PACITANPOST
News Update
Loading...

Rabu, 14 Februari 2024

KPU PACITAN SALAH DROP (SS) PRABOWO SEMENTARA  wis  ORA TERBENDUNG..

KPU PACITAN SALAH DROP (SS) PRABOWO SEMENTARA wis ORA TERBENDUNG..


Pacitan Ppos.14.02.024.
Pasangan Prabowo - Gibran ( sementara) ana Pacitan wis ora terbendung ,disusul Anies Baswedan - Muhaimin lan Ganjar Pranowo - Mahfud MD.

Masiha iki lagi sementara, rata rata TPS sing wis buka etungan lan beredar ning jaringan Media Sosial ,Pasangan Prabowo- Gibran unggul sekitar 60 % , Anies 25 % lan Ganjar 15 %.

Seumpama saben TPS sing wis ngetung surat suara digawe rata rata koyo sing ditulis ning duwur iku, dipastikan pasangan Prabowo Gibran ana Pacitan menang mutlak.

TPS 02 Dusun Kedawung Mentoro PCitan.

KPU PACITAN DITUDING TLEDOR.
Lagi lagi KPU Pacitan dituding sembrana, dalam pengelenggaraan proses Demokrasi ana Pacitan, utamane terkait pengiriman surat suara.

Salah kirim surat suara kedadean ana TPS 21 Dusun Burat Banyu Desa Penggung Nawangan tertukar karo kartu suara Dapil 2 ( Punung  - Donorojo).

Menurut Lancur , kesalahan kirim ora mung TPS  21  tapi uga TPS 15 , surat suara werna hijau sejumlah 70 surat suara tertukar dapil 2 ( Punung Donorojo).

Atas ketledoran KPU Pacitan Droping surat suara , menurut Fungsionaris Partai Golkar Pacitan Hadi Suwarno , merugikan pencoblos sing wis kAdung teka , kebetulan dAerah dAerah iku lumbung Partai Golkar.

Hadi Suwarno sing uga Founder Optik Surya , njaluk marang Bawaslu Pacitan , ngecek kedadean ( kekeliruan Droping surat suara, iku disengaja opo piye..? Tegas Nano.....

Nganti berita iki ditulis , KPU lan Bawaslu Pacitan urung kenek dihubungi, Hpne ijik pada tulalit....( Gustik)









Selasa, 13 Februari 2024

SBY NYOBLOS NING TPS SEDERHANA.

SBY NYOBLOS NING TPS SEDERHANA.


Pacitan Ppos.14.02.024.
Angen angen wong Pacitan , SBY bakal nyoblos ning TPS apik  kliru , SBY ,Ibas lan Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji ternyata nyoblos ana TPS 16 Ngawen Ploso Pacitan ,sing tempate sederhana banget.

Ora enek penyambutan berlebihan, kaya biasane  SBY lan Keluarga muk di kawal Paspanpres sing wis melekat
SBY mamerne kartu Pemilih sak durunge dilebokne kotak.

SBY lan Rombongan teka TPS 16 sekitar jam 09.20 wib , langsung nyerahne surat panggilan lan KTP Desa Ploso Kecamatan / Kabupaten Pacitan.

SBY rumangsa bangga iso nyoblos lan ber KTP ana Kampung Halamane  kelurahan Ploso Pacitan, saya benar benar pulang kampung , gurau SBY.

Bar Nyoblos SBY  njaluk wawancara sing latar belakange Musium SBY, wartawan sing maune wis siap ana banner TPS 16 , buru buru pindah ana Halaman kidul cedak tegalan sing latar belakange Gedung Musium .

SBY jelasake terkait  bolak balik'e antara Jakarta - Pacitan  , kejaba isih ngurus k
egiatan Musium , uga agenda liya liyane.


SBY uga bangga , rakyat Pacitan kabeh gembrudug menyang TPS TPS  , menandakan wong pacitan konsekwen merawat Demokrasi, minimal peduli lan antusias gunakne hak pilih.

