PACITANPOST
News Update
Loading...

Minggu, 16 Oktober 2022

PUTRA RAMBAH   BABAK BELUR DI SIKAT BROMO..

PUTRA RAMBAH BABAK BELUR DI SIKAT BROMO..


Pacitan Ppos.16.10.022.
Popularitas Tim  Bola Volly Putra Rambah asal Desa Ketepung mambengi iso diarani  ajur mumur ora karu karuan.

Gara garane , tampilan tim  Volly besutan Hadi Wiyono Kades Ketepung  ana ATAP OPEN Tahun 2022  memble koyo pitik kejalu.

Pertandingan Bola Volly sing dilaksanakne ana GOR   Sidoharjo Pacitan disaksekne sekitar 3000  penonton, klebu Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji.

Tim Bola Volly asal Desa Ketepung ditekuk Putra Samudra.

Pertandingan Final antara Putra Rambah Vs Putra Samodra berjalan anti klimak , penonton berharap  pertandingan seru , tapi sayang permainan seolah ora pati  imbang .

Putra Rambah sing biasane Jawara main sembrono , kakean bal mati , utamane serven sing bola bali mati , nek ra gandul yo metu.

Ora tanggung tanggung ,set pertama serven Putra Rambah mati nganti ping sepuluh ,sementara Putra Samudra serven mati muk ping papat.

Putra Rambah sing sempat ketinggalan 2-0 akhire iso nututi 2-2 berkat pergantian Toser , Pangat sing memang duwe keahlian khusus set ke 3 dilebokne lan akhire iso nututi.

Sayang set penentuan , Putra Rambah kalah 3-2..vs Putra Samudra tim besutan Verry owner Putra Bromo Samudra.

Miturut Mantan Ketua Koni Pacitan H.Sugiharto  sing uga Pemerhati Bola Volly Pacitan omong yen Putra Rambah awal set pertama lan kedua ketok lesu lan  ora kompak, seolah menehi saran,mestine Pangat dilebokne saka awal  , tosere impor ora jalan jare H.Sugiharto mantan Ketua koni Pacitan , diplomatis.

Tim Sahabat Bupati,kalah kelas
Sementara Pertandingan tim Bola Volly  Putri dimenangkan tim Margono  Sekar Taji  saka Kecamatan Kebonagung ,  tim besutan Denny sing kabare arep nyalonke Anggota DPRD Pacitan iku menang telak atas Putri Metro  Prodruction desa Sidoharjo Pacitan , 

Tim sing  disponsori  Bos Sound System Pencrit iku , dadi bulan bulanan tim Margono Sekartaji  3 set langsung lan kudu nrimo  ana Posisi kedua, tim milik sahabat Bupati kalah didepan Bupati. Kalah kelas brow .( Gustik)

Menikmati Bebek Sinjai Gustik mampu meningkatkan Stamina yang lagi loyo , Bebek Sinjai Gustik mampu mengalahkan  lawan lawan mu..iklan Maneh..!





Rabu, 12 Oktober 2022

LIYANE WEDI KELI , HARIAWAN NEKAD TERJANG BANJIR

LIYANE WEDI KELI , HARIAWAN NEKAD TERJANG BANJIR


Pacitan Ppos,12.10.022.
Banjir kota  Pacitan dina iki lumayan gede masiha urung isa disebut banjir bandang , tapi masiha ngono dalan dalan protokol Pacitan ora iso diliwati merga banyu banjir jerone  sekitar 50 cm.

Sekolah sekolah tetep mlebu,kantor pemerintah ,bank uga tetep buka , yo muk anggora Dewan sing blas ora enek sing ketok mlebu kecuali staf lan Hariawan ST sing konsekwen mlebu kantor.

Ditakoni wartawan , kok nekad mlebu pak .?  La wong bocah sekolah wae pada mlebu kok, mosok anggota Dewan sing gajine gede pada ra gelem mlebu.

