PACITANPOST
News Update
Loading...

Kamis, 27 Juni 2024

MEH KADES SAK PACITAN PINGIN NYANG CIKEAS, NJALUK WIWIT BG DIREKOM, RONNY ORA KAWATIR....!

MEH KADES SAK PACITAN PINGIN NYANG CIKEAS, NJALUK WIWIT BG DIREKOM, RONNY ORA KAWATIR....!

.        Rakhman Wijayanto /Wiwit Bagong

Pilkada Pacitan 2024.
Surat Rekomendasi ( Rekom) saka Partai Pengusung ,pancen dadi syarat mutlak KPU kanggone wong kang arep maju ana Pilkada setiap daerah, ora terkecuali Pacitan.

Ana Kabupaten Pacitan ,  Persaingan golek Rekom praktis muk ana Partai Demokrat , partai liyane nganti seprene situasine  ketok  adem ayem tanpa greget.

Seminggu kepungkur Bacabub Ronny Wahyono , dalam rangka  golek biji menyang DPP Partai Demokrat , merapat menyang Partai Partai diluar Partai Demokrat.

Tujuan Ronny , pingin ndudohne  DPP Partai Demokrat yen pencalonane' sebagai Bacabub Pacitan ora kaleng kaleng , fakta meh kabeh Partai koalisi ndukung Ronny Wahyono Maju sebagai calon Bupati Pacitan periode 2024-2029.

Kades Kades Pacitan bertekad sukseskan Wiwit Bagong dadi Wakile Incumben Indrata Nur Bayu Aji.

Semana uga Wiwit Bagong , maeng awan (27/06) , kanggo ndudohne menyang DPP Partai Demokrat  , yen pencalonane sebagai Bacawabub  Pacitan uga ora kaleng kaleng, mantan Kades Arjowinangun iku jalin komunikasi politik menyang   kades sak Pacitan lewat jalur FKKD.

Bahkan situasine , iso diarani gegap gempita , malah  saking antusiase,  para Kades pendukung Wiwit Bagong , nganti pingin ketemu pak SBY ana Cikeas utawa ngadep serentak menyang  DPP Partai  Demokrat ana Jakarta.

Miturut Ketua FKKD Sutomo , tujuan kades pingin ketemu pak SBY ana Cikeas / DPP Partai Demokrat muk sekedar usulan , mungkin konco konco maeng saking antusiase gek pingin rekom mudun menyang pak Wiwit , tegas mantan guru sing saiki kejibah dadi kades Arjosari Pacitan.

Sementara Bacawabub Rakhman Wijayanto alias Wiwit Bagong , rumangsa terharu  semangat konco konco kades sak Pacitan sing wis menehi dukungan penuh sebagai Cawabub Pacitan periode 2024-2029.

Ananging Wiwiet menehi pemahaman , yen sebagian mekanisme penilaian DPP Partai Demokrat , salah sijine yo kui tokoh sing arep maju sebagai Cabub/Cawabub Pacitan  kudu survyne duwur , mula aku njaluk tulung marang pak kades  yen enek petugas Survy nakoni wargane, tulung aku dibantu , ujar Wiwiet ambi guyon.

Perlu dimangerteni , miturut Ismono Kades Dadapan , umpama pak Wiwiet sesuk entuk rekom saka DPP Demokrat lan menang Pilkada Pacitan , Wiwit Bagong merupakan satu satunya kades ana Pacitan sing njabat ana Eksekutif /Wabub.

Jare Ismono..!  Ayo pak Wiwit didukung, mumpung iki enek kesempatan , pungkas mantan pegawai Diknas Pacitan sing saiki kejibah dadi kades Desa Dadapan Pringkuku Pacitan...

Ronny Wahyono sing wis ngerti Rakhman Wijayanto didukung sebagian besar Kades Sak Pacitan , ngaku ora kawatir , jare Ronny Pangkat Drajat iku sing ngatur sing Kuasa Allah Swt , tenang aja ..jare Ronny Santai ...( Gustik












Selasa, 25 Juni 2024

MENEBAK ARAH POLITIK RONNY WAHYONO..BLUNDER KAH...?

MENEBAK ARAH POLITIK RONNY WAHYONO..BLUNDER KAH...?

       Ronny Wahyono Ketua DPRD Pacitan.