SBY ndedongo muga muga pemilu tahun 2024 aman jujur lan adil , sukses ora enek alangan apa apa, imbuh SBY.

Perku dimangerteni , Pemilu legeslatif lan Pilpres iki dina digelar di seluruh Indonesia .,klebu Pacitan kampung  halaman SBY.
SBY nyoBlos ana TPS dibarengi Bupati,Forkopimda lan tokoh tokoh liyane..( tik)


Senin, 12 Februari 2024

 DUKUN DIPASTIKAN KALAH KARO DUIT ..

DUKUN DIPASTIKAN KALAH KARO DUIT ..

Pacitan Ppos 13.02.024.
Coblosan muk kari sedina sesuk , mula iku   ,,dipastikan ,, sirahe' Caleg pada cemut cemut , kecuali caleg caleg tambalan.

Caleg tambalan alias  caleg imbuh imbuh,  pancen ora gagas dipilih opo ora , merga pencalonane muk sekedar pemenuhan kouta dapil .

Mulo kui , hari tenang sing coblosane' kari sesuk , caleg tambalan ora mikirke istilah  serangan fajar , opo meneh  nyewa dukun.

Dukun sing cara kerjane muk sekedar ,, umik-umik ,, saben saben pemilu ora payu ,  sing payu  justru duit sing disebar caleg menyang warga kanggo tuku biting/suara.

Pancen ijik  enek dukun sing  ketok ana sekitar omahe caleg, tapi muk sekedar njagong biasa karo tamu tamu liyane utawa sekedar ben ojo kesinggung.

Pemilu jaman saiki , ana Kabupaten Pacitan , ,caleg ,, sing ora duwe duit minimal 800 juta,  tangeh lamun bakal kepilih .
Kecuali caleg caleg sing pancen duwe komunitas sak durunge , koyo komunitas pengajian utawa majelis taklim.

Koyo sing diomongke Rudi Hartoyo , berat caleg jaman saiki ora gableg duit Terpilih , masiha lehku labuh marang warga selama 10 tahun wis ora keketung , mula ana pemilu tahun 2024 iki aku pasrah.

Rudi Hartoyo sing populer disebut mbah O, saiki muk ngandalke hati nurani warga sing ndisik wis nikmati jerih payah perjuangane, jare Rudi memelas.

Saka Pantauan Media , ternyata ora muk Rudi O sing pasrah ngadepi  ,,dina kramat wengi iki ,,
Anggota DPRD Pacitan koyo to  Gimat , Frisca  Panjaitan , Joko Susilo , Kimpul , Adi Subroto ,Boimin , Ali Arifin lan liyo liyane uga muk sekedar pasrah

Timbang duit digondol badol mending dienggo tuku bebek sinjai gustik.

 Sedang Caleg caleg anyar sing lagi geminjal pingin gek  lungguh kursi dewan ,, dina kramat wengi iki ,, uga Atine ijik koyo disepuh, campur aduk antara urip lan semaput.

Ngutip istilah berita  Rumah Sakit Daerah Pacitan , sing iki dina wis nyepak'i kamar khusus , kanggo mantan Caleg sing stres berat merga ora kepilih caleg..( gustik)





























Jumat, 09 Februari 2024

GADOK APA SENGAJA DIGADOK'E...? KAMPANYE ANIES  - PRABOWO BARENG SESUK ESUK.

GADOK APA SENGAJA DIGADOK'E...? KAMPANYE ANIES - PRABOWO BARENG SESUK ESUK.

Jakarta , 09.02.024.
Coblosan kurang 4 dina , ananging sebagian warga Jakarta isih urung padang atine, amarga sesuk esuk ( 10/02) isih enek kampanye akbar pasangan Capres..