Padahal nek tak gagas gagas , daerahku Ngadirojo  iki jam yo banjir gede, tapi gandeng iki dina enek acara RDP aku kudu mlebu ,  jare Kader Nasdem iku ambi srupat sruput ngombe kopi.

Hariawan ST dikancani Sutikno Ketua SAR Bhineka Bangsa Pacitan ,nekad mlebu masiha banjir.

Perlu dimangerteni , saben dina Kota Pacitan diguyur udan deres meh saben dina sing nyebabne kali cilik cilik pada luber menyang dalan gede lan pekarangan penduduk.

Tapi masiho ngono , sekalipun ora terdampak langsung merga banjir , ternyata enek korban sing mati 

Sing loro bocah Sekolah SMP I Arjosari ,ningal  keseret banyu   merga adus kali , sing siji  wong  Purwo Asri Kebonagung ninggal diduga Gigol saka kreteg merga kepleset , kabeh korban wis ditemokne warga lan wis dikubur kabeh.


Sementara terkait kerusakan Fasilitas Negara  Informasine  Polindes Karang Mulyo Kebonagung sing ketiban Watu sak engkel , merga ketiban watu  enek salah siji ning  warga sing arep mbayi  ono Polindes nganti baul ora sido ..prucut...

Nganti seprene Polindes ora kenek difungsikan , njaluk nyang Pemerintah jare disemayani tahun ngarep ,. Njaluk bantuan desa jare Kades ora iso mikir saiki , Alhasil nek enek wong raduwe arep berobat ora iso ditangani.

wit Rubuh ana Dalan Gede Mentoro disingkrihke Dozer saka Balai Pemeliharaan Jalan dan Jembatan Pemerintah Pusat.

Udah deres koyo pinusus iki dina ,  sing nyebabne dalan dalan Pacitan pada kleleb , sekitar bedug banjir  wis mulai surut , sekalipun warga enek sing  mulai oyeng tapi ora enek kedadean opo opo, kecuali wit rubuh ning nduwur krajan mentoro.

SAR Bhineka Bangsa sing dilapori Warga , bergerak cepat kontak Jujuk  salah sijining  Pegawai  Balai Pemeliharaan Jalan lan jembatan Nasional sing kebetulan Kantore Ngarep Pasar Kambil Mentoro , laporan ditanggapi lan langsung dikirim Dozer., Matur nuwun nggih mas Jujuk....mugi Gusti Allah sing mbales .( Gustik)

Mobil SAR Bhineka Bangsa bermaksud mau ikut evakuasi anggota Dewan yang ingin masuk kerja, karena jalan sekitar Kantor DPRD Pacitan setinggi 60 Cm , sayang sejimat ora enek sing mlebu.












Selasa, 11 Oktober 2022

CAH KELI WIS KETEMU , TENAN TO DUDU JEROAN CAH KELI..

CAH KELI WIS KETEMU , TENAN TO DUDU JEROAN CAH KELI..


Pacitan 12.10.022.
Pitung  jam saka penemuan Jeroan ning desa  Purworejo, akhire Dika korban khentir / keli ning kali Termas ,  ditemokne ning kali grindulu sekitar JLS desa Kembang.

Korban ditemokne warga dalam kondisi meninggal dunia , jasad siswa SMPN I Arjosari Pacitan iku langsung dievakuasi menyang Rumah Sakit Darsono Pacitan.

Bengi kui saka Rumah sakit langsung digawa nang rumah duka dusun Sunoman Desa Jatimalang  Kecamatan Arjosari Pacitan , direncanakan isuk iki Dika bakal dimakamne .
 
Diperkirakan nek ora udan, rumah duka bakal dipenuhi konco koncone SMP I Arjosari sing sedino sak durunge ngenekne doa bersama.

Perlu dimangerteni , Dika ning omah Jatimalah muk melu mbahe , sedang wong tuwane loro lorone kerja ana surabaya.

