Pacitan Post. 09.10.025.
Aneh tapi nyata , lingkungan kerja saben dina Ning banyu / segara , ternyata nelayan Pacitan akeh sing ora Isa nglangi babar blas.
Bahkan rata rata , kecelakaan nelayan ana laut sing meninggal , diduga disebabne nelayan ora Isa nglangi , umpama toh Isa muk nglangi ukur ukur.
Pernah Tim SAR LSM Bhineka Bangsa Pacitan , ngenekne' Diklat Penanganan kecelakaan laut ana kolam renang Tirto Wening Mentoro sing dipimpin Tim Polres Pacitan , tim Pelatih kaget nelayan asal Sudimoro (nglangine ) muk Isa ukur ukur sing durasi nglangine muk sekitar 5 menit.
Jebul Wandi ngaku, yen rata rata nelayan Pacitan ( wa bil ) khusus nelayan Pegunungan , meh kabeh ora Isa nglangi sing standart , umpama toh Isa ( nglangi) muk nglangi ..ebek.. ebek ..sing durasine' muk 5 menit , luwih saka kui klelep.
Kecelakaan laut Ana Pantai Wawaran Sido Mulya Kebonagung Pacitan.
Mengingat nglangi / renang iku modal dasar keahlian Nelayan , ana apik'e yen Kabeh nelayan Pacitan kudu Isa nglangi , nggo jaga jaga yen terjadi kecelakaan laut.
Kanggo nyikapi hal Iki , Pemerintah Kabupaten Pacitan kudu hadir , minimal BPBD , Polres Pacitan , Polairud lan sakpiturute' menehi kursus marang Kabeh nelayan Pacitan sing ora Isa nglangi.
Wis akeh korban sing kleleb ana laut amarga ora Isa nglangi , mungkin kecelakaan ana Pantai Wawaran Kebonagung salah satu sebabe' , si Korban Basuki Rahmat ( 28) ora Isa nglangi , sedang korban sijine Abu Mahfud ( 55 ) merga Isa nglangi Isa selamat .
Kudune' secara teknis , korban Basuki Rahmat sing umure ijik enom banget ( 28) dibanding Abu Mahmud sing umure ( 55) yen pancen Isa renang korban Basuki Rahmat kudune melu Slamet , tapi pancen umur lan Pati Gusti Allah sing kuasa...( Tik)