PACITANPOST
News Update
Loading...

Kamis, 15 Februari 2024

PD 22 KURSI , WILLY.BAGONG.ASB.RUDY O SUARA TOP TEN.

PD 22 KURSI , WILLY.BAGONG.ASB.RUDY O SUARA TOP TEN.

Pacitan Ppos 15.02.024.
Masiha ijik sementara , Partai Demokrat Pacitan ,minimal jam 12.00  maeng awan wis ngraih minimal 22 kursi.

14 kursi Dewan  kawak, sing saiki isih lungguh Kursi Dewan dipastikan kabeh dadi , ditambah Wiwid Bagong , dr Warkim,Winardi Kades Ketro, Willy Yoga Utama,Bagus Surya Pratikna .

Sedang sing  2 kursi , dipastikan entuk saka dapil 2 ( wong anyar)  lan dapil 5 ( winardi ) lan kemungkinan ijik ditambah bocah wedok dapil 3 (bandar Nawangan) sing entuk'e muk 11 suara, merga kurukan suarani willy sak keluarga.

Pejabat PD Pacitan Kristianto jelasne itungan suara menyang Redaksi Pacitan Post.

Ketua DPC Demokrat , sing uga Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , ditemoni media ning Kantor DPC Teleng, rumangsa terharu lan bangga , Partai Demokrat meraup 50 persen suara ana Pacitan alias entuk 22/23 kursi DPRD Pacitan.

Kebanggaan Bupati ora muk sekedar DPRD isa meraup 23 kursi DPRD tapi uga bangga Kemenangan Capres isa tembus 72 % suara, ungkap Indrata NBA.

Perlu dimangerteni Pemilu Legeslatif Pacitan penuh kejutan, wong wong kawak ternyata akeh sing kesemplang.

Jam rolas awan maeng, anggota Dewan kawak sing  kemunginan kesemplang , Widadi  (PDIP) , Bambang , Hariawan ( Nasdem) Sediono ( Gerindra) Arifin, Ridwan ( PKB) sunarko/ Budi S ( salah siji ilang) Agus Setyanto ( PPP.

Sing urung pati aman tapi isih enek harapan Ririn Subianti lan Lancur, tokoh fenomenal iki lan Fibi Irawan Ketua PKB kemingkinan isih lolos mungkin kursi terakhir.

Sing gawe njumbul Suara Rudi Hartoyo, diprediksi ora dadi, jebul suarane meh tembus 9.000 suara, jos..jos...jare tims sing awan maeng kumpul ana omahe Rudi.
Dipastikan Hanura tetep entuk rong kursi..( gustik)









Rabu, 14 Februari 2024

SEMAR NINGGAL PENDUKUNG 03 IMIGRASI KE 02..?

SEMAR NINGGAL PENDUKUNG 03 IMIGRASI KE 02..?

Pacitan Ppos.
Wong jawa..!
Pancen kawit ndisik duwe ,, Pepiling ,, sing biasane ndadekne kode Pepeste`n.

Mbuh merga kebeneran apa ora , nalika Paslon 03 ( Ganjar- Mahfud ) gelar kampanye akbar ana Solo , Panitia gawe acara seremonial Wayang Orang.

Salah satu personnel wayang sing dadi fragmen yo kui tokoh Semar sing diperanke Tokoh seni Blasius.

Mbuh merga penyakit  apa , ujug ujug tokoh semar sing diperanke Blasius ndusur tepat ning mburine Capres Ganjar.

Tentu wae pendukung Ganjar sing bludak iki maeng kaget , opo neh ora let suwe diumumke karo pak Ganjar yen tokoh semar meninggal.

Dasar wong jawa , kematian ki Semar ana nduwur panggung diotak atik secara mistis marang wong wong, sing intine Capres Ganjar ( 03) bakal kena apes , alias kalah.

