Guru model Bis Kota , kudune diajari unggah ungguh , Utawa dipindah Ning gunung Plencu Ben Jo untuk ngoda ngadu.. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Senin, 22 September 2025

Guru model Bis Kota , kudune diajari unggah ungguh , Utawa dipindah Ning gunung Plencu Ben Jo untuk ngoda ngadu..


Pacitan Post 09.025.
Kasus Guru Ndaru SMPN I Pacitan , Iki Dina dadi topik EMOSIONAL  masyarakat Pacitan , utamane sesama guru , konco cilik , konco sekolah lan warga Kelurahan Baleharjo Pacitan.

Bahkan saking emosionale' , salah sijining Warga Kelurahan Baleharjo  Nur Metrik wani garansi , yen tuduhan pelecehan siswa sing dituduhke Ndaru ora bener.

Jare Nur Metrik ! seumpama Ndaru kui  nglakoni pelecehan , mungkin sekolahan sing pernah di Wulang  Daru ndisik , wis komplin Kawit Jaman lekak , tegas Nur .

Tokoh ,  mantan pemain Bal- balan  asal kelurahan  Baleharjo iku gumun setahun medun ,  marang oknum sing tukang gawe fitnah , Kabeh opo pada  ora ngerti Yo , yen pak Daru iku Saiki  kagungan gerah abot , uripe wae tergantung Insulin , kok mentolone'  gawe fitnah elek sing Viral sak Indonesia,   jare  Nur brongoti .

Nur Matrik tambah brongoti , krungu isu yen diduga sing  dadi biang lan lapor menyang Dinas Pendidikan , Yo kui oknum guru sing mulang ana salah sijine SMKN 2 Pacitan sing papane ana Kelurahan Sidoharjo Pacitan.

Sekedar informasi , Kawit kasus SMPN I Pacitan Viral , Kabeh moto tertuju marang guru sing konon ( ndisik ) Yo gawe ulah nglopar nglaporke   perkara ana salah sijine sekolahan ana Pacitan.

Mula ben Ojo simpang siur terkait berita guru tukang fitnah asal SMKN 2 Pacitan , Kepala Sekolah Subagyo  dicoba dihubungi awak media  hp ne tulalit...tulalit  Subagyo ora gelem ngangkat telpon lan cenderung menghindar Wedi karepe Dewe.

Wartawan berusaha hubungi Kacabdin Pacitan Doktor Indiyah , ora menehi jawaban sing pasti , alesane  ijik  rung enek Ning Pacitan , Aku Iki Ning malang lan sesuk lungo Jakarta.

Pancen kudu dimaklumi Pejabat bergelar Doktor iku  arang banget ngantor Ning Pacitan , merga Indiyah  rangkap jabatan okeh , PLT Kacabdin Magetan lan PLT Kacabdin Kota Malang Jawa Timur .

Dadi yen enek peristiwa penting koyo kasus SMPN I Pacitan sing diduga dipicu saka perbuatan anak buahe' Indiyah ora GEK cepet Isa nangani , akhire persoalan dadi meluas ora terkendali , beruntung oknum tukang lapor lan adu adu ora diromyong wong sak Pacitan , jal yen wong kelurahan Baleharjo , konco guru ,konco seniman  ngamuk menyang sekolahan SMKN 2  Pacitan ....trus piye jal ..opo ora tambah remuk ! .

           Doktor Indiyah Nurhayati SPd.MPd.

Sementara tokoh Populer  Alumni SMPN I Pacitan Haji Sugiharyanto,  uga ngaku  prihatin marang komunitas guru sing ora kompak , ABS saling adu adu lan saling sikut menyikut, koyo bis kota wae saling mendahului , jare Sugek gumun.

Perlu dimangerteni , kasus viral SMPN I Pacitan nganti Dina Iki urung lerep , bahkan saking wedine'  kasus Iki meledak ,  Organisasi guru / PGRI Pacitan ngetokne (edaran)  sing intine melarang pengurus lan anggota PGRI menehi Statment kasus SMPN I Pacitan...( Tik)




















Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done