PACITANPOST
News Update
Loading...

Kamis, 06 Juni 2024

ANAK F..URUNG MESTI NINGGAL KENEK DB..

ANAK F..URUNG MESTI NINGGAL KENEK DB..


Pacitan 06.06.024.
Anak F (8) asal desa Nanggungan Pacitan, rong dina kepungkur akhire meninggal dunia , diduga suspec Demam Berdarah.

Miturut pihak RSD Darsono Pacitan dr Djohan Putranto , sakdurunge digawa ning IGD RSD Pacitan , ternyata ale panas duwur ning omah wis patang (4) dina.

Mlebu IGD kondisi Pasien wis parah, Anak F sing ning omah muk karo kakunge dewe '( merga ditinggal cerai wong tuwane) kejaba panas duwur ternyata setelah dicek laboratorium enek penyakit (penyerta) arupa penumpukan cairan ana paru paru  terang Djohan.

Dinkes Pacitan gencar sosialisasi pencegahan Penyakit DB.

Tokoh sing uga pegiat Olah Raga iku nambah ake yen nganti dina iki , pasien meninggal  sing terindikasi ( Suspec DB) enek loro ( 2 orang bocah ) sing meninggal rong minggu kepungkur , imbuh Djohan.

Sementara Kanggo antisipasi amukan jingklong / Nyamuk jenis Aedes Aegyti Dinas Kesehatan Pacitan gencar menehi penyuluhan penyuluhan menyang desa desa se Pacitan.

Miturut dr Ndaru Mustaka Aji ( Kepala Dinas Kesehatan Pacitan) berharap, kanggo nanggulangi  jingklong/nyamuk jenis Aedes Aegyti ojo terlalu njagakne petugas Dinas Kesehatan Pacitan sing terbatas.

Ananging faktor kepedulian lingkungan sing paling penting, misale yen enek tangga teparo nandang lara ( panas tinggi luwih rong dina ) ora entuk cuek , tangga kudu menehi pengertian menyang keluarga penderita ,  gek kon gawa menyang IGD RSD , utawa Puskesmas terdekat, terang Ndaru.

Kanggo pelajaran Warga , jenis virus jingklong /Nyamuk Demam Berdarah jenise virus enek 3/4 macem , Aedes Aegyti , Aedes Albopictos,Aedes Scutelelloris.

Artine ' imbuh ndaru , wong sing pernah kenek DB urung mesti ora kenek DB meneh, sebab racun DB isa disebabke jenis racun nyamuk sing berbeda.

Sebagai antisipasi , masyarakat dihimbau waspada tekane siklus DB sing teka saben tahun , mangan sing wareg , rutin ngombe Vitamin , nerapake pola hidup sehat lan selalu menyediakan obat nyamuk/ cair utawa beku / dibakar..( gustik)










Senin, 03 Juni 2024

KPUD: GOLEK SING MURAH KETEMU CAK SODIQ DANGDUTAN PANGGAH SIDO.

KPUD: GOLEK SING MURAH KETEMU CAK SODIQ DANGDUTAN PANGGAH SIDO.


Pilkada Pacitan.024.
Masiha dikritik nganti lethek , rencana Dangdutan KPUD Pacitan sing bakal undang penyanyi top Jawa Timur Cak Sodiq , tetep sida digelar.

Miturut anggota Komisioner KPUD Pacitan Wiwied Rowi , Acara panggah digelar sesuai jadwal Sabtu (8/6) ana pelataran KPUD Jl Veteran Pacitan.

Mantan Wartawan Radar Madiun iku nambah ake , Acara sosialisasi Pilkada undang Artis Dangdut papan atas tanah air ( Cak Sodiq) ora nyalahi aturan, merga KPU  sak Indonesia uga ngenekne gebyar Artis ,misale KPU Jawa Timur undang Heppy Asmara , malah dilaksanak'ake ana Hotel Gede, imbuh Wiwit.

Ketua KPUD Pacitan Sulis Setyorini mengahiri masa jabatan .

Acara  tahapan Sosialisasi Pilkada srana ngundang Artis Kondang uga digelar Kabupaten liya sing nglaksanake Pilkada Serentak  akhir sasi Nopember 2024.

Ditakoni media terkait latar /Halaman KPUD Pacitan sing sempit , opo ora beresiko mengingat Cak Sodiq klebu  artis Dangdut kondang jawa timur sing akeh penggemare , wiwit panggah omong wis diantisipasi.

Sementara LSM Bhineka Bangsa Pacitan, Marduki tetep ngaku kawatir , pelaksanaan Dandutan Akbar sing undang Artis kondang Cak Sodiq ana pelataran KPUD Pacitan sing ciut.

