PACITANPOST
News Update
Loading...

Kamis, 11 Agustus 2022

GUSTI ALLAH KOK DIRAMAL, Jane ' KETIGA Jebul  RENDENG..

GUSTI ALLAH KOK DIRAMAL, Jane ' KETIGA Jebul RENDENG..

Foto : bocah cilik cilik koceh udan udanan.

Pacitan Ppos.11.08.022.
Kadang menungsa sok kladuk karo gusti Allah , apa apa diramal , tsunami dirawal , gempa diramal , udan diramal bahkan Jabatan uga diramal.

Conto konkrit sasi iki , kabeh dukun, para normal ,akademisi , pejabat daerah bahkan pejabat resmi BMKG , omong yen sasi sasi iki musim ketigo / kemarau.

Nanging faktane kabeh ramalan mbleset , contone ana kabupaten Pacitan wis pirang pirang dino udan nggejibrah kaya musim rendeng.

Setahun kepungkur Pesisir kidul diprediksi bakal ana Tsunami duwure 28 meter, ananging  faktane Gusti Allah ora ngeparengke' anane' Tsunami utawa ombak gede.

Kudune ! dukun , para normal , akademisi lan pejabat BMKG utawa sopo wae  ,, sadar ,, yen Gusti Allah iku duwe kuasa ana langit lan bumi .

Tapi kepiye',wong jaman saiki  akeh sing keminter lan sok tahu , porsine gusti  Allah kadang sering dijupuk seolah luwih pinter karo sing gawe urip , ngono yo ngono ning ojo ngono, mrediksi oleh ning ojo kebablasan,gitu aja kok repot!

Perlu di mangerteni , iki dina akeh petani bubruk merga salah pretungan bab musim, dikirane  ketigo (kemarau  ) jebul tibak'e koyo malah rendeng / musim hujan.

Koyo sing diomongke Tikto , petani sukses asal Kedawung Mentoro iki wis kadung nandur dele' , bareng udan ggejibrah saben dina , diperkirakne tanduran dele sing ambane sak hektar iso uga bubruk , iki iso tekor nek udan terus ,  jare mantan pegawai pemkab menyang media.

Perubahah musim , pancen ora iso dihindari, mbuh merga kelakuane menungsa dewe sing urip ana bumi. Kabeh alas dibabati , ngedekne Pabrik sak enggon enggon , akeh gunung sing dikeruk / ditugel, lan perilaku gabyah menungsa liyane,  sing kadang sak geleme dewe.

Apa mungkin wis suratan takdir ' , nalika Gusti Allah arep nyiptakke menungsa ana alam ndonyo , wektu kui malaikat sempat tekok! karo Gusti Allah.

Ingatlah ketika Tuhanmu berkata kepada para Makaikat ,, Sesungguhnya Aku hendak menciptakan khalifah di muka Bumi ,, 
Kemudian Malaikat menjawab , apakah Engkau akan menciptakan ) menempatkan orang orang disana yang akan merusak dan menumpahkan darah , sedangkan aku selalu menjaga dan selalu bertasbih kepada Mu.
Kemudian Allah menjawab , Aku lebih mengetahui dari apa yang tidak kamu ketahui ...( Qs. Al Baqarah ayat 30).

Nukilan ayat  Al Qu'ran ana dhuwur iku, ana pelajaran penting .. ,, ojo dadi menungsa sing klebu perusak bumi lan ojo dadi menungsa sing gawene kerah utawa tukaran, opo meneh nganti paten patenan..

Malaikat wae ora ngerti segala bentuk tujuan ciptaane Gusti Allah , opo meneh menungsa ' 

Wong wong sing kulino membo membo dadi dukun, dadi pawang udan lan liyo liyane kudu sadar ,, Yen Kekuasaan Gusti Allah iku Gaib , ora iso diramal sapa wae.
Udan  musim ketigo ( kemarau) mungkin Gusti Allah bakal menehi hidayah marang hamba hamba liyane sing awak'e dewe ora ngerti ....
( Tulisan ini sebagai bagian dakwah redaksi mengenai sifat manusia yang sok tahu akan keputusan Allah yang sesungguhnya tidak bisa diramal oleh siapapun.....* disajikan dalam kemasan berita ringan oleh Pemimpin Redaksi Gustik)

















Selasa, 09 Agustus 2022

LOMBA BARIS BERBARIS PITULASAN RAME'

LOMBA BARIS BERBARIS PITULASAN RAME'

Dalam rangka HUT RI KE 77 semangat 45 siswa siswi di Pacitan dalam acara lomba baris berbaris.

