Pacitan Post.22.07.025.
Kebiasaan wong wedok , yen arep goreng goreng saat lenga wis disuntak Ning wajan mesti ditinggal lunga disik , biasane disambi kerjaan liyane.
Ananging biasane klalen , yen lengane' / minyak wis panas .
Kedadean klalen uga dadi penyebab omah Kobong awan Iki ( 22/07) ana daerah Krajan Kelurahan Baleharjo Pacitan , persis'e ana samping bakul lotek Utawa samping gang Puskesmas Tanjungsari.
Omah siji ludes kebakar diduga goreng krupuk ditinggal lungo.
Menurut Saksi mata sing uga tetangga , awale mambu sangit sangit barang Kobong , ujug ujug Mak Bledug koyo bareng jeblok , Purwati langsung mlayu menyang njobo , ternyata omah sebelah Kobong.
Warga lingkungan age age golek banyu lan nyilih tabung kebakaran Puskesmas Tanjungsari , tapi Geni molat molat tak terkendali.
Sugito lan Petugas Kebakaran langsung meluncur menyang Lokasi , merga Geni molat molat , petugas kebakaran berusaha ngendalikan Geni Ben Ojo mrembete menyang tetangga kanan kiri, lan berhasil , masiha omah sing Kobong entek resik.
Sementara Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro , menghimbau marang ibu ibu yen masak Ojo tukang ditinggal , Ojo kulino Nyambi pekerjaan liyo yen wis siap goreng goreng .
Kapolres uga pesen marang Kabeh warga , yen AREP lelungan kudu memastikan kompor ora sedang menyala , ini pesan saya ungkap Kapolres Pacitan....( Gustik)