P'el'eT Kembang Setaman Mbah Tarman, sang gadis Sanggup nunggu 10 tahun dipenjara.. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Rabu, 10 Desember 2025

P'el'eT Kembang Setaman Mbah Tarman, sang gadis Sanggup nunggu 10 tahun dipenjara..


Pacitan Post .11.12.025.
Jenenge Urip Ning tanah Jawa , hal hal mistik wis dadi budaya sing ora Isa dibusak / dihapus, kaya kaya wis mendarah daging , yen kesenggol sithik mesti dadi congkrah.

Aji Aji Penglaris ( bakulan ) Ilmu tenung ( mencelakakan ) Ilmu gendam ( menipu/ hipnotis) Ilmu pelet ( penarik hati) terakhir Ilmu Sihir ( kadigdan / keperkasaan ).

Jaman disik nganti teka jaman Saiki ( khusus ) ilmu pelet ijik payu lan diburu para penyihir wong wedok sing ketok ayu lan mlenis mlenis.

Koyo to rumor Mbah Tarman sing  diduga duwe Ilmu Pelet ( Kembang Setaman) , mula wingi pas Kapolres Ayub omong ,  bojone Mbah Tarman sanggup nunggu Mbah Tarman puluhan tahun Ning penjara .

Situasi Pers Conference di Gedung Bhayangkara Pacitan.

Krungu tekad bojone sing ijik terhitung (gadis belia ) sanggup nunggu puluhan tahun diluar penjara , wong wong sing ngrungokne dadi menduga duga, Iki Aji Aji opo sing digawe Mbah Tarman , nganti Cah Wedok cinta mati Karo Mbah Tarman sing umure meh 80 tahun.

Sekedar informasi , ana budaya Jawa enek sekitar 10 ilmu pelet sing diyakini gawe wong wedok klepek klepek , enek ilmu pelet Jaran Goyang , Semar mesem , jala sutra , kembang  Ali - Ali  , Pangkanang , Mani Gajah lan terakhir  ilmu pelet  ,, Kembang Setaman,

Jare' wong disik disik , ilmu ( Kinasih ) sing paling istimewa Yo kui Ilmu pelet ,, Kembang Setaman,, konon yen wong  wedok / gadis  kenek ilmu pelet ,, Kembang Setaman ,, sing okeh okeh katut nganti nancep , bahkan konon  nganti Isa edan / linglung.

Beda Karo ilmu pelet Mani Gajah , jarene wong ndisik  , wong wedok sing kenek pelet ,, Mani gajah ,, gampang (  kepencute' ) napsune gede banget ( kadang ) masiha lagi kenal cah wedok gampang nyerahne kehormatane' merga saking trisnane' ,  ananging Yo kui umur percintaane muk sedilit maximal 5 sasi wis buyar.

Ilmu ilmu koyo mengkana iku pancen ijik enek masiha wis jaman Modern , masiha sing percaya kari wong wong sing cupet pikir lan adoh bab Babagan ilmu agama , ananging  aja ( kliru ) wong sing memba memba kiai pun kadang gawe ilmu ilmu sing serupa ,  masiha kadang dibalut  agama, mula sing paling aman saka kedosan , ilmu ilmu menyesatkan koyo mengkono kui ora sah dilakoni.

Kaya sing sing diomongke Kapolres wingi , wong wong sing nglakoni kejahatan , salah satu sebab'e kurang pendidikan utamane ilmu agama , pelaku cenderung jalan pintas tanpa pikir panjang .

Sekedar informasi , wingi Polres Pacitan dibawah Komando Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro gelar Pers Relise terkait Babagan kriminal.

Jelang tahun Baru 2026 , Polres Pacitan mengamankan para pelaku sing diduga nyolong sepeda motor , enek sekitar 6 sepeda motor sing diduga hasil kejahatan, pelaku meh Kabeh ketangkep sing Saiki ditahan Polres.

Kejaba saka iku kasus Viral SE Indonesia  Mahar cek senilai 3 Milyar sing pelakune Mbah Tarman , wingi uga ditampilke ana ngarepe Kabeh media  , Jare Kapolres Ayub Mbah Tarman bakal dijerat pasal 263 KUHP tentang Pemalsuan...( Gustik)


















Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done