Pacitan Post 28-10-2026.
Ojo nyepelekne barang bekas , diholeki sik sopo weruh kenek go garapan sing menguntungkan , koyo to bekas galon air minum.
Galon sing ukurane lumayan gede , kenek kanggo nandur wit witan sing umure ora pati dawa , koyo to cabai / lombok , ubi jalar , timun lan sakpiturute.
Keistimewaane , ora gampang rusak lan iso digawe maneh nganti pirang pirang tahun lan iso dipindah pindah.
Penggunaan Galon kanggo nenandur sangat cocok kanggo pekarangan sing terbatas , kuat dipindah pindah menyesuaikan cuaca.
Misale duwe omah loteng / bertingkat lahan terbatas , cocok banget nganggo galon sing kuat dijunjung mrono mrene..
Ora koyo plastik sing gampang jebol , galon uga kenek go garapan liyo ..( Aldino)