Pacitan Post .20.04.026.
Sejatine akeh warga masyarakat Pacitan sing optimis, ketika Arip Setyo Budi ( ASB) jabat Ketua DPRD Pacitan.
Masiha nganti dina iki ijik pancet , Warga masyarakat Pacitan isih berharap ASB iso ngrubah kebiasaan anggota Dewan utawa komisi komisi sing ora peka merespon persoalan / kondisi Warga Pacitan sing soyo suwe soyo kejepit.
Pernah suatu ketika , komisi 4 ngenekne RDP sekitar tahun 2025 , dienteni nganti seprene bablas angine' , ora enek kabul wusanane , RDP muk sekedar nyenengne' pemohon .
Praktek praktek nyenengke' pemohon RDP , seolah komisi ben ketok kerjo , padahal praktek koyo ngono kui muk menipu rakyat , anggota mungkin lali , nyenengke pemohon RDP anggaran rapat tetep dijupukke saka duite rakyat pula , mending ora RDP sekalian ora ngentekne snack lan tenaga .
ASB Kudu sadar..!
Urip jaman saiki soyo abot lan komplek , seumpama gaya lan kinerja Dewan isih koyo priyayi sing kudu dihormati , dipastikan sebagian anggota Dewan termasuk orang dholim sing diharamke mlebu suarga , merga ana pundak'e dewan sejatine nafas Aspirasi sing selalu diperjuangkan koyo nalika janjine saat kampanye.
ASB Kudu gumregah...!
Kebetulan iki dina , jagad Pacitan lagi viral lan heboh merga Komplek Wisata Goa Gong dituntut untuk DITUTUP operasionale , merga Pemilik Asli Goa Gong rumangsa didholimi Pemerintah Kabupaten Pacitan selama 32 tahun.
Pengakuan ( Kateni) Pemilik sah lahan Induk Goa Gong , sing ora entuk kompensasi opo opo saka pemerintah selama 32 tahun , merupakan Potret persoalan warga sing kudu enek penyelesaian secepat mungkin , sakdurunge kabeh kobong / kabeh gosong .
Peran ASB sebagai ketua DPRD Pacitan sangat strategis , sekaligus sebagai penentu , tapi uga dadi ( jeglongan ) yen nganti ASB melu melu dadi Dewan sing klemar klemer.
Penulis tetep ijik yakin , ASB isa nuntaske persoalan pemilik lahan induk Goa Gong lan lahan Parkir utama sing luput diperhatian Bupati / Pemerintah Kabupaten Pacitan selama 33 tahun.
Mbuh nganggo gaya silat , nganggo gaya mbengok lan nganggo gaya liyo , sing penting enek hasile , dua penderita korban goa gong selama 32 tahun tertolong karo gaya ASB sing ,, Nyentrik ,,
Ditulis : oleh Sutikno pemimpin redaksi media ini sekaligus sebagai pemilik lahan parkir utama komplek wisata Goa Gong yang saat ini dikuasai Negara.