PACITANPOST
News Update
Loading...

Rabu, 17 Januari 2024

SEGANTEN PACITAN  BILIH TLATEN SAGET NDAMEL SEJAHTERANIPUN NELAYAN SAK LAMI LAMINIPUN.

SEGANTEN PACITAN BILIH TLATEN SAGET NDAMEL SEJAHTERANIPUN NELAYAN SAK LAMI LAMINIPUN.


Pacitan Post.17.01.024.
( edisi Jawa Krama Inggil)

Kitha Pacitan , kajawi papan ipun pegunungan , ugi dipun klilingi seganten  wiyar , ingkang dawanipun  kinten kinten ( 70 Km ) milai saking daerah Kecamatan Donorojo ngantos dumugi Kecamatan Sudulimoro Pacitan.

Pramilo menika , sebagian rakyat Pacitan ingkang sisih kidul  ( pesisir)  pendemalanipun inggih punika Nelayan.

Miturut Kepala Dinas Perikanan Pacitan Bambang Mahendra , sejatosipun potensi seganten (laut)  Pacitan  menika dipun kelola ingkang saestu saestu , masyarakat pesisir Pacitan  mboten bakal kekirangan sandang lan  pangan sak lami laminipun .

Ulam kados layur , Kelong , Tengiri , Salmon, Dorang ngantos Lobster , sedanten wonten ing papan Pacitan lan saget dipun panen saben dintenipun.

Bapa Bambang Mahendra Kadinas Perikanan Pacitan nyukani sesuluh dumateng 2 Mahasiswi UNS ingkang nembe tugas PPL.

Ananging sedanten kala wau, tergantung masyarakat nelayan Pacitan piyambak , Dinas Perikanan Pacitan namung kejibah  elik elik , membina lan  ugi ngarahaken para Nelayan amrih sedayanipun sae.

Dinas Perikanan Pacitan , Dinas Perikanan Prpvinsi lan ugi Dinas Kelautan Pusat asring sanget nyukani bantuan arupi jaring.pancing , peralatan navigasi , peralatan keselamatan kerja bahkan ugi arupi bantuan kapal ingkang rade ageng.

Sayangipun karakter nelayan Pacitan taksih tradisional , dereng purun dipun tuntun tuntun kados Nelayan ageng njaban kitha ( luar kota ) ingkang sakniki dados mayority inkang menguasai Pelabuhan Tamperan Pacitan.

Informasi valid saking Dinas Perikanan Pacitan , kajawi ulam ulam ingkang dipun sade wonten peken peken tradisional , Potensi laut Pacitan wonten destinasi sanesipun , klebet terumbu karang , area penyelaman , biota laut , motula lan sanes sanesipun.

Program tahun 2024 , kangge genjot pendapatan Nelayan Pacitan,Dinas Perikanan Pacitan bade galak aken produksi Pengolahan ikan skala kecil ugi menengah .

Kangge mujud aken Pabrik Pengolahan ikan milai tahun 2024, Dinas Perikanan Pacitan bade pados investor njaban kitha ingkang purun ndamel Pabrik Pengolahan ikan wonten Pacitan.

Ananging perlu dipun mangertosi, sejatosipun kajawi ulam ulam menika dipun sade wonten pasar pasar Tradisional , sampun katah jenis ulam ingkang rutin dipun eksport , kAdos Layur , Lobster lan sanes sanesipun ipun...( Tim)








Senin, 15 Januari 2024

ANGEL TUTURANE : WEGAH GAWE PELAMPUNG NELAYAN PLANG PLUNG KECEGUR LAUT.

ANGEL TUTURANE : WEGAH GAWE PELAMPUNG NELAYAN PLANG PLUNG KECEGUR LAUT.


Pacitan Ppos.14.01.024.
Ngandani Nelayan Pacitan Pancen kudu duwe jurus  khusus , yo kui jurus tlaten , sabar  tapi uga diperlokne jurus tegas.

Sebab karakter wong pesisir sing identik dadi ,, Nelayan Tradisional ,,   pancen beda karakter  karo penduduk perkotaan  utawa pedesaan / pegunungan .

