Wapres Gigran Muk Ajak Foto Bareng Kades..kesusu arep nyang Trenggalek.. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Rabu, 29 April 2026

Wapres Gigran Muk Ajak Foto Bareng Kades..kesusu arep nyang Trenggalek..


Pacitan Post.30.04.026.
Wakil Presiden Republik Indonesia Gibran Rakabuming Raka , sekitar jam 6.30 wib mudun saka montor mabur ana Lanud Iswahyudi  Cabang Pacitan dalam rangka ,  kunjungan singkat ana Pondok Tremas Arjosari Pacitan.

Takane' Wapres  Gibran ana Pacitan  pengamanan super ketat , nganti wartawan nongol ana Jarak sekitar 50 meter wae digusah , untung Wartawan iki wis kadung mlebu disik , tapi njupuk gambar tetep ora oleh.

Sing repot , mbuh merga kesusu susu wektune mepet  arep tindak Trenggalek , Wapres Gibran sing  acarane ketemu para Kades , ora sido menehi sambutan ana Gedung sing wis disiapne ana sekitar lanud, Gibran muk ngajak foto bareng para Kades ana latar gedung.

Montor mabur Titihan Gibran berhasil di Foto wartawan  saka jarak 100 meter.

Bar ngajak foto bareng para Kades , Wapres Gibran mak plencing  mabur menyang arah etan menuju Trenggalek , dikawal  Helikopter merah putih lan Heli Kopter TNI.

Sekedar tambahan Informasi , Putra mbarep Presiden Indonesia ke 7 Ir Djoko Widodo tindak Pacitan  , salah sijining acara yo kui tindak Pondok Tremas ketemu santri lan Pimpinan Pondok Tremas Arjosari Pacitan.

Wapres Gibran foto bareng Kades ana ngarepe gedung sekitar Lanud Iswahyudi Cabang Pacitan.

Jembatan Gegeran..!
Enek sing menarik kunjungan Gibran ana Pacitan , disela sela arep  numpak montor mabur  , tim Gibran ujug ujug njaluk informasi terkait jembatan Gegeran  Arjosari sing konon  ora rampung rampung selama 15 tahun. Info kondosi jembatan akhire diwenehi asisten Bupati  Pacitan  Lutfi.

Nganti berita iki ditulis , Pihak Tim Wapres lan Kominfo Pacitan urung menehi relise atas kunjungan Wapres ana Pondok Tremas Arjosari Pacitan...( Tim)







Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done