PACITANPOST
News Update
Loading...

Senin, 10 Maret 2025

AWAS .! ORA ENEK WISUDA WUSUDANAN ..!

AWAS .! ORA ENEK WISUDA WUSUDANAN ..!


Pacitan Pos.10 .03.025.
Era Presiden Prabowo Kabeh di sing mbebani masyarakat di pangkas habis.

Ora muk sekedar anggaran Infrastruktur , anggaran perjalanan Dinas , termasuk koyo to acara wisuda wisudanan sing mbebani wali murid dilarang total.

Misale Kanggo Provinsi Jawa Timur.!
Lewat nota Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur nomor 000.1.5/1506/101.5/2024 Purnawiyata SMA.SMK.SLB dilarang keras ngenekne Acara Wisuda wisudanan , opo meneh nganti mbebani orang tua Murid.

Kacabdin Provinsi Jawa Timur UPT  Pacitan  Indiyah Nurhayati MPd , ngelingke marang Kabeh kepala Sekolah SMA, SMK lan SLB kudu tunduk marang Kadis lan peraturan pemerintah liyane

Kacabdin wedok , sing sedela meneh pindah tugas saka Pacitan iku , ngaku ora tanggung jawab yen enek sekolah sing nglawan , alesan opo wae pokok'e ora entuk , kingko kingko jare Indiyah kawatir.

Sementara Sekretaris LSM Bhineka Bangsa Pacitan Ferry Ardiansyah , sangat setuju Kabeh anggaran sekolah sing mbebani Wong Tuane murid di pangkas,koyo to Piknik lan acara kelulusan sing dibarengi acara Hedon Wisuda wisudanan.

Perlu dimangerteni , Sakdurunge Intruksi Presiden Prabowo pengetatan anggaran ana segala bidang , praktek konyol koyo to Acara Tour lan Acara Wisuda Purnawiyata sering membebani Masyarakat ..( aldino)

Jumat, 07 Maret 2025

Ale' Pingin bali Nyang Kalimantan Koyo embuh , Sugeng kundur mas Tio Mugi Husnul Khatimah.

Ale' Pingin bali Nyang Kalimantan Koyo embuh , Sugeng kundur mas Tio Mugi Husnul Khatimah.


Pacitan Post.07.03.025.
Wartawan Senior Rio Ardian pancen wis sak wetara suwe' Ale Nandang gerah , tapi semangat kerja ,patut diapresiasi ,padahal saben 3 pisan kudu cuci darah ana RSD Pacitan

Mungkin merga wis takdir , kira kira seminggu almarhum Tio ngecek ( meksa  bojone )  pingin Bali menyang Kalimantan, tanah asale almarhum Tio.

Kocapo..!
Lagi sedina ana Kalimantan Tio drop , akhire digawa Ning rumah sakit Fatima Kalimantan sesuai rujukan RSD Pacitan ,Tapi  kondisi  pak Tio terus memburuk, pihak RS Fatima butuh 3 ampul darah, tapi ora enek  stock darah 

Rio Ardian saat komunikasi terakhir dengan ketua FPPA mengeluh soal stock darah di Kalimantan yang kosong.

Pesan Terakhir  Tio .
GUS !  Tulung klaimku Dinkes Kon nyairke tak go tambah tuku darah , trus aku Ojo dikandakne Karo konco konco yen aku lagi drop Yo Gus ,

 Tio uga omong ternyata soal stock darah ora koyo Ning Pacitan,  jare almarhum Tio  Ambi dudohne foto saat terbaring .lemah ana RS Fatima Kalimantan.

Jam 21.00  Dina Iki maeng jumat ( 07/03) wib Bojone Tio hub  Ketua FPPA yen Tio dalam kondidi Kritis ,njaluk  doa konco konco FPPA , Lan akhire mantan Penyiar sebuah Radio ana Pacitan iku tepat jam 22.20 dipundut ngarsanipun  Gusti Allah..Sugeng tindak mas Tio...Husnul Khatimah...( tik/ Aldino)


Jumat, 28 Februari 2025

Sopir turu.Imam Masjid Kedawung Slamet Saka Kecelakaan maut.

Sopir turu.Imam Masjid Kedawung Slamet Saka Kecelakaan maut.


Pacitanpost.
Ridwan Imam Masjid Al Hidayah Kedawung Mentoro , Slamet saka kecelakaan maut ana Jl Raya Desa Bangunsari Pacitan.

Miturut keterangan saksi mata ( Darminto) Mobil jenis Panther biru nopol B 2737 XV melaju saka arah Sedeng , teka Balai Desa Bangunsari mobil wis ketok oling 

K anggo mengindari ditabrak  saka mburi , mobil silfer jenis Avanza  Nopol. AE 1748 RQ  minggir meh teka halaman Super Market , Ananging kocapo.! mobil sing ditumpangi Ridwan justru ngantem mobil sing wis minggir , Panther langsung Munggah nabrak pager tembok Super Market nganti Jebol.