Pilkada Pacitan, 24.06.024.
Iki dina langkah Politik Kader Demokrat Pacitan Ronny Wahyono dadi picaturan sebagian warga Pacitan .

Sebagian warga Pacitan menilai , langkah Ronny Wahyono sing ngenekne' silaturahim terbuka karo Partai Partai koalisi (non Demokrat ) jelang Pilkada , dianggep langkah tepat lan berani.

Menurut Dedengkot Partai Persatuan Pembangunan Pacitan Samsuri , langkah pak Ronny ngenekne pertemuan karo Partai diluar Partai Demokrat  kui hal biasa lan ora perlu digede`k  gede`kne'.

Sebagai Politisi , lumrah Ronny  membangun sinergitas karo Partai liya demi Kemajuan Pacitan , dadi ojo sethitik setithik dihubungke karo Pilkada , tegas Samsuri.

Pujo Setyo Hadi Pengurus DPC Partai Demokrat Pacitan 

Sementara Pujo Setyo Hadi Pengurus DPC Partai Demokrat Pacitan ,,urun rembuk,, bab polemik Ketua DPRD Pacitan Ronny Wahyono , sing gawe manuver merapat menyang Partai diluar Partai Demokrat.

Tokoh sing uga jabat Ketua Komisi 4 DPRD Pacitan iku omong , yen Ronny Wahyono secara resmi daftar sebagai Bakal Calon Bupati Pacitan bersaing karo incumben Indrata Nur Bayu Aji.

Berkas kabeh tokoh sing daftar lewat DPC Partai Demokrat Pacitan kabeh wis dikirim menyang DPP Partai Demokrat  ana Jakarta , lan iki dina kari nunggu rekom saka DPP, jare Pujo.

Tokoh sing wis arep 25 tahun dadi anggota DPRD Pacitan iku , nambah ake' yen penilaian kabeh calon Bupati sing daftar lewat Demokrat , salah sijine berdasarkan Hasil  lembaga Survy sing ditunjuk DPP.

Ora enek intruksi saka Pusat secara resmi yen Calon sing daftar lewat Demokrat kudu bangun komunikasi karo partai koalisi / partai diluar Demokrat , pungkas Pujo sing akrab disebut Syech Pujo deplomatis.

Perlu dimangerteni ,  Ronny Wahyono rong dina kepungkur ,  ngenekne konsolidasi/silaturahmi karo Partai koalisi diluar Partai Demokrat ana salah sijine Rumah Makan Pacitan.

Bahkan salah sijine Partai koalisi ngaku, yen Putra Mantan alm Bupati Sujono iku njupuk berkas pendaftaran sebagai Calon Bupati saka Partai Nasdem Pacitan.

Merga langkah Ronny Wahyono sing dianggep cukup berani , dadi pitakonan sebagian Warga Pacitan , enek sing omong yen Langkah Politik Ronny sebagai Pertanda  sikap mbalela .

Isu sing berkembang Ronny wis mulai disingkirke saka Posisi apapun ana DPC Partai Demokrat Pacitan , bahkan posisi Ketua DPRD 2024-2029  pun  meh isa dipastikan bakal ora kejamah alias lepas, sing isune jabatan Ketua DPRD Pacitan bakal diduduki kader Kontroversial Arib Setyo Budi / ASB.

Sementara Tokoh Pergerakan Sosial Bhineka Bangsa Pacitan Ferry Ardiansyah mengaku ,  hal sing lumrah Ronny Wahyono membangun komunikasi lintas Partai , minimal pak Ronny isa ndudohne menyang DPP Partai Demokrat yen pencalonane sebagai Cabub ora muk didukung saka Partai Demokrat , tapi uga didukung saka partai partai non Demokrat , iku malah apik lan wajar , ora perlu dimasalahne lan ora perlu digedek gedekne , tutur Tokoh sing uga Praktisi Hukum ana Pacitan.

Nganti berita iki ditulis , media Pacitan Post urung entuk konfirmasi bab langkah Politik Ronny Wahyono sing ngenekne silaturahim bareng koalisi Partai Non Demokrat,  diparani menyang kantore  Ronny keburu lunga nekani acara liya...( Gustik)











Jumat, 21 Juni 2024

KAKEAN KONSER CAH ENOM MALAH JENUH..GONDRONG MAIN LUWES...!

