Pacitan Post , 30.04.026.
Ora mung merga enek Artis Kondang Raffi Ahmad , santri Santri Pondok Tremas heboh , ananging ternyata , Wapres Gibran Rakabuming Raka ijik ketok enom banget .
Jare salah sijining Santriwati Pondok Tremas asal Sumatra sing isin disebut jenenge , wah wah mas Gibran sak umuran mas Raffi Ahmad , ijik enum banget , cocok kanggo Wapres melineal , jare santri santri wedok cekikik'an.
Sementara Artis Kondang Raffi Ahmad , sing uga njabat sebagai utusan khusus Kepemudaan lan Ekonomi Kreatif , yen didelok saka omongan Raffi saat mlaku bareng karo Gus Fuad , Gus Mamuk lan Kiai liane' , masiha ora pati seru banget ale' jagongan , Wapres lan Raffi ketok kagum marang situasi Pondok Tremas.
Wapres Gibran dan Para kiai Pondok Tremas Arjosari Pacitan.
Pondok Pesantrene ' masiha ning ndesa ketok Asri lan dinamis , jare Raffi Ahmad sing dirungokne warga saka pinggir dalan , masiha omongane Raffi muk ketok samar samar.
Pancen sayang memang ! kunjungan Wapres Gibran lan rombongan diformat terlalu steril / ketat , kabeh pengunjung lan Wartawan dilarang njupuk foto ,masiha siji loro warga isa moto .
Klebu ana sekitar Lanud Pacitan , Wartawan ora isa mlebu area Lanud sekitar 50 meter , njupuk gambar yo ora entuk , kabeh demi keamanan,tegas Paspanpres sing mubeng ana setiap sudut area Lanud Barehan Pacitan
Pancen ora maido , kunjungan kerja Wapres Gibran terlalu padat , jam sepuluh Wapres lan rombongan kudu miber / terbang menyang Kabupaten Trenggalek .
Montor mabur Wapres lan rombongan lepas landas saka Lanud Iswahyudi Cabang Pacitan sekitar jam sepuluh ( 30/04) .
Tapi Enek siji sing dadi kejutan Warga Pacitan , tim Wapres sempat nekokne' Jembatan Gegeran Arjosari sing mangkrak sekitar 15 tahun...
Sri Widowati Sekretaris Komisi 4 DPRD Pacitan , berharap inventarisasi tim Wapres Gibran terkait Jembatan Gegeran Arjosari Pacitan dadi kenyataan , ben gek wong gegeran lan sekitare isa liwat lan perekonomian pulih ..(gustik)