masjid Apung arep gawe maneh , Fisik Masjid ojo ngapung 100 Persen.
Minimal kudu enek beton/ tiang pancang sing nancep  permanen ana njero kali.

Insya Allah yen kontruksi iku ditempuh, masjid  aman , tapi bentuk masjid seolah tetep ngapung ning kali...( Tulisan ini hanya sekedar saran kontruksi , jika masjid apung akan dibuat kembali)

Bebek Gustik pancen nikmat , senikmat rasa daging  unggas beneran.







Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done