Pacitan, 10.08.022.
Saben saben acara pitulasan, setiap Kabupaten secara tradisional dienekne lomba Baris Berbaris.

Klebu ana Kabupaten Pacitan, dina iki dalan dalan  perkotaan rame lomba baris berbaris antar SD.SMP.MI.MTs.

Siswa siswa ketok semangat masiha dina iki Pacitan  panas ngenthang enthang, padahal wis rong dina Pacitan udan ukur ukur.

Menurut pejabat Dinas Pendidikan Pacitan Wahyono, jumlah peserta lomba ana 114 pleton  , tujuan lomba Baris Berbaris siswa siswa ana Pacitan tujuane memupuk siswa cinta tanah air lan mengenang jasa jasa Pahlawan, utamane pahlawan kemerdekaan, jare Wahyono ! alhamdulillah ora enek sing semaput pak.

Perlu dimangeteni , saben saben acara pitulasan secara umum kabeh lomba jenis tradisional seolah kaya wajib dilombakne.

Lomba Balap karung,lomba mangan krupuk ,lomba tarik tambang , biasane sing klebu spektakuler lomba Penek'an Jambe' /panjat pinang  dideleh acara keri dewe.

Acara sing sering kecelakaan moral ( kathok mlorot  tapi lucu ) iku hadiahe biasane paling akeh, lan dieloni saben desa .
Sing nontonpun klebu akeh banget, sekalipun kadang ndelok pemanjat udo merga kathok'e mlorot..(gustik)










HANDAYA : RAKYAT URIP SUSAH KOK MENTOLO TURU HOTEL...

HANDAYA : RAKYAT URIP SUSAH KOK MENTOLO TURU HOTEL...

Lsm sambangi  DPRD minta kunker dikurangi intensitasnya.

Pacitan 09.08.022.
Wis dudu rahasia maneh yen anggota Dewan  kemaruk kunker, rapat lan Work Shop ana luar kota.

Sakjane ora muk anggota DPRD Pacitan, ,, persasat,,  meh kabeh  anggota DPRD Kota , Propinsi lan Dewan Pusat demen kegiatan ana njobo kutho bahkah luar Negri.
.
Ananging kadang enek siji loro anggota Dewan  sing ora gelem melu kegiatan ana njobo kutho , mbuh kui kunker , studi banding utawa kegiatan kegiatan liyane.

Contone Handaya Aji , anggota DPRD Pacitan saka PKS iku ngaku, sejege' urip dadi dewan  iso dietung driji ale melu kegiatan ana kuar kota , ikupun muk jaman anyar anyar dadi Dewan, ujar Handaya.

Suasana Anggota Dewan Rapat di hotel Mewah ..Ft dok..

Miturut Handaya Aji , segala bentuk kegiatan ana luar kota , disamping gunane muk sitik uga ngentek enteki duit , mending duit nggo mbangun dalan sing isih akeh rusak,khususe ana desa desa.

Handaya uga ngaku , ora mentolo saben saben kegiatan luar kota, mangan enak , turu hotel plus sangu okeh , sementara rakyat ijik pada susah uripe.

Jaman saiki arep tuku minyak goreng wae rakyat susah , arep tuku lombok larang , arep tuku BBM saya suwe mundak terus , sementara anggota DPRD gawene muk monyah monyah luar kota , sori yo aku ora tertarik , ungkap tokoh kontroversi mantab..( gustik)








Jumat, 05 Agustus 2022

PENGEMIS BAWA ANAK  DI TUGU LIPEN, TERNYATA WONG TANJUNG...!

PENGEMIS BAWA ANAK DI TUGU LIPEN, TERNYATA WONG TANJUNG...!



Pacitan ppos 05.08.022.
Desa Tanjungsari Pacitan, kawit jaman lekak , identik Desane' wong sugih, Sebab rata rata  wargane' uripe akeh sing mapan, dibanding karo desa desa liyane (bukan Kelurahan).