Wong pesisir tanpa kecuali wong pacitan  , rata rata ditempa urip abot lan keras , sebab saben dina ,, saban sabanane' ,, segara golek pangupa jiwa.

Ananging sayang ' Nelayan Pacitan  sing saben dina toh nyawa ,  ora duwe kedisiplinan , utamane  bab pemenuhan keselamatan nelayan.

Contone bab kewajiban penggunaan pelampung saat melaut  ,  himbauan sing wis bola bali di saranke '  marang berbagai pihak , babar blas ora nate digembes.

Akibate ' , Nelayan Tradisional Pacitan sing  bola bali kecelakaan laut , rata rata nelayan Pacitan  saat melaut ora nganggo pelampung, akhire  sing akeh mati merga ora iso nglangi.

Arep mangan bebek sinjay , golek'o panggon sing nyaman lan enak , ketemune ana komplek Tirto Wening Mentoro.

Koyo kecelakaan laut sore wingi (14/01) , korban sing jenenge Subandi (42) mati klelep ning segara sing diduga, kegulung ombak saat korban njala iwak ana pantai Pancer Door.

Informasi ,  sing mlebu Redaksi Ppos , Korban Subandi,  budal njala iwak sekitar jam 16.00 wib, konon  prahu sing di tumpangi  Subandi  minggir karepe  dewe  menyang tepian  Pantai Pancer Door tanpa ana nahkoda'e.
Dimungkinke' Korban  saat keterjang ombak gede , ora nganggo pelampung.

Saksi  Agus  uga omong , pancen rata rata nelayan Pacitan yen melaut/njaring  babar blas ora  nate gelem nganggo Pelampung ,suker , ribet jare agus gligak gligik

Pilih Lesehan sing nyaman ,,golek'o panggon sing enak,Tirta Wilening Mentoro.

Sementara Kepala Dinas Peternakan/Perikanan Pacitan Bambang Mahendra , njaluk marang kabeh Nelayan Pacitan  mematuhi prosedur keselamatan Pelayaran.

Sakjane yo wis rakurang kurang lehku ngandani menyang Nelayan, wajib nganggo pelampung yen golek iwak ana tengah segara , ananging yo kui maeng , nelayan tetep pede ora nganggo pelampung , jare Bambang kesel.

Perlu dimangerteni , Perlengkapan baku nelayan. , salah sijine keWajiban kudu nganggo Pelampung .
Sayang kabeh nelayan sing mati kegulung ombak,  rata rata ora nganggo pelampung..angel..angel ( tik)














Rabu, 10 Januari 2024

WARTAWAN DANGDUTAN INDRA UJUG UJUG MENGGOK MELU JOGET.

WARTAWAN DANGDUTAN INDRA UJUG UJUG MENGGOK MELU JOGET.


Pacitan Post.10.01.024.
Forum Pewarta Pacitan ( FPPA) bengi iki (10/01) ngenekne acara Launching ,, Dodol Bakso,, ana Bale' Wartawan Rumpin Pacitan.

Miturut Ketua FPPA Agus Setyo Wibowo  , Stand Bakso sing papane  ana Bale' Wartawan ( Rumpin ) tujuane kanggo sarana kumpul bareng anggota FPPA , minimal kanggo adum informasi terkait  jurnalistik.

Indra Widya Agustina ujug ujug nimbrung melu joget ana bale wartawan.

Acara  launching ketok semarak, merga ngundang group musik dangdut koplo , sing bengi iki tampil apik ,  ketok regeng  merga  wartawan  akeh sing joget .

Ora ngira babar blas , merga alunan musik dangdut ketok rame , mancing wong sing liwat ngarep bale Wartawan , klebu Calon Legeslatif Provinsi Jatim Indra Widya agustina / mas Indra.

Kakak kandung Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji iku  ujug ujug ,,  menggok mak kluwer ,, menyang bale wartawan langsung melu nyanyi lan  joget bareng cah cah media.

Wartawan sing ora isa joget pilih klesotan ana emperan bale'.

