Ora enek tanda tanda lara , mas Ikun anggota DPRD dipundut sing Kuasa.. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Selasa, 09 Desember 2025

Ora enek tanda tanda lara , mas Ikun anggota DPRD dipundut sing Kuasa..


Pacitan Post .10 .12.025.
Ora enek tanda tanda lara , Anggota DPRD Pacitan sing duwe sikap paling kalem  lan ora nela neka (  Edi Kuncoro) putra kebanggaan Kontraktor kondang ( H.Diro ) kepundut   Gusti Allah.

Miturut Wakil Ketua DPRD Pacitan Lancur Susanto sing Iki Dina tengah perjalan pinuju Jakarta , omong yen  informasi  mas Ikun teka panggon rapat ana sebuah gedung ana jogjakarta saperlu Rapat  sesuai tugase sebagai wakil Rakyat,tapi uga enek sing omong yen mas ikun wis teka omah Jogja.

Bahkan enek sing omong , Mas Ikun budal Karo sopir lan pendamping , ujug ujug ana tengah perjalanan mas Ikun krasa masuk angin lan njaluk dikeroki pendamping/ lan sopir, ananging rasa  awake' Mas Ikun ora mari mari.

Sopir lan pendamping berinisiatif gawa menyang Rumah Sakit Jogja , ananging Teka Rumah Sakit Mas Ikun malah dipundut Gusti  Allah sekitar tengah wengi ( 10/12) ana sebuah rumah sakit Jogja.

Ternyata berita simpang siur awal Mas Ikun meninggal , enek setitik sing terjadi mis informasi , sejatine Edi Kuncoro menyang Jogja Dudu tugas Dewan , tapi urusan pribadi , tegas  ketua komisi 2  DPRD Pacitan Anung Dwi Ristanto.

Tak urung sedane' Edy Kuncoro  anggota DPRD saka PDIP Pacitan ndadekne konco konco Dewan Pacitan geger , jare Lancur Kabeh dewan lan masyarakat Pacitan Melu bela sungkawa muga muga Khusnul Khatimah.

Diduga putra Kesayangan Mbah Diro kenek serangan Jantung ,  yen didelok saka tanda tandane , diwiwiti saka greges ( masuk angin) ora let suwe  langsung kolab ora sadarkan diri.

Sekedar tambahan informasi , Edi Kuncoro merupakan adik kandung Alm Sigit sing uga mantan anggota Dewan Pacitan sing gerah saat heboh Covid tahun 2020.

Edi Kuncoro dadi dewan saka dapil I ( Pacitan - Pringkuku ) saka partai PDIP , saat dadi dewan mas Ikun gelem blajar lan tekun ngangsu kawruh menyang senior , berpenampilan kalem lan sopan banget, wis pokok'e ideal kanggone wakil Rakyat...( Gustik)



Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done