PACITANPOST
News Update
Loading...

Selasa, 19 April 2022

LHA PANTESAN.. MINYAK GORENG LANGKA.. WONG DIDUGA DIBEGAL DIRJEN PERDAGANGAN.

LHA PANTESAN.. MINYAK GORENG LANGKA.. WONG DIDUGA DIBEGAL DIRJEN PERDAGANGAN.


Pacitan Post Group 
Moral Pejabat Indonesia pancen meh kaya gambles kabeh , ora duwe kawelasan babar blas karo wong cilik.

Bayangno, meh setengah tahun wong cilik disengsarakne uripe merga kabeh barang kebutuhan pokok larang regane, utamane minyak goreng.

Kejaba larang regane , minyak goreng sempat ilang ning pasaran ditimbun para pedagang  merga ndisik ale tuku larang.

 Rata rata pedagang podo ngaku , terpaksa nimbun minyak goreng sementara waktu ( merga ) wegah rugi sebab ale  kulakan ndisik larang..

Ternyata saiki wis konangan , sebagian besar minyak goreng dalam negri dieksport menyang luar negri besar besaran lan ugal ugalan.

Eksportir kerja sama karo Kementrian perdagangan . Moduse , eksportir nyogok surat ijin persetujuan eksport.

Saiki kabeh begal minyak goreng wis podo ditetapne sebagai Tersangka  Kejaksaan Agung , klebu Pentolan Kemendag ( IMM Dirjen Kemendag).

Kejaba Dirjen Kemendag sing ditetapne tersangka uga enek wong telu (3) sing ditetapne tersangka , kabeh petinggi Perusahaan  Eksportir.

Miturut keterangan Jaksa Agung Burhanuddin , modus begal minyak goreng ,, berusaha nyogok,,  surat ijin Eksport sing diduga  menyang Dirjen Kemendag , padahal meh kabeh perusahaan Eksportir kui maeng pada ora duwe ijin Eksport.

Dasar Dirjen mental begal , kabeh perusahaan sing ora duwe ijin iki maeng  diwenehi rekomendasi eksport minyak goreng nyang luar negri.
Akibate , Stock minyak goreng dalam negri kolab.

Rakyat njerit merga minyak goreng langka tur regane ugal ugalan , akeh warung makan tutup merga bahan baku minyak goreng sing dibutuhne rakyat cilik ora enek ning pasaran...eh ternyara dibegal oknum Kementerian Perdagangan lan pengusaha edan ( gustik)









Sabtu, 16 April 2022

RESES DPRD PACITAN AKEH NOMPO KELUHAN REGA REGA LARANG.

RESES DPRD PACITAN AKEH NOMPO KELUHAN REGA REGA LARANG.




Ronny Wahyono aku banyak terima keluhan warga akan tingginya harga kebutuhan pokok pada Reses DPRD april 2022.

Pacitan Ppos 16.04.022.
Kabeh Anggota DPRD Pacitan mulai tanggal 14 s/d 17 April 2022  pada mudun menyang dapile dewe dewe dalam rangka  Reses Rutin.

Ananging Reses tahun iki , rata rata anggota dewan  enek'e mung nangis ndlolo ngrungokne keluhan warga anane' urip sing soyo abot , utamane bab reregan sing soyo larang.

Koyo sing dikandakne' Ketua DPRD Pacitan Ronny Wahyono sing wengi iki mudun ana dapile Tulakan Kebonagung.

Jare' Ronny , setiap kunjungan ning Dapil ora enek eneh keluhane warga muk bab reregan sing soyo larang , utamane minyak goreng lan bahan bahan pokok liyane.

Ronny Wahyono dalam rangka Reses di Dapil Tulakan Kebonagung tadi malam (16/4).

Warga uga was was , moco berita bab tarip listrik  sing bakal diundakne Pemerintah , padahal urung suwe kepungkur BBM (Pertamax)  wis sempat diundakne, jare Ronny ditemoni Media ana Rumah Makan Tirto Wening Mentoro.

