PACITANPOST
News Update
Loading...

Jumat, 02 Februari 2024

TRADISI KODIM NGOPI BARENG MEDIA DILANJUT...

TRADISI KODIM NGOPI BARENG MEDIA DILANJUT...

Forkompimda Pacitan adakan ngopi bareng awak media Pacitan.

Pacitan Ppos ,18.01.024.
Soal ngopi bareng media , Kodim 0801 Pacitan, kawit jaman ndisik merupakan kegiatan  biasa.

Rutininitas Dandim  ngumlul bareng karo wartawan, pancen sempat mandeg merga terhalang covid 19.

Muk bedane yen jaman ndisik , acara ngopi bareng dilaksanaake  khusus antara Media lan keluArga besAr TNI ( Kodim 0801 Pacitan.

Sementara dina iki ( 18/01) diperluas bareng kabeh Forkompimda Pacitan .Enek  Kepolisian ,Pengadilan, Kejaksaan, DPRD lan liyo liyane.

Miturut Komandan Kodim Pacitan Letkol.Inf Roliyanto , acara diperluas  ngiras pantes tukar pikir ,  kompak siji lan sijine dalam nangani berbagai masalah khususe ana kota Pacitan.

Dandim 0801 Pacitan sing duwe bojo Dokter spesial iku, omong yen peran media sangat  dibutuhkan dalam mengawal pembangunan.

Acara  Ngopi Bareng esuk maeng ( 18/01) , ditekani Ketua DPRD Pacitan Ronny Wahyono lan kabeh  anggota Forkompimda .

Bahkan Ronny Wahyono , sing dijuluk'i pejabat Pacitan sing  Paling Rajin nekani undangan ,, Media butuh kerja sama karo semua pihak , butuh informasi sing seluas luasnya, mulo tradisi silaturahim perlu dilestarekne...

Sementara Ketua FPPA  Agus TV One sing diwenehi kesempatan  sambutan , omong matur nuwun sanget ,Media wis diwenehi kesempatan melu gabung Forkompimda Pacitan , muga muga  sasi ngarep giliran Kejaksaan sing dadi tuan rumah,jare agus sekaligus mungkasi acara..(Ald)










Kamis, 01 Februari 2024

KABEH NGADEG BUKTI PAK IN IJIK DITRISNANI .

KABEH NGADEG BUKTI PAK IN IJIK DITRISNANI .


Pacitan Ppos.01.02.024.
Mantan Bupati Pacitan , Dr.Drs.Indartato MM. rawuh ana ngendi wae , warga Pacitan panggah ngajeni lan ngormati.

Terbukti kabeh pada ngadeg  lan nyalami yen pak In rawuh , mbuh kui ning takziahan utama ana hajatan lan acara acara liyane.

Kaya bengi iki  ( 01/02) , saat pak In dampingi putrane  , Eko Praseyo Wahyudiono silaturahim karo awak Media Pacitan ana Hotel Srikandi Pacitan, sontak kabeh wartawan ngadeg lan rebutan salaman marang Bupati sing terkenal ngendika ,, nggih...nggih ,, iki.

Ora mung salaman , awak media langsung sigap njupuk gambar (mengabadikan)  pak Indartato ale nyalami kabeh tamu sing teka bengi kui.

Perlu dimangerteni , mas Eko Prasetyo Wahyudiono (putra mbarep)  pak Indartato , sing saiki dadi dewan Propinsi Jawa Timur , pemilu tahun 2024  nyalonke maneh dadi anggota Dewan Propinsi Jawa Timur  periode tahun 2024-2029.

Merga masa kampanye  sebagai anggota Dewan  kari 10 dinonan, Mas Pras  silaturahim mubeng karo tokoh tokoh masyarakat , Oramas , lan organisasi profesi , klebu  kabeh Wartawan Pacitan sing tergabung ana Forum Pewarta Pacitan ( FPPA).

Miturut ketua FPPA Pacitan Agus TV One , omong yen  FPPA Pacitan  terbuka karo caleg sapa wae sing pingin silaturahim , Wartawan ora isa nolak wong kang pingin kenal lan   pingin jalin persaudaraan karo awak media , sebab prinsipe Wartawan milik semua.

Anggota Dewan Propinsi  Jawa Timur Eko Prasetyo Wahyudianto , menehi sambutan ana ngarepe awak media sak pacitan.

Dene ana Pemilu tahun 2024  ibarate Arep milih mas Pras  utawa sapa , monggo iku hak azazi dewe dewe.

Sementara mas Pras  ana sambutane , omong yen ora muluk muluk ,   sing penting  terpilih maneh, jare Pras guya guyu.

Pertemuan karo awak media sing dikemas ngopi bareng , bengi kui  ketok gayeng ,ora enek unsur kampanye sing berlebihan , umpama  toh enek muk sekedar  ,, humor'e  MC kanggo nyemarakne suasana.

Sing pungkasan , pak Indartato muk pesen marang awak media Pacitan, beda beda pilihan ora popo, sing penting aman lan damai , guyup rukun sak lawase .
Aku teka kene muk dampingi anakku Pras , muga muga niyate ngabdi marang negara , kasembadan maneh kanti barokah Illahi ...titip anak ku Pras yo mas...!  .(.tim )














Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done