Ananging sapa ngira, akhir akhir iki , jeneng Desa Tanjungsari rada tercoreng setitik amarga anane' wong ngemis tukang gawa balita/ anak ,, ternyata,,  warga Desa Tanjungsari Pacitan.

Miturut Kepala Dinas Sosial Sumorohadi, Pengemis ( Ag) asal Desa Tanjungsari pancen angel dibina , tahun 2021 Dinsos Pacitan ngirim ( Ag) nyang UPT Bhinakarya Madiun.

Kocapo, urung nganti sepuluh dina ( AG) mlayu mulih saka Panti Rehabilitasi Madiun bali nyang Pacitan maneh, padahal ning UPT Madiun diwarahi mandiri , dilatih, dibina dipulihke mentale dsb.

Tugu Lipen Penceng Pacitan.

Awal tahun 2022 , Dinsos mbujuk ( AG) meneh bali menyang mediun, tapi yo kui saking angele ( AG) tetep mlayu maneh bali menyang Pacitan, milih ngemis ambi ngendong anak'e ,, aku ki jane yo isin mas wong omahe yo rapati adoh karo omahku, jare Sumorohadi.

Perlu dimangerteni , wong ngemis ana prapatan Tugu Lipen Penceng Pacitan iso diarani  mulai akeh , sejene pengemis 
saka luar kota , uga enek  pengemis sing Asli Pacitan.

Pengamatan Media , jumlah pengemis gawa anak jumlahe enek sekitar telu , sing loro operasine ana pasar pasar , utamane pasar Arjowinangun ,  sing siji Asli Pacitan kerep ngete`m  ana Tugu Lipen Penceng Pacitan.

Perlu dimangerteni, modus wong ngemis jaman saiki pancen maneka warna , enek sing  dengkule ditetesi betadine sepintas ben ketok ,, dingklang ,, 

Enek sing uyar uyur gendong balita, padahal ale nyilih koncone sing pada pada pengemis.

Kabeh muk ben pada simpati menehi duit, ning ojo kaget , kuwi kabeh muk akal akalan, pengemis jaman saiki enek juragane, kadang hasile' juragan pengemis ngalahke anggota DPRD utawa pegawai Bank..oh alah...( Gustik)







Kamis, 04 Agustus 2022

NUR SUHUD: MINTA BUPATI TURUN TANGAN PENGEMIS YANG BAWA ANAK.

NUR SUHUD: MINTA BUPATI TURUN TANGAN PENGEMIS YANG BAWA ANAK.

   Nur Suhud dan Budiman Sujatmiko diskusi  tentang Perlindungan anak di Pacitan.

Pacitan,04.08.022.
Musibah yang menimpa 4 anak yang terbawa arus sungai grindulu dan menyebabkan satu anak meninggal dunia membuat berbagai kalangan prihatin.
Tidak terkecuali mantan anggota DPR RI Nur Suhud dan Budiman Sujatmiko 

Hasil  diskusi dengan beberapa kolega di Jakarta , Nur Suhud meminta Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji dan jajarannya agar memperhatikan perlindungan terhadap Perempuan dan anak  di Pacitan yang menjadi korban musibah  terseret arus tempuran  Teluk Pacitan yang terjadi beberapa hari lalu.

Tidak itu saja, Tokoh yang sekarang menjadi Dosen Sekolah Calon Pemimpin DPP PDI Perjungan di Jakarta itu  meminta Pemkab Pacitan turun tangan terkait mulai banyaknya pengemis di perempatan lalu lintas di Pacitan yang membawa anak atau Balita.

Lebih jauh mantan anggota DPR RI 3 periode itu mengatakan , 3 orang anak yang ikut musibah di pencer etan itu harus dipulihkan dari trauma, termasuk ibu korban yang  kehilangan anaknya.

Tidak itu saja , balita dan anak anak yang terlihat  dibawa pengemis di perempatan lalu lintas Penceng juga diatasi , tolong jangan cuek ya pak Bupati , anak anak adalah penerus bangsa, harus dimuliakan ,  tegas Nur Suhud.

Sementara Kepala Dinas Keluarga Berencana Perlindungan Perempuan dan Anak Kabupaten Pacitan Jajuk kepada media mengaku, sudah melakukan pendampingan terhadap ibu korban , namun untuk 3 anak yang selamat masih akan dilakukan minggu depan.

