Pacitan Ppos.22.07.024.
Jelang Pilkada Pacitan tahun 2024, warga Pacitan dihebohke' Baleho Gagarin sing wernane' ora kuning koyo biasane.
Ditengah isu rekom sing wis mudun , ujug ujug Ketua DPD Partai Golkar Gagarin , pasang Baleho , sing wernane didominasi werna biru sing identik werna Demokrat.
Masiha muk sekedar Baleho, merga momen Pilkada dianggep penting , baleho werna biru ( Gagarin) dadi spikulasi liar sing kadang dadi perdebatan panas.
Enek sing berspikulasi , werna biru menandakan Pasangan Indrata Nur Bayu Aji tetep karo Gagarin sebagai Pasangan Cabub / Cawabub.
Bahkan akeh legislator Pacitan berpandangan pada karo kebanyakan warga.
Misale' ! Ketua DPC PPP Agus Setyanto , Hariawan lan sediono berpandangan yen Pilkada Pacitan panggah adem ayem alias wis bar.
Sing repot meneh , ternyata ora mung masalah Baleho werna biru sing dadi rasanan , ananging sikap Gagarin sing ujug ujug nongol ndelok Lavani tanding Final Proliga ana Jakarta bareng Bupati Aji lan staff liyane.
Didelok saka gesture Gagarin , wajah sumringah tanpa beban , warga Pacitan menilai , Pilkada Pacitan lanjutkan Nyawiji jilid 2.
Ananging kabeh muk tebak tebak'an , urung enek kepastian terkait Rekom Demokrat , Cabub'e sopo, wabub'e sopo nganti dina iki urung resmi direlise.
Bagus Surya Pratikna (timses) Wiwit Bagong , yakin 99,9 persen jagone bakal entuk rekom DPP Partai Demokrat sebagai Wakil Bupati Pacitan dampingi incumben Indrata Nur Bayu Aji.
Aku yakin mas , pak Rakhman Wijayanto sing bakal kerekom DPP Partai Demokrat, tapi sing enol koma persen , kui urusan DPP Partai Demokrat , jare bagus ambi guya guyu.
Sementara pengurus DPD Partai Golkar Sri Widowati , omong ora usah bingung terkait baleho pak Gagarin sing wernane' biru lan ijo , tenang Golkar Pacitan isih nunggu perintah DPP Partai Golkar Jakarta.
Legeslator sing uga disebut Srikandi Golkar iku nambah ake, yen iki dina detik detik menunggu petunjuk DPP , Tapi ojo salah yen DPP Partai Golkar wis nugaske pak Gagarin nyalon Bupati lan nganti detik iki urung dicabut , klir yo gus...' ambi guya guyu.
Nganti berita iki ditulis , Gagarin lan Indrata Nur Bayu Aji sing pada pada kejibah ketua Partai ana tingkat Daerah, urung isa dihubungi , hp ne tulalit..tulalit..terus menerus...( tim)