PACITANPOST
News Update
Loading...

Rabu, 21 Februari 2024

AZIZ NUGROHO  KASEK SD SING SUKSES DADI PENGUSAHA TAMBAK.

AZIZ NUGROHO KASEK SD SING SUKSES DADI PENGUSAHA TAMBAK.


Pacitan Ppos 21.02.024.
Wong urip kudu duwe tekad maju , kudu duwe semangat  kerja, amrih raga lan pikiran migunani keluarga lan lingkungan.

Konsep urip kudu migunani di praktekne tokoh pendidikan Pacitan Aziz Nugroho Buwono , masiha dina iki Aziz  wis duwe pangkat Kepala Sekolah  , ananging bocah kelahiran 23 Mei 1973 iki  kendel usaha sing adoh saka bidang sing ditekuni.

Kejaba saka iku , Kasek SDN 02 Cokro Kembang Ngadirojo iku usaha sing penuh resiko lan padat modal yo kui Usaha Tambak Udang.

Usaha Tambak Udang Kasek Aziz Nugroho Buwono ana Watu Papak Ngadirojo.

Miturut Aziz Usaha Tambak udang ,ora segampang membalikkan tangan , kejaba penuh resiko , kudu tlaten lan sabar.

Tlaten niteni musim ( mangsa) , tlaten mlelengi kadar air, tlaten nyipati perilaku benih lan tepat menehi komposisi pakan.

Syarat syarat ana duwur kui mutlak kanggo pengusaha Tambak , yen ora'  iso iso ora panen lan rugi , merga sing dikelola iku nyawa  tur barange ora ketok,merga ning njero banyu.

Mula  idiale , Pengusaha Tambak , kudu melek informasi lan update teknologi perikanan.

Aziz ngakoni ,, usaha tambak menjanjikan, enek trontong trontong balik modal ,yo kui modale kudu tlaten lan sabar.
Aziz Nugroho Buwono pemilik Tambak Udang Watu Papak Ngadirojo.

Ditakoni entek piro modale nggawe 6 petak tambak , Secara implisit Aziz sing akrab karo sapa wae ,omong yen tembus 2 M , insya Allah balik gus alon alon , jare Aziz guya guyu.

Sementara  Kepala Dinas Perikanan Pacitan Bambang Mahendra, mengapresiasi pAra petambak muda( lokal ) sing mulai tumbuh berkembang (khususe ) ana pesisir Pacitan.

Ayo manfaatkan potensi laut Pacitan sing relatif bersih lan cocok kanggo budidaya urang ang lan iwak iwak liyane.

Pemerintah Kabupaten Pacitan,  tetep hadir lan nglindungi pengusaha lan nelayan Pacitan , Dinas Perikanan terbuka membina lan menehi penyuluhan sesuai regulasi sing enek , kiprah pengusaha muda kaya Mas Aziz Nugroho iki kudu didukung semua pihak.

Bahkan Kolega ana Pendidikan Pacitan Wahyono , rumangsa salut karo kiprah Kasek Asal Desa Ngadirojo , ora ninggalke kewajibane sebagai seorang Kasek,tapi isa nyambi usaha sing modale gede. Sukses mas aziz , urung pensiun tapi wis isa gawe penggawean Pensiun...( Gustik)






Selasa, 20 Februari 2024

ALHAMDULILLAH AHY SESUK DILANTIK MENTRI ATR.

ALHAMDULILLAH AHY SESUK DILANTIK MENTRI ATR.


Nasional 20.02.024.
Wong Pacitan dino dino iki pancen kudu okeh bersyukur , pasale putra putra terbaik Pacitan ngukir prestasi Nasional.

Miturut Rencana Pihak Istana sesuai sing dibetitakne Media ( CNN)  , Presiden Indonesia Joko Widodo bakal melantik Agus Hari Murti Yudhoyono dadi Mentri BPN/ Pertanahan/ ATR..

AHY ganteni Hadi Cahyanto sing bakal dirolling dadi Polhukam ganteni Prof Mahfud MD sing mundur merga Nyawapres ananging Kalah.

Jadwal Pelantika Rotasi Menteri , diperkirakan Jam 11.00 wib ana Istana Negara,ditekani kabeh unsur Mentri...

Warga Pacitan Wajib bersyukur , masiha jabatan ana Kabinet muk kari 6 sasi kurang luwih , ananging Putra Pacitan wis kecatet sebagai Pejabat negara sekelas mentri.

Putra mbarep SBY iku bakal nyusul prestasi toko tokoh Pacitan sing uga pernah dadi Menteri , Haryono Suyono, Sulasikiin Murpratomo,Inten Suweno.
Kejaba saka iku Pacitan duwe Tokoh Kaliber Dunia yo kui Presiden Republik Indonesia ke 6 SBY putra asli Pacitan..( tim)
SEMPAT MENANG SAK TPS SAKUNDOKO GAGAL

SEMPAT MENANG SAK TPS SAKUNDOKO GAGAL


Pacitan Pos.20.02.024.
Sempat menang 1 TPS , Sakundoko gagal dadi anggota DPRD I Provinsi Jawa Timur.

Mantan Kepala Dinas Pendidikan lan Dispenda Pacitan iku ana gelaran Pemilu tahun 2024-2029 nyaleg lewat Partai Persatuan Pembangunan ( PPP)..

Sayang merga urung duwe pengalaman Politik , cara / metodhe  ale golek biting ijik nunak nunuk.

Ananging sapa ngira , Mantan orang terdekat Bupati Sutrisno iku sempat juara ana TPS 03 Desa Sedeng Pacitan ( dapil 1) ngalahne Eko Prasetyo lan Widya Indra Agustina.
Sakundoko entuk 28 , Eko Prasetyo entuk 26 lan Indra Agustina entuk 23 suara.

Sayang ' capaian Mantan Pendidik iku ora konsisten , TPS liyane ngeplos alias ora tuwuh suara.

Miturut Sakundoko,Pileg tahun 2024 iki pancen muk tak nggo blajar , minimal tak nggo pengalaman carane wong golek suara kanggo lunguh kursi Dewan, ternyata abot,yen muk ngandalke citra pejabat ora kanggo, kabeh kabeh serba duit,kabeh kabeh  serba duit, jare Sakundoko ambi gligak gligik.

Sementara..!
Informasi mengenai capaian suara kanggo DPR RI , Partai Demokrat Jawara entuk ( 3 kursi ) geser PDIP sing biasane juara Dapil 7 , pileg 2024-2029 iki PDIPerjuangan  diprediksi muk entuk 2 kursi.

Sedang DPRD kota Pacitan Partai Lambang  Mercy besutan SBY iku Pileg 2024  minimal entuk 18 kursi per senen 20/02/024 , munggah saka pemilu sakdurunge sing muk entuk 14 kursi DPRD Pacitan.

PDIPerjuangan  kota Pacitan , perolehan suara panggah entuk 6 kursi , Golkar 7 kursi, PKB panggah 5 kursi.PPP 2 Kursi, PKS 2 kursi, Nasdem 2 kursi, Hanura 2 kursi,Gerindra 1kursi.

Dipastikan yen ora enek gugatan utawa Revisi perolehan suara ana KPU , data iki valid Banget....( Tim)




Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done