Pacitan Post 29-10-2026.
Wajah anggota Dewan ketok mak plenggong , bareng krungu Mahkamah Konstitusi (MK) ora ngabulke Perpanjangan waktu anggota DPRD Kota / Pripinsi tahun 2024-2029-2031.
Keputusan penolakan diwacakne' langsung Ketua MK Suhartoyo ( 29/10), alasan Hakim ora enek hubungan sabab akibat para penggugat karo pasal sing digugat lan ora nemokne' kerugian para penggugat hak tentang konstituonalnya .
Kejaba saka iku , para Hakim Mahkamah Kontitusi ( MK) duwe pandangan , hak Pemohon ora dirugekne' terkait hak dipilih lan memilih saat pemilihan umum.
Pancen ora isa dipungkiri , krungu gugatan ditolak MK akeh anggota DPRD ,ora terkecuali anggota DPRD Pacitan rumangsa gelo lan nglangut.
Ananging uga enek anggota DPRD Pacitan sing wis siap atas segala putusan MK , koyo to sing diomongke Rudi Hartoyo , Syech Pujo, Mardianto, ,Willy kabeh anggota Komisi 4 DPRD Pacitan.
Jare Rudi ' saka awal pancen pilihan Legeslatif iku muk 5 tahun sepisan , dene umpama diperpanjang kui muk bonus ,tapi saka awal pancen aku wis pesimis , jare Rudi santai.
Sekedar tambahan informasi , Masa Jabatan anggota DPRD tahun 2024-2029 njaluk diperpanjang nganti teka 2031, alasan ( cekak aose' ) sederhana yo kui penyesuaian Pilkada serentak tahun 2031.
Permintaan gugatan perpanjangan masa jabatan anggota DPRD diajukan marang 3 penggugat , M.Khoiru ,M Zulfa lan J saputra ..( gustik)