PACITANPOST
News Update
Loading...

Minggu, 18 Februari 2024

TRIANI ILANG ...WARSO/ WIDADI AGUS PPP MLEBU..DEMOKRAT 19 KURSI..?

TRIANI ILANG ...WARSO/ WIDADI AGUS PPP MLEBU..DEMOKRAT 19 KURSI..?


Pacitan Ppos.19.02.024.
Pertarungan kursi undil penuh kejutan , caleg sing kadung seneng itungan bitinge unggul , ujug ujug pihak lawan nyalip .

Iku kedadean ana Dapil 2 ( Punung - Donorojo ) , Triani sing rong dina kepungkur isih katut , ternyata suara Agus Setyanto nambah terus , sing akhire melampui suara Triani ,Agus Setyanto dihubungi media , alhamdulillah aku isih katut mas'

Artine kursi DPRD Pacitan Pileg 2024-2029, khusus dapil 2 kursi tetep entuk 2 alias pada karo pemilu tahun 2019.

Mung sayange , Terlempare Putri Sisok iku justru  secara tdk langsung kekewal konco sak Partai / kehadiran Suhadi sing nganti dina iki ngumpulke suara paling okeh.

Perlu dimangerteni, dina iki ,( 19/02) kabeh kecamatan bakal gelar rapat pleno penghitungan suara pemilu tahun 2024 per Kecamatan.

Dapil 6 widadi mlebu..?
Pertarungan sengit kursi undil , Partai Demokrat Berjaya 6 kursi diraup caleg caleg Partai Lambang Mercy , terakhir Warso ( bojone Titik) katut ngalahne politisi gaek saka Tulakan Widadi,informasi valid disampekne Titik isuk maeng, alhamdulillah mas warso katut mas..jare titik mrebes mili

Ananging titik ijik deg degan merga isa wae suara PDIP nyalip wong krungu krungu pak Widadi suarane geseh.

Kekalahan Widadi ( yen tenan ) klebu pukulan telak PDIPerjuangan mengingat Kursine ilang siji , saka 6 ilang 1 ( siji)  kari 5.tapi yen Widadi mlebu berarti pancet entuk 6 kursi.

PDIPerjuangan sing duwe kantor super megah , ternyata  justru ora gawe semangat berjuang, kesan lengah ketok banget , yo muga muga wae minimal pancet lah, jare Heru Setyanto....( Tim)

Kekalahan wida






Sabtu, 17 Februari 2024

PRABOWO SEMPAT GEBROK GEBROK KAP MOBIL ..CAH CILIK CILIK DIAMBUNGI.

PRABOWO SEMPAT GEBROK GEBROK KAP MOBIL ..CAH CILIK CILIK DIAMBUNGI.

AHY Hormat Militer menyang Prabowo arep mlebu Wisma Drupadi.

Pacitan Ppos.17.02.024.
Awale' protap tekane Prabowo ana Lapter Pacitan ketat banget , warga klebu Media ora entuk nyedak.

Ananging saka arah etan , Helikoper TNI abang putih mulai ketok lan saya cedak saka landasan .

Mungkin ' merga  situasine isih eforia kemenangan Pilpres , warga sing jumlahe ewon iki maeng, langsung  ambyur menyang ngarep meh nganti teka parkir Heli Kopter.

Awale Prabowo mudun didampingi Ajudan sing cukup terkenal  lan Viral Mayor Tedi , nyalami Bupati Aji & Istri, Kapolres. Dandim , Sediono , Bambang Margono ( Kader Gerindra) ASB lan Ketua DPRD Pacitan Ronny Wahyono.

Ananging gandeng warga tumpleg bleg, Prabowo sing awale'arep langsung mlebu mobil Kementrian Pertahanan ,  ternyata Prabowo pilih nyalami warga sing njubel ana pinggiran, matur nuwun matur nuwun jare Prabowo sumringah.

Diduga ning njero Mobil Prabowo rumangsa mesakne akeh warga sing urung isa salam, prabowo langsung ngadeg lewat lobang kap mobil ( sun roof) kabeh sing cedak disalami.

Ujug ujug ..tangan Prabowo nggebrok nggebrok kap mobil , pertanda sopir kon alon alon , ternyata Calon Presiden ke 8 iku rumangsa bangga marang warga pacitan sing antusias jemput Prabowo sing meh nganti teka parkiran pesawat.

Mungkin saking terharune marang warga Pacitan sing wis dukung / milih Prabowo dadi Presiden , meh kabeh tangan warga sing jik gaduk diranggeh tangan Prabowo kabeh disalami.

Klebu puluhan bocah cilik cilik sing dipanggul keluargane , Prabowo langsung sigap kabeh bocah cilik diambungi tanpa mbedakne bocah kimaeng bulug apa rapi, kabeh tetep diambungi di elus elus sirahe penuh kasih sayang , saka kadohan mantan mantu pak Harto muni, iki kabeh rakyat ku..iki kabeh rakyatku...matur nuwun Pacitan , matur nuwun pak SBY.....( Gustik)






Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done