PACITANPOST
News Update
Loading...

Rabu, 06 April 2022

KABEH KABEH KOK ORA ENTUK, DOR DORAN ILANG..TETHEK ILANG...?

KABEH KABEH KOK ORA ENTUK, DOR DORAN ILANG..TETHEK ILANG...?

Pacitan Post , 6.04.022.
Jaman ndisik saben saben Ramadhan ana Kutha Pacitan krasa gayeng lan bermakna , janji arep magrib kabeh pada gembrudug menyang  sawah utawa tanah lapang mung arep ndelok  BLANGGUR disumet pratanda wis oleh buka puasa.

Blanggur ( utawa bom lontar ) di sumet ana lapangan  Pakri Polres Pacitan , mrecon  gede' iku saben disumet mumbul menyang duwur nganti sekitar 100 meter, suarane  seru banget persis koyo  BOM tenanan.

Saiki sesuai perkembangan jaman Penanda Buka Puasa wis diganti sirine sing dionekne ana radio lan toa toa masjid  .

Pancen saya suwe suasana Ramadhan ana Pacitan ora pati gayeng seolah koyo kurang bermakna, merga akeh tradisi sing dilarang.

Koyo to ,Tradisi nyumet door dooran pring,  nyumet mercon , karbitan lan liyo liyone  saiki kabeh dilarang , padahal Puasa tanpa door dooran ana Pacitan  ibarat sayur tanpa garam..glambyar ora krasa opo opo.

Rudi Hartoyo anggota DPRD Pacitan ,  klebu tokoh kang kelangan momen Ramadhan jaman ndisik  , Rudi tambah sedih merga  ilange door dooran ora diwenehi solusi sing apik saka pihak berwajib.

Rudi Hartoyo anggota DPRD Pacitan rumangsa sedih wis ora krungu suara  door dooran ana sasi siam .

Soal ilange Karbitan lan suara door doran ana Pacitan Rudi Hartoyo pernah protespas rapat karo pihak berwajib ana gedung DPRD Pacitan , Rudi Protes karo Pihak berwajib sing isane muk nglarang tapi ora duwe solusi.

Saben saben bocah ngonekne door doran douber uber koyo maling , nganti gawe trauma warga masyarakat., Opo meneh tahun 2021 kepungkur ana desa Arjowinangun ana warga sing mati kecemplung kali merga wedi diuber uber polisi.

Mulo saka iku ben ojo kedadean koyo ndisik, warga ora trauma , Rudi njaluk solusi piye carane Ramadhan tetep gayeng tapi warga ora terlalu arogan ngonekne door dooran.

Misale , karbitan  entuk disumet tapi seminggu jelang idhul Fitri , sedang gantine  mrecon cilik lan door dooran saka  pring tetep entuk disumet , toh dooran doran saka pring ora terlalu bahaya

Perlu dimangerteni door dooran saka pring  yo kui  suara khas tradisional sing biasa dionekne  saben puasa wulan  , suarane antas banget tapi  minim bahaya   ..dooor....doooor...doooooor ( gustik)

BEBEK PANGANAN JENIS UNGGAS PALING ENAK....HANYA ADA DI RESTO TIRTO WENING










Jumat, 01 April 2022

PEMERINTAH BOLA BALI SOSIALISASI BENCANA TSUNAMI...PACITAN BAHAYA!

PEMERINTAH BOLA BALI SOSIALISASI BENCANA TSUNAMI...PACITAN BAHAYA!

Pacitan Ppos.01.04.022.
Ora bosen bosen ,BMKG Jakarta  bola bali ngramal  Pacitan bakal diterjang Stunami setinggi 28 M , Padahal kasunyatane  nganti seprene Kabupaten  Pacitan aman njeman, ora enek  lindu opo meneh Tsunami.

Mbuh merga duite ijik akeh opo piye , wingi awan ( 31/03) BMKG  Jakarta nekad enek' ake maneh  Sosialisasi Bencana Tsunami ana Hotel Permata Pacitan.

