Pacitan Post. 08.11.025.
Dasar dienteni kapan lernane' , begitu krungu Giri kenek OTT KPK , tersiar kabar sebagian pendukung kubu sebelah ( Ipong) langsung Gunduli sirahe.
Kabar manuk , Giri dicokok KPK Karo Dirut RSD Hardjono lan Selingkuhane' Bupati sing konon wis ORA asing kanggone masyarakat Ponorogo .
Nganti kabar Iki ditulis , pemeriksaan Giri lan wong 5 isih berlangsung lan urung ditetapne , KPK ijik enek wektu sekitar jam lima sore.
Bupati Ponorogo Sugiri Sancoko , miturut keterangan Pejabat KPK Fitroh R (sementara ) di OTT KPK merga ana dugaan dodol Jabatan , utamane masalah perpanjangan masa Jabatan Dirut RSD Ponorogo.
Suasana Rumah Dinas Pringgitan Pemkab Ponorogo..
Sekedar tambahan Informasi , Kasus Bupati Ponorogo berurusan Karo penegak Hukum ora mung Saiki wae , kira kira 10 tahun kepungkur Wabub wedok Ponororogo uga dieksekusi menyang penjara , ananging merga terganggu ,, mentale,, konon dibebasne.
Asline umpama Giri Sancoko ngati ati , ora dolanan wong wedok moblong noblong , ora crongoh duwit , karier politik'e bakal moncer ,sebab giri satu satunya Bupati Ponorogo sing njabat dua periode.
Para pendukung Giri Iki Dina munyeng sirahe , ananging masiha munyeng sirahe , isih berharap Giri Lolos saka sangkaan KPK , aku ijik yakin pak Guri Lolos saka tuduhan dodol Jabatan , jare Yakob ( Ns) sing ngaku sewengi ora Isa turu.
Yakub seolah koyo ora percaya , lawong wingi sedina cangkrukan Karo aku lho mas Ning dalem Pringgitan , kok Moro Moro tak tinggal mulih langsung ana OTT KPK , kaget aku wis ORA Isa mikir , imbuh Yakub mbedegel...( Gustik)