Wisma Atlit ndisik jembrung koyo TPA , Saiki Keren lan Asri , Trend gadis belia wira wiri cuci mata prajurit muda. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Senin, 06 Juli 2026

Wisma Atlit ndisik jembrung koyo TPA , Saiki Keren lan Asri , Trend gadis belia wira wiri cuci mata prajurit muda.

Wisma Atlit Pacitan , tempat Batalyon 934 bermarkas sekarang.

Pacitan Post 06-07-026.
Dikapak kapakne' , Gedung yen dikelola Pemerintah Daerah , sing okeh okeh ora terawat lan  gampang rusak , ujung ujunge' yen wis rusak kepalane' ( Kadinase' )  njaluk direnovasi .

Conto mloho , Gedung Megah Wisma Atlit Pacitan , sing mulo bukane'  Hadiah Kebijakan Presiden RI ke 6 asal Pacitan  Bpk Susilo Bambang Yudhoyono.

Belasan tahun , Gedung Megah sing papane' cedak makam ,, Kucur '' Kelurahan Sidoharjo  iku kondisine memprihatinkan , jembrung koyo tempat pembuangan bayi utawa kumuh koyo pembuangan sampah / TPA.

Prajurit Muda Belia yang jumlahnya ribuan, tiap hari membersihkan lingkungan Wisma Atlit yang kini terlihat Asri dan nyaman , cocok sore' sore'  buat cuci mata .

Saiki kondisine berbalik 180 drajat , resik  asri lan nyaman , kenek kanggo wisata keluarga ,kabeh iki maeng  berkat penempatan sementara Prajurit  Batalyon anyar TP SBY 934 sing jumlahe ribuan.

Bahkan saking resik'e lingkungan wisma Atlit Pacitan saiki  , Akeh warga Pacitan rela banget yen Gedung Wisma Atlit sakteruse' dikelola Batalyon anyar TP SBY 934 Pacitan , jare' Tamto warga lingkungan Barehan ,, ra urung kingko yen dibalekne menyang Pemerintah Daerah Kabupaten Pacitan , mesti ora kopen meneh , mesti jembrung  koyo  oro oro ombo.

Komandan Batalyon TP 934 Mayor Doktor Dian Nur Huda dan puluhan prajurit adakan kegiatan pemanfaatan lahan tidur menjadi lahan produktif di dusun Nitikan Desa Sukoharjo Pacitan.

Sing Hebat meneh ' dampak anane' Batalyon anyar TP 934 Pacitan ternyata luar biasa , kabeh kegiatan prajurit muda riil ana lapangan sing isa dirasakne masyarakat lingkungan lan pedesaan  ana Pacitan.

Koyo sing diomongke Komandan Batalyon TP SBY 934 Mayor Dr Dian Nur Huda , Kegiatan prajurit ora muk blajar mbedil lan ilmu perang , tapi uga blajar kegiatan pertanian lan kegiatan liyane sing berhubungan warga sekitar.


Koyo kegiatan minggu kepungkur , Batalyon TP 934 Pacitan , mengedukasi warga pemanfaatan lahan tidur menjadi lahan produktif , jare Dian ana sekitar 30 prajurit anggota  Batalyon sing melu giat sing dienekne mulai tanggal 26 Juni - 02:Juli 2026.

Ditakoni Wartawan ,saiki Lingkungan Wisma Atlit dadi papan rekreasi  kekuarga lan tempat ,,cuci mata gadis belia , , Komandan sing duwe bojo bocah Arjowinangun Pacitan iku muk guya guyu , yo silahkan wong prajuritku ijik enom enom kok , ijik umur 18 tahunan , jare Dian ambi mesam mesem...( Gustik)






Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done