Peserta sing diundang ,  Siswa Siswi SMA I pacitan , BPBD lan Perusahaan Media , Radar Madiun.Pacitan Post.Inti Post.Jornal Madiun, Pacitan FM, Pacitan Vision  lan Grindulu FM.

Peserta Sosialisasi Bencanan Tsunami di Hotel Permata Pacitan.

Rapat dipandu saka Dinas Kominfo Kabupaten Pacitan Dhakir dibantu Wartawan Senior Purwa saka radio Pacitan FM.

Prinsip isi kegiatan , Kabupaten Pacitan merupakan daerah berbahaya sing sewaktu waktu jebluk gempa gede lan dibarengi Tsunami  antara 6 meter nganti 28 meter.

Pernyataan Eklusif iku di sampaikan Drs.Wiryanta PhD  Direktur  Informasi dan Komunikasi Pembangunan Manusia dan Budaya Nasional.

Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji lan Kepala Dinas Informasi dan Komunikasi Kabupaten Pacitan Bambang Mahendrawan absen ana acara Forum Sosialisasi Penanganan Gotong Royong Tangguh Bencana tahun 2022.

Nganti berita iki ditulis , urung enek informasi resmi , sebab sebab  Bupati Aji lan Mahendra kominfo ora teko ana acara kui , iso  wae gadok acara liyo , tapi uga mungkin bosen saking seringe acara semacam kui , toh rakyat aman , Tsunami ora enek koyo sing sering diprediksi BMKG selama iki , cletuk konco wartawan sing teko ana Hotel Permata  ambi guyon ...( Gustik)










Rabu, 30 Maret 2022

Program Wajib Meteng Gratis  ! Wis Ora Enek Kabare ..?

Program Wajib Meteng Gratis ! Wis Ora Enek Kabare ..?


Pacitan Post, 31.03.022.
Ditakoni Wartawan terkait program Wajib ,, meteng/bunting ,  Dokter Hendra Purwaka nampak kebingungan seolah gagal  Fokus.

Ternyata wartawan uga melu gagal fokus ale' nyimak pernyataan Handaya Aji terkait Wajib meteng.

Sing dimaksud Handaya Aji saat RDP komisi 2 DPRD Pacitan  ternyata  Program 28.000  Sapi Wajib meteng gratis , cuma  saking menggebu gebune tekok kader PKS iku ,, malah kliru ,,  nyebut Dokter Hendra Purwaka sing dino iku absen merga bapak'e sedo ana Surabaya.

Menyadari kliru pernyataan , Handaya Aji buru buru uber program Sapi Meteng/bunting Gratis Dinas Pertanian , sing nganti dina iki ora enek kelanjutane.

Opo sebab'e ! janji program kui apik lan diarep arep warga masyarakat mesti ujung ujunge' mletre ora jelas kelanjutane , jare handoyo sewot.

Sementara iku , Kepala Dinas Pertanian Pacitan Ir Pamuji omong yen Program Wajb Sapi Bunting di jamin ora mandeg , program iku tetep jalan mas , tapi data pencapaiannya sing ngerti persis pak Joko Rinanto Kabidnya , tulung iki tak wenehi nomere , jare mantan ketua Bapeda iku.

Tapi sayang  Joko Rinanto ora iso jelasake secara gamblang , Joko muk komentar singkat  program mlaku apik , target 28.000 ribu sapi terpenuhi.

Joko Rinanto bener bener tertutup ora gelem nerangake secara teknis  segala rintangan dan hambatan program wajib sapi Hamil. sehingga ketertutupan Dinas Pertanian  terkait program sapi hamil ndadekne DPRD Pacitan curiga.

Handoyo curiga , Program  Wajb Sapi Hamil ora enek kasunyatane , tapi diduga anggarane jalan terus, iki perlu penyelidikan aparat hukum , tegas handoyo sedih.