KAKEAN KONSER CAH ENOM MALAH JENUH..GONDRONG MAIN LUWES...!

Pacitan  Post. 21-06-024.
Pancen lagi Bupati Indrata Nur Bayu Aji , Bupati Pacitan sing demen ngenekne' tontonan / gelar seni.

Sing okeh okeh , warga Pacitan bingung karo kebijakan Bupati Pacitan sing uga Ponakan Presiden Republik Indonesia ke 6 Susila Bambang Yudhoyono, sing kerep ngenekne tontonan 

Sekilas tujuan utama Pemkab Pacitan nuli ngenekne tontonan ,  tujuan Bupati Aji menggairahkan pengusaha cilik / UKM , utamane usaha kuliner lan mendongkrak obyek wisata ana Pacitan ben saya dikenal.

Pancen yen didelok saka kegiatan UKM mungkin enek benere , yen pedagang cilik diuntungke' anane' kegiatan tontonan rutin.

Cuma sayang ! Tujuan Pokok arep gairahke' obyek Wisata Pacitan hasile' justru anti klimak.
Dinas Kebudayaan , Olah Raga & Pariwisata Pacitan sing mestine entuk dampak positif , kenyataane PAD Disparpora Pacitan , saat iki justru anjok / turun tajam dibanding tahun 2017-2018 (sblm Covid).

Artine' ...!...kegiatan bola bali konser/ gelar seni budaya Pacitan , nganti dina iki , urung ketok hasile , buktine' Pendapatan Asli Daerah  ( PAD) ora tercapai target.

Dampak buruk bola bali enek tontonan..!
Mungkin merga jenuh , Penonton konser opo wae' sing digelar ana Pacitan ,  miturut Pengamatan Media sepi penonton.

Contone'...
1.
Konser Cak Sodiq...!
Telung minggu kelungkur , KPUD Pacitan ,  gelar konser New Monata sing digawangi penyanyi dangdut Kondang cak Sodiq 
sepi penonton .
Stadion Kucur Pacitan , sing duwe kapasitas 10.000 penonton , konser Cak Sodiq muk ditekani Penonton sekitar 2000 penonton , padahal ale woro woro KPUD Pacitan sakdurunge' nganti umup.
2.
Konser Deny Cak Nan.
Penyanyi Asal Ngawi sing saiki dadi bojone Bella Bonita alias Belbon, pirang sasi kepungkur , ana Stadion Kucur Pacitan ,  Denny yo ngenekne konser Musik ged`en.

Tapi sayang..! Konser Deny sing diperkirakne' mbludak, ternyata ora sesuai harapan Panitia.
Konser Deny ditaksir muk ditekani penonton antara 3000 sampai 4000 penonton.
3.
Konser Gondrong Gunarto.
Konser Gondrong Gunarto /Trisnawara Chamber Orchestra   sing gawe tajuk :  slendang Biru tak pernah usai  digelar ana halaman Musium SBY wingi bengi ( 20/06).

Soal Jumlah penonton , ora isa diukur okeh orane , merga penonton berdasarkan undangan sing ditaksir sekitar wong 800 uwong , tapi ana njaban pager komplek musium / warga umum sing ora diundang klebu akeh.

Wartawan ,,tenguk tenguk,, ana pinggir JLS ambi ngamati detik detik konser Trisnawarna Chamber Orchestra ana Musium  SBY .

Yen didelok tampilan konser  Gondrong , cukup ciamik , kejaba Profesional tata kelola panggung lan lampu konser cukup bikin wah ...apik tenan.!

Konser sing didanai penuh Kemendikbudrisrek lewat Direktorat Film.Musik lan Media diawali lagu Tradisional Lesung Jumengglung Ciptaan Dalang Kondang masa lalu Ki Narto Sabdo.

Perlu dimangerteni , pancen Pimpinan Pagelaran Gondrong Gunarto konser sing wis dilakoni , khusus nglestar`ekne' / melestarikan karya karya Ki Narto Sabdo,  terutama terkait lagu jawa ana dunia seni Pewayangan , lesung jumengglung , prahu layar lan liyo liyane.

