Ijik seneng lan ora Trimo dipegat Wawan Nylurit wong sak omah MATI SIJI , 4 Luka , 1 Disandra. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Sabtu, 20 September 2025

Ijik seneng lan ora Trimo dipegat Wawan Nylurit wong sak omah MATI SIJI , 4 Luka , 1 Disandra.

Ora Trimo dipegat Wawan Nylurit keluarga mantan Bojone.

Pacitan Post 21.09.025.
Sebuah perkawinan pancen kudu dilandasi cinta suami- Istri , yen wis omah omah ora entuk menggak menggok , umpama ekonomi rada runyam kudu dipikirke bareng bareng lan ora entuk putus asa , Ojo sitik sitik putus asa njaluk pegat , padahal salah siji ijik Trisna.

Merga salah siji ijik Trisna , gawe mantan pasangan putus asa lan judeg , akhire nyimpen dendam sing luar biasa ,koyo to kedadean mambengi ana daerah Arjosari.

Miturut informasi tersangka Wawan warga Kayen, ora trima mantan bojone ( Miswati) warga Arjosari  AREP nikah meneh Karo wong Lanang liyo, kabar manuk perceraian iku dikompori keluarga Miswati.

Dimungkinkan  merga Wawan isih Trisna banget marang Miswati lan bola Bali dijak rujuk ora gelem , akhire' Wawan putus asa ngamuk menyang  keluarga mantan bojone , sak omah diclurit Kabeh , siji mati sing telu luka,  3 luka berat , satu luka ringan , satu disandra .

Menurut kades  Temon Arjosari Jamiatin., sing dipateni  Wawan mantan mertuane wedok  Bu Tiwi  ( 50) Luka berat Miskun ( 60) Miswati ( 40) Argo ( 20)  Eki (10) rata rata  luka merga disabet Clurit/ Arit , mula rata rata sing kenek sabetan Sirah lan tangan.

Suasana usai pembunuhan mantan mertua di desa Temon Arjosari Pacitan.

Sing bejat , Tersangka Wawan gondol / menyandra Anake Lanang Bima ( 17) digawa mlayu mbuh parane sing nganti Dina Iki urung kecekel , sementara korban luka berat Kabeh digawa Ning RSD Pacitan , sedang sing luka ringan siji dirawat Ning Puskesmas Arjosari.

Tersangka Wawan nganti Dina Iki ijik diburu Polisi Polres Pacitan dibantu aparat lan Masyarakat , Kabeh dusun disisir mbok menawa ijik ndelik ana sekitar Desa Temon lan Desa Kayen......( Gustik)











Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done