Handoyo sedih merga program Sapi Bunting klebu program unggulan sing ditunggu tunggu para peternak Sapi , disamping Gratis , peternak pingin duwe sapi bibit unggulan..( gustik)








JAMAN SOEHARTO RAMADHAN WARUNG MANGAN TUTUP.. JAMAN NOW .?

JAMAN SOEHARTO RAMADHAN WARUNG MANGAN TUTUP.. JAMAN NOW .?


Pacitan Ppos, 30.03.022.
Sak elek elek'e jaman Soeharto mimpin Indonesia  selama 32 tahun ,saben saben ngadepi wulan Ramadhan warung mangan dikongkon tutup utawa buka tapi bagian ngarep ditutup terpal .

Maksud'e Pak Harto ,mungkin  kanggo menghormati wong kang nindak'ake ibadah siam ana wulan Ramadhan.

Ananging jaman saiki  wis beda maneh', warung mangan , Kafe , tempat hiburan lan liyo liyane  bebas buka kapan wae sekalipun wulan Ramadhan.

Bahkan Majelis Ulama Indonesia ( MUI) sing biasane getol larang Restoran buka,  iki dina sarujuk Pemerintah Indonesia ,kabeh Rumah Makan wulan  Ramadhan tahun 2022 ora perlu tutup , tapi ora entuk mamer mamerke panganan sing dipajang.

KH Cholil Nafis Ketua Majelis Ulama Indonesia omong ,  Ramadhan 1443 Hijriah tak perlu ganggu kegiatan wong liyo, kuliner tetep jalan , tapi ojo ditonyol tonyolne marang wong kang poso , jare KH Nafis.

Perubahan Radikal terkait kuliner buka/tutup  sasi Ramadhan tahun 2022 ternyata nuwuhne pendapat  pro lan kontra.

Kiai Maksum  ngomong  , soal kuliner tetep buka opo tutup ana sasi Ramadhan sakjane ora terlalu prinsip dibahas , toh jamane Pak Harto masiho warung akeh sing tutup nyatane yo ora enek sing keliren utawa mati merga Ramadhan.

Sakjane himbauan Warung Makan Tutup saat Ramadhan iku muk edukasi / saling menghormati antar sesama dalam ibadah, minimal bocah cilik cilik sing puasa ora tergoda panganan sing didelok. 

Saiki jajal suk nek Ibadah Nyepi , opo yo enek himbauan Pemerintah warga oleh kluyar kluyur saat nyepi ning Bali , yo diteteni wae..jare Kiai Maksum diplomatis.

Pemerintah Indonesia terkadang bahas hal hal sing ora terlalu penting , sing justru gawe keributan tembe mburine , la iyo jajal suk nek enek uwong protes ,, Perayaan Nyepi ning Bali warga muslim  entuk kluyar kluyur sak geleme, trus piye jal ? Wis monggolah jare Haji Maksum.

Kiai Maksum njaluk marang umat muslim kabeh ana Yuswantara , ngadepi perkembangan jaman sing berubah rubah kudu Sabar lan Tawakal , ora perlu nglawan pemerintah ,tapi berserah diri marang Gusti Allah , sebab muk Gusti Allahlah kabeh menungsa bali.

Jagad sing gawe Gusti Allah , Drajat lan jabatan sing duwe Gusti Allah , Rejeki sing duwe Gusti Allah , rasah terlalu dipikir jero,  eling dawuhe gusti Allah Urip ana Donyo iku muk sandiwara ...( Ditulis oleh gustik pemimpin Redaksi Pacitan Post sebagai edukasi jelang ramadhan)








Selasa, 29 Maret 2022

ANGGOTA DEWAN SIRAHE WIS MULAI MUNYENG...PEMILU SOYO CEDAK.

ANGGOTA DEWAN SIRAHE WIS MULAI MUNYENG...PEMILU SOYO CEDAK.


Pacitan Ppos, 29.03.022.
Pemilihan Umum kurang rong tahun , ananging Dewan Dewan wis mulai sambat cepak cepak banda / biaya kanggo golek biting tahun 2024.

