CONTOHLAH SEPERTI KAPOLRES AYUB DIPONEGORO ... - PACITANPOST
News Update
Loading...

Rabu, 29 Oktober 2025

CONTOHLAH SEPERTI KAPOLRES AYUB DIPONEGORO ...

 

Pacitan Post.30.10.025.
Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro pancen Isa diarani Kapolres paling beda Dewe selama Polres Pacitan ngadeg.

Sak ora orane , cara memperlakukan Wartawan Pacitan  , Kapolres Ayub seolah dipadakne  kancane' dewe' , blas ora enek sekat antara Kapolres lan awak media.

Mangan bareng , ngopi barang ,guyon bareng lan dialog bareng  , klebu uga rampe / pembiayaan Kabeh sing nanggung Polres Pacitan ,  pendek katA  Wartawan kari teka 


Model membaur Ben sasi antara Pejabat Pacitan  lan media , dipastikan lagi enek Iki , Kapolres sak durunge , Bupati sak durunge  , Wabub sak durunge , Kadinas  lan Forkopimda sak durunge Kabeh ora pernah ngenekne ngumpul bareng koyo sing dilakoni Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro.

Mungkin perilaku Kapolres Pacitan AKBP Ayub Diponegoro , sing dinilai mantab  marang Media ( mungkin) kegawa marang jeneng sing disandang pak Ayub , Yo kui enek embel embel Pahlawan Nasional Diponegoro , Yo kui keluarga kerajaan Ngayugjakarta Hadiningrat sing miturut crito saka keturunan (ibu ) saka  Desa Nanggungan Kabupaten Pacitan.

Terlepas saka kui Kabeh , Model pendekatan Kapolres Ayub menyang media memang terbukti ampuh , wartawan entuk informasi rutin utamane terkait kasus kasus , sedang Polres entuk bahan bahan sing sekirane dibutuhkan Polisi , mula saben saben acara ngopi bareng  korp wartawan mesti diwenehi wektu kanggo Wartawan menyampaikan uneg uneg Utawa usulan.

Siji kelemahane Acara Ngopi bareng sing wis mlaku sekitar 5 sasi , Yo kui acarane dikemas terlalu formal lan bertele tele , sehingga wektu dialog terasa begitu lama banget  ( 3,5 jam) 

Kelemahan sing kepindo , dialog terbuka koyo sing dienekne Polres Pacitan ,  rawan  penyalahgunaan informasi sing kadang dimanipulasi oknum oknum tertentu , informasi urung ditindak lanjuti , ujug ujug wis ewes...ewes...ewes...ewes..ewes ( Gustik)










Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done