Keluhan warga bab reregan , ora mung dicritakne Ronny Wahyono , Rudi Hartoyo lan Sediono pun  nompo wadul'e masyarakat terkait reregan sing soyo larang ,utamane bab kelangkaan Minyak Goreng lan kebutuhan pokok liyane.

Jare Rudi , Reses iki dina rata rata anggota Dewan mung ngrungokne keluhan warga bab reregan,  tapi gek piye wong kabeh domain Pemerintah Pusat , sedang anggota Dewan isane muk  menyerap aspirasi , jare Rudi .

        Rudi Hartoyo anggota DPRD Pacitan

Sing lucu Sediono , urung sempat sambutan bab Program Pemerintah Kabupaten Pacitan lan kewenangan dewan , ujug ujug ibu ibu langsung  mengeluh bab reregan kebutuhan bahan pokok , rata rata kabeh umek bab kelangkaan minyak goreng , Tokoh Dewan asal Arjosari iki maeng enek'e mung mbrebes mili , ternyata iki dino uripe wong ndeso nelangsa pak , pungkas diono.

Sediono dan sejumlah anggota DPRD Pacitan dlm sebuah kesempatan kunjungan kerja.

Sementara  Sekretaris Dewan Perwakilan Rakyat Daerah Pacitan Didik Alih Prabowo , bersyukur kabeh Dewan mudun ana dapile dewe dewe , iku menandakan program Reses berjalan lancar sesusi agenda....( Gustik)



Kamis, 14 April 2022

DIDUGA MABUK NING KAFE ,  JUNGKEL NING KALI TAMPERAN.

DIDUGA MABUK NING KAFE , JUNGKEL NING KALI TAMPERAN.


Pacitan Post 15.02.022.
Mbuh merga dosa mendem ning sasi poso/ apa merga liya, oknum ( IG ) lan  ( Jmt ) mambengi sekitar jam siji ( 01.00 Wib ) kecelakaan Tunggal ana kretek Tamperan Sidoharjo Pacitan.

Diduga aki aki sing wis umur meh petung puluh tahun ( 70)  iku wis  ora kuat nyopir, diduga  merga Bar mendem ana kafe sekitar bukit Tamperan.

Mobil  Aki Aki sing melaju saka arah kafe pas teka kretek tamperan mestine belok , tapi malah bablas mobile  dicemplungke kali Sor kretek tamperan.

Gandeng ale kecemplung kali ora adoh saka Polsek Kota , buru buru Polisi lan warga sekitar jembatan nulungi mobil berplat Semarang iki maeng.

Menurut wong wong sing nulungi ,, cangkeme korban  ,,  kabeh mambu alkohol , diperkirakan  bar mendem saka kafe sekitar Tamperan sing memang diolehi buka masiha sasi poso , niku namung prakiraan kulo lho mas , jare saksi ( S)  sing ora gelem ditulis.

Sementara Pihak Polres Pacitan mbenerake  kedadean kecelakaan tunggal mambengi , miturut Kanit Gakum Ipda Abdul Khalik Mobil jenis Honda Mobilio Nopol H.8506 WF kecemplung kali sor kretek tamperan sekitar jam siji bengi.

Poso Poso mabuk, mestine belok ,malah lurus  ,,mobile'  ,, dicemplungke kali  sor kretek Tamperan.

Mobil disopiri JG Tiong  ( aki aki ) warga keturunan asal Bintoro Gayamsari Semarang , sedang penumpang liyane Gozali Warga lokal Pacitan.

Polisi uga mbenerake ning njero mobil ditemukan botol alkohol lan cangkeme' si sopir mambu alkohol diduga  nyopir ambi mabuk.

Kholik nambahake' , kabeh korban slamet , iki dina kasus'e ditangani polisi .
Terkait berita korban kecelakaan mabuk saka kafe sekitar tamperan , kholik ora iso mastekne , waduh ora ngerti nek soal iku , tapi  TKP cen cedak saka kafe kafe lembah tamperan...he..he..( gustik)



Rabu, 13 April 2022

EDAN...! ANGGOTA DEWAN RAPAT SAMBI NONTON BOKEP....!