Sing repot ! Akeh akeh anggota Dewan isih duwe tanggungan bank srana gadekne SK selama  5 tahun , Mulo anggota dewan sing olehe duit muk saka gaji  sebagai anggota Dewan iki dina rada kerepotan merga wis kepotong Bank.

Tapi bagi anggota Dewan sing wis sugih sak durunge , mungkin ora begitu bermasalah bab biaya tukon biting tahun 2024.

Arif Setyo Budi ketua Fraksi Partai Demokrat Pacitan, ngakoni nek wektu kurang rong tahun iki wis mulai ketir ketir , sak ora orane  mulai atur strategi , minimal wis ora iso tuku tuku barang barang sing ora penting , rodok ngerem disiklah  ,rong tahun iku cedak ,jare Arib gguya guyu.

Sementara Pujo Setyo Hadi ngaku ora terlalu mikir  tahun 2024, engko yo engko saiki yo saiki, sing penting karo rakyat tetep cedak , Ketua Komisi IV DPRD Pacitan sing wis 20 tahun dadi anggota Dewan, ngaku  optimis konstituan daerah pilihane Punung Donorojo tetep setia, ananging yo perlu ati ati sebab persaingan soal biting tahun 2024 soyo ketat , jare pujo santai.

Rudi Hartoyo sing tetep setia budal saka Hanura , ngaku tetep optimis sekalipun budal saka Dapil Neraka - Pacitan Kota.

Perlu dimangerteni , Dapil  sing ditinggal tokoh Legendaris ana  loro ( 2). Yokui Dapil 5 ( Ngadirojo-Sudimoro) sing ditinggal Gagarin, merga kepilih dadi Wakil Bupati lan Dapil siji sing ditinggal Indrata Nur Bayu Aji merga kepilih dadi Bupati Pacitan.

Diyakini biting biting sing ditinggal  Bupati Lan Wakil Bupati bakal dadi rebutan ana dapile masing masing.

Miturut kabar manuk , dapil 1 ( Pacitan- Pringkuku) pengganti Indrata Nur Bayu Aji bakal muncul tokoh Kontroversial Kades Arjowinangun ( wiwit Bagong).

Sementara dapil V , nganti dina iki urung enek kabar tokoh Golkar sing bakal ganti Gagarin ,minimal tokoh kudu sepadan , jare Nano sing nurut berita uga bakal maju Dewan , tapi saka dapil 1.

Pemilu tahun 2024 pancen ijik rada adoh , ananging sekalipun ijik rada adoh cukup gawe munyeng 'e para tokoh sing bakal nyalon anggota Dewan , halah embuh pak sirahku mulai nyut nyut , jare Kimpul ..( gustik)










Minggu, 27 Maret 2022

LavAni Langsung  Juara ,  SBY Bangga wong Pacitan Bangga..

LavAni Langsung Juara , SBY Bangga wong Pacitan Bangga..


Pacitan Ppos 27.03.022.
Presiden Republik Indonesia ke 6 Susilo Bambang Yudhoyono gawe kabeh warga pacitan  bangga , ora muk merga SBY dadi Presiden RI 2 Periode , tapi SBYsiji sijine Presiden RI sing duwe Club Olah Raga Bergengsi Volly Ball.

Kecintaan SBY terkait Volly Ball , pancen kanggone wong Pacitan wis ora gumun, sebab kawit  SBY ijik  sekolah SMA 271 Pacitan beliau  wis seneng Volly , bahkan SBY wis duwe Club Volly ball ana Sekolah.

Sing Hebat , selepas dadi Presiden RI , SBY gawe Club Volly sing dijenengke LavAni sing njupuk Base Cam ana dalem  Cikeas Bogor.

Ora tanggung tanggung, Musim Proliga tahun 2022  ,, Lavani Bogor ,,  langsung melu kompetisi lan langsung juara I ngalahke Group Kuat Bayangkara Samator Surabaya. ( Score 3:2 ).