Sedang terkait mulai maraknya Balita dan anak yang ikut dibawa meminta minta ( pengemis) di perempatan Tugu Lipen Penceng Pacitan ,mantan pegawai Diknas itu akan segera koordinasi dengan Pol PP dan Dinsos Pacitan, janji Yayuk.

Perlu diketahui , setiap musibah yang terjadi di Pacitan dan membawa korban , pejabat Pacitan sering lupa nasib akan ibu dan anak anak , padahal trauma yang dialami ibu dan anak anak tersebut perlu pemulihan...( Gustik)

Selasa, 02 Agustus 2022

G.SUDIBYO ,:TRAH KANJENG JIMAT MENINGGAL..

G.SUDIBYO ,:TRAH KANJENG JIMAT MENINGGAL..

Pacitan pos.02.08.022.
Salah sijining keturunan Kanjeng Djimat Gepeng Sudibyo dina iki sekitar tabuh 17.30 wib wafat.

Gepeng Sudibyo, sing uga Mantan Bupati Pacitan meninggal ana Rumah Sakit Darsono Pacitan.

 Menurut salah sijining pihak kekuarga Budi, jelasake yen Pak Dib sedo merga gerah sawetara ,bolak balik dirawat ana rumah sakit, utamane solo lan Joga.

Budi uga omong , semenjak bu Dib sedo tahun 2021 kondisi Pak Dib ora stabil, bolak balik mlebu rumah sakit, pak Dib nate ngendikan nek kelingan terus bu Tatik Sidibyo, urai Budi.

Sementara warga Pacitan krungu mantan Bupati Pacitan Gepeng Sudibyo meninggal , pada kirim simpati ucapan bela sungkawa .semoga husnul Khatimah pak Dib sugeng kundur....
.
Perlu dimangerteni , Gepeng Sudibyo pernah njabat pirang pirang jabatan, mulai saka Camat, DPRD Provinsi. Wakil Bupati terakhir Bupati Pacitan 3 sasi...( Gustik)


Senin, 01 Agustus 2022

DAFFAN DITEMOKNE , WONG MATI GEMULUNG RAKONANGAN..

DAFFAN DITEMOKNE , WONG MATI GEMULUNG RAKONANGAN..



Pacitan Ppos 01.08.022.
Korban bocah keseret ombak, sekitar jam 18.00 wib wis ditemokne sejajar pintu masuk  tempat obyek wisata Pancer door .

Miturut kolega Ayah korban sing pada pada kerja ning Diknas , Wahyono  nginformasikan  almarhum Daffan ditemokne pengunjung wisata.

Saiki jenazah wis digawa ning Rumah Sakid dr Darsono Pacitan , sesuai prosedur jenazah kudu diperiksa merga kecelakaan.

Sementara wengi iki rumah duka dipenuhi pelayat , utamane saka tanggo teparo lan kolega Diknas Pacitan , muga muga husnul kathimah  mas Daffan, ujar Muanas Mukri tetanga korban.

Perlu dimangerteni Attullah Daffan Nurmansah  persis tanggal siji suro keli keseret ombak segara Teluk pacitan.

Bocah klas V SD IT Kayen Pacitan iku awale nyemplung kali tempuran grindulu bareng bocah papat klebu Daffan, sing telu slamet sing siji ( daffan meninggal dunia) merga kekapyuk ombak teluk Pacitan.

   Rumah duka almarhum Daffan mulai didatangi pelayat.

Ana Gemulung seda ra konangan.

Siji maneh berita duka, mambengi ana dusun Gemulung desa Tanjungsari Pacitan digegerke wong seda ora konangan.

Korban Taufik ( 50 ) diduga meninggal ning omah dewe , anak bojone ora enek, kurang jelas ora enek'e menyang endi.

Penemuan mayat dilaporke Polsek kota Pacitan merga warga  awale wedi arep ngrukuni mayite Tofik.

Polisi Polsek Kota mbenerake  ana dusun Gemulung  kedadean wong sedo ora konangan , sementara menurut Thomas  saka Polsek Kota Korban diduga duwe penyakit tertentu, yo mung tragise kok ning omah dewe, jare Tomas ...,( Gustik)








Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done