Murid murid SMP 2 Pacitan perdana entuk ransum saka BGN .
Pacitan Post ,14-09-025.
Badan Gizi Nasional ( BGN) sing tugase menehi pangan marang siswa siswi Sak Indonesia , Alon Alon ana Pacitan wis mulai lancar.
Menu sing disajekne Yo wis ketok apik , bahkan ransum sing saka pengusaha warga Ploso ( RN) diacungi jempol jare enak banget , ujar Bu guru SMP 2 Pacitan sing Dina Iki ( perdana) entuk ransum saka MBG Pacitan.
Ditakoni media , siswa siswi SMP 2 Pacitan kompak jawab enak ransume , matur nuwun pak Presiden Prabowo , luar biasa sorak murid murid SMPN 2 Pacitan.
Sukses Badan Gizi Nasional sing ana Pacitan , minimal nganti Dina Iki urung enek komplin , nunjuk'ake' yen pengusaha ( Ransum MBG) ana Pacitan memperhatikan tenan rambu rambu saka BGN .
Sukses BGN Pacitan diapresiasi LSM Bhineka Bangsa Pacitan , Ferry Ardiansyah sebagai Sekretaris Bhineka Bangsa mendorong Pemkab Pacitan Ojo nganti klendran Ale' ngawasi Menu Ransum MBG ( makan bersama Gratis ) , sebab akeh daerah muk gara gara ransum bermasalah dadi isu nasional.
Akhire ransum sing apik katut katut dadi elek ,jare Ferry.
Sementara Wakil Bupati Pacitan Gagarin Sumrambah , Melu bersyukur ransum ransum Badan Gizi Nasional sing ana Pacitan lancar lan sukses , utamane urung enek komplin saka masyarakat Pacitan.
Gagarin njaluk , sing wis apik kedepan kudu luwih apik , program mulia saka pak Presiden Prabowo Iki kudu sukses , kanggo mbantu masyarakat Indonesia sing kurang mampu.
Sekedar tambahan informasi , program makan gratis sing sementara kanggo siswa siswi SD.SMP.SMA/SMK merupakan program utama pasangan Presiden Prabowo - Gibran nalika kampanye. Pilpres tahun 2024.
Awale Program sing bakal nyedot duit okeh Iki, akeh diragukan beberapa pihak , akeh sing memperkirakan bakal gagal , tapi nampaknya pelan tapi pasti , program sing duwe wadah / dikomandani Badan Gizi Nasional sementara mlaku apik sesuai target sing enek...( Tik)