Pager Super Market nganti Jebol ditabrak sopir ngantuk.

Sementara penyebab tabrakan , diduga sopir ngantuk , Iki ora muk sekedar ngantuk mas, tapi turu sopire , jare warga sing ngrubung kedadean tabrakan ana Super Market Bangunsari Pacitan.

Sekedar tambahan informasi , ana kecelakaan maut Iki Ridwan ,Bojone Slamet masiha ijik trauma.
Sedang sopire pak No ( 63) luka ringan lan dievaluasi warga menyang RSD Pacitan , Nano ngaku pancen ngantuk pol , masihan sejatine wis selalu dijagongi Bu Tus 

Ridwan  Pengusaha Ban Bekas  asal dusun Kedawung  Desa Mentoro Pacitan , critane ngontrolke bojone ( Tusini) Ning Jogja , lan bengi Iki rencanane ditugasi  sebagai pembuka salat Tarwih ana Masjid Al Hidayah Kedawung..(tik)

Pak No Sopir Ngantuk / turu ,  tapi Slamet ana Kecelakaan maut Desa Bangunsari Pacitan.






Rabu, 26 Februari 2025

LONGSOR IJIK BERBAHAYA  BUDI MENEHI SARAN ATI ATI...OJO LUNGA WENGI YEN RAKEKSO

LONGSOR IJIK BERBAHAYA BUDI MENEHI SARAN ATI ATI...OJO LUNGA WENGI YEN RAKEKSO


Pacitanpost.26.02.025.
Buka  tutup dalan Pacitan - Ponorogo ijik sawetara waktu , merga material longsoran gede banget lan Atos.

Miturut Kepala UPT Dinas PU Binamarga Propinsi Jawa Timur Area Pacitan Ir. H.Budi Hari  Santoso ST MT omong yen nganti Dina Iki ( Selasa 25/02) urung Isa dibuka total , alesane kejaba saking gedene watu,  longsoran uga isih kemruthuk jiglok saka duwur.

Jare Budi , aku ora wani spekulasi ,merga  watu sak ndas ndas ijik sering jiglok saka nduwur, mula  Ojo sok lungo bengi merga  kondisine peteng ndedet ora enek lampu.

Perlu dimangerteni , longsor ana desa Gedangan Kecamatan Tegalombo pancen tergolong berat , sanadyan  UPT Dinas PU Propinsi  Jawa Timur wis ngirim  2 alat berat , tapi pembersihan material longsor urung tuntas.

Sekedar tambahan informasi , udan deres ( ekstrim)   sing guyur wilayah Pacitan ternyata ndadekne tanah tanah lembah dadi gembur , klebu tanah sepanjang pinggir Kali Grindulu sing tepine kanggo  ( jalan) utama Pacitan  Ponorogo...( Tik)






Senin, 17 Februari 2025

Kecelakaan sedeng , sing salah sing duwe dalan.

Kecelakaan sedeng , sing salah sing duwe dalan.


Pacitan post.18.02.025.
Umpama enek Truck ,  kecelakaan ana jalur alternatif Sedeng , ora usah nyalahne sapa sapa ,  kecuali Dinas Perhubungan ( DLLJ)  Pacitan .

Sebab Kawit jaman lekak , segala macam truck Pancen ora entuk liwat , bahkan ana pintu masuk sebelah etan lan kulon  ndisik diwenehi portal , tapi sayange' ! jaman saiki portal portal kui wis ora enek , akibate mobil jenis Truck sering lewat Kono lan sering terjadi kecelakaan.

Opo neh jaman saiki era google maps, akeh kendaraan di Blondong blondrongke Google Maps sing akibate Fatal .

Sebuah Truck asal Wonogiri ngalami rem blong di jalur alternatif Sedeng Pacitan,tidak ada korban jiwa.

Koyo sing dialami Truck asal Wonogiri awan Iki maeng (18/02) , merga diduga rem blong Truck nopol B 9190  BRV sing disopiri Ari Budiyanto Goling ana pinggir ruas dalan.

Sopir ngaku panik saat pedal rem dipidak ngeplos lan menyadari rem blong sopir buru buru banting stir menyang tengen , bersyukur mobil truck muk Goling .

Miturut keterangan Thomas Humas Polisi Polres Pacitan , Mobil jenis Truck jenis ( sasis pendek /:<engklek) pas lewati dun dunan sing cukup curam , ujug ujug rem blong sing nyebabne truck glundung .

Ana kecelakaan kui , Sopir asal Gebang Etan desa Wonoharjo  Kabupaten Wonogiri bersyukur muk luka ringan, diperkirakan kerugian kerusakan truck muk 15.000.000 .