Mas Indra omong , aku kimaeng ora sengaja mampir , bar sosialisasi saka wilayah krasa kluwen , enek stand bakso anyar,  gek aku menggok spontan , melu joget pisan, jare Indra guya guyu.

Perlu dimangerteni , Bale' Wartawan pancen sering banget kanggo nongkrong tokoh tokoh Pacitan , enek politisi , Anggota Dewan , pegawai , pengusaha , lan tokoh tokoh liya.

Ketua FPPA Agus S.Wibowo & Indra W.Agustina  asyik joget dlm acara Launching Dodol Bakso.

Opo meneh ana sekitar Bale Wartawan, akeh  Pengusaha kuliner ,  bakul kopi , kafe / Resto , Warteg  lan UKM  liya liyane.

Jare  Agus Widodo , Kades daerah etan iku sempat memuji ,  Ngobrol karo wartawan  ,, pancen beda karo ngobrol liyo liyane ....asik banget ..( gustik)

BEBEK SINJAY GUSTIK ENAK'E ORA MEKAKAT.....







Senin, 08 Januari 2024

TURMUDI APRESIASI MAHASISWI UNS BLAJAR JURNALISTIK BAHASA JAWA TERKAIT  POTENSI WISATA.

TURMUDI APRESIASI MAHASISWI UNS BLAJAR JURNALISTIK BAHASA JAWA TERKAIT POTENSI WISATA.


Pacitan Post 08.01.024.
Kepala Dinas  Kebudayaan ,Parwisata lan Olah Raga Pacitan Turmudi S.Sos MM,  maeng awan ( 08/01) nampa Mahasiswa UNS  blajar Jurnalistik bahasa Jawa.

Tema sing ditakokne mahasiswa UNS menyang Turmudi , terkait obyek Wisata  ana Pacitan , khususe  momen Nataru tahun 2023.

Mahasiswi UNS sing aslinye uga Pacitan , ditampa langsung Turnudi ana ruang Kepala Dinas   didampingi para staff.

Kadisbudpora Pacitan Turmudi nampa Mahasiswa  UNS Solo sing lagi PPL ana Pacitan.

Miturut  tokoh Arjosari sing uga sobat karib Bupati Pacitan , rumangsa bangga,  enek generasi muda Pacitan gelem kuliah jurusan bahasa Jawa , padahal rata rata,  jurusan iku ora menarik karo mahasiswa liya, tapi mbak Wintang lan mbak Laily iki malah   milih jurusan bahasa jawa  , aku salut tenan  ...sukses ya mbak ,tegas Turmudi.

Turmudi tambah  apresiasi marang Mahasiswi UNS Surakarta ,,sebab,,  obyek sing ditakokne sebagai bahan Jurnalistik yo kui bab Potensi Pariwisata Pacitan, khususe  rikala perayaan Nataru.

Dibantu staff Disbudpora Pacitan , Kadisbudpora Turmudi ,, njelasake,, yen selama libur Nataru kondisi lancar lan aman, obyek paling okeh dikunjungi Obyek Wisata Pantai Klayar, makluk akses jalan wis amba , bis gede' kabeh isa mlebu.

Terkait target perolehan income , isa diarani biasa, urung booming banget , minimal meh pada tahun ndisik 9 M.

Mahasiswi  UNS , sing ternyata sak almamater karo bu Bupati Pacitan , Ny Evi Indrata Nur Bayu Aji iki , ternyata uga takon bab preoritas pembangunan Obyek Wisata lanjutan, dijawab Staff Disparbudpora , kabeh dipreoritaske mbak..( Wintang/Lelly , Mahasiswa PPL UNS Solo)






Minggu, 07 Januari 2024

DEBAT : PRABOWO DI BYONG..WONG LOR0.. Klenger..?

DEBAT : PRABOWO DI BYONG..WONG LOR0.. Klenger..?


Pacitan Post Nasional.
Debat Capres /Cawapres Pemilu 2024 sing dienekne KPU RI  mambengi ( 07/01)  gayeng lan panas.

