BLANJA ONLINE: TUKU SEPATU ISINE RESAK...ati ati akeh sing keblelon.
Pacitan Ppos, 28.08.022.
Jaman saiki nek arep blanja ati ati tenan,utamane blanja lewat jalur online, masalahe wis akeh sing keblelon.
Kaya sing dialami Guru SMPN 2 Pacitan ( Ng) tuku sepatu lewat jalur online , bareng dibuka isine dudu sepatu tapi resak , potongan kardus.
Guru BK sing wis 12 tahun ngajar ana salah sijining SMP Favorit ning Pacitan iku girap girap ora karu karuan , merga kardus dibuka isine muk resak, iki pengalaman gaes , kapok aku tuku tuku online , ujar ibu NG mbresengut.
Pengalaman keblelon blanja Online ora mung dialami guru SMP 2 , tapi uga dialami anggota DPRD Pacitan , ( SD) tuku tas Cangklong sing regane Rp 800.000 , tapi bareng kardus dibuka ternyata sepatu sing dikirim regane muk sekitar Rp.50.000.
Miturut Anggota komisi IV DPRD Pacitan, aku kesilap Foto sing ditawarke lewat HP, ternyata barange Palsu , jare tokoh sing uga mantan Pemborong lan wartawan iku.
Terkait akeh wong sing keblelon tuku online , Tokoh tokoh Pengusaha Pacitan sing tergabung ana KADIN menehi saran , bali menyang tuku ning toko maneh wae, nek sekirane ragu ragu , minimal nek tuku ning toko kan langsung iso ndelok barange , tur kadang kadang iso ditawar, jare Hariawan saka Kadin Pacitan.
Perlu dimangerteni, penipuan lewat blanja online , kadang ora saka tokone, tapi isa uga saka jasa pengirimane sing nakal ,barang ditukar utawa dimaling...(gustik)