Jare' Masduki , latar KPUD Pacitan jauh dari kata layak kanggo gelar acara Dandutan sekelas cak Sodiq , aku kawatir massa berbondong bondong teka KPUD, nengingat pemberitaan ana media wis gencar ( sementara ) halaman KPUD Ciut banget , kingko kingko gek gek ,  jare duki kawatir.

Ananging ternyata berita dandutan ana latar KPU ,miturut staf KPUD muk salah pengertian ,dandutan tetep ning alun alun , terang staf sing ragelem ditulis

Sementara terkait anggaran , informasi saka KPUD Pacitan, anane Cak Sodiq ditekakne kanggo acara tahapan Sosialisasi Pilkada Pacitan , merga regane murah dibanding Artis Dangdut liyane..hoh ..(tim)




Rabu, 29 Mei 2024

POLISI NUNGGU HASIL LAB SOAL MINYAK GORENG PALSU..MINYAK AKEH UMPLUK'E  DIENGGO GORENG ORA MATENG MATENG..SESUK'E WIS ORA KENEK DIENGGO MANEH .

POLISI NUNGGU HASIL LAB SOAL MINYAK GORENG PALSU..MINYAK AKEH UMPLUK'E DIENGGO GORENG ORA MATENG MATENG..SESUK'E WIS ORA KENEK DIENGGO MANEH .

Pacitan 05.024.
Polres Pacitan lan Dinas Perdagangan Kabupaten Pacitan  wingi awan ( 29/05) ngenekne jumpa pers terkait dugaan minyak goreng oplosan / palsu.

Jumpa pers digelar ana gedung Bhayangkara Polres Pacitan dipimpin Kapolres Pacitan AKBP Agung Nugroho , didampingi Pejabat teras Disperindag Asep lan Kasat Reskrim Pacitan.

Kapolres Pacitan lan Disperindag Pacitan ngenekne Jumpa Pers terkait dugaan minyak goreng palsu/oplosan

Isi jumpa pers prinsip'e , njelasake yen dugaan pihak Disperindag lan Kepolisian Pacitan wis menindak lanjuti temuan / dugaan anane minyak goreng palsu  utawa oplosan sing beredar ana pasar pasar wilayah hukum Pacitan.

Miturut Kapolres , kabeh sample/ contoh barang ( minyak goreng) sing diduga palsu wis digawa menyang laboratorium /BPOM , saiki kari nunggu hasile,jelas Kapolres.

Sayange Pejabat Dinas Perdagangan Pacitan Asep , ditakoni media terkait ciri ciri fisik minyak goreng palsu utawa oplosan jik  blekak blekuk , bingung karepe dewe.

Kanggo ngedukasi masyarakat , wartawan koran iki tekok jenis minyak goreng sing diarani / diduga palsu , apa minyak sing dienggo goreng ora mateng mateng utawa minyak sing akeh umpluk'e ?

Sayang Asep bingung , malah njawab Disperindag urung ngecek nganti detail semono , jare Asep glogap glagep koyo wong rasiap ngenekne tanya jawab karo media.

Rumangsa wartawan ora entuk jawaban sing pas , Kapolres Pacitan nengahi yen barang sing diduga palsu / oplosan iki dina ijik nunggu hasil Laboratorium , insya Allah yen wis metu mengko direlise maneh, terang Kapolres sing terkenal santun.

Perlu dimangerteni , wis sawetara suwe ana pasar pasar Pacitan akeh wong dodol minyak goreng mutu rendah diduga oplosan utawa palsu.

Minyak goreng sing dikemas botolan , miturut Tina ( pengusaha Rumah Makan) regane muk sekitar 14.000 , ananging yen dienggo goreng metu umpluk'e akeh , kejaba saka iku ora mateng mateng / matenge suwi .

Ciri sing kepindo , minyak goreng sing dikemas botolan (seliteran) bekas'e  arep dienggo maneh wis ora isa merga kalonge akeh banget , dadi yen tuku minyak goreng model botolan seliteran rugi berat , imbuh Tina sing keluargane duwe rumah makan bebek goreng ( sinjay khas Pacitan ) sing papane ana Mentoro.

Anane dugaan minyak goreng oplosan lan palsu , masyarakat Pacitan njaluk gek gage' gage' ditangani lan dibrantas , sak durunge masyarakat rugi berat...( Gustik)







Senin, 27 Mei 2024

RAME...! GAGARIN SIAP LAWAN AJI ANA PILKADA SOPO SING MENANG ..

RAME...! GAGARIN SIAP LAWAN AJI ANA PILKADA SOPO SING MENANG ..


Pilkada 2024.
Meh isa dipestekne' , Tokoh Flamboyan Pacitan Gagarin asal Ngadirojo,   Bakal tanding secara langsung ,  ana gelaran Pilkada Pacitan tahun 2024.

Kepastian Gagarin bakal tanding satu lawan satu karo incumben Indrata Nur Bayu Aji , disuarakne petinggi DPD Golkar Pacitan Hadi Suwarno.

