Ojo sok njupuk panganan ceblok , iso iso mestere' bar dilewati tikus , yen rapingin kenek Leptospirosis.. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Selasa, 14 Juli 2026

Ojo sok njupuk panganan ceblok , iso iso mestere' bar dilewati tikus , yen rapingin kenek Leptospirosis..

Jangan suka ambil makanan yang jatuh dilantai walau belum ada  lima menit , bisa jadi lantaimu habis dilewati tikus atau binatang lain...

Pacitan Post , 14.07.026
Nganti dina iki , warga Pacitan sing kenek penyakit Leptospirosis wis meh teka 160 uwong, ananging rata rata pasien sing kenek penyakit Leptospirosis , ora mudeng penyebab'e nganti kenek penyakit sing tergolong mematikan.

Menurut Dirut Rumah Sakit Darsono Pacitan dr Djohan Putranto , Penyakit Leptospiroris disebabke' bakteri sing manggone' ana Ginjal Kewan , koyo to Tikus , Kucing , Jaran , Asu , Sapi lan liyo liyane'.

Nulare' menyang menungsa lewat uyuh ( kencing) kewan  , rata rata ana Indonesia sesuai penelitian Kementrian Kesehatan Republik Indonesia , sing paling sering lewat uyuh tikus , sekalipun saka uyuh kewan liyo yo okeh.

Mula saka kui  dokter Asal Klaten Jawa Tengah iku  menghimbau ,  ben ojo kenek penyakit sing tergolong mematikan  iku  biasakan hidup sehat ,  lantai / mester , meja dapur lan peralatan dapur kudu dipastikan resik , kandang sapi kandang wedus uga kudu resik ,  lan sing paling penting biasakan cuci tangan cuci kaki  , yen enek panganan sisa  , cepet cepet dibuang wae'  ben ora mengundang tikus , kucing  moro/ datang.


Pengalaman keluarga mantan Pasien Leptospirosis sing meninggal , sebut wae Sarah asal satu Kecamatan ana Kabupaten Pacitan.

Awale' sarah ngutak atik penyebab wong tuwane' meninggal merga kenek bakteri Leptospira sing ternyata penularane' saka uyuh kewan.

Wong tuwane' sepengetahuan sarah , tergolong wong resikan , kandang wedus , kandang sapi ,  kucing kabeh serba resik , mula koyo ora percoyi yen wong tuwane sarah kenek penyakit Leptospira nganti meninggal.

Merga penasarane sarah gede banget  , suatu saat Sarah obrol obrol  karo dulure' sing uga profesine'  dokter ana luar kota , ternyata dulure' sing dokter iki maeng ora pati kaget yen bapake' Sarah  kenek penyakit Leptospirosis.

Sekalipun muk dugaan , dokter  dulure' Sarah iku omong , dimungkinkan kebiasan wong tuwamu  ( Sarah) kawit cilik tukang  nge'man panganan ceblok ana jogan / lantai , kadang sering dipadoni  keluarga , ananging bapakmu selalu  omong... urung limang menit...

Mula iki kanggo pengalaman , jare dokter sing pernah ( pak de'ne'  )  Sarah ojo dibiasakne' njupuk panganan sing wis ceblok menyang jogan / Lantai , merga iso iso jogan/ lantai bar dilewati tikus , Kucing  utawa kewan liyane' sing bar nguyuh ...

Dokter sing saiki manggon ana Jakarta iku bahkan nyaranake'  menyang Dinas Kesehatan  Pacitan , sosialisasikan hidup bersih iku ora muk cuci tangan , tapi uga menyangkut perilaku hidup sehari hari , utawa kebiasaan elek koyo to njupuk panganan sing wis ceblok ana jogan / lantai masiha ale ceblok lagi sediliiiiiit ( Aldino)











Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done