Pelantikan Sir Bagindas Di tekani Andi Malarangeng Pengurus Full Birokrasi & Mantan.. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Sabtu, 07 Februari 2026

Pelantikan Sir Bagindas Di tekani Andi Malarangeng Pengurus Full Birokrasi & Mantan..


Pacitan Post 08.02.026.
Minggu (08/02) Baginda Rahadian Pratama Utawa populer diceluk Sir Bagindas, dilantik sebagai pengurus KONI Pacitan periode 2025-2029.

Prosesi pelantikan kerabat SBY iku , terasa Istimewa merga ditekani Mantan Ketua DPRD RI La Nyala Mataliti lan Menpora RI  Andi Malarangeng.
Ternyata kehadiran La Nyala muk Salah info , Bagindas sempat Nyebut tapi  ternyata muk anak'e La Nyala sing dadi Wakil Ketua KONI Jatim , merga mic ora Pati krungu saka mburi Wartawan lam undangan liyo krungune dikira Lha Nyala teka...

Baginda dilantik langsung Wakil Ketua KONI Jawa Timur Muhammad Ali Affandy ( anak La Nyala )  ,disekseni Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , Wakil Bupati Pacitan Gagarin , Ketua DPRD Pacitan Arif Setyo Budi lan Kabeh pengurus KONI Anyar.

Adegan salah satu  acara Pelantikan Bagindas sebagai Ketua KONI Pacitan.

Perlu di mangerteni , Sir Bagindas dadi pengurus KONI Pacitan periode 2025-2029 lewat Mekanisme Musorkab sing dienekne Wulan Desember tahun 2025 , Bagindas menang tipis lawan Citra Margaretha ( 15-20).

Harapan masyarakat Pacitan , Pengurus KONI Pacitan sing Isa diarani (the Dream Team )  Full Birokrasi lan Mantan Birokrasi kudu luwih maju lan berprestasi.


Menurut  Tokoh Muda Pacitan Ferry Ardiansyah , KONI Pacitan periode 2025-2029 kudu luwih maju ketimbang sakdurunge , merga yen didelok saka latar belakang Isa diarani Kabeh potensial ,enek sejumlah Pejabat lan mantan Pejabat , enek sejumlah anggota DPRD , enek unsur Karang Taruna ,enek Unsur Pengusaha lan enek unsur KNPI .

Ferry Ardiansyah sing jabat Sekretaris Bhineka Bangsa Pacitan lan  Praktisi Hukum , uga Elik elik  Komposisi sing akeh diisi Wong Penting uga nanggung Beban luar biasa , yen nganti Prestasi Atlit stagnan lan ora tambah Prestasi , Isa dipastikan KONI gagal....

Sementara Sir Bagindas , ngaku marang media Iki sing kebetulan Melu cawe cawe saka awal pencalonan Bagindas sing wektu kui terkenal ( Poros D) , janji bakal kerja all out .....( Gustik)










Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done