Yen umpama , pak Gagarin detik akhir ora ditugaske ( khusus) saka DPP, insya Allah pak Gagarin sing uga wabub ( Incumben) bakal tetep tanding lawan calon kuat saka Demokrat Indrata Nur Bayu Aji , tegas Nano.

Tokoh sing uga pengusaha Jasa kontruksi iku nambah ake , sak jane sejak Nopember tahun 2023 pak Gagarin wis entuk Tugas saka DPP sebagai calon satu satunya ( tunggal) Partai Golkar maju pilkada Pacitan tahun 2024 , cuma pancen urung dipublis , nunggu sekitar sasi juli , imbuh Nano.

Kabar Wabub Gagarin bakal tetep tanding karo Bupati incumben Indrata Nur Bayu Aji, disambut suka cita lan antusias pendukung setia Gagarin.

Kelompok massa sing dijenengke  GAGAH WONG ETANAN rumangsa ora sabar ngenteni statmen langsung Gagarin atas pencalonane ana pilkada 2024.

Koordinator GAGAH WONG ETANAN Agus Susiawan Yakin Gagarin bakal memenangi pilihan Bupati Pacitan periode Tahun 2024-2029 , saiki wis pada muak mas masyarakat Pacitan , pokok'e Pemimpin Pacitan tahun 2024 kudu ganti , ben Pacitan mandiri ora tergantung karo mantan tokoh Nasional.

Sementara Noval saka PCW ( Pacitan Courruption Watch) wis ngira yen Gagarin Bakal Maju Pilkada Tanding lawan Incumben Indrata Nur Bayu Aji , pasale Bupati Aji wis  terang terangan emoh duet meneh karo Gagarin , delok'en wae anane Aji gandeng Wiwiet Bagong daftar bareng ana DPC Demokrat Pacitan , sebagai bukti Aji sayonara karo Gagarin, tegas Noval.

Harga diri wong Golkar lan Gagarin dipertaruhkan yen ijik ngarep duet karo Aji , wong Golkar lan wong etanan ora lila Gagarin dihina secara Politik...ayo kita lawan...Bupati Pacitan tahun 2024 ,, GANTI,, jare wong etanan sing ora gelem disebut jenenge.....****  ( Gustik)

Selasa, 21 Mei 2024

AJA KLIRU..AYU LAGI  DIVONIS  ALE NYOLONG...DURUNG ALE MATENI BOCAH..

AJA KLIRU..AYU LAGI DIVONIS ALE NYOLONG...DURUNG ALE MATENI BOCAH..


Pacitan Ppos.06.024.
Pengadilan Negeri Pacitan , sementara memvonis terdakwa Ayu Findi Antika ( AFA) 10 sasi penjara, luwih ringan 4 sasi saka tuntutan Jaksa penuntut umum.

Majelis Hakim sing diketuai Erwin Adian ,  njerat  terdakwa Ayu nganggo pasal 362 KUHP tentang pencurian.

Miturut imam Bajuri SH MH  saka lembaga Bantuan Hukum Pacitan , Vonis Hakim terdakwa Ayu wis sesuai perbuatane yo kui nyolong.

Bajuri nambah ake' , Masyarakat aja kliru lho yo, Vonis Ayu iki lagi vonis perkara ale ,, nyolong,,  barang barang wong Tuwane ( korban) atas  Kasus pembunuhan kopi Sianida Sudimoro , urung ale mateni ' loyo yo ..ojo kliru..jare mantan aktivis PDM Muhammadiah Pacitan.

Perlu dimangerteni , Ayu Findi Antika ( Randa anak siji asal Sudimoro) nggawe heboh jagad Pacitan, merga mateni bocah SMP nganggo racikan kopi sianida.

Awale Ayu muk nyolong Kartu ATM, buku tabungan, HP lan duit sekitar 15 juta duwe`k'e ( Sukatmini ) wong  tuwane ( MRS) bocah sing dipateni.

Ananging saya suwe , Tersangka Ayu grogy lan panik merga keluarga  Sukatmini nglaporne menyang Polsek Sudimoro , terkait ilange duit lan barang liyane iki maeng.

Mungkin rumangsa bakal konangan Polisi, tersangka Ayu nekad tuku racun sianida lewat aplikasi on line , ditaburke kopi sing wis diracik ana pawon / dapur Sukatmini.

Wis ndlalah , racun sianida sing tujuane arep nyilakakne / ngracun  Sukatmini lan bojone , kopi malah diombe anak lanange sukatmini sing ijik sekolah MT's / SMP..

Bocah lanang sing disayang Sukatmini , akhire ninggal kira kira setengah jam sak bare ngombe kopi maut suanida racikan Ayu.
INFO terakhir , kasus pembunuhane tersangka Ayu ijik urung rampung lagi P.19...( TIM)



GAGARIN  URUNG OBAH SINYAL TETEP NYAWIJI..?

