PACITANPOST
News Update
Loading...

Kamis, 24 Maret 2022

WIJI  MATI KECEMPLUNG KALI ...?

WIJI MATI KECEMPLUNG KALI ...?

Evakuasi Jazad korban kecemplung kali Demeling Purworejo.

Pacitan, 24.03.022.
Jazad Wiji sing kecemplung kali Grindulu sore iki maeng wis isa dievakuasi masyarakat Demeling Purworejo dibantu Tim Polsek Kota lan BPBD Pacitan.

Jazad Wiji sing menurut keterangan warga Demeling kenek penyakit stres ditemokne kesangkut wit witan ana njero kali grindulu.

Soal kapan kecemplunge kali ,Kabeh Warga Demeling ora pati weruh merga korban sering banget menyang kali , tapi wiji rong dino pancen ora ngetok , eh ngerti ngerti enek salah sijining warga ( I) kaget enek mayit ngambang kesangkut wit ambruk ana pinggir kali.

Merga wedi kesalahan warga sekitar lapor Polisi , dibantu Linmas lan warga jazad wiji iso dijupuk lan langsung digawa menyang RSD Darsono Pacitan sekitar jam 18.00 wib.

Nganti  berita iki ditulis , jenazah Wiji isih ana Rumah sakit Darsono Pacitan nunggu otopsi.
Sedang pihak Rumah Sakit mbenerake ana kiriman jenazah wong wedok (51) kecelakaan sungai , maaf nunggu sik yo mas dokter sing arep otopsi ijih shalat magrib ,,terang petugas RSD sing ora gelem disebut jenenge ( gustik)

HANYA ADA DIRESTO TIRTO WENING MENTORO ..BEBEK GORENG BEBEK BAKAR TULANG LUNAK...

Selasa, 22 Maret 2022

WARTAWAN DIUSIR..PAW KADES SIDOMULYO  ENEK OPO...?

WARTAWAN DIUSIR..PAW KADES SIDOMULYO ENEK OPO...?

Pacitan Post,22.03.022.
Panitia Pemilihan ( PAW)  Kepala Desa Sidomulyo Kebonagung Pacitan dina iki (22/3) perlu dicurigai . Pasale' Wartawan arep liputan ora entuk bahkan sempat diusir.

Ora mung kui , Panitia Pemilihan sempat ngrebut HP wartawan ( IP)  kongkon mbusak foto foto sing lagi dijepret.

Tentu wae wartawan ( IP) ora trima kerja jurnalistik'e dihambat muk gara gara ngliput Pilihan Kades . 

Kanggo efek jera , rencana kabeh Panitia bakal dilaporke pihak berwajib , minimal wartawan lan komunitas Media Pacitan arep nglaporke Panitia Pemilihan Desa Sisomulyo Kebonagung menyang Bupati Pacitan.

Aku ratrimo mas mosok aku muk njupuk potho lagi pirang jepretan langsung dijaluk hp ku , jare wartawan INTI POST  dongkol.

Sementara Panitia Pemilihan sing ora gelem ditulis omong , aku ora weruh kedadean kui mas , tapi sesuai peraturan pancen ora entuk dijupuk gambare , dengan alasan wedi nek dienggo mempengaruhi pemilih .

Ditakoni opo larangan iku  termasuk wartawan ? Panitia langsung mak plenggong ora iso njawab babar blas..

Perlu dimangerteni , Ana Kabupaten Pacitan ijik ana 4 Desa sing lowong Kepala Desane merga halangan tetap ( meninggal) antarane Kades Sidomulyo Ngadirojo , Kades Sidomulyo Kebonagunng , Kades Taman Asri Pringkuku lan Kades Sukodono Donorojo..( gustik)


Sabtu, 19 Maret 2022

TRADISI  GUGUR GUNUNG  APIK APA ELEK...?

TRADISI GUGUR GUNUNG APIK APA ELEK...?

Warga Dusun Kedawung Mentoro gugur gunung saben ngadepi puasa Ramadhan.

Pacitan Post 20.03.022.
Saben saben ngadepi sasi poso  Ramadhan  , umum'e warga Pacitan ngenekne' tradisi Gugur Gunung /reresik kuburan .

Cuma ! , Istilah Gugur Gunung pancen ora enek sejarah sing iso ngungkap , diarani lucu yo entuk , diarani lepas kontek yo iso , diarani ora tepat yo iso.

Umpama didelok arti Bahasa Asli sing bener : Gugur artine mati , Gunung Artine Lemah duwur.
Umpama digathukne utuh ,  Gugur Gunung artine  mati ana lemah duwur.

