Bakul HP ketiban rejeki nomplok absen ASN sing molah malih. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Senin, 04 Mei 2026

Bakul HP ketiban rejeki nomplok absen ASN sing molah malih.


Pacitan  Post ,04-05-026.
Mbuh merga saking bingunge' Pemerintah jaman saiki / Opo enek  alesan liyo ,  nganti persoalan absensi Pegawai Negeri ( ASN) wae bola bali ganti cara.
Saka model pinjer , model barkot  , terakhir ganti meneh , yo kui model Presesi Lokasi berbasis  GPS.

Mbuh iki idene' sopo  kabeh ora weruh , sing jelas model Absensi Presesi Lokasi /berbasis GPS  ( ternyata ) gawe ASN pedesaan kalang kabut ora karu karuan .

Pasale' ...! gara gara Absen Model presesi Lokasi berbasis  GPS , para ASN kudu tuku HP anyar  Androit Versi 10 sing rata rata regane' 2 juta rupiah .

Sing repot meneh , akeh ASN pedesaan sing gaptek teknologi digital , masiha tuku Hp anyar sing rega larang , kegunaan HP praktis muk kanggo Absensi model Presesi Lokasi  berbasis GPS.

Bakul HP aji mumpung ..!
Sing ajur mumur , kebijakan Pemerintah sing molah malih terkait model Absensi , saka Pinjer ganti Barkot  lan terakhir  ganti Mode GPS berbasis HP Androit Versi 10  , ternyata digawe kesempatan Bakul HP kanggo ngundakne' rega.

Koyo sing diomongke' Ratna ,  karepe muk arep sekedar ndelok ndelok rega HP. ana toko HP terbesar ning Kota Pacitan ( MH) , Ratna diomongi marang penjaga toko HP ( MH) yen tuku saiki regane ijik 1,9 juta , ananging mulai minggu ngarep pun mundak , jare Ratna menirukan karyawan Toko HP ( MH) sing papane  cedak karo kantor  Kelurahan Baleharjo Pacitan.

Nganti dina iki ,  Pihak Pemerintah Indonesia alesan spesifik bola bali ganti model Absensi ASN ,  urung enek alesan sing jelas saka Pemerintah Indonesia .

Cuma saka kabar manuk ! Pemerintah rumangsa jengkel karo Perilaku ASN sing sering mensiasati model Absen opo wae' ,  Nganggo Pinjer isa disiasati , nganggo Barkot isa disiasati lan kemungkinan nganggo HP versi 10 pun uga isa disiasati , misale HP ( khusus) absensi ditinggal ning kantor ..( gustik)


















Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done