GAGARIN URUNG OBAH SINYAL TETEP NYAWIJI..?


Pilkada 2024.
Warga Pacitan menduga duga ,sikap meneng Gagarin ngadepi hiruk pikuk Pilkada Pacitan tahun 2024.

Enek sing omong , Gagarin sing uga Wakil Bupati Pacitan wis diwenehi lampu ijo saka SBY, informasine  Ketua DPD Golkar Pacitan iku tetep bakal ditugaske maneh dampingi calon Demokrat Indrata Nur Bayu Aji ( incumben).

Ananging informasi Gagarin dipanggil SBY urug isa dibenerke marang pengurus DPD Golkar Pacitan , bahkan Hadi Suwarno kaget ana berita Gagarin dipanggii 4 mata SBY,..kapan iku pak ' aku malah urung weruh, jare tokoh sing uga pengusaha optik.

Iklan....!
Sementara Sekretaris DPD Partai Golkar Pacitan Lancur Susanto , nanggepi komentar masyarakat terkait urung obahe Gagarin ngadepi Pilkada Pacitan , anggota DPRD Pacitan iku tetep santai.

Golkar Pacitan menyiapkan strategi ( khusus ) ngadepi gelaran Pilkada Pacitan tahun 2024, Golkar berhitung secara cermat , mengingat pak Gagarin incumben  sing isih njabat Wabub lan aktif bareng Bupati nata pemerintahan Kabupaten Pacitan, minimal ojo nganti enek gesekan  antara Wabup lan Bupati gara gara politik , kingko ndak roda pemerintahan terganggu, jare Lancur diplomatis.

Perlu dimangerteni , suasana jelang Pilkada Pacitan tahun 2024 isih iso diarani Sepi , urung enek calon populer sing daftar lewat Partai , kecuali incumben Indrata Nur Bayu Aji , Ronny Wahyono , Wiwit Bagong lewat Partai Demokrat, kui pun muk sekedar lagi njupuk formuler.

PDI Perjuangan didaftar ketua GMNI Tonis , PKB, Nasdem,Gerindra,Hanura,PKS.PPP urung enek sing daftar sebagai Cabub/Cawabub...Prihatin ! (Tim)



Rabu, 15 Mei 2024

MESIN GARUDA KOBONG 450 JEMAAH HAJI SLAMET..ALHAMDULILLAH..!

MESIN GARUDA KOBONG 450 JEMAAH HAJI SLAMET..ALHAMDULILLAH..!

Pesawat jenis Boing 747/400 pengangkut jemaah Haji Kloter 5 Sulsel terbakar diudara.

Pacitan Post 15.05.024.
Pesawat Garuda Pengangkut Jemaah Haji asal Sulsel kobong mesine sesisih , beruntung pesawat jenis Boing 747/400 iku urung sida mabur , lagi ancang ancang mabur lan akhire  bali  maneh menyang bandara Sultan Hasanuddin Makasar.

Miturut berita sing beredar , pesawat sing gawa 450 penumpang Haji lan18 awak pesawat  arep mabur ( lepas landas) sekitar jam 17.00 wingi sore (15/05) saka Bandara Sultan Hasanuddin Makasar Sulsel.

Kocapo..! Lagi arep mabur   mesin sebelah tengen pesawat ujug ujug ujug kobong , sontak  Pilot buru buru hubungi menara pengawas Bandara,yen ngabarake bakal bali menyang area parkir  bandara,  merga ana kerusakan teknis.

Miturut Dirut Garuda Irfan Setia Putra, Pesawat mendarat kanti slamet sekitar jam 17.15 wita , bahkan Kabeh penumpang wis berangkatke maneh menyang tanah suci nganggo pesawat pengganti.

Alhamdulillah insiden mesin kobong pesawat Garuda , ora ndadekne musibah gede' , kabeh slamet , Aku njaluk ngapura marang kabeh jamaah atas insiden iki, tegas Dirut Garuda Irfan Setiaputra.

Perlu dimangerteni , pesawat Garuda sing terbakar mesine , gawa penumpang kloter 5 asal Kabupaten Maros Sulawesi Selatan.

Berita jik simpang siur.
Berita terkait pesawat garuda sing kobong, kronologine isih simpang siur , saka tayangan vidio, salah siji penumpang ( Handayani) omong yen pesawat urung sempat mabur .

Ananging berita berita nasional , ditulis pesawat wis kadung mabur sesuai gambar sing beredar , pesawat sedang mengangkasa.

Nganti berita iki ditulis, urung enek penjelasan resmi , pesawat Garuda kode GIA 1105 iku penyebape kobong pas mabur ana duwur utawa urung , nunggu pemeriksaan KNKT , imbuh Irfan...( Tim)


Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done