Saka tampilan awal , Paslon 01 ( Anies-Muhaimin) mulai mancing keras menyang Paslon 02 Prabowo-Gibran Rakabuming , utamane terkait dugaan Prabowo ngangkangi lemah / tanah  ribuan Ha ana sejumlah wilayah Indonesia.

Tujuan Profesor  Anies  Baswedan  mulai nyerang Prabowo , tujuane diduga  sebagai taktik jitu Anies , kanggo ndudohne menyang Rakyat ,, yen Prabowo ,,  duwe sifat emosional duwur.

BEBEK SINJAY KHAS PACITAN ENAK'E ORA MEKAKAT .JAJALEN...!

Rumangsa diserang Anies , paslon nomor urut 2 Prabowo Subianto , pancen mulai mbrabak (seolah ) golek bala menyang Paslon nomor 3 Ganjar Pranowo.

Awale Ganjar Pranowo  ,, ketok Ngalen,, alias  melu kegawa irawa Prabowo sing ujug ujug  ,, mbala Ganjar,, 

Bahkan saking pingin golek simpati  , Prabowo sempat omong , kabeh pernyataan  pak Ganjar seolah sama , opo merga sinau lan bukune pada ya ..? Jare prabowo berkelakat.

Kocapo!
Bareng mlebu sesi ke 4 lan 5  , Prabowo di e'bok- e'bok wong loro ( Anies lan Ganjar) utamane debat  menbahas  Kementrian Pertahanan, sing dikomandani Prabowo Subianto.

Sing lucu , tampilan Ganjar ana sesi 4 lan 5 , Paslon nomor urut 3 iku seolah pingin nengahi paslon nomor urut 1 lan 2 sing perang urat saraf tensi tinggi.

Ternyata omongan Ganjar , muk sekedar gimik belaka  , ora ngertio Ganjar malah luweh brutal saka Anies , Paslon nomor urut 3 iku  masalahne prestasi Kemehan, sing dianggep gawe program awur awuran lan sembrono , klebu rencana  tuku pesawat Mirage - 5 ( bekas ) sing ternyata ujung ujunge  dipending utawa ditunda.

Paslon nomor urut 3 iku bahkan menehi Rapot utawa biji  Kemenhan Indonesia sing dipimpin Prabowo  dengan nilai 5.

Paslon nomor urut 1 Anies Baswedan , rumangsa enek balane ,, ngebyong ,, Prabowo , sang saya ndadi ale ngritik Prabowo,  utamane bab Carut Marut Pertahanan RI.

Bahkan Paslon Nomor urut 1 Anies Rasyid Baswedan , menehi biji Kemenhan sak ngisore angka 5 , jare Ganjar ' mas Anies blak blak'an wae piro bijine Kemenhan Sing dipimpin Pak Prabowo pinta Ganjar..

Ananging diluar dugaan , krasa di..buut wong loro ,  Capres Prabowo  mulai nurunke tensi emosi , lan dijawab  bola bali  karo  data...data..

Tulisan ini  karya Redaksi sebagai catatan Kecil Media dalam rangka ( Pilpres 2024 )
Ditulis oleh Sutikno




Rabu, 03 Januari 2024

NATARU PACITAN LAKA 3 MATI SING 7 GODRAS GODRAS /LUKA

NATARU PACITAN LAKA 3 MATI SING 7 GODRAS GODRAS /LUKA


Pacitan Ppos. 03.01.024.
Kapolres Pacitan AKBP Agung Nugroho , awan maeng ( 03/01) ngenekne Jumpa Pers ana halaman mburi Polres Pacitan.

Jumpa Pers dienekne, terkait Laka Lantas sepanjang Nataru tahun 2023 ana wilayah hukum Pemerintah Pacitan. 

Miturut keterangan Kapolres , sing urung genep sesasi tugas ana Pacitan , jumlah 10 laka lan mateni wong/korban telu ( 3 ) klebu gede.

Tapi sing disayangke Kapolres , jumlah kematian 3 kui , sing loro (2) ijik usia produktif bahkan klebu dibawah umur.