Merga jalur alternatif  (Sedeng ) bola Bali terjadi kecelakaan Truck , Polres Pacitan menghimbau Kabeh kendaraan jenis Truck ora lewat Sedeng merga tanjakan lan turunan Tajam , Kabeh Truk kudu lewat kidul Dadapan...( Tik)







Senin, 10 Februari 2025

TOTOK SLAMET SAKA PERISTIWA ADU BANTENG.

TOTOK SLAMET SAKA PERISTIWA ADU BANTENG.

Pacitan Pos.10.02.025.
Nyawane Totok , penjual bensin eceran  sing biasa mangkal ana ngarep Masjid Al Hidayah Kedawung Mentoro ,  Isa diarani  isih slamet lan kebejan.

Jare Totok ! aku kui lagi asyik ndelok Tik Tok , lha kok ujug ujug mak ..braaaak. seru banget  persis Ning sampingku.

Aku lagi sadar jebul enek mobil adu banteng persis cedak  lehku lungguh .
.
Mobil jenis Pickup Grandmax  nopol AD 9327 DV  melaju saka arah kulon ( Pacitan)  sedang Truck Engkle melaju saka arah etan ( Lorok) .

Ora enek wong ngerti persis kronologi tabrakan , sing jelas  mobil Truk Engkle  sing  lazime sirahe madep ngulon , nganti berbalik madep  ngetan,secara logika   peristiwa tabrakan saking kerase'.

Akibat tabrakan  adu banteng esuk Iki maeng ,kondisi sopir Grandmax sing jenenge Bagyo masiha cidera berat, nyawane isih slamet ,bahkan  Tutik bojone Bagyo sing lungguh ana sampinge sopir muk cidera ringan.

Menurut keterangan  Chandra , Polisi Polres Pacitan sing nangani kasus Laka Mentoro , Kabeh korban wis digawa Nang RSD Darsono Pacitan .

Pak Yani ijik Ning Rumah Sakit nganter korban , terkait kronologi tabrakan urung Isa dirilis merga Kabeh urung isi diproses.

Sekedar tambahan informasi , Bagyo Sopir Grandmax  ternyata isih kerabat dekat anggota DPRD Pacitan Win asal Ketro , Bagyo lan Tutik bojone saben dina merupakan pedagang sayur Pasar Minulya.

Merga isuk isuk Bagyo lan bojone sering banget  bakulan Ning pasar minulyo ,   enek dugaan Pak Bagyo ngantuk..sebab rata rata Pak Bagyo menyang Pasar minulyo sekitar jam loro bengi...tik

Kamis, 06 Februari 2025

IBUNIPUN  PAK BUPATI AJI  SEDA, MUGI HUSNUL KHATIMAH BU ENDANG...SUGENG KUNDUR...

IBUNIPUN PAK BUPATI AJI SEDA, MUGI HUSNUL KHATIMAH BU ENDANG...SUGENG KUNDUR...

Pacitan 07.02.025.
Gerah sawetawis ( stroke )  ibu nipun bapa Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji ( Wati Sujono) injing puniko  ( 07/02) kapundut marak sowan dumateng ngarsanipun Allah SWT.

Miturut informasi saking tetanggi pak Bupati ( Supri)  injing puniko sedanten kerabat sampun ketawis ngempal wonten dalem  Joglo Ploso Pacitan  , klebet pejabat pejabat Pemkab Pacitan sampun sami ngempal saperlu nyiapaken upacara pemakaman .

Perlu dipun mangertosi , Ibu Endang Widowati  inggih puniko Garwanipun bapak Sujono mantan Guru SMAN I Pacitan  ugi mantan Wakil Bupati Pacitan , gadah Putro ingkang sedanten dados tiyang penting wonten nagari Indonesia , wonten ingkang dados  Perwira TNI , Anggota DPRD Provinsi lan dados Bupati Pacitan.

Suasana rumah duka Jenazah sedang dipersiapkan untuk dimandikan

Ibu Endang Widowati , informasi ingkang mlebet saking Media, Bade dipun Makomaken antawis tabuh .9.30 wib , wonten pemakaman  i Kucur Kelurahan Sidoharjo,ananging wonten informasi Malih bilih wekdal pemakaman tabuh ba'da salat ashar nengga bapa Bupati rawuh saking Jakarta.

Gandeng Bumi Pacitan menika wiyar , warga Pacitan ugi kathah , dipun perkirakaken Griya Lelayu   ingkang papanipun wonten Joglo Ploso  penuh  para Ta'ziah ingkang dugi saking pundi pundi 

Ucapan duka cita saking berbagai kelompok masyarakat Pacitan , milai karangan Bunga lan sak piturut ipun sami berdatangan klebet ucapan bela sungkawa saking Forum Pewarta Pacitan ( FPPA) ..( Tim)





Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done