Sediono anggota DPRD Pacitan, ngajak  kabeh warga  ngawasi anak anak, ora mung dulur lan anake dewe , misale ngerti Bocah adus kali kudu diperingatne,nek perlu dilaporne nyang wong tuane utawa dulure.

Merga apa ?  Wis bola bali bocah keli ana kali merga pengawasan saka wong tuwa klendran, bocah dolan ning endi wae dijarne wae .

Jenenge jaman saiki , ditukokne sepeda motor kebut kebutan , ditukokne Hp malah nge game , dikon bal balan malah adus kali , angel angel ..jare diono...( Gustik)

WEDI JEROAN CAH KELI , DOYO DOYO DIGAWA NING PUSKESMAS JATI MALANG

WEDI JEROAN CAH KELI , DOYO DOYO DIGAWA NING PUSKESMAS JATI MALANG


Pacitan Ppos,11.10.022.
Nganti dina iki Jazad Dika , siswa SMPN I arjosari  sing kenthir / keli ning kali Termas urung ditemokne.

Kabeh pemuda ,BPBD, Polisi lan ormas Arjosari persasat  kabeh melu nyemplung ning kali  Grindulu  golek'i nasib'i Dika.

Gandeng tim tim sing melu nyemplung ning kali ora pengalaman medis , barang barang sing ketok mencurigakan ning banyu di waspadai, klebu penemuan barang sing koyo  kebuk ( Jeroan )

Miturut  Laporan Polsek Kota, barang mencurigakan iku di temokne' sekitar desa Purworejo  Kecamatan Kota Pacitan.

Miturut Nur Sigit , Merga  wong wong ora mudeng medis , barang sing koyo kebuk ( jeroan)  maeng sekitar jam siji awan  dievakuasi menyang Puskesmas Jati Malang Arjosari ,  saperlu di identifikasi  tim Medis,  jeroan menungsa ..? ..opo jeroan kewan...?

Penemuan Kebuk / jeroan ana desa Purworejo .

Dasar menungsa jaman saiki meh kabeh duwe HP, opo  opo pingine gek ndang up date, al hasil identifikasi  kebuk urung enek hasile , berita ning medsos wis kadung rame.

Diramal sak durunge Jumat wis ketemu.

Peristiwa klelepe bocah keli , sing saiki urung ketemu, diramal dina jumat ,bahkan mungkin sak durunge , korban  murid SMP I Arjosari Pacitan  bakal ketemu..( gustik)






BAWASLU SERET SING TUKU BITING , KLEBU SING DUWE BITING...Jare'

BAWASLU SERET SING TUKU BITING , KLEBU SING DUWE BITING...Jare'

Wartawan  TV ONE.TV RI.Times.RSP & Pacitan Post ikut Sosialisasi KPUD tentang Tahapan Pemilu tahun 2024.

Pacitan Ppos, 11.10.022.
KPUD Pacitan maeng esuk ( 11/10) ngenekne sosialisasi Tahapan lan Jadwal Penyelenggaraan  Pemilu ana Hotel Srikandi jl Ahmat Yani Pacitan.

Sosialisasi sing ditekani Camat sak Pacitan, Bupati / Perwakilan , Bawaslu ,Kepolisian ,Kodim 0801 lan sebagian  Wartawan , dibuka secara Resmi Ketua KPUD Pacitan Sulis Styorini.

Sulis Styorini omong , yen sedelo maneh / tepate mulai tanggal 15 oktober 2022 KPU arep ngenekne Tahapan Verifikasi Partai Peserta Pemilu tahun 2024.

Ananging sing menarik , acara sosialisasi KPU  maeng awan , Bawaslu Pacitan sing diwakili Ketuane langsung Berty Stepanus tampil menggebu nggebu bak KPK bar ngenekne  OTT /  nangkep koruptor.

