Bupati Sukoharjo Etik Suryani kenek OTT merga diduga dodol jabatan.
Pacitan Post Refleksi Jumat.
Wong pekok lan wong srakah , ora dumeh lanang ora dumeh wedok , kabeh tergantung landasan moral , yen ibadah lan morale' apik arep jabat opo wae mesti amanah.
Pejabat sing ibadah lan morale' apik , arep diawasi lan ora diawasi tetep panggah wedi nglakoni salah , ananging kosok baline' yen ibadah lan morale' koyo ,, jegul ,, arep jabat opo wae' mesti srakah lan ora amanah.
Biasane pejabat sing dasare' morale' elek , masiha akeh pejabat sing di OTT KPK utawa penegak hukum liyo , panggah ora duwe' wedi.
Sing paling gres kanggo contoh : Bupati Kabupaten Sukoharjo Jawa Tengah Etik Suryani , sing mambengi diglandang menyang KPK bareng karo bawah'ane' sekitar wong 5.
Sing paling mencengangkan ' KPK bidik Bupati Etik Suryani merga diduga ,, DODOL JABATAN,, ana lingkungan Pemkab Sukoharjo Jawa Tengah.
Padahal meh kabeh Kepala Daerah sing ketangkep / kenek OTT KPK , salah sijinining sebab ( yo kui ) soal jual beli jabatan ana lingkungan Pemerintahan , ngono blas ora kanggo kaca brenggala / tidak dibuat pelajaran bagi Kepala Daerah .
Merga saka kui , Warga Pacitan njaluk marang pejabat kabeh sing saiki kejibah dadi penguasa ana tlatah Pacitan , ojo nganti niru pejabat pekok sing ora duwe' wedi korupsi , dodol Jabatan lan pelanggaran liyane'.
Wong Pacitan sementara waktu ijik bangga , Nganti seprene' Pejabat teras lan Bupati Pacitan kabeh slamet , luput saka incaran KPK lan penegak hukum liyane'.
Bahkan kabeh warga Pacitan berharap , Jadikan Kota Pacitan satu satunya kota yang paling bersih dari Korupsi dan pecahkan rekor untuk Indobesia , bahwa Bupati Pacitan tidak pernah ada yang mengalami tidur dibalik deruji besi ....( Ditulis oleh Redaksi Pacitan Post sebagai bentuk apresiasi ke Bupati dan pejabat 2:Pacitan yang hingga kini selamat dari bidikan penegak hukum...Redaksi Sadar tulisan ini pasti ada yang mencibir ..! ..)