Patang dino sak durune coblosan, berita mistik Paslon 03 bakal apes/kalah ,menyebar teka endi endi khususe wong jawa tengah lan wong jowo sak antero nusantara.

Mbuh merga pepeling elek, mbuh merga apa sebab liyo, pendukung ganjar pada mlayu menyang prabowo merga meyakini Matine tokoh semar sebagai Pepeling Apes.

Miturut Suyadi sing omahe Gemblegan sempat omong , kabeh pendukung pak Ganjar bareng ngerti enek tokoh semar nimggal ning duwur panggung, kabeh podo lemes.

Saben warung kopi ana kota Solo , kabeh persasat ngomongke peluang pak Ganjar , tapi rata rata meh kabeh pendukung Ganjar pilih mlayu imigrasi menyang Gibran,sebab yakin tetep dukung pak Ganjar mesti kalah.

Mengilustrasi , seumpama ora enek kasus tokoh semar mati ning duwur panggung, mungkin ora enek imigrasi geden gedenan pemilih ganjar ke paslon 02, kuwi kabeh kepercayaan masing masing, jare yadi .

Pepesten/takdir sing duwe Allah SWt.
Tapi wong jawa wis kulino nganggo ilmu ,,TITEN,, utawa  gatekne saben saben Ana kedadean .

Saking ilmu Titen iku maeng diuri uri karo wong jawa  matahun tahun , akhire dadi kode saben saben enek kegiatan , koyo to ketiban cecak , koyo to ngipi kecokot ula , koyo to enek swara kokok beluk lan sakpiturute....

Berita ini ditulis sekedar utak utik wong jawa dalam setiap ada even besar yang mengalami kejadian aneh dan luar biasa..sebagai pelajaran..untuk semua.





KPU SALAH MEMBENTUK KARAKTER PANITIA PEMILIHAN SUARA TINGKAT DESA..SERING NGUSIR WARTAWAN

KPU SALAH MEMBENTUK KARAKTER PANITIA PEMILIHAN SUARA TINGKAT DESA..SERING NGUSIR WARTAWAN


Pacitan 15.02.024.
Wartawan Pacitan  di pisuhi , diusir , dibentak lan  dihina , seolah wis biasa saben saben liputan Pemilu Akbar 5 tahunan.

Panitia pemilihan  Suara tingkat Desa , rata rata ( malih/menjilma) duwe sifat arogan (tegas kaku ) tapi ora ngerti sapa sing diadepi.

Misale enek wartawan arep liputan ning TPS , biasane model wartawan kan ora sekedar meneng  ( diam) ndelok kahanan TPS, tapi uga ndelok hal hal sing  dianggep mencurigakan, kanggo bahan tulisan.

Mbuh merga ale didik KPUD Pacitan po kurang piye ,petugas pemilihan Suara cenderung bersikap arogan, kaku lan seneng ngusir ngusir wartawan sak karepe udele.

Koyo kedadean ana salah sijining TPS  Desa Sumber Harjo , ( IW) wartawan one line , diusir secara arogan karo Panitia Pemilihan desa Sumber Harjo.

Ora mung Desa Sumber Harjo , Desa liyane PPS  uga penampilane sangar  seolah koyo gali, wartawan dianggep koyo penonton sing perlu diusir koyo wong bAmbumg.

Pancen kabeh sing salah KPU Pacitan , ora menehi didikan sing apik tentang etika  menyang anggota PPS , padahal Wartawan tulisane selama iki cenderung bantu pemerintah,tanpa media KPU bakal kesulitan sosialisasi secara menyeluruh.

Iki kanggo evaluasi KPU Pacitan , arogansi PPS kudu di STOP, PPS kudu diwenehi pelajaran ETIKA  ben  pemilu berjalan Jurdil...

Amggota KPU Pacitan , nganti berita iki ditulis, arep protes bab perlakuan wartawan sing dianggep koyo wong bambung , hp ne isih tulalit...( Gustik)






Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done