WONG PACITAN GUMUN.. RONNY GELEM NYEKEL GOLKAR - PACITANPOST
News Update
Loading...

Minggu, 24 Agustus 2025

WONG PACITAN GUMUN.. RONNY GELEM NYEKEL GOLKAR


Pacitan Post .25.08.025.
Gonjang ganjing Partai Golkar Pacitan , Iki dina mulai dirasakne kader lan Simpatisan Partai Golkar Pacitan , sing nota bene seminggu maneh bakal ngenekne' Musda .

Mula bukane Gonjang ganjing Partai Golkar Pacitan  berawal saka Isu ( dugaan ) DPD I  Golkar Jawa Timur menunjuk( membranding) Lancur Susanto sebagai Calon Tunggal ketua DPD II Pacitan periode 2025-2030.

Menurut tokoh lan simpatisan Partai Golkar Pacitan. Ir.Budi Wirawan ,  sejatine milih ketua DPD  dimodel calon tunggal iku apik , ngurangi resiko benturan  antar kader lan simpatisan.

Ananging masiha diformat calon tunggal , brandingnya kudu Demokratis , Kabeh mekanisme kudu dilalui , dirembuk srana apik lan sesuai tatanan AD/ ART lan Garis kebijakan Partai, ora gek digawe meneng meneng , tegas Budi Sartek sing pernah memimpin Partai Golkar Pacitan beberapa periode.

Ditakoni bab Tokoh Kuat Ronny Wahyono  sing didorong mlebu Partai Golkar , Budi Sartek mendukung mlebune Ronny menyang Partai Golkar , sebab umpomo Ronny Sida tenan ibarate Ronny mlebu menyang omahe lawas , merga ndisik Pak Sujono uga kader Golkar saka sayap  REI  sing dipimpin Ridwan Hisyam.

Wah yen Pak Ronny Wahyono Isa mlebu Partai Golkar insya Allah Golkar Pacitan bakal bangkit lan melejit , sebab Ronny kaya pengalaman lan pernah dadi Anggota Dewan lan  bahkan  pernah menjabat sebagai Ketua Dewan 2 periode , cuma Sayange ' yen didapuk dadi Ketua Golkar bakal nemui jalan terjal , tapi Kabeh tergantung  internal Partai  Golkar dewe ,yen memang dibutuhne Kabeh Isa dirembug, jare Budi  Ambi guya guyu..

Sementara Ronny Wahyono  mantan Kader terbaik Partai Demokrat Pacitan ditakoni media , panggah jawab siap dicalonkan sebagai ketua DPD Partai Golkar , Ronny uga janji siap gawa Gerbong Partai Golkar Pacitan kembali berjaya ,, setelah sempat turun terus menerus  perolehan suara Legeslatif.

Sedang Imam Haryono ,   Tokoh  karismatik  Partai Golkar Pacitan sing  pernah dadi anggota DPRD Ii lan DPRD I Propinsi Jawa Timur  4 periode (  berharap ) kabeh kader lan pengurus  Partai  Golkar mulai saka Pengurus DPP , DPD I Jawa Timur lan DPD II Pacitan ( terbuka) mengenai kondisi Partai Golkar Pacitan saiki sing secara jelas turun terus menerus perolehan suara Pemilu Legeslatif.

Sebagai tokoh sing pernah dadi alumni Kader Partai Golkar Pacitan , rumangsa duwe tanggung jawab moral tentang kondisi Partai Golkar Pacitan sing miturut  Imam Haryono memprihatinkan , miskin kader lan miskin Calon Pemimpin.

Akeh kader lawas Partai Golkar sing menghubungi Imam Haryono , sing intine  kon Melu cawe cawe terkait krisis kepemimpinan Partai Golkar Pacitan , Imam Haryono muk jawab singkat , jupuk'en pak Ronny Wahyono yen pingin  Golkar Pacitan maju lan berkembang maneh koyo sing ndisik disik,ungkap nya.

Sekedar  Tambahan Informasi kurang luwih seminggu maneh , DPD Partai Golkar Pacitan bakal menggelar Musda , diduga merga Calon Ketua ( Lancur Susanto) wis dikondisikan Calon Tunggal srana Aklamasi , sebagian kader Golkar mulai brontak  lan ora setuju Lancur sebagai calon tunggal , alasane Lancur bagian masalalu sing gawe Golkar medun drastis..( Gustik)









Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done