Jenenge wong ndisik ,  mungkin amrih ale' menak  ngarani , reresik ana kuburan diceluk GUGUR GUNUNG.

Ananging istilah Gugur Gunung  iso dienggo  (jika  ) reresik kuburan dilakoni wong akeh / massal sing biasane dikomando Dusun / desa.

Sebab nek reresik kuburan muk dilakoni personnal / keluarga ,  jenenge' dudu gugur gunung ,, ananging nyekar biasa,,.

Gugur Gunung Tradisi opo tuntunan..?
Jeneng' wong urip ning dunyo kui macem macem , pola pikir'e beda beda , adat pun yo bedo bedo , enek sing ngomong sirik , enek sing omong bid'ah uga enek sing omong tuntunan kanjeng Nabi.

Miturut Penulis ,, Gugur Gunung/Reresik Kuburan,, mbuh kui tuntunan utawa tradisi sing jelas manfaat'e akeh  banget , sak ora orane' :
1.
Kuburan dadi resik , ora silu lan ora angker , minimal  wong liwat ora wedi.
2.
Kuburan ora dadi sarang nyamuk lan omah kewan liar , malah nek ning kutho gede' kuburan digawe' taman sing indah , wong nyekar dadi nyaman.
3.
Manfaat nyekar dadi eling marang bapak lan ibune  lan sedulur sedulure , sak ora orane iso dongakne lan introspeksi diri toh suk bakale yo pada mati.
4.
Memang siji sing derbalani lan dosa gede' , nek nyekar njaluk neko neko  karo wong mati , njaluk karomah munggah drajat lan pangkat , njaluk murah rejeki ,  bahkan enek sing uga njaluk nomer buntut utawa ramalan liyane , iki jelas salah lan Syirik 

Prinsip Gugur Gunung / reresik Kuburan iso dilestarekne' sepanjang adap reresik kuburan diperhatikan , ora entuk cengangapan / guyon, nek perlu doa nganti nangis , eling  wong tuwa  sing gulo wentah saka cilik .sing paling penting maneh eling kabeh bakale  nusul mati.

Terkait wong sing ora mathuk lan ora setuju , dihormati wae ! ora sah cuh cinu cuh merga kabeh duwe dasar dewe dewe , 
Sebab , nek Wong Islam gembrejeg dewe' dewe' malah ora becik , kesenengan wong liyan sing ora seneng karo wong islam.

Umat Islam bakal bejo lan mlebu suarga , nek saben saben Ramadhan teka , ati resik , iman mlater , sadaqah banter , shalat bener , islam kaffah sak lawase..( ditulis Gustik Pimpinan Redaksi Pacitan Post Group ....

Beebek Bakar , Bebek Goreng , Ayam Bakar, Ayam Goreng...iklan maneh)


























Jumat, 18 Maret 2022

GROUP 4 SEKAWAN DILANTIK KADINAS,DIDIK ALIH SEKWAN,

GROUP 4 SEKAWAN DILANTIK KADINAS,DIDIK ALIH SEKWAN,

suasana Pelantikan Kepala Dinas dan lain lain di Pendopo sore ini.

Pacitan Post 18.03.022.
Sekalipun adoh saka isu tuku jabatan , tapi group 4 sekawan wis diprediksi bakal diangkat dadi Kepala Dinas Kabupaten Pacitan.

Group 4 sekawan sing identik ( Suparlan  Kadinas PU. Turmudi Kadinas Pariwisata , Heru Tunggul Kadinas Kimpraswil . Bambang Mahendra Kadinas Kominfo) ditambah Didik Alih sing diangkat Sekwan DPRD.

Awan iki (17/03) dilantik Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji ana Pendopo agung Pacitan . Melalui proses ujian Lelang Jabatan  rong sasi sak durunge.

Muhammad Yunus sing ditemoni Media , ngomong proses pegangkatan Kepala Dinas Penting ana Pemkab Pacitan berjalan mulus lan lancar , fair ora nganggo ana isu isu tuku jabatan, kabeh berdasarkan nilai ujian , jare Yunus .

Terkait group empat sekawan , Yunus menolak istilah iku , merga selain wong papat uga ana liyane , termasuk ibu Jayuk Kepala BKKBN , Heri Setiyo Kepala Bapemas lan Ahmat Taufan Kepala Dinas Purpustakaan Pacitan.

