Atusan Relawan SPPG gembrudug menyang Polres Pacitan... - PACITANPOST
News Update
Loading...

Rabu, 08 Oktober 2025

Atusan Relawan SPPG gembrudug menyang Polres Pacitan...

Para pendaftar Relawan SPPG dapur Pacitan mbludak ..

Pacitan Post 09.10.025.
Masiha entuk kritik wong okeh , amarga okeh siswa sing keracunan , program Makan Bersama Gratis sing dicetuske' Presiden Prabowo Subianto nalika kampanye , ternyata gawa dampak positif  luar biasa menyang masyarakat.

Utamane' bab penyerapan tenaga kerja lan pertumbuhan ekonomi usaha kecil / menengah, puluhan bahkan ratusan ribu tenaga kerja terserap sebagai relawan Satuan Pelayanan Pemenuhan Gizi /SPPG.

Bahkan sekelas daerah tingkat dua koyo Pacitan , pendaftar  sebagai Relawan SPPG Iki dina nganti mbludag , Gedung Bhayangkara Pacitan  tumpleg bleg dipenuhi pendaftar mulai  saka esuk .

Menurut Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro ,  pendaftar Relawan SPPG ana Pacitan dipusatne ana gedung Bhayangkara Polres Pacitan , Alhamdulillah  rekrutmen aman lan lancar.

Kapolres Ayub  uga omong , rumangsa trenyuh marang pendaftar Relawan SPPG , gelem antri saka esuk srana tertib lan sabar  , ibu ibu sing ijik enom ketok antusias daftar sebagai relawan SPPG ana Pacitan, muga muga akeh sing ketampa , jare Kapolres sumringah 

Sekedar tambahan informasi , program Nasional Makan  Bergizi Gratis sing dicetuske' Prabowo Subianto , pancen ora berjalan mulus , akeh lahir  kontroversi , mulai saka syistim pembayaran lan mutu menu panganan sing kadang gawe siswa keracunan.

Ananging kui Kabeh muk cobaan cilik , mayoritas menu panganan siswa lancar , bener OPO sing diomongke Presiden Prabowo , kita tetep lanjut Ojo Wedi gangguan sing jumlahe muk  seper seribu dibanding sing apik...
( Gustik)





Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done