Ojo tukang Selingkuh , model disiram Air Keras wis ditiru wong Pacitan, bakul tempe' nganti mlepuh..puh.. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Selasa, 19 Mei 2026

Ojo tukang Selingkuh , model disiram Air Keras wis ditiru wong Pacitan, bakul tempe' nganti mlepuh..puh..


Pacitan Post.20.05.026.
Peringatan kanggo wong bathuk klimis  alias ( ganjen) , ojo sembarangan waton ngumbar nafsu , sebab jaman saiki wong  pegel akibat diselungkuhi , kadang nalare' wis Cupet.

Koyo kedade'an ning daerah Ngadirojo Pacitan seminggu kepungkur kenek kanggo koco brenggolo (  pelajaran ) utamane wong wong sing tukang selingkuh.

Sayitno ( 68)  masiha terhitung  wong gunung ,  nekat nyiram Air Keras  menyang bakul ,, tempe',, sing jenenge' Eko Santoso , merga diduga nyelingkuhi bojone Sayitno.

Menyang aparat penegak hukum , Sayitno ngaku yen tindakane' nyiram Air Keras menyang gebetan bojone'  ,,  terinspirasi ,, kedadean penyiraman air keras ana Jakarta sing lagi Viral, cuma bedane' yen ana Jakarta korbane Aktivis , tapi ning Pacitan korbane'  Bakul Te'mpe'.
Ilus..ft.

Kronologi kedade'an.
Sekitar tanggal 10 Mei , saking ora kuat nahan cemburu moco Chat  mesra Bojone' karo Eko Santoso , Sayitno sing sekaligus  Pemilik Tambak , langsung ngracik cairan Hidrogin dicampur Zat kimia liyo , sing kulino kanggo netralke' banyu tambak udang.

Bareng wis dadi racikan , persis tanggal 13/05 sekitar baqda shalat Subuh, srana ngejak anak'e Ridho Chandra ( 26) boncengan sepeda motor  nyegat (gebetan ) bojone' ana dalan / jalan sing kulino dilewati Eko , persise' ana tengah sawah ( ora adoh saka pasar Wiyoro).

Kocapo..'
Bareng Eko mak pethungul lewat , tersangka Sayitno langsung ngendeg sepeda motore Gebetan bojone' , ..eh..eh..ko..ko ..mandeg..iki entuk titipan , dasar nasib..urung sempet jawab.....pyuuuk...raine Sang ,,Gebetan ,, sing Asli Desa Pagerejo Ngadirojo langsung mlepuh.. puh.. Eko ..kojel ..kojel ..lan nangis bengok bengok karo  gulung koming ...

Korban langsung ditulung wong wong , sing kebetulan  podo podo arep menyang pasar Woyoro lan langsung dilaporke aparat penegak hukum setempat .

Nganti berita iki ditulis , eko ijik dirawat ana Hospital , sedang Tersangka Bapak lan anak ditahan aparat penegak hukum , tiori kontruksi hukum Sayit lan Ridho bakal dikenekne pasal 353 Jo pasal 355   Kitab Undang Undang Hukum Pidana  , sing ancaman hukumanr maximal 7 tahun penjara...( Gustik)













Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done