Saka Pantauan Media lan bikin kaget , Didik Alih sing lagi diangkat Kepala Bagian Perekonomian , sore iki diangkat sebagai Sekretaris Dewan Perwakilan Rakyat Daerah Kabupaten Pacitan .
Sedang Rudi Hartoyo sing sak durunge dadi jabatan Sekwan naik pangkat dadi Asisten 2  Sekda Kabupaten Pacitan.

Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , disamping nglatik 8 kepala Dinas uga nglantik Jabatan jabatan liyane , termasuk Yudo sing diangkat dadi sekretaris  Dinas PUPR

Sambutan Bupati muk singkat , sing penting kabeh ASN sing tak angkat sore iki , kudu kerja sesuai norma PNS sing wis enek , ojo nglakoni korupsi lann pinyimpangan liyane...( Gustik)

Bebek.....bakar ..bebek ...goreng....pas ning ati.




Kamis, 17 Maret 2022

PESANTREN DILOKNE SARANG TERORIS  KABEH GUMON PADA MENENG WAE..!

PESANTREN DILOKNE SARANG TERORIS KABEH GUMON PADA MENENG WAE..!

Jebolan Pesantren jadi pendeta saifuddin tuding Ponpes sarang Teroris.

Pacitan Post 16. 03.022.
Pendeta Saifuddin Ibrahim iki dina lagi tranding , dudu soal prestasine tapi soal pelecehan Al Qura'an lan Pondok Pesantren.

Pendeta Saifuddin sing nota bene mantan pengasuh Pondok Pesantren Indramayu Jawa Barat  usul menyang Menteri Agama Yaqut Cholil Qomas 300 ayat Al Quran disetip utawa diilangne saka Al Qur'an Indonesia.

Alasan Pak Pendeta , 300 ayat Al Qur'an melahirkan intoleran lan menelorkan bibit bibit teroris Pesantren , okeh Santri dadi teroris gara gara ayat ayat iku , jare Pendeta Saifuddin lewat Vidio sing diunggah Yutube pribadi Saifuddin.

Hujatan demi hujatan disuarakne berbagai elemen masyarakat Indonesia , bahkan Menko Polkam Mahfud MD njaluk Pendeta Saifuddin gek ndang dipriksa Bareskrim/ Kepolisian.

Sing gumun muk siji , Insan Pondok Pesantren sak Indonesia babar blas ora enek sing secara kelembagaan nglaporne Pendeta Saiffuddin , sekalipun dituding santri santri akeh sing dadi Teroris.

Miturut salah sijining guru Pesantren Imam Maksum saka Jakarta , anane Ponpes ora nglaporne Saifuddin justru nunjuk ake kedewasaan Pimpinan Pondok, wong Pondok ora ngefek cuitan receh Saifuddin , dijarne wae ko rak meneng dewe , he la dalah...( Gustik)





Minggu, 13 Maret 2022

OPO TUMUN..?  HADIAH MENTERI MUK KERTAS SAK SUWEK , PESERTA GREMENG .

OPO TUMUN..? HADIAH MENTERI MUK KERTAS SAK SUWEK , PESERTA GREMENG .


Pacitan Post Wisata 14.03.022.
Sekalipun muk guyon , pemberian Hadiah arupo suwek'an kertas kosong sing diwenehne menteri Pariwisata Sandiaga Uno wingi dadi rasanan ning endi endi.

Sekalipun acara iku muk sekedar 
Lomba basa basi menyambut menteri ( One Day Sport Tourism  , ananging kedadian koyo ngono kui ora pantes didelok uwong , bayangno acr selelas menteri lho , iki One Day Gabuk jare peserta  ambek ndememeng.

Sandiaga Uno  ditakoni Wartawan malah   omong , iki piala satu satunya di Indonesia berupa sobek'an kertas kosong, mbuh karepe pak Mentri nyindir Bupati ,  mbuh piye sing ,  jelas Sandi sempat muni ngono , sekalipun disampekne karo nada guyon.

Terkait hal iki , Pemkab Pacitan lali , nek guyonan koyo mengkono kuwi ora pantes didepan Camera , disamping gampang dipolitisir , uga riskan di Eggak Enggokne wong sing raseneng, jaman saiki ojo sembarangan mas, hal sepele iso dadi Gawe , jare Nur Suhud mantan anggota DPR RI 3 periode asal Pacitan.

Mantan anggota DPR RI asli Jl Cokro Pacitan iku uga menehi saran Bupati Pacitan , Perda Perda Pembangunan kudu ndang digawe , utamane bab kondisi kota Pacitan sing Pegunungan .