EDAN...! ANGGOTA DEWAN RAPAT SAMBI NONTON BOKEP....!


Pacitan Post, 13.04.022.
Amit amit ..Anggota Dewan digaji saka duit Rakyat sing jumlahe  sak ho hah , ora kerja sing bener ,  tapi malah ndelok Vidio Porno disela rapat Dewan.

Diduga oknum sing ndelok vidio porno disela rapat Dewan ( yo kui ) Harvy Malaeholo ( 58 ) saka Fraksi PDI Perjuangan.

Sing repot mantan Artis legendaris iku dadi Anggota DPR RI lagi patang sasi / sebagai Pengganti Antar Waktu ( PAW) saka daerah pemilihan Papua Barat.

Mungkin Harvy lali , nek ning Gedung Dewan Senayan Jakarta saben  sudut ruangan/ gedung dipasang CCTV sing iso mantau gerak gerik  kabeh wong kang ana Gedung Dewan.

Apes  ! Paman Artis Mikha  Tambayong sing duwe swara mirip Brury Pesolima iku tertangkap CCTV ndelok Vidio  ora senonoh.

Anggota Komisi IX DPR RI  sing lagi dilantik  sebagai anggota DPR RI 11 Januari 2022  saat dihubungi  sejumlah wartawan ora kenek alias tulalit.

Sementara Induk Partainya  PDI Perjuangan  sing diwakili Bambang Wuryanto ngomong , Harvy dijebak wong ora dikenal .

Kronologine Harvey  saat Rapat entuk WA saka wong liyo, bareng dibuka ternyata  isine vodio Porno , ndalah konco koncone' sing lungguh kursi sebelah melu nglirik tapi campur was was , asyik nih Ve...

Disemoni / disindir konco sebelahe , Artis jebolan Juara Bintang Radio lan Televisi tahun sangang puluhan iki kaget lan buru buru hp dipateni

Jenenge wong Politik , ngerti ngerti  berita Anggota DPR RI ndelok bokep saat Rapat langsung Viral lan ramai ning jagat maya..
Nah no  ( gustik)








Senin, 11 April 2022

SEKWAN ANYAR DPRD..BEDAH TRADISI NGUPING...!

SEKWAN ANYAR DPRD..BEDAH TRADISI NGUPING...!

 Didik Alih Prabowo Sekwan DPRD Pacitan

Pacitan Ppos .12.04.022.
Suasana DPRD Pacitan saiki enek sing beda dibanding tahun tahun kepungkur , terutama Pasca pergantian Sekwan.

Nek jaman ndisik , Sekwan arang mubeng lan  melu nglemprot ning Fraksi utawa komisi , Sekwan saiki sing dicekel Didik Alih Prabowo melu gelem lungguh ana ruang Fraksi utawa Komisi.

Didik Alih ngomong , basic'ku  wong lapangan mas , nek kon lungguh ning kursi terus aku ora isa .

Paling tidak , nek aku sering melu lungguh lan ngobrol karo konco konco anggota mbuh kui ning ruang Fraksi / komisi ,, minimal ,, aku dadi weruh kebutuhan lan keluhan konco konco anggota DPRD.

Mantan Kepala BPBD Pacitan iku uga nambah ake , Tugas Sekretaris DPRD melayani Anggota DPRD   terkait administrasi ,anggaran lan kegiatan anggota , mulo butuh cedak ! Jare Didik mesam mesem.

Soal hubungan karo pihak eksternal terutama Media, Didik ngomong  arep luwih terbuka lan luwes .

Wartawan ora perlu diwedeni, tapi perlu dibangun komunikasi sing apik lan harmonis .
Bupati , DPRD lan Para Pejabat , tanpa kehadiran Wartawan ( ibarat ) omah mati lampune' ...hem ( Gustik)




Minggu, 10 April 2022

ORA DUWE DUIT, FUTSAL.PING PONG.BINARAGA .BAL BALAN WEDOK DICORET .....

ORA DUWE DUIT, FUTSAL.PING PONG.BINARAGA .BAL BALAN WEDOK DICORET .....