Disaksekne' Langsung Pemilik LavAni ( SBY lan keluarga besare'  / sak mantu lan putu )   ,,LavAni ,, tampil bak banteng ketaton  ,   Samator langsung kandas.

Kemenangan  LavAni juara Proliga  tahun 2022  ( ternyata ) ora mung gawe bangga pak SBY lan Keluarga , tapi uga gawe bangga warga pacitan sing seneng olah raga utamane Volly Ball.

Restoran  , Kafe Kafe , Warung  Mangan Terminal , lan Kantor Kantor kabeh pada Nonton Bareng ( Nobar) pertandingan Final Proliga tahun 2022 antara Bogor LavAni VS Bayangkara Samator Surabaya.

Begitu Lavani Menang , penonton langsung heboh  ( seraya ) muji muji Kehebatan SBY , Bravo pak SBY pemilik LavAni , SBY seorang Jendral, seorang Pelukis , seorang pencipta lagu , terakhir SBY Seorang Presiden RI ke 6 .

LavAni group Volly Profesional Indonesia  , sing njupuk jeneng saka ,, Kisah Cinta SBY ANI /LavAni, mungkin  ora iso dipisahke karo Warga Pacitan , sebab opo wae obahe SBY , Warga Masyarakat Pacitan is oke oke wae' ..( gustik)






Kamis, 24 Maret 2022

PERSAINGAN GOLEK BITING DAPIL V MULAI USREK LAN PANAS.

PERSAINGAN GOLEK BITING DAPIL V MULAI USREK LAN PANAS.


Pacitan 25.03.022.
Pemilihan Umum ijik rong tahun , nanging anggota Dewan wis mulai usreg) bingung ale arep golek lan mempertahankan  biting. 

Kondisi usreke'  calon anggota Dewan khusus'e tingkat Kabupaten miturut pantauan media uga  klebu daerah Pacitan.

Ana Kabupaten Pacitan sing paling ketok persaingane  ana Dapil V Ngadirojo Sudimoro.

Hal iku dimaklumi , mengingat Dapil V ditinggal tokoh legendaris'e Gagarin sing saiki njabat Wakil Bupati Pacitan.

Tokoh tokoh politik mbuh kui anyar utawa lawas iki dina wis mulai persaingan sing kadang menjurus ora sehat.

Misale' ! enek anggota DPRD ngenekne giat ana Dusun/Desa ( A ) , liyo dina Anggota DPRD sijine wis kebakaran jenggot nandingi kegiatan liyane sing rada gede.

Nek mung nyaingi giat sih rapopo tapi nek wis nebar fitnah iku sing garahi intil intilku lara , keluh  anggota Dewan sing isin disebut jenenge .

Dapil V sing meliputi Kecamatan Ngadirojo lan Sudimoro Pancen selama iki terjadi persaingan keras antar tokoh/ politikus.

Ning daerah Dapil V enek tokoh tokoh populer , Hariawan ST ( Nasdem) Heru Puspo. Tumardi ( Demokrat) .Heru Setyanto ( PDIP) Subroto ( PKB),Bambang lan Priska Panjaitan  ( Golkar) siji sijine bocah wedok.

Dalam kontek Persaingat biting , nek ndelok obahe tokoh pancen sing kepontal pontal Priska , sebab urung pati suwe ngadeg dewan janji arep obah sitik wis ketlorong tokoh saingane.

Tentu wae Tokoh Dewan  Wedok sing ayu dewe sak Dapil V iki maeng enek'e mung judeg lan bingung.

Tapi Prisca ngomong , aku ora bingung kabeh obahku tak pasrahne sing gawe urip , dene konco liyane ngidak ngidak obahku , wis monggo .

Ditakoni  wartawan  , opo ora pegel mbak dikuyo kuyo tokoh persaingane ? Halah ora mas monggo , masyarakat saiki wis pinter pinter , sing tulus karo ora masyarakat wis do ngerti , seolah nyindir tokoh saingane.....( Gustik)






Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done