Ojo mbok kira Pejabat Pusat ora memperhatikan perda sing diduweni Pemkab , Pemerintah Pusat selalu memperhatikan Perda , iki perda unyluk unyluk opo perda tenanan pejabat pusat wis iso mbedakne ,  jare Tokoh pemikir  DPP PDIP.

Sementara Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji  santai dituding  Program Nyawiji Tumandang muk pepesan kosong , pun kajenge mawon , sing penting tetep sat set wat wet,  jare putro mantan pendidik SMAN Pacitan iki mesam mesem.

Nganti Sandiaga mulih , urung jelas maksud tujuane teka Pacitan sing paling wigati , opo memang  muk menehi Sertifikat  Prestasi Desa Wisata Sendang , opo bab liyo ( gustik)

TETEP BEBEK JUARANE , NIKMAT , LEZAT SENSASIONAL...BEBEK GUSTIK BUKAN BEBEK BIASA...









NEK ENEK MENTERI TEKA , JAJAL TEKOK ONO , OLEH OLEHE ..OPO...? AJA MUK GIYOTAN TOK..!

NEK ENEK MENTERI TEKA , JAJAL TEKOK ONO , OLEH OLEHE ..OPO...? AJA MUK GIYOTAN TOK..!

   Sandi lan Bupati dolanan ayun ayunan

Pacitan Post Wisata. 13.03.022.
Ojo muk merga dijak dolanan giyotan pak mentri trus kesenengen. Jajal tekonono oleh olehe kanggo  warga masyarakat  Pacitan  iku opo  ?.

Kadang Bupati / Pejabat daerah nek wis ditekani Pejabat saka Jakarta  ale'  onjo ramekakat , bola bali ropat repet  nganti  ngentekne ragat .

Yo nek Pejabat sing rawuh trus gawa oleh oleh sing sesuai karo kebutuhane warga Pacitan sih  ora popo .

Tapi piye ! wong Pembesar Pembesar Pusat  nek rawuh  Pacitan kadang akeh sing  muk basa basi tok  , sing penting Bupati seneng , beres!

Musium dan Galery SBY - Ani meh dadi.

Mulo jaman saiki ojo kaget , nek enek Gubernur , Menteri ,  bahkan Presiden  sekalipun , nek kunjungan nyang daerah ngendi wae  ( koyo koyo )  Animo warga Masyarakat wis ora pati heboh koyo jaman ndisik.

Jajal nek digagas gagas , Menteri Pariwisata Sandiaga Uno nyang pacitan wingi ' . ,,  hasile  ,, sing nyata nyata bakal nguntungke warga Pacitan dalam waktu dekat  opo ? 

Nek mung njaluk  ,, 20 Desa Wisata Pacitan melu Ajang ( ADWI 22)  wae disampaikan staf rendahan  Kemenkraf wae iso , opo neh kabeh wis jaman digital.

Kecuali Pak  menteri , rawuh Pacitan gawa oleh oleh sing bener bener kenek nggo masa depan kota Pacitan sih ora popo.

Misale' ,
Pak Menteri Sandi  rawuh  Pacitan gawa oleh oleh  anggaran 2 Trilyun , kanggo gawe Bandara Wisata Pacitan , mungkin iku lagi top markotop , jare Bambang warga Desa Tanjungsari sing wis ,, Daweg" ngrungokne janji manis para Pembesar Pusat  nalika rawuh ana Pacitan , bola bali Bandara , bola bali Pelabuhan Gelon , jare Bambang mesam mesem.

    obyek Wisata Watu Bale Spektakuler

Atau paling tidak !  Piye Carane dalan dalan ( jalan) sing menuju obyek Wisata sing ijik rusak lan sempit gek ndang diambakne ,nek sliringan ben longgar.

Mandalika wae sing ora sepiro'o apik dibanding Pacitan , Pemerintah  Pusat kesemsem Gawe Arena Balap Moto GP kok Pacitan ora isa.

Opo gek Mandalika duwe Goa , duwe Air Panas , duwe Wisata Sungai  lan liyo liyane.
Tapi dikapak kapakne  , dijagong ping sewu sekalipun ,  kawit jaman biyen Pemkab Pacitan ora duwe  desainer pembangunan  lan Fasilitator sing handal lan  mumpuni.

Bahkan Nur Suhud ( mantan Anggota DPR RI) mengkritisi pola pembangunan kota Pacitan sing seolah ora duwe tujuan .
Kudune jare Nur Suhud , Pacitan kudu duwe Perda wilayah Pembangunan Pegunungan Pacitan , ora sah gensi takok wae Gostik).

PANGGAH BEBEK GORENG GUSTIK SING ENAK ....AMBYAR

































Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done