Cuma memang konsumsi lagu lagu Gondrong , pancen muk diminati wong jawa murni / wabil khusus sing seneng Wayang.

Sedang bocah enom enom , makome pancen musik Populer , Dangdut , Pop ,  Rock lan lagu lagu energik melineal.

Wartawan media iki , sempet tekok marang penonton  / bocah enom enom sing teka ana Musium ,, kok cepet mulih mas / mbak ..?
Alah mas wong konser Artis Populer wae aku cegeh nonton , opo meneh iki sing alur critane babar blas ora mudeng .
Jare Siprapto ! Masiha ambi guyon,  Narto Sabdo ki yo sopo ,Gondrong Gunarto ki yo sopo....ha..ha.

Sementara Andry bocah enom saka Klesem Kebonagung, ditakoni kok ora nonton konser Cak Sodiq ..?
Bocah sing lagi lulus SMK tahun 2024 iki omong ..!
Bosen pak ' meh ben minggu kok onok Ko ser/ tontonan...

Ferry Ardiansyah saka LSM Bhineka Bangsa Pacitan , wanti wanti terkait penggunaan anggaran terkait belanja Tontonan/ prayaan.

Ojo nganti membebani APBD Pacitan, baik langsung / ora langsung.
Ojo nganti perangkat Kecamatan utawa Desa ,  podo sambat kabeh merga  kesulitan  anggaran sing bakal dienggo pengadaan property, biaya latihan , upah Pelatih lan uga rampe liyane....

Tulisan ini dikhususkan untuk bahan kritik kepada Pemda Pacitan yang terlalu sering mengadakan konser/tontonan.
Ditulis oleh Pemimpin Redaksi Pacitan Post Group Sutikno.





























Rabu, 19 Juni 2024

DIGAWE KONSER ..SUKET  MUSIUM KUDU AMAN.. AJA KAYA GBK..RUSAK PARAH..

DIGAWE KONSER ..SUKET MUSIUM KUDU AMAN.. AJA KAYA GBK..RUSAK PARAH..


Pacitan Post 20.06.024.
Aja gumun...!
Yen ana Kabupaten Pacitan saben minggu enek tontonan, sebab memang salah sijine' program Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji yo kui ,, ngangkat wong cilik ,, ben terbiasa dodolan.

Jare Turmudi  Kepala Dinas Pariwisata Pacitan , minimal yen sering ngenekne tontonan , warga ora pati nglangut ale mayokne' dagangan , masiha muk sekedar usaha kuliner cilik cilik'an.

Turmudi uga ngomong , semakin kerep konser digelar ana Pacitan , semakin terbuka lebar  pelaku  UKM Pacitan meraup rejeki berlimpah.


Ka.Dinas Pariwisata Pacitan Turmudi , saat konfrensi Pers bersama Artis Gondrong Gunarto ana Gedung  Karya Dharma komplek pendapa Pacitan 

Miturut rencana..'  Konser musik tradisional bertajuk ,, Slendang Biru tak pernah Usai ,,  saka group musik Tresnawara Chamber Orchestra bakal digelar engko bengi ( 20/06) sekitar bakda. Salat  Isa ( 19.00 Wib).

Personnel Group musik sing bakal tampil ana MUSIUM SBY engko bengi , yo kui
  Fanny Soegiharto, Sela Good , Imoeng Mulyadi dkk.

Sayang..' jumlah penonton sing oleh ndelok konser Gondrong Gunarto dibatesi pihak Musium , jumlah penonton ora oleh luwih sekitar  800 uwong.

Group Musik sing sejatine urung pati populer ana Pacitan , bakal ditonton sesuai undangan  Panitia  lan warga lingkungan,tapi terbatas, urai Turmudi .

Sementara Gondrong Gunarto , ngaku ora masalah konser ana Musium SBY ANI dibatesi , maklum kingkungan Musium perlu aman,termasuk suket lan kembang ojo nganti kepinyak pinyak , urai Gondrong sumringah.

Sikap Masyarakat..!
Sakjane program Bupati sering ngenekne Tontonan ana Pacitan gawe bingung sebagian  masyarat Pacitan , mending duit sing bola bali dienggo konser , digawe ndandani  ,, jalan kampung ,, sing rusak rusak..ungkap Tomo..

