PACITANPOST
News Update
Loading...

Senin, 19 Februari 2024

KURSI DEMOKRAT TERUS MUDUN ...! PERSAINGAN TAMBAH SERU..

KURSI DEMOKRAT TERUS MUDUN ...! PERSAINGAN TAMBAH SERU..


Pacitan Post.19.02.024.
Awal awal suara masuk Partai Demokrat Pacitan, seolah kaya ngidap idapi, seolah kabeh kursi DPRD iso dilungguhi Kabeh,
Ternyata bareng dietung tanan okeh sing Zong, 

Dapil 1 ( Pacitan- Pringkuku)
Pemilu tahun 2019-2024 jumlah kursi sing iso dilungguhi 3 kursi.
Jebul ana Pemilu tahun 2024-2029 Partai Demokrat yo muk entuk 3 kursi ( Rakhman W.Anung DR.Joko Susilo).

Dapil 2 ( Punung Donorojo)
Dapil iki iso diarani dapil Neraka, Demokrat sing Pileg tahun 2019-2024 entuk 2 kursi , ana pemilu tahun 2024-2029  , ora nambah kursi ( 2 kursi)  malah kursine wong kawak ( Triani)  kejupuk , diganti karo wong anyar ( Suhadi).

Dapil 3 ( Nawangan - Bandar) 
Khusus dapil iki perjuangan Demokrat sing perlu diapresiasi .
Pemilu tahun 2019-2024 Partai Demokrat muk entuk sak kursi,tapi peleg tahun 2024-2029 entuk 3 kursi ( Willy.Bagus Suprihatini).

Dapil 4 ( Arjosari -Tegalombo)
Pileg tahun 2019-2024 entuk 2 kursi,tapi pileg tahun 2024-2029 entuk 3 kursi.

Dapil 5 ( Nadirojo - Sudimoro)
Pileg tahun 2019-2024 , Partai Demokrat entuk 2 kursi, tapi pileg 2024-2029 pancet entuk 2 kursi.

Dapil 6. ( Tulakan-Kebonagung)
Nganti jam iki kemungkinan muk entuk 4 /5 kursi , yen entuk muk 4 kursi  dr Warkim kesemplang..tapi yen gerindra ora nambah, Warkim diprediksi dadi...





 


BUPATI AJI BUNGAH ATINE..PILEG/PILPRES MENANG MUTLAK..PRESTASI  KANGGO HADIAH PACITAN ULANG TAHUN 279..

BUPATI AJI BUNGAH ATINE..PILEG/PILPRES MENANG MUTLAK..PRESTASI KANGGO HADIAH PACITAN ULANG TAHUN 279..


Pacitan Edisi Hari Jadi  279.
Mungkin atine Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji yen diukur bungahe' dina iki , ora iso dibayangke.

Sebab kesuksesan beliau mimpin Partai Politik ana Pacitan iso diarani tanpa cacat .Prabowo menang mutlak 72 persen, Pileg menang uga mutlak,  saka 14 kursi munggah minimal 5 kursi.

Ora mung kui , beban Bupati Aji sing kudu iso ngumbulke mas kandunge  Widya Indra Agustina terpih sebagai anggota DPRD Provinsi ternyata Sukses .

Sing pungkasan Bupati Aji uga sukses meningkatkan suara pemilih Edi Baskoro sing nganti dina iki wis ngraih sekitar 302. ribu suara, Paling akeh lan paling duwur sak indonesia.

Mula kawit wingi wingi , ojo pada  kaget,  yen sepanjang acara Hari Jadi Pacitan ke 279 , wajah Bupati Aji ketok koyo wong bungah  ,  bahkan saking bungahe' seolah koyo wong bar dadi manten, mesam mesem tanpa beban.

Ananging warga Pacitan njaluk marang Bupati , ale mimpin Pacitan sing umur kotane wis 279 tahun , gek sat set wat wet,  sukses matikel tikel , koyo lambang Mercy sing saiki lagi mlaku kenceng.

Kenceng pertumbuhan ekonomine , kenceng kesejahteraan rakyate lan kenceng pembangunane .
Wong mlarat wis ora enek , pengangguran kari sithik , wargane podo sehat , guyub lan rukun ,sugeng mangayu bagya Kabupaten Pacitan ke 279.

Tulisan ini sebagai bentuk apresiasi kepada Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji yang saat ini sukses menjalankan Pemilu secara jurdil di Pacitan..gustik

Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done