Capres nomor 01 (Anies Baswedan - Muhaimin Iskandar ) bakal kampanye ana Jakarta International Stadium ,sedang paslon nomor urut 02 ( Prabowo Subianto- Gibran ) bakal Kampanye ana Gelora Bung Karno.

Media Pacitan Post, berkesempatan mengabadikan persiapan kampanye paslon nomor urut 02. Prabowo-Gibran.

Ternyata kampanye bareng Paslon 01 lan 02 ora gawe nyaman sebagian warga Jakarta , rata rata wedi yen terjadi gesekan antar pendukung .

Miturut Neneng Warga  Warung Buncit Jakarta  ,  KPU kurang bijak menehi jadwal bareng  01-02 , masiha panggonane beda, tapi pendukung Anies sing bakal nglewati Jl Sudirman bakal terhambat pendukung prabowo sing arep mlebu GBK.

Media Pacitan Post juga diberi kesempatan untuk melihat tempat Persiapan kampanye terakhir Paslon 01 di JIS.

Imron pendukung Anies sing teka saka lampung , kanggo hindari GBK pilih nginep ana sekitar JIS , saya datang 5 mobil semua nginap dipinggir jalan sekitar JIS.

Perlu dimangerteni,nganti berita iki ditulis,pendukung Anies  sing bakal teka lewat online  wis tercatat 3,2 juta orang, isa dipastikan JIS ora muat.

Sementara pendukung Prabowo - Gibran ding diyakini uga ratusan ribu orang , bakal madeti stadion GBK. , sayang kabeh perwakilan daerah sing wis pada tema ana Stadion , ora iso liputan ana njero stadion, penjagaan terlalu ketat ...( gustik)








Selasa, 06 Februari 2024

PADA 2 AREP GAWA WONG LARA. AMBULAN VS AMBULAN  GLUNDUNG NING BAPANGAN.

PADA 2 AREP GAWA WONG LARA. AMBULAN VS AMBULAN GLUNDUNG NING BAPANGAN.


Pacitan Ppos.07.02.024.
Ambulan silver  saka rumah sakit Agung Bleber , jawane arep njupuk kasus kecelakaan ana perempatan ,, KARIRI PLOSO" 

Ananging lagi  teka Perempatan Bapangan saka arah etan ujug ujug  ,, mak thungul,, ana Ambulance gawa wong lara rujuk'an menyang solo.

Diduga  sopir ambulan kimaeng kaget , akhire tabrakan , saking kerase ambulan siji nganti  ngglundung .

Miturut keterangan AKP Nur Rosid Kasat Lantas Kepolisian Resort Pacitan , mbenerake yen enek tabrakan ambulan vs ambulan ana Bapangan.

Mungkin mentang mentang Ambulan bebas lampu merah , si sopir pada ora ngati ati akihte tabrakan,sing siji nganti glundung, tegasnya.

Kronologine Ambulan jenis Nisan Evalia werna Silver No H.1570 IY sing disopiri Candra Triwandono asal Bangunsari Pacitan arep njupuk wong tabrakan ana Pertigaan Kariri ploso.

Ananging naas saka arah etan Ambulan jenis Grand Max Nopol B.2481 BIV sing disopiri Sutikno asal desa Pagerejo Lorok Pacitan, sing gawa wong lara rujukan ke solo malah sial ana prapatan bapangan.

Yongalah mas mas , tik apes men tabrakan wae pada pada Ambulan , jare warga sing nulungi ambulan sing tabrakan, suk suk masiha lwt prapatan ati ati..yen ngene ki piye jal ..mesakne pasiene to , jare sipur .....( Aldino)



Senin, 05 Februari 2024

YEN KUPINGE NGRUNGOKNE TENAN Mestine ,,DUDU,,  KUCING SING ENTUK MOBIL..

YEN KUPINGE NGRUNGOKNE TENAN Mestine ,,DUDU,, KUCING SING ENTUK MOBIL..