Sedang warga liyane , setuju Pacitan sering ngenekne Konser , ananging pesene muk siji , suket suket musium ojo nganti kepidak pidak penonton , ojo nganti kaya GBK senayan, merga sering dienggo konser , rumpute GBK blentong blentong..( tik)












Kamis, 13 Juni 2024

BADRUL AMALI DILANTIK JADI PENGURUS DPP DESA BERSATU DI JAKARTA.

BADRUL AMALI DILANTIK JADI PENGURUS DPP DESA BERSATU DI JAKARTA.

Badrul Amali.SH.MH.C.L.A...C.M.Lc...L.Me dilantik Pengurus DPP DESA BERSATU NASIONAL.

Pacitan 13.06.024.
Pengacara Kondang Badrul Amali SH.MH.C.L.A.C.M.Lc.L.Me asal Pacitan ,  wingi (  rabu 12/06) dilantik sebagai Ketua Bidang Hukum & Advokasi DPP Desa Bersatu Republik Indonesia .

Badrul Amali sing omahe Desa Sedayu Arjosari Pacitan dilantik ana sebuah Hotel Mewah Jakarta , Badrul dilantik bareng sekitar 100 pengurus DPP Desa Bersatu periode tahun 2024-2029.

Yen didelok saka Daftar Pengurus DPP Desa Bersatu , Presiden RI  Ir.Joko Widodo  klebu terdaftar sebagai   Ketua Majelis Dewan Penasehat , sedang Mendagri M.Tito Karnavian sebai ketua Dewan Pembina.

Badrul Amali SH.MH.C.LA.C.M.LC.C.Me

Miturut Badrul , sak durunge duduki jabatan ana DPP Desa Bersatu , Badrul uga diangkat sebagai pengurus DPD Desa Bersatu Provinsi Jawa Timur.

Tokoh asli Madura iku janji , bersama prngurus DPP bakal memperjuangkan kabeh desa sing urung isa mandiri  lan urung isa terberdaya secara baik , minimal kabeh  pengurus DPD sak Indobesia , duwe peran penting memajukan desane dewe dewe.

Jare Badrul kuncine muk siji , Masyarakat Desa isa  ,, Reja Mulya,, yen kabeh desa sak Insonesia Bersatu  duwe tekat maju , programe jelas , kerjasama DPD lan perangkat Desa harmoni , ditambah masyarakate pada rukun, insya Allah Desane'  gemah ripah loh jinawi, tutur Badrul.

Perlu dimangerteni, Badrul Amali SH.MH. merupakan Lawyer kondang  Pacitan sing paling aktif lan getol memperhatikan nasib'e wong ndesa .

Lewat Forum DPD Pacitan , Tokoh sing uga Penasehat Hukum Media Pacitan Post Group  iki berjuang mempersatukan anggota DPD sing kadang , kurang di berdayakan karo Pengurus Desa.

Padahal Dewan Perwakilan Desa ( DPD) kunci sukses Pembangunan Desa, tanpa DPD desa ora isa njalanke program kerja , sebab DPD bagian fungsi kontrol pelaksanaan Program Program Kerja Kepala Desa....( Gustik)










Selasa, 11 Juni 2024

SUGENG KUNDUR MAS AGUS...!

SUGENG KUNDUR MAS AGUS...!

Alm. Agus Hermawan Wartawan Portal Pacitan.

Pacitan.12.06.024.
Sapa sing ra kaget'
Wingi awan (11/6) AgusHermawan  ijik nulis berita terkait kegiatan Foging Polres Pacitan lan Aksi bersih bersih Pantai ana sekitar Pantai Pancer Door Pacitan.

Bahkan karya jurnalistik kegiatan bersih bersih Pantai Pancer Door ditulis Agus sekitar 14.30 wib .

Ora nyono ora ngira , rong jam sak bare / sekitar jam 17.30 insan media lan tokoh tokoh Pacitan kaget , buka group WA sing isine' ,, postingan lelayon ,,  Inna lillahi Wainna illaihi Rojiun  sdr Agus Hermawan wartawan Portal Pacitan telah meninggal dunia , diduga karena Jantung.

Kabeh geger ..' seolah ora percaya yen Tokoh sing terkenal disebut Agus Jenggot iki maeng ninggal tenanan, krang .kring..krang ...kring kabeh tekok memastikan opo tenan Agus seda..?

