Polisi dijaluk telusuri konco koncone pak guru sekitar Nawangan, disinyalir okeh sing tukang nyim`eng.. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Kamis, 16 Juli 2026

Polisi dijaluk telusuri konco koncone pak guru sekitar Nawangan, disinyalir okeh sing tukang nyim`eng..

Suasana rumah   Guru Nova malam ini setelah diciduk polisi , rumah tersebut termasuk dibilang megah untuk ukuran daerah pegunungan.

Pacitan Post , 16-07-026.
Sak bubare' Guru Nova dicokok Polisi Polres Pacitan  sing diduga  terjerumus Narkoba ,  berbagai informasi warga mulai bermunculan ,  terutama pergaulan Nova sing koncone' tergolong  okeh , konco koncone guru Nova konon  semubar ana ning Kecamatan Nawangan ,Bandar.lan sekitare'.

Mungkin ' Saking kewedene' keluarga konco koncone' Nova , Polisi Polres Pacitan dijaluk kasus guru Nova  sing  diduga terjerumus  Narkoba  dikembangke' marang konco koncone' Nova sing cukup akeh . Ojo ojo enek sing kenek , jare Warga sekitar Desa Jetis Lor .sing ora wani disebut jenange'.

Kondisi omahe' Nova bengi ijik ketok rame' sanak famili sing nguatne' bojone' lan anake (2)  ijik cilik cilik , sedang bojone' Nova sing asli Lumajang ketok syock bojone ketangkep polisi diduga terjaring Narkoba.

Kades Jetis Lor Sarmin Amd ,  krungu koncone Nova okeh sing sumebar ana ngendi endi iki mulai kawatir , menyang media omong bakal melu nlesih nlesih , ojo ojo wargane' selain Nova enek sing katut nyimeng , tapi mugi mugi warga jetis mboten wontenlah ..tur pak Nova kan niki nembe' dipun priksa hasile nggih dereng ngertos....pungkas Pak Kades.

Sementara iku , Pihak Kepolisian Pacitan tetep bakal ngembangke penangkapan Nova ke Nova Nova yang lain barang kali ada , tapi ditunggu riyin mawon pemeriksaan Polisi biar tuntas dulu,   tegas  Kasi Humas Polres Pacitan Aiptu Thomas Alim Suheny.

Sekedar tambahan Informasi , Nova guru SDN I Jetis Lor Kecamatan Nawangan wingi sore menjelang bengi (16/07) ditangkep tim penanggulangan  Narkoba Polres Pacitan merga Nova diduga kenek Narkoba.

Terduga Nova saat ditangkep  polisi ora nglawan , jare tonggo tonggone Nova sing histeris muk bojone Nova sementara Nova dewe ketok tegar.....( Gustik)..





.






Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done