Pacitan Post, 08.04.022.
Negara Indonesia , saya suwe bingung karepe dewe terkait pengelolaan anggaran Negara ( APBN) tahun 2022.

Mbuh merga utang luar Negrine akeh , utawa Neracane ora imbang , sing jelas iki dina management Keuangan Indonesia rada bledru  ( sing akhire ) mempengaruhi program program sing wis dirancang sak durunge'.

Gara gara kui , Nganti  Kemenpora  RI coret 20  Cabang Olah Raga sing maune' arep dibudalne' menyang Sea Game Vietnam wulan Mei tahun 2022.

Cabang Cabang sing dicoret Kemenpora , Timnas  Futsal.Binaraga.Ping Pong.Bal Balan Wedok.Volly Pantai , Senam dll.

Menteri olah Raga Zainudin Amali ngomong , kesepakatan pencoretan Cabor wis dikomunikasikan berbagai unsur termasuk KOI lan KONI.

Alesan utamane , kejaba dana mepet uga Cabor Cabor sing dicoret diprediksi ora bakal entuk Medali.

Gara gara keputusan Kemenpora , Para Atlit sing wis kadung latihan nggethu/rutin mbedegel atine , klebu anggota Timnas Futsal.

Tapi..!
Ndlalah ijik nasib apik, Timnas Futsal akhire sido budal ning Vietnam berkat Ketua umum Harry Tanoe Sudibyo sing ngragati Tim Futsal secara Mandiri.

Tim Futsal Indonesia akhire sido budal Sea Game .

Perlu dimangerteni , Sea Game Vietnam wulan mei 2022 rencana mempertandingkan 526 saka  40 Cabor sing ditentukan.

Diprediksi Tuan Rumah Vietnam bakal akeh nyabet Medali , klebu Bal Balan sing pancen klebu tim Kuat Asia Tenggara ..( gustik)


Rabu, 06 April 2022

BUNGAH SUMRINGAH ..AKHIRE SK TENAGA PPPK DITOMPO...DEWAN ACUNGI JEMPOL..

BUNGAH SUMRINGAH ..AKHIRE SK TENAGA PPPK DITOMPO...DEWAN ACUNGI JEMPOL..

Bupati Pacitan indrata Nur Bayu Aji dikrubungi tenaga PPPK.

Pacitan ppos.07.04.022.
Pirang pirang tahun ale ngenteni , Tenaga PPPK sing jumlahe 555 akhire nompo SK sing bola bali ditunda.

Saka jumlah 555 ana sing seda 1, penyerahan dibagi 3  kelompok lan diwenehke Bupati langsung ana Gedung Karya Dharma lingkungan Pendopo Kabupaten Pacitan.

Bupati Pesen , sak bubare SK diwenehne Bupati njaluk marang tenaga PPPK nyambut gawe sesuai tupoksi krontrak sing enek , ayo pada sat set wat wet mujudke Pacitan Nyawiji Tumandang Hasile Ben Gek iso Disawang.

Sementara Wajah Sumringah ketok ana wajahe kabeh tenaga PPPK, Heffi Selvya Martin sing wis 16 tahun luwih ngajar ana SD Balehaejo 2 sebagai Tenaga Honorer iki dina rumangsa seneng atine , merga SK PPPK wis ditampakne , sekalipun kudu pindah ale ngajar .

Ora opo opo pak aku ora ngajar ning SD Faforit Baleharjo 2 ,masiha saiki pindah ana SD Mendolo Kidul Punung, atiku ,tetep seneng merga saiki statusku jelas dadi tenaga Kontrak , jare Heffi mesam mesem

Penerimaan SK Tenaga PPPK dina iki , diapresiasi  sebagian anggota DPRD Pacitan Ronny Wahyono ( Ketua DPRD )lan Rudi Hartoyo ( anggota DPRD ) Pacitan.

Selamat lan Sukses konco konco tenaga PPPK , selamat mengabdi muga muga lancar kabeh , berkah kanggo keluarga lan masyarakat  Pacitan secara umum, jare Ronny lan Ruddy ana gedung dewan esuk iki ..( Gustik)

Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done