Kronologi..!
Bubar acara liputan jurnalistik  ( 14.00 Wib ) agus Hermawan mulih menyang omahe Dusun Krajan Desa Mentoro , saperlu arep buru buru gawe/ nulis berita terkait kegiatan Bersih Bersih Pantai.

Bar nulis berita , Agus njaluk mangan menyang bojone ,bu aku gawekno mi godok , bar mangan aku arep nang kandang / makani pithik .

Kocapo..!
Bar mangan emi , informasi tetangga Agus langsung makani pithik , ananging Agus kroso awak'e koyo masuk angin lan lemes ora duwe daya ... awakku lemes ...awakku lemes..dadaku sesek..kumat iki aku , aduh.aduh  ora kuwat aku...bar kui agus langsung semaput.

Ditunggu sedilit , kondisi Agus nglentruk ora obah ,  seolah wis kepundut gusti kang akarya jagad , ananging kanggo memastikan secara medis , pihak keluarga gawa Agus menyang klinik dr Warkim, lan fix dinyatakan meninggal dunia,Inna lillahi Wa Inna illaihi Rojiun , mugi kundur ingkang Husnul Khatimah mas Agus.

Riwayat  nekuni dunia Jurnalistik..!
Agus Hermawan ,vAle dadi Wartawan pancen urung pati suwe' , ananging kiprah Agus Hermawan (57) ana jurnalistik wis mewarnai dunia tulis menulis, khususe' ana daerah Kabupaten Pacitan.

Sing Menarik..!
Almarhum sing papane ana Dusun Krajan Mentoro Pacitan iku, miturut catetan Media , urung pernah nulis bab sing ala ala : misale' kasus asusila , perkara  korupsi ,tukaran lan bab elek'e liyan.

Khusus Potensi..!
Seolah wis dadi pakem'e , Agus Hermawan sing asline bocah saka Jawa Barat iku , karya tulisane meh 100% terkait potensi daerah /Pacitan.

Mula tokoh sing terkenal Agus Jenggot iku , klebu wartawan sing rajin menyang dinas dinas lan desa desa golek data sing hubungane karo Potensi Daerah.

Suatu saat  Agus Jenggot ditakoni ! Ngopo kok ora wani nulis sing sifate kontroversi, tokoh sing duwe anak telu iki maeng jawab : Pejabat Pemerintah Kabupaten Pacitan perlu suport ,, ben Pacitan cepet maju kaya daerah liya , sedang sing sifate pelanggaran / kontroversi awakmu  wae brow..he....he.. , jare Agus ambi guya guyu ke`kle`k>>.

Getol sinau agama..!
Awale  alm Agus Hermawan,  klebu tokoh Kontroversial , melu berjuang terkait ketidak adilan, Korupsi lan penindasan ( konon)  bergabung ana LSM luar daerah.

Ananging sekitar 5 tahun iki, Agus getol sinau agama , berbagai macem tafsir Qur'an lan Hadist Nabi , persasat disinau saben wengi ,termasuk klebu blajar ceramah agama.

Pendek kata' perilakune Agus ,  iso diarani malik grimbyang , Sembahyang tepat waktu , ngadohi minuman ber alkohol lan perilaku  /  adab elek liyane kabeh didohi.

Suatu saat Agus Omong..!
Urip kui sifate muk mampir ngombe', nyawa dijupuk karo sing kuasa ora dumeh awan lan sore .
Walilkulli ummatin Ajalun,faidha ja'a ajaluhum,layas tak khiruna saata wala yas takdimun..
                        Artinya.
Jika Ajal seseorang/umat telah tiba, maka tidak bisa ditunda  dan tidak bisa dimajukan...Qs Al Araf 34.

                       KAMI  DARI : 
MEDIA PACITAN POST GROUP , PADEPOKAN ENGGAL BABAR BIRD FARM, MANAGEMEN RESTORAN TIRTA WENING, KELUARGA BESAR SUGIHARTO TUNAS SUBUR , REKAN REKAN FPPA DAN MASYARAKAT DESA MENTORO.
          Nderek bela sungkawa, sugeng kundur mas Agus..' mugi jannah  husnul khatimah....Amin..