Jare Berty ! , Pemilu tahun 2024 Bawaslu Pacitan bakal ngawasi segala bentuk pelanggaran Pemilu,  utamane Pelaku sing tuku biting ( politik Uang ) ,Netralitas PNS dsb.

Pokok'e sopo sing tuku biting konangan , Bawaslu Pacitan ora bakal ampun , Pasti tak lebokne Prodeo , ora mung sing tuku , sing dodol bitingpun bakal tak proses .

Mantan Sekretaris KPUD Pacitan iku uga omong  ,, PNS kudu Netral ,, sopo sing konangan ora netral , ngeblok Partai tertentu , nggolekne' suara caleg , ngedum duit lan sakpiturute ,,  Tegas ,, bakal diproses hukum sing berlaku berdasarkan Undang Undang Pemilu lan Undang Undang liyane terkait PNS.

Saking menggebu nggebune  pak Berty arep  ,, Gasak ,, pelanggar Pemilu ,  wartawan iseng  tekok  ,, Formula opo sing paling effektif kanggo mencegah Money Politik / wong tuku biting .?

Jawabane Bawaslu  ,, mak kluthik ,, Peran serta Masyarakat kudu diberdayakan . Ealah.....tak kiro Bawaslu  duwe Program JITU  sing iso ngendekne  / mareni wong tuku biting ,, jebul ,,....

Perlu dimangerteni , soal pelanggaran Pemilu utamane bab Tuku Biting utawa politik uang , sejak  awal Reformasi nganti seprene  wis ora iso dibendung alias sang soyo ndadi.

Arep dadi anggota DPRD Pacitan , jangankan duwe duit 600 juta , lha mbok sak milyar to nek salah ale ngecakne yo ambyar...

Rata rata anggota Dewan sing dadi saiki , kabeh ngentekne duit paling elek 800 juta - 1,2 Milyart, wis pokok e ngentekne rejat , jare Bagus SP  sing isune bakal Pindah Partai  , saka Hanura menyang Demokrat.

Kader Hanura iku terang terangan omong  , pindah partai saka Hanura menyang Demokrat  ,, tendensiku ,,  golek suara ben ora abot abot , merga Wong Pacitan rata rata isih menghormati Pak SBY....( Gustik)




Sabtu, 08 Oktober 2022

RUDI MATI GIGOL KET KRETEG , SIJI JOSARI URUNG KETEMU.

RUDI MATI GIGOL KET KRETEG , SIJI JOSARI URUNG KETEMU.


Pacitan Ppos, 09.10.022.
Gara gara udan deres, Rudi Jatmiko ( 50) ninggal  tibo menyang kali  , diduga akibat kepleset  kreteg kali cilik Kebonagung.

Dugaan kepleset , berdasarkan visum dokter sing ora nemui tanda tanda kekerasan ana jasad korban.

Miturut catatan / laporan kepolisian Polsek Kebonagung , dino Sabtu (08/20) sekitar jam enem isuk  Supar lan Tumari arep menyang sawah pasang wuwu , ananging Supar kaget kok ono kain ketok njembul ana sawah.

Rumangsa curiga Supar nyeluk Tumari ndelok kain njembul  ana tengah sawah.
Kocapo bareng didelok ternyata mayit tengkurep.

Wedi salah , wong loro age age bengak bengok nyeluk warga Desa Purwoasri lan diteruske lapor menyang Polsek Kebonagung.

Dugaan masyarakat , Korban sengaja nyebrang kali , mungkin  pas mlaku kepleset langsung mlebu dasar kali sing jero , berita ning medsos korban gigol saka kreteg , kemungkinan kecil jare Warga sing ora gelem disebut.

Jasad  Rudi Jatmiko Warga Dusun Sampang Desa Purwoasri keli nganti teka persawahan penduduk.

Pihak Polsek Kebobagung pacitan mbenerake ana kedadean warga nemu mayit wong keli ana tengah persawahan, korban bar divisum langsung diserahne keluargane.