Sekedar informasi , Laka Lantas  ( tabrakan sepeda motor ) ana daerah Punung tanggal 01 Januari 024 , pancen ngrenggut nyawa loro ( 2 orang ) sing numpak sepeda motor.

Sing nabrak   ( G16) yo mati , sing ditabrak ( W 16)  yo mati , tapi sing diboceng  (W) slamet  saiki isih perawatan medis , tegas Kapolres didampingi  Wakapolres Pujiono lan Kasat Lantas Nurasid .

Dua motor merk Satria dan Vega Modiv tabrakan adu kambing di Kecamatan Punung  yang nyebabkan 2 pengendara tewas dan 1 luka.

Kanggo nekan kedadean Kecelakaan utamane nglibatke usia dibawah umur , Kapolres Pacitan sing ijik ketok enom iki, bakal kerja sama secara intens karo Dinas Pendidikan Pacitan lan instansi liyo , tentu sing enek hubungane karo laka,imbuh Kapolres.

Perlu dimangerteni , menurut WHO kematian akibat kecelakan  ( se dunia )  klebu 10 besar penyebab kematian menungsa urip ana donyo.

Kematian pancen takdire sing kuasa, tapi menurut Kapolres Pacitan   AKBP Agung Nygroho,  menungsa kui  kudu ikhtiar , ora entuk nyerah perkara Nasib lan takdir.

Asal kabeh berusaha becik , apik lan waspada ,  insya Allah kegiatan apa wae entuk berkah saka sing gawe urip , klebu sopan santun lan tata cara berkendara...( Gustik)

BEBEK SINJAY  GUSTIK PANCEN RAMEKAKAT ENAK'e'




Senin, 01 Januari 2024

PERPISAHAN SANYOTO DIGAWE ONTRAN ONTRAN SONHAJI ...DICALONKE AE I.

PERPISAHAN SANYOTO DIGAWE ONTRAN ONTRAN SONHAJI ...DICALONKE AE I.

  Sonhaji gawe ontran ontran politik ana perpisahan Sanyoto.

Pacitan Ppos.02.01.024.
Dudu Sonhaji yen ora gawe ontran ontran, pokok'e  mantan legeslator Partai Golkar Pacitan iku ora peduli papan lan panggon , cok blok opo anane.

Bayangno..'  Acara Perpisahan Kadinas Satpol PP Pacitan Drs.Sanyoto maeng awan ( 02/01) ana  kafe kipokopi JLS, dirancang umume wong perpisahan.

Tapi Songaji sing didapuk dadi  ular ular , justru gawe ontran ontran politik, sing gawe suasana tamu undangan riuh.

Sanyoto sing dina iki Pansiun saka PNS , menyang Sonhaji tanpa basa basi ana duwur panggung, mantan pemain Prespa Pacitan iku dicalonke dadi Bupati Pacitan ( AE 1) .

Tentu wae , ontran ontran Sonhaji sing pingin ndadekne Sanyoto dadi Bupati Pacitan, gawe bojone anyar Sanyoto sing profesine Bidan Boyolali setengah kikuk  lan isin.

Sejumlah Media diundang diacara Perpisahan Sanyoto ,Pensiun saka PNS 

Timses Amin Pacitan iku , uga  ora gagas , sing rawuh ana Acara Perpisahan 80 persen PNS , kodim,sebagian Media lan liyo liyane.

Jare sonhaji , Gus ojo lali tulis sing gedi ontran ontran Sanyoto dicalonke Bupati Pacitan, tulung ojo lali yo , jare sonhaji gligak gligik.

Sanyoto sing awan iku dikawal staf Satpoll PP klebu 3 mobil Damkar menyang tempat acara Perpisahan Kipokopi JLS ,  omong  tugase selama 40 tahun dadi PNS dina iki bar alias pensiun.

Kedepan mantan suami alm Muzazamah iku pingin  Fokus urus keluarga barunya , sing informasine kejaba sebagai bidan uga usaha Resto...( Gustik)

BEBEK SINJAY GUSTIK ORA MEKAKAT ENAK'E





Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done