Tulisan ini khusus untuk mengenang Alm Agus Hermawan dalam kiprah singkatnya didunia Jurnalistik di Pacitan , ditulis oleh sutikno dari Pacitan Post Group..







Kamis, 06 Juni 2024

WIWIT BG : EKSEKUTIF SIAP ..KETUA DPRD SIAP.. ASB DEG DEGAN...?

WIWIT BG : EKSEKUTIF SIAP ..KETUA DPRD SIAP.. ASB DEG DEGAN...?


Pilkada.07.06.024.
 Kepopuleran Rahman Wijayanto alias Wiwit Bagong , dina iki pancen iso diarani ( fenomena ) kanggone masyarakat Pacitan.

Berbekal semanak / familiar , mantan kades Arjowinangun iki merupakan peraih suara terbanyak ana Pilihan Anggota DPRD Pacitan tahun 2024.

Ora tanggung tanggung , biting Wiwit Bagong ngalahne adoh Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji nalika isih nyaleg Dewan . Wiwit Bagong entuk suara sekitar sepuluh ewu luwih.

Mulo rasah gumun , yen Pilkada tahun 2024 sing bakal digelar akhir Nopember 2024 , Bupati Aji langsung meminang Wiwit BG sebagai Calon Wakil Bupati  Pacitan periode tahun 2024-2029.

Ananging ketentuan sida lan orane , Wiwit BG dadi Cawabub'e Raden Adipati Aji , kabeh  ,, gumantung ,, DPP Partai Demokrat sing duwe hak mutlak menehi surat Rekomendasi Cabub/Cawabub.

Perlu dimangerteni , kejaba Wiwit Bagong , tokoh  pendaftar ana Partai Demokrat  ana Ronny Wahyono , Bupati Aji lan M.Toha ( adik kandung kiai kondang Sodiq Sudjak.

Menyang Media iki , Wiwit BG ( tokoh) Asli Dusun Pager Desa Arjowinangun Pacitan omong , arep ditempke ana Eksekutif utawa ana Legeslatif  ( DPRD) Wiwit ngaku ora masalah, kabeh jabatan iku amanah, Sing penting dilakoni sungguh sungguh ,  jare Wiwit.

Sementara suasana ana Gedung DPRD Pacitan,  para anggota Dewan wis mulai klesak klesik , nyatur posisi Ketua DPRD Pacitan sing bakal ditinggal Ronny Wahyono.

Menimbang aturan lan  kalkulasi Politik internal Partai Demokrat ,kemungkinan besar Kursi Ketua DPRD Pacitan periode 2024-2029 bakal dijabat Arib Setyo Budi.

Tapi yen ndelok saka obahe ,, Incumben,, Bupati Aji sing gencar mromosekne Wiwit BG sebagai pasangan Bupati/wakil Bupati, sebagian tokoh Politik Pacitan akeh sing menilai,  Bupati Aji menehi Raport menyang DPP soal Wiwit BG Sochabat karib'e

Isa disimpulke , seumpama BG ora katut ana seleksi Rekom , minimal Bupati Aji wis menehi  ,, kekarep ,, Wiwit BG dijaluk mimpin DPRD Pacitan tahun 2024-2029.

Seumpama prediksi iki bener, sing ketir ketir Ketua Fraksi Demokrat DPRD Pacitan Arip Setyo Budi , sing wis suwe dambakne dadi  Pimpinan DPRD Pacitan.

ASB pernah  omong , pancen ora iso dipungkiri yen atine duwe kekawatiran kursi Ketua DPRD lepas saka tangane , Arib sadar perolehan suara ana pileg tahun 2024  kalah karo Wiwit BG ( Konco separtai ).

Jujur aku pak , masiha prosentase' kursi Ketua DPRD Pacitan bakal isa kecekel , ananging Tokoh Bela Diri saka Tulakan iku ora mungkiri , yen Peluang Wiwit BG uga duwur .

Kejaba  Rahman Wijayanto merupakan sobat karib Bupati , Wiwit BG merupakan peraih suara terbanyak , ojo ojo dienggo landasan DPP sebagai Hadiah Ketua DPRD Pacitan periode 2024-2029, , tapi ditunggu wae lah arep didapuk jabatan ana ngendi wae sebagai kader aku siap mbah..,pungkas ASB..( Tim)








Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done