Cah Keli Arjosari sing siji urung ketemu.
Sementara korban kentir ning kali Termas Arjosari nganti seprene sing siji urung ketemu.

Menurut Nur Sigit Effendi , sing lagi ketemu lagi Hidayatul ( 13) sedang Dika nganti seprene urunh ketemu.

Sekalipun iki dina urung ketemu, warga desa Arjosari lan Jati Malang isih golek'i korban sing jik sekolah SMP , muga muga gek ketemu pak ,jare mantan anggota Dewan saka Hanura iku.

Terlepas kabeh wong mati  dina Sabtu wingi merga kepleset utawa keseret banyu kali , kabeh ora lepas akibat banjir bandang sing nerjang sebagian wilayah Pacitan.
Intine ' Banjir bandang Pacitan Sabtu wingi nelan korban  wong telu mati...( Gustik)





 KORBAN GAME ..THUYUL ..WONG SEMAPUT .. MBLADER... EALAH..

KORBAN GAME ..THUYUL ..WONG SEMAPUT .. MBLADER... EALAH..

Pacitan Ppos.09.10.022.
Meneng meneng wong Pacitan sing keblelon Game thuyul  / semacamnya jumlahe ewon , terutama bocah enom enom utawa oknum  sing pingin cepet sugih  ndadak.

Awal wong  Pacitan kranjingan bisnis Game Ajaib / thuyul  , saka pemuda Gayam Kebonagung sing sugih mendadak srana muk ndadep HP.

Bocah Kebonagung sing sempet tuku / lelang sepatu pejabat Publik Pacitan rega 600 ewu dibayar 25 juta  iku ternyata  gawe magnit pemuda lan wong tuwek sak Pacitan.

Gara gara pingin sugih srana kerja menak, bocah enom enom ,, ggrejeg  ,, nyang wong tuwek kon nukokne '  HP,  lengkap aplikasi  / perangkat Game Ajaib .

Saking semangate ale' tuku Hp  nganti ora umum,  cah siji  enek sing tuku nganti sepuluh HP , paling elek lim@ng hp , wektu kui alesan nyang wong tuwek  soyo okeh tuku Hp soyo okeh entuk'e duit.

Jenenge wong tuwek ' , ditangisi anak kepekso  age age golek utangan Bank utawa ngedol pomahan ,yo muk nggo tuku HP plus perangkat game sing regane antara 5 - 15 juta.

Sing lucu ! kasus keblelon tuku game tuyul ,  ternyata bareng   ditlusur tlusur ,  korbane ' ora mung cah enom , wong tuwek tuwek sing pingin cepet sugih jumlahe mblader ora mung atusan tapi ewon.

Rata rata wong tuwek tuwek sing bangkrut keblelon game thuyul isin crito ambi konco utawa tonggo , pokok' e ngerti ngerti bangkrut ngono wae.

Lucune ! Bocah enom enom sing sejege urip ora nate urusan  bank utawa koperasi , iki dina isih diuber uber petugas Bank lan Koperasi nagih utang.

Prawito sing kanclop merga anak'e bisnis game thuyul , ngaku duwe utang 70 juta nyang bakul sapi , akhire sapi telu dijupuk bakul , kojor mas mas mbok wedok nganti struk gara gara game thuyul.

Jenenge Petugas Penagih , ora ketemu anake ditemoni wong tuwane , bahkan nek raketemu loro lorone , mbakyune digolek!  Wah kulo niki isin , mosok kulo pas teng pasar ditekani petugas koperasi bab utang adik...jare Endang ambi klecam klecem.

Dasar cah enom  enom , ditagih petugas Bank  nek 'ora  mlayu yo minggat /
Utawa  mumpet ning omahe koncone.

Sing kojor ! Wong tuwane bocah , ora ngerti kentang kimpule ' , saben dino ditagih petugas Bank , jal arep mlayu teng pundi pak....kojor le' le' , thuyul  barang kok mbok tuku.. to le le...( Gustik)




Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done