Drama Calon Minggat Asal Nanggungan T A M A T. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Minggu, 08 November 2026

Drama Calon Minggat Asal Nanggungan T A M A T.


Pacitan Post ,09 -11- 2026.
Drama Calon Kepala Desa minggat saka palagan pemilihan , dikapak kapak'ne' sing salah panggah wong tuwane ' , sing nota bene' Anggota DPRD Pacitan Rudi Hartoyo.

Wis ngerti bocah wis ora karep magang lurah , ijik tetep dipeksa kon magang Lurah ana Desa Widoro Kecamatan Pacitan , sementara anake' Rudi Hartoyo dewe' ( Atabik) warga Dusun Tawang  Desa Nanggungan .

Merga saka awal Atabik pancen ora minat dadi kepala Desa , Atabik gawe drama minggat sing nganti seprene jejak' e urung ditemokne' , enek sibg omong minggat nyang Tanjung Pinang Sumatra , enek sing omong minggat nyang Kalimantan melu buruh ayak Emas.

Sing repot ! kanggo nyenengke' bapak ibune', serangkaian acara Pemilihan Pilkades Desa Widoro Pacitan  nyang Atabik kabeh dilakoni  nganti teka tahapan penetapan.

Pancen saka awal wis dirancang Atabik , Usai penetapan Calon Kades Widoro ( Atabik ) gawe geger ngilang misterius nganti seprene' ora ditemokne' jejak jejak:e'.


Sing dadi guyon wong sak Pacitan ,  undian nomor urut ( Atabik ) ora teka  , penyampaian visi misi ( Atabik ) ora teka , bahkan tahapan  Coblosan Pilkades pun  ( Atabik )  uga ora gelem teka .

Gandeng meh hari H pencoblosan Atabik ora teka , tim tim Sukses Atabik sing direkrut Bapakne ( Rudi Ompong) mubeng menyang dusun dusun , bisik bisik menyang Pendukung Atabik.konkong milih calon liyane'wae'

Akhire terbukti tenan , Pilkades Desa Widoro Pacitan , dimenangke  Calon no urut 1 Sutarto srana biting  519 suara , Dian Setyawan 386 suara  lan atabik sing saiki minggat misterius ijik entuk suara 216 suara.

Ananging Kocapo!
Drama Calon Kades Widoro Minggat ternyata menyisakan persoalan batin / luka batin marang sebagian Warga Desa Widoro Kecamatan / Kabuaten Pacitan.

Sebagian warga desa   Widoro rumangsa terhina / dilecehkan  , desane' kanggo permainan oknum calon  Kades sing nota bene warga desa liyo , seolah Warga Desa Widoro ora duwe prinsip lan gampang diacak acak warga njaban desa.

Tidak ingin melebar  kemana mana , Rudi Hartoyo sebagai wong tuwane Abiik menehi penjelasan  , Sejatine'  Atabiik lan Rudi ora duwe niat  melecehkan  Warga Desa Widoro,tapi berhubung Atabik ujug ujug enek masalah internal sing cukup serius akhire , Attabik gawe drama  minggat nganti seprene urung ditemokne' jejak jejak Atabik.....( Tim)






.







Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done