PACITANPOST
News Update
Loading...

Minggu, 05 Mei 2024

PILKADA: KABEH NYADONG BIJI SBY KANGGO PORSI WABUB..? GARWA TETEP PENANTANG TERBERAT

PILKADA: KABEH NYADONG BIJI SBY KANGGO PORSI WABUB..? GARWA TETEP PENANTANG TERBERAT


Pacitan Ppos.06.05.024.
Pilihan Kepala Daerah  ( Pilkada) Serentak seluruh Indonesia muk kari sekitar 4,5 sasi , klebu Pilkada  Pacitan.

Khusus Pilkada Pacitan tahun 2024 iki , dipastikan ora rame , merga kabeh wis pada nebak yen incumben Indrata Nur Bayu Aji bakal kerekom saka Partai Demokrat sebagai Calon Bupati Pacitan periode 2024-2029.

Sing rame malah posisi Cawabub , enek tokoh viral lan bombastis Wiwiet Bagong ,
Lan  enek mantan penghulu lan da'i M.Thoha ,adik kandung Dai kondang Sodiq Sujak iku malah wis  resmi daftar ana DPC Partai Demokrat.

Sementara kader Flamboyan Ronny Wahoyono ,  lagi sekedar njupuk formulir pendaftaran , ananging isa dipastikan Ronny daftar sebagai Calon Bupati.

Rencana Pendaftaran Ronny Wahyono sebagai Calon Bupati , sebagian warga Pacitan nganggep (  Ronny  Wahyono ) daftar sebagai Calon Bupati klebu nekad, hil yang mustahal , jare pentolan Tokoh sing ora gelem disebut jenenge.

Ananging Putra mantan Bupati Pacitan iku ternyata duwe perhitungan dewe , Ronny Yakin Penilaian mudune  Rekomendasi  tetep berdasarkan hasil Survy, masiha incumben , yen hasil survyne njeblok , DPP urung tentu ngedukne rekom , jare Ronny yakin.

Aku Kader Demokrat wis suwe, dadi ngerti persis petinggi Demokrat ana DPP, utamane pak SBY sing selalu menghargai hasil survy , sopo sing survy ne duwur , iku pilihan rakyat , tambah Ronny.


Ditakoni  misale' , gandeng karo Ketua Partai Golkar  Gagarin , wah aku tak mengikuti aturan internal Partaiku disik , ndelok situasi kedepan ,ungkapnya

Perlu dimangerteni , sesasi kepungkur akeh warga sing ngarep arep bersatune Ronny Wahyono lan Gagarin , bahkan elit / tokoh tokoh  Golkar akeh sing seneng.

Umpama Gagarin iso sanding karo tokoh sekelas Ronny Wahyono , kondisi Pilkada Pacitan bakal rame Pol , iso iso pasangan sing wis duwe jeneng ( GARWA) iku bakal memenangkan Pertarungan , aku yakin jare Nano petinggi Golkar Pacitan.

Sementara Gagarin nganti berita iki ditulis urung isa ditemoni merga saking akehe Kegiatan sebagai Incumben Wakil Bupati Pacitan.. ! ( Tim)









Selasa, 30 April 2024

THOHA .! ADINE SODIQ SUDJAK DAFTAR  CAWABUB PACITAN.

THOHA .! ADINE SODIQ SUDJAK DAFTAR CAWABUB PACITAN.


Pilkada pacitan 2024.
Pimpinan salah sijining Ponpes ana Pacitan.M.Toha dadi pendaftar pertama lewat Partai Demokrat Pacitan .

Tokoh agama sing uga adik kandung Kiai Kondang KH Sodiq Sujak Ploso Pacitan iku daftar sebagai Calon Wakil Bupati Pacitan lewat peruntungan Partai Demokrat.

Miturut data sing ditampa Media , M.Toha daftar langsung menyang kantor DPC Partai Demokrat Pacitan dikancani Tim Sukses , langsung ditampa Panitia penjaringan  Partai Demokrat Kristanto.

Drs.KH.M.THOHA MSi Daftar Cawabub lewat DPC Partai Demokrat.

Kritanto sing didampingi sejumlah pengurus teras DPC Partai Demokrat  mbenerake yen pegawai Depag Pacitan  KH M.Thoha daftar sebagai Cawabub lewat Partai Demokrat.

Kristanto mempersilahkan tokoh tokoh utawa pihak liyo sing pingin daftar dadi Bupati /wakil Bupati ana Pilkada Pacitan periode 2024/2029 .

Monggo..monggo  silahkan ! daftar bebas , ananging kabeh kudu lewat proses penjaringan ,sak teruse terkait penilaian lan rekomendasi DPP sing nentokne , jare Mantan pengurus lan legislator PKB Pacitan...

Perlu dimangerteni Tokoh Agama sing uga dosen lan pimpinan Ponpes An Nur Pringkuku  Pacitan  iku klebu pendaftar Pertama sebaga Cawabub  Pacitan lewat Partai Demokrat Pacitan....( Gustik)








Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done