Jatim Hari Ini.
Jenenge Rejeki iku ( Gaib ) kabeh menungsa ora ngerti ,  rejeki apa sing bakal ditampa , kadang ketok mata urung karuan kecekel , tapi kadang rejeki mampir sak karepe dewe.

Kaya sing dialami Gunawan Kucing , kudune sing entuk mobil dudu Kucing , dengan catatan  yen  sing duwe kupon undian pertama ngrungokne nomere sing diwoco panitia.

Tapi sayang..! Nganti dietung ping telu , sing duwe kupon undian pertama ora nongol ning panggung.

Sesuai kesepakatan lan kebiasaan , yen sing duwe kupon ora nongol panitia berhak mbatalake.

Dasar wis rejekine warga ngampleng sing diceluk kucing , undian kedua ndlalah cocok karo nomere bapak sing duwe anak telu saka dusun ngampleng Donorojo,sing populer diceluk kucing.

Kader PDI Perjuangan asal Donorojo iki maeng , begitu diceluk ning duwur panggung , ditakoni karo PLH denny Wicaksono , mas mambengi ketemu sopo, kucing jawab kulo ngipi  ketemu pak Mardi , ternyata kucing kader militan Mardianto mantan anggota Dewan Pacitan sing saiki maju maneh.

Perlu dimangerteni , acara Jalan Sehat PDI Perjuangan ,dalam rangka kampanye akbar Ganjar Mahfud , lumaya rame.

Acara sing ngundang artis Devarina iku, lancar lan sukses ,, sayange muk siji ,, kabeh undangan sing disebar kanggo  tokoh lan politisi luar kota , kabeh kompak ora teka .

Denny omong , Kang Giri Bupati Ponorogo ora rawuh , Bupati Trenggalek ora rawuh, mas kanang yo rarawuh , tapi ora popo mas,sing penting acara sukses..terang Denny...( Tim)






KADIS PPKB.PP.PA JAYUK BANGGA STUNTING DADI BAHASAN DEBAT CAPRES.

KADIS PPKB.PP.PA JAYUK BANGGA STUNTING DADI BAHASAN DEBAT CAPRES.


Pacitan Ppos.05.02.024.
Debat Calon Presiden wingi bengi ( 04/02)
,ternyata ndadekne perhatian kepala Dinas PPKB PPPA Kabupaten Pacitan Jayuk Sulistyaningtias.

Miturut Jayuk , kasus stunting ternyata dadi perhatian kabeh Capres , kui mbuktekne  yen kasus stunting kudu dikurangi ana bumi Indonesia.

Lagian sungguh Ironis,  Negara Indonesia sing terkenal kaya raya,  kok kaum ibu indonesia  kesehatane lan  gizine kurang diperhatikan.

Alhamdulillah Kabupaten Pacitan ,Dinas PPKB.PP.PA bekerja sama karo dinas liyo , Dinkes,Pertanian, Perikanan lan dinas liyane wis iso nekan kasus  Stunting ana Pacitan , sekalipun urung iso signitifkan, terang mantan pejabat Dinas Pendidikan iki.

Jayuk Kadinas.PPKB.PP.PA Pacitan.

Jayuk berharap, Presidene Indonesia sopo wae sing terpilih , Stunting tetep dadi program unggulan , kesehatan ibu diperhatikan, lan gizi ibu hamil diprioritaskan,imbuh Jayuk.

Perlu di mangerteni , ana Kabupaten Pacitan angka penurunan stunting sekitar 2,1 % , data tahun 2021 (22,7 % ) tahun -2022  (20,6%.).

Miturut Ratna Susy Rahayu Kabid Kesmas Dinas Kesehatan Pacitan , angka penurunan Stunting pancen ijik adoh saka target Nasional ( 14 %).

Ananging menurunkan angka stuting pancen ora iso membalikkan tangan, merga kabeh saling berkaitan , utamane bab  kondisi ekonomi